Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 2

Kratoné Allah Madeg ing Swarga

Kratoné Allah Madeg ing Swarga

INTINÉ BAB IKI

Carané Gusti Allah nyiapké umaté kanggo madegé Kratoné

1, 2. Apa kedadéan sing paling penting ing sejarahé manungsa, lan ngapa manungsa ora isa ndelok kedadéan kuwi?

 APA panjenengan tau mikir piyé rasané urip ing jaman sing akèh owah-owahan gedhé? Akèh wong mikirké kuwi. Ning, pikirna iki: Nèk urip ing jaman sing penting kaya ngono, apa panjenengan ya bakal ndelok dhéwé kedadéan-kedadéan sing nyebabké owah-owahan gedhé kuwi? Mungkin waé ora. Kedadéan sing nyebabké bubaré pamréntahan lan kedadéan sing ditulis ing buku sejarah, kerep-kerepé ora didelok wong akèh. Ning, biyasané kuwi kelakon nèng njero kraton, ruangané wong penting, utawa pas rapat nèng kantor pejabat. Senajan ngono, owah-owahan kuwi pengaruhé gedhé banget kanggo jutaan wong.

2 Ana kedadéan sing paling penting ing sejarahé manungsa lan mengaruhi uripé jutaan wong. Ning, kuwi ora kétok. Kedadéan sing dimaksud yaiku, madegé Kratoné Allah ing swarga. Kratoné Allah kuwi pamréntahané Sang Mèsih sing wis suwé dijanjèkké, sing bakal nyingkirké donya sing jahat iki. (Wacanen Dhanièl 2:34, 35, 44, 45.) Pancèn manungsa ora isa ndelok kedadéané, ning apa tegesé Yéhuwah nutup-nutupi kuwi saka manungsa? Utawa, apa Yéhuwah sakdurungé malah wis nyiapké umaté? Ayo didelok.

”UtusaningSun, Sundhawuhi Ngrata Dalan Ana ing NgarsaningSun!”

3-5. (a) Sapa ”utusan prajanjian” ing Maléakhi 3:1? (b) Ana kedadéan apa sakdurungé ”utusan prajanjian” rawuh kanggo mriksa umaté Allah?

3 Wiwit mbiyèn, Yéhuwah nyiapké umaté kanggo madegé Kratoné Sang Mèsih. Contoné, gatèkna ramalan ing Maléakhi 3:1, ”Lah Ingsun nglampahaké utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangéran kang sira golèki iku bakal rawuh ing padalemané! Lah Malaékaté prasetyan [”utusan prajanjian”, NW] kang sira karepaké iku rawuh.”

4 Ing jaman modhèren, kapan ”Pangéran” Yéhuwah rawuh kanggo nliti sapa abdiné sing sejati ing bumi? Ing ramalan kuwi dikandhakké nèk Yéhuwah bakal rawuh karo ”utusan prajanjian”. Sapa kuwi? Mesthi kuwi Raja Yésus Kristus, Sang Mèsih. (Lk. 1:68-73) Yésus, Panguwasa sing lagi bar dilantik, bakal mriksa lan nggawé murni umaté Allah ing bumi.​—1 Pt. 4:17.

5 Ana ”utusan” liya sing bakal teka dhisik sakdurungé rawuhé Raja Yésus Kristus, Sang Mèsih. Kuwi disebutké ing wiwitané Maléakhi 3:1 mau. Sapa sing dimaksud? Lan puluhan taun sakdurungé 1914, apa ana utusan sing ”ngrata dalan” kanggo Yésus?

6. Sapa sing dadi ”utusan” sing diramalké kanggo nyiapké umaté Allah kanggo ngadhepi kedadéan sing bakal kelakon?

6 Ing buku iki, awaké dhéwé bakal éntuk jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi liwat sejarah umaté Yéhuwah jaman modhèren. Sejarah kuwi nduduhké nèk ing pungkasané abad 19, ana sakelompok cilik wong-wong tulus sing bakal dadi siji-sijiné kelompok wong Kristen sejati, ing antarané akèh wong Kristen palsu. Kelompok kuwi akiré disebut Siswa-Siswa Alkitab. Charles T. Russell lan kanca-kanca cedhaké sing mimpin kelompok kuwi dadi ”utusan” sing diramalké. Wong-wong kuwi nyedhiyakké tuntunan rohani, lan nyiapké umaté Allah kanggo ngadhepi kedadéan sing bakal kelakon. Ayo digatèkké patang cara sing digunakké ”utusan” kuwi.

