Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 14

Kraton sing Arep Mréntah Bumi

Kraton sing Arep Mréntah Bumi

Saiki awaké dhéwé arep sinau salah sijiné Kraton. Bedhèken, Kratoné sapa?— Ya bener, Kratoné Gusti Allah. Kratoné Gusti Allah arep nggawé bumi iki dadi Firdaus. Kowé péngin sinau luwih akèh ora bab Kratoné Gusti Allah?—

Kraton biyasané dipimpin raja. Rakyaté yaiku kabèh wong sing ana nèng negarané. Raja nèng Kratoné Gusti Allah kuwi sapa?— Yésus sing dadi rajané. Yésus mréntah saka swarga, ning sokmbèn Yésus dadi rajané kabèh wong sing nèng bumi. Pas Yésus dadi Raja, uripé awaké dhéwé seneng apa ora?—

Nèng Firdaus, kowé péngin ngapa?

Nèk Yésus dadi raja, ora ana wong padu utawa perang. Kabèh wong padha sayang karo wong liya. Wis ora ana sing lara utawa mati. Wong-wong sing wuta isa ndelok, sing budheg isa krungu, sing lumpuh isa mlayu-mlayu. Panganané akèh banget lan énak-énak. Kéwan-kéwan sing saiki galak ora galak menèh. Sokmbèn kowé isa dolanan karo kéwan kuwi. Wong-wong sing wis mati, diuripké. Contoné Ribkah, Rakhab, Dawud, karo Élia. Sokmbèn kowé péngin ketemu karo sapa?—

Yéhuwah sayang banget karo kowé. Yéhuwah péngin kowé seneng. Kowé kudu terus sinau Alkitab lan manut karo Yéhuwah, bèn isa urip nèng bumi Firdaus sing apik kanggo sakterusé. Kowé gelem urip nèng Firdaus ora?—