Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 1

”Kraton Paduka Mugi Rawuh”

”Kraton Paduka Mugi Rawuh”

INTINÉ BAB IKI

Nliti piwulangé Yésus bab Kratoné Allah

1, 2. Yéhuwah ndhawuhi apa marang telung muridé Yésus, lan piyé tanggepané murid-murid kuwi?

 NÈK Yéhuwah dhéwé sing ndhawuhi panjenengan nindakké tugas, piyé tanggepané panjenengan? Apa waé sing dijaluk, mesthi panjenengan gelem nindakké kuwi.

2 Bar Paskah taun 32 M, telung muridé Yésus yaiku Pétrus, Yakobus, lan Yokanan ngalami kuwi. (Wacanen Matéus 17:1-5.) Wektu ngumpul bareng karo Guruné ”ing gunung kang dhuwur”, murid-murid kuwi éntuk wahyu kanggo ndelok dhisik gambaran kamulyané Yésus wektu dadi Raja ing swarga. Kuwi kétok nyata banget, nganti Pétrus péngin tumindak. Pas Pétrus lagi ngomong, ana méga sing padhang nèng ndhuwuré Yésus, Pétrus, Yakobus, lan Yokanan. Terus, Pétrus lan kanca-kancané éntuk pakurmatan gedhé, yaiku isa krungu swarané Yéhuwah. Bar ngendika nèk Yésus kuwi Putrané, Yéhuwah ndhawuhi, ”Iku sira rungokna.” Rasul-rasul kuwi ngrungokké préntah iki, dhèwèké ngrungokké piwulangé Yésus lan ngongkon wong liya nindakké sing padha.​—PR. 3:19-23; 4:18-20.

Yésus luwih akèh ngomongké bab Kratoné Allah ketimbang bab liyané

3. Apa sebabé Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngrungokké Putrané, lan bab apa sing kudu awaké dhéwé tliti tenanan?

3 Préntah ”iku sira rungokna” dicathet ing Alkitab kanggo paédahé awaké dhéwé. (Rm. 15:4) Apa sebabé? Merga Yésus kuwi wong sing omongan makili Yéhuwah, lan saben mulang Yésus ngomongké kabèh pangandikané Yéhuwah kanggo awaké dhéwé. (Yo. 1:1, 14) Yésus luwih akèh ngomongké bab Kratoné Allah ketimbang bab liyané, dadi awaké dhéwé kudu nliti tenanan bab penting iki. Kratoné Allah kuwi pamréntahané Sang Mèsih ing swarga, sing anggotané Yésus Kristus lan 144.000 sing mréntah bareng Yésus. (Wy. 5:9, 10; 14:1-3; 20:6) Saiki, ayo ditliti ngapa Yésus kerep ngomongké bab Kratoné Allah.

”Saka Bludaging Ati . . .”

4. Apa buktiné nèk Kratoné Allah ana ing atiné Yésus?

4 Kratoné Allah ana ing atiné Yésus. Kok isa? Merga omongan kuwi nduduhké apa sing ana ing njero ati, mula omongané awaké dhéwé nduduhké apa sing paling penting kanggo awaké dhéwé. Yésus kandha, ”Apa kang kaucapaké ing cangkem iku saka bludaging ati.” (Mt. 12:34) Saben kesempatan, Yésus ngomongké bab Kratoné Allah. Saka patang kitab Injil, Kratoné Allah disebutké luwih saka ping 100, akèh-akèhé kuwi sing ngomongké Yésus dhéwé. Yésus nggawé Kratoné Allah dadi inti kagiyatan nginjilé. Merga Yésus kandha, ”Injilé Kratoning Allah iku iya kudu Dakwartak-wartakaké menyang ing kutha-kutha liyané uga, sabab iya iku preluné anggonKu kautus.” (Lk. 4:43) Malah bar diuripké manèh, Yésus terus ngomong bab Kraton kuwi karo para muridé. (PR. 1:3) Yésus mesthi ngajèni banget Kraton kuwi, mula Yésus terus ngomongké bab kuwi.

5-7. (a) Apa buktiné Kraton kuwi ya ana nèng atiné Yéhuwah? Umpamakna. (b) Piyé carané nduduhké nèk Kratoné Allah ana nèng atiné awaké dhéwé?

5 Kraton kuwi ya ana nèng atiné Yéhuwah. Apa buktiné? Élinga, Yéhuwah sing ngutus Putra siji-sijiné kuwi nèng bumi, dadi Yéhuwah sumberé kabèh sing diomongké lan diwulangké Putrané. (Yo. 7:16; 12:49, 50) Yéhuwah ya sumberé kabèh sing dicathet nèng patang kitab Injil bab urip lan nginjilé Yésus. Gatèkna apa maksudé kuwi.