Ngibadah Nganggo Wulangan sing Bener

7, 8. (a) Kira-kira taun 1800-an, sapa sing mulai mbukak ajaran palsu bab jiwa sing ora isa mati? (b) Apa wulangan liya sing salah sing dibukak karo C. T. Russell lan kanca-kanca cedhaké?

7 Siswa-Siswa Alkitab ndonga tenanan sakdurungé sinau. Sakwisé setuju, wulangan sing bener kuwi diklumpukké, terus dicétak. Nganti pirang-pirang abad, gréja-gréja Kristen umumé ora ngerti wulangan sing bener. Akèh wulangané saka agama kafir. Conto sing utama yaiku wulangan bab jiwa sing ora isa mati. Kira-kira taun 1800-an, ana wong-wong tulus sing sinau Alkitab nliti wulangan kuwi, lan ngerti jebulé sumberé ora saka Alkitab. Henry Grew, George Stetson, lan George Storrs kendel ceramah lan nyétak tulisan kanggo mbukak ajaran palsuné Sétan. a Apa sing ditindakké wong-wong kuwi saya nambah pangertèné C. T. Russell lan kanca-kanca cedhaké bab Alkitab.

8 Kelompok cilik Siswa-Siswa Alkitab kuwi nemokké ana wulangan liya sing ana hubungané karo wulangan mau, sing uga mbingungké lan salah. Contoné, wulangan nèk kabèh wong apik bakal munggah swarga utawa nèk Gusti Allah bakal nyiksa wong jahat saklawasé nèng neraka nganggo geni. Russell lan kanca-kancané wani mbukak wulangan sing salah kuwi ing akèh banget wacan, buku, brosur, selebaran, lan ceramah sing dicétak ing koran.

9. Piyé Zion’s Watch Tower mbukak ajaran palsu bab Tritunggal?

9 Siswa-Siswa Alkitab uga mbukak ajaran palsu sing wis nyebar, yaiku bab Tritunggal. Taun 1887, Zion’s Watch Tower nulis, ”Alkitab cetha njelaské bédané Yéhuwah lan Yésus, yaiku sing siji Bapak, lan sing sijiné Anak.” Artikel kuwi uga kandha, anèh banget nèk ”ajaran bab Allah tritunggal, yaiku Gusti Allah kuwi telu dadi siji lan Gusti Allah siji cacahé telu, isa terkenal lan ditampa akèh wong. Ning, sakjané iki bukti nèk gréja kaya-kayané turu angler banget nganti ora sadhar nèk Sétan wis nyebarké ajaran palsu”.

10. Piyé Watch Tower nduduhké nèk taun 1914 kuwi taun penting?

10 Majalah Zion’s Watch Tower and Herald of Christ’s Presence nggatèkké tenan ramalan-ramalan sing ana hubungané karo rawuhé Yésus Kristus. Wong-wong sing dipilih nganggo roh suci sing nulis wacan kuwi ngerti, nèk ramalané Dhanièl bab ”pitung mangsa” ana hubungané karo wektuné Yéhuwah ngedegké Kratoné Sang Mèsih. Wiwit taun 1870-an, wong-wong kuwi nganggep nèk taun 1914 kuwi pungkasané pitung mangsa. (Dn. 4:25; Lk. 21:24) Wektu kuwi, sedulur-sedulur durung padha ngerti apa sing bakal kedadéan ing taun 1914. Ning, sedulur-sedulur terus martakké wulangan sing bener nèng ngendi-endi, lan hasilé isa dirasakké nganti saiki.

11, 12. (a) Sapa sing dialem Sedulur Russell kanggo apa sing wis diwulangké? (b) Sepira pentingé upayané Russell lan kanca-kanca cedhaké puluhan taun sakdurungé taun 1914?

11 Russell karo kanca-kanca cedhaké sing setya ora gelem dialem merga wis mbukak lan ngertèni wulangan-wulangan penting sing bener kuwi. Russell malah ngalem wong-wong sakdurungé. Sing paling penting, Russell muji Yéhuwah sing wis mulang umaté wulangan sing bener ing wektu sing pas. Cetha nèk Yéhuwah mberkahi upayané Russell lan kanca-kancané kanggo mbédakké wulangan sing bener karo sing palsu. Suwé-suwé saya kétok cetha bédané wong-wong kuwi karo gréja Kristen palsu.

Sedulur Russell lan kanca-kanca cedhaké mbéla wulangan sing bener saka Alkitab

12 Upayané wong-wong sing setya kanggo mbéla wulangan sing bener puluhan taