Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 9

Yérémia Terus Nyritakké Yéhuwah

Yérémia Terus Nyritakké Yéhuwah

Ngapa wong-wong nyenèni Yérémia?

Yérémia isa slamet merga ditulungi Yéhuwah

Nèk awaké dhéwé nyritakké Yéhuwah karo wong-wong, biyasané ana wong sing ora seneng. Wong-wong kuwi malah ngécé lan nyenèni awaké dhéwé. Kuwi marakké awaké dhéwé wedi nèk arep nyritakké Yéhuwah karo wong-wong. Apa kowé ya wis tau ngrasakké kaya ngono kuwi?— Nèng Alkitab, ana critané cah nom sing jenengé Yérémia. Yérémia kuwi sayang karo Yéhuwah, ning tau emoh nyritakké Yéhuwah karo wong-wong. Ayo, diwaca critané.

Pas Yérémia isih enom, Yéhuwah ngongkon dhèwèké ngélingké wong-wong bèn ora jahat menèh. Ning, kuwi angèl banget kanggo Yérémia. Yérémia ora wani ngandhani wong-wong kuwi. Yérémia ngomong karo Yéhuwah, ’Aku isih enom, aku ya bingung mèh ngomong apa karo wong-wong kaé.’ Ning, Yéhuwah kandha karo Yérémia, ’Aja wedi, kowé mengko tak éwangi.’

Yérémia terus dadi kendel. Yérémia ngomong nèk wong-wong jahat ora gelem dadi wong sing apik, mengko arep diukum Yéhuwah. Wong-wong jahat kuwi gelem nuruti omongané Yérémia ora?— Ora gelem. Akèh wong sing ngécé Yérémia, malah ana sing arep matèni dhèwèké. Yérémia wedi banget. Yérémia kandha, ’Aku ora gelem menèh nyritakké Yéhuwah’. Ning, Yérémia apa tenanan wis nyerah?— Yérémia ora nyerah merga sayang karo Yéhuwah. Dadi, Yérémia tetep nyritakké Yéhuwah karo wong-wong. Merga Yérémia ora nyerah, Yéhuwah nglindungi Yérémia.

Wong-wong jahat tau nyemplungké Yérémia nèng sumur sing isiné lumpur. Yérémia ora dikèki maem karo banyu nggo ngombé. Yérémia ditinggal nèng kono bèn mati. Ning, Yéhuwah nylametké Yérémia.

Kowé isa sinau apa saka critané Yérémia?— Yérémia sok-sok wedi, ning tetep nyritakké Yéhuwah karo wong-wong. Kowé mungkin ya ngalami sing padha. Pas kowé nyritakké Yéhuwah karo wong-wong, mungkin ana sing ngécé karo nyenèni. Kowé isa wedi utawa isin. Ning, aja nyerah. Terusa nyritakké Yéhuwah. Yéhuwah mesthi nulungi kowé, kaya Yérémia.