Awaké dhéwé kudu mikir, ’Apa Kratoné Allah ya ana nèng atiku?’

6 Bayangna panjenengan lagi nyusun foto nèng album. Ana akèh foto, ning nèk dilebokké kabèh albumé ora cukup. Terus kudu piyé? Panjenengan mesthi milih foto sing bakal dilebokké. Kitab-kitab Injil kaya album foto kuwi, sing mènèhi awaké dhéwé gambaran sing jelas bab Yésus. Yéhuwah ora nuntun sing nulis Injil kanggo nyathet kabèh tumindak lan omongané Yésus wektu ing bumi. (Yo. 20:30; 21:25) Ning liwat roh suciné, Yéhuwah mung nuntun kanggo nyathet tumindak lan omongané Yésus sing mbantu awaké dhéwé ngerti tujuan nginjilé Yésus, uga sing paling penting kanggoné Yéhuwah. (2 Tm. 3:16, 17; 2 Pt. 1:21) Merga isiné kitab Injil kuwi piwulangé Yésus bab Kratoné Allah, mula isa disimpulké nèk Kratoné Allah uga ana nèng atiné Yéhuwah. Lan Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngerti kabèh bab Kratoné.

7 Awaké dhéwé kudu mikir, ’Apa Kratoné Allah ya ana nèng atiku?’ Nèk iya, awaké dhéwé mesthi gelem ngrungokké omongan lan wulangané Yésus bab Kraton kuwi. Yaiku bab apa pentingé, piyé, lan kapan Kraton kuwi bakal teka.

Maksudé ”Kraton Paduka Mugi Rawuh”

8. Piyé Yésus nduduhké pentingé Kratoné Allah?

8 Gatèkna conto dongané Yésus. Liwat tembung sing sedherhana, Yésus nduduhké pentingé Kratoné Allah nganggo cara nerangké apa sing bakal ditindakké Kraton kuwi. Donga kuwi isiné pitung panyuwun. Telung panyuwun sing wiwitan ana hubungané karo kersané Yéhuwah, yaiku asmané bèn suci, Kratoné bèn teka, lan kersané bèn bumi kaya ing swarga cepet kelakon. (Wacanen Matéus 6:9, 10.) Telung panyuwun kuwi ana hubungané. Kratoné Sang Mèsih kuwi sarana sing digunakké Yéhuwah kanggo nyucèkké asmané lan mujudké kersané.

9, 10. (a) Apa sing bakal ditindakké nèk Kratoné Allah teka? (b) Janji Alkitab endi sing paling panjenengan entèn-entèni?

9 Piyé Kratoné Allah bakal rawuh utawa teka? Wektu ndonga, ”Kraton Paduka mugi rawuh”, awaké dhéwé njaluk bèn Kraton kuwi cepet tumindak. Wektu teka, Kraton kuwi bakal nguwasani bumi. Bakal nyingkirké donya sing jahat iki, klebu kabèh pamréntahané manungsa, lan nggawé donya dadi anyar. (Dn. 2:44; 2 Pt. 3:13) Terus, ing pamréntahané Kraton kuwi, saklumahing bumi bakal dadi pirdus. (Lk. 23:43) Kabèh wong mati sing diéling-éling Yéhuwah bakal diuripké manèh lan ngumpul bareng wong-wong sing ditresnani. (Yo. 5:28, 29) Wong-wong sing manut bakal dadi sampurna lan urip saklawasé. (Wy. 21:3-5) Akiré, kersané Yéhuwah bakal kelakon ing bumi kaya ing swarga. Apa panjenengan uga péngin kabèh janji ing Alkitab kuwi kelakon? Élinga, nèk saben ndonga bèn Kraton kuwi teka, panjenengan ndongakké bèn janji kuwi kelakon.

10 Kratoné Allah pancèn durung ”rawuh” kanggo mujudké donga kuwi. Pamréntahané manungsa isih ana lan donya sing anyar durung kelakon. Ning, ana kabar apik. Kratoné Allah wis madeg, kaya sing bakal awaké dhéwé rembug ing bab sakbanjuré. Saiki, ayo ditliti apa sing diomongké Yésus bab kapan Kraton kuwi madeg lan kapan Kraton kuwi teka.

Kapan Kratoné Allah Madeg?

11. Yésus nduduhké apa bab madegé Kratoné Allah?

11 Yésus nduduhké nèk Kraton kuwi ora madeg ing abad kapisan, senajan para muridé pénginé ngono. (PR. 1:6) Gatèkna rong umpama sing dikandhakké Yésus mungkin ing taun 31 M lan sing sijiné ing taun 33 M.

12. Ing umpama bab gandum lan alang-alang, katrangan apa sing nduduhké nèk Kratoné Allah ora madeg ing abad kapisan?

12 Umpama bab gandum lan alang-alang. (Wacanen Matéus 13:24-30.) Sakwisé nyritakké umpama kuwi, mungkin ing wiwitan taun 31 M, Yésus nerangké tegesé umpama kuwi karo para muridé. (Mt. 13:36-43) Iki inti lan tegesé umpama kuwi: Sakwisé para rasul mati, Iblis nyebar wiji alang-alang (wong Kristen palsu) ing antarané gandum (”para putraning Kraton”, utawa wong Kristen sing dipilih munggah swarga). Gandum lan alang-alang dijarké thukul bareng nganti mangsa panèn, yaiku ”wekasaning jaman”. Ing wiwitan mangsa panèn, alang-alang diklumpukké. Sakwisé kuwi, gandum ya diklumpukké. Dadi, umpama iki nduduhké nèk Kratoné Allah ora madeg pas abad kapisan, ning pas mangsa panèn sing diwiwiti taun 1914.

13. Piyé Yésus ngumpamakké awaké sing ora langsung dadi Raja pas bali ing swarga?

13 Umpama bab mina. (Wacanen Lukas 19:11-13.) Yésus nyritakké umpama iki taun 33 M, pas perjalanan sing pungkasan nèng Yérusalèm. Ing antarané wong-wong sing ngrungokké, ana sing mikir nèk Kratoné Allah bakal madeg wektu rombongan kuwi tekan Yérusalèm. Kanggo ngandhani nèk kuwi salah lan kanggo nduduhké nèk Kratoné Allah isih madeg sukmbèn, Yésus madhakké awaké kaya ”priyagung” sing lunga ”ing tanah adoh bakal kajumenengaké ratu ana ing kana”. a ”Tanah adoh” kuwi maksudé swarga, panggonan wektu Yésus nampa kuwasa dadi Raja saka Bapaké. Ning, Yésus ngerti nèk ora langsung didadèkké Raja pas bali ing swarga. Yésus bakal lungguh ing sisih tengené Gusti Allah lan ngentèni nganti wektu sing wis ditemtokké. Yésus nungguné nganti atusan taun.​—Ms. 110:1, 2; Mt. 22:43, 44; Ib. 10:12, 13.

Kapan Kratoné Allah Bakal Teka?

14. (a) Piyé Yésus njawab pitakonan saka patang muridé? (b) Ramalané Yésus sing wis kelakon, nduduhké apa bab rawuhé lan madegé Kratoné Allah?

14 Pirang-pirang dina sakdurungé Yésus dipatèni, patang muridé takon, ”Punapa tandha-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?” (Mt. 24:3; Mk. 13:4) Yésus njawab nganggo cara ngekèki ramalan penting sing dicathet ing Matéus bab 24 lan 25. Yésus nerangké bab kedadéan-kedadéan sing kelakon sakdonya sing dadi tandha kapan ’rawuhé’ Yésus. Rawuhé Yésus diwiwiti pas Kraton kuwi madeg, lan dipungkasi pas Kraton kuwi wis mréntah saklumahing bumi. Ana akèh banget bukti nèk ramalané Yésus kuwi kelakon wiwit taun 1914. b Mula, taun kuwi dadi tandha rawuhé Yésus lan madegé Kratoné Allah.

15, 16. Sapa sing dimaksud ”generasi iki”?

15 Kapan Kraton kuwi bener-bener teka? Yésus ora nduduhké kapan persisé kuwi kelakon. (Mt. 24:36) Ning, ana omongané Yésus sing nggawé awaké dhéwé yakin nèk kuwi wis cedhak. Yésus nduduhké nèk Kratoné Allah bakal teka sakwisé ”generasi iki” wis ndelok dhéwé kelakoné ramalan kuwi. (Wacanen Matéus 24:32-34. c) Sapa sing dimaksud ”generasi iki”? Ayo ditliti omongané Yésus.

16 ”Generasi iki.” Apa maksudé Yésus wong-wong sing ora percaya? Ora. Gatèkna sapa sing ngrungokké. Yésus ngomongké ramalan iki karo muridé sing ”ngadhep ing ngarsané piyambakan”. (Mt. 24:3) Para rasul kuwi sedhéla manèh bakal dilantik nganggo roh suci. Gatèkna uga hubungan ukarané. Sakdurungé kandha bab ”generasi iki”, Yésus kandha, ”Padha sinaua umpama bab wit ara, sakwisé pang-pangé dadi empuk lan ngetokké godhong-godhong, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak. Semono uga kowé, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, ngertia nèk kuwi wis cedhak, wis nèng ngarep lawang.” Dudu wong sing ora percaya, ning para muridé Yésus sing wis dipilih kuwi, sing bakal ndelok kelakoné ramalané Yésus lan ngerti cetha tandhané, yaiku nèk Yésus ”wis nèng ngarep lawang”. Dadi, wektu Yésus kandha bab ”generasi iki” kuwi maksudé, para muridé sing dipilih munggah swarga.

17. Apa tegesé ”generasi” lan ”kabèh iki”?

17 ”Ora bakal sirna nganti kabèh iki kelakon.” Piyé omongan kuwi kelakon? Bèn ngerti jawabané, awaké dhéwé kudu ngerti rong bab iki: tegesé ”generasi” lan tegesé ”kabèh iki”. Tembung ”generasi” biyasané maksudé wong-wong sing umuré béda-béda, ning tau urip ing wektu sing padha bebarengan. Sak generasi biyasané ana bates wektuné. (Pa. 1:6) Tembung ”kabèh iki” maksudé kabèh kedadéan sing wis diramalké pas rawuhé Yésus, sing diwiwiti taun 1914 nganti tekané ”sengsara gedhé”.​—Mt. 24:21, NW.

18, 19. Apa maksudé tembung ”generasi iki” sing dikandhakké Yésus, lan apa kesimpulané?

18 Terus, apa maksudé tembung ”generasi iki” sing dikandhakké Yésus? Generasi iki isiné rong kelompok wong Kristen sing dipilih munggah swarga sing tau urip bebarengan. Kelompok kapisan, yaiku wong sing dipilih sing ndelok wiwitan kelakoné tandha sing kedadéan taun 1914. Kelompok kapindho, yaiku wong sing dipilih sing tau urip bebarengan ing wektu sing padha karo kelompok kapisan. Paling ora ana ing antarané wong-wong saka kelompok kapindho kuwi sing bakal ndelok wiwitané sengsara gedhé. Rong kelompok kuwi dadi sak generasi merga tau urip bebarengan dadi wong Kristen sing dipilih munggah swarga. d

19 Dadi, apa kesimpulané? Awaké dhéwé ngerti nèk tandha rawuhé Yésus dadi Raja kétok cetha ing sakdonya. Awaké dhéwé ya ngerti nèk wong-wong sing dipilih munggah swarga sing saiki isih urip lan dadi bagéan saka ”generasi iki” wis saya tuwa. Ning, ora kabèh bakal mati sakdurungé wiwitané sengsara gedhé. Dadi kesimpulané, Kratoné Allah ora suwé manèh bakal teka lan nguwasani bumi. Mesthi nyenengké banget ndelok kelakoné donga sing diwulangké Yésus, ”Kraton Paduka mugi rawuh”.

20. Bab penting apa sing bakal dirembug ing buku iki, lan apa sing bakal dirembug ing bab sakbanjuré?

20 Aja nganti lali karo apa sing dingendikaké Yéhuwah saka swarga bab Putrané yaiku, ”Iku sira rungokna”. Merga dadi wong Kristen sejati, awaké dhéwé kudu ngrungokké préntah kuwi. Awaké dhéwé mesthi péngin banget sinau kabèh omongan lan piwulangé Yésus bab Kratoné Allah. Apa sing wis ditindakké Kraton kuwi lan apa sing bakal ditindakké sukmbèn, dadi bab penting sing bakal dirembug ing buku iki. Bab sakbanjuré bakal ngrembug owah-owahan sing gedhé sing ana hubungané karo madegé Kratoné Allah ing swarga.

a Wektu krungu umpama sing dikandhakké Yésus, wong-wong mungkin kèlingan karo Arkhélaus, anaké Hérodhès Agung. Sakdurungé Hérodhès mati, dhèwèké ngongkon Arkhélaus kanggo mréntah Yudéa lan dhaérah liyané. Ning, sakdurungé mréntah, Arkhélaus kudu lunga adoh tekan Roma kanggo njaluk restu saka Kaisar Agustus.

b Kanggo katrangan sing luwih akèh, deloken bab 9 buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?

c Matéus 24:32-34, Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru [NW]: ”Padha sinaua umpama bab wit ara, sakwisé pang-pangé dadi empuk lan ngetokké godhong-godhong, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak. Semono uga kowé, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, ngertia nèk kuwi wis cedhak, wis nèng ngarep lawang. Tenanan aku kandha karo kowé nèk generasi iki ora bakal sirna nganti kabèh iki kelakon.”

d Kabèh sing dipilih sakwisé wong terakhir saka kelompok kapisan mati, dudu bagéan saka ”generasi iki”. Kelompok kapisan kuwi wong-wong sing ndelok ”wiwitaning sangsara” ing taun 1914.​—Mt. 24:8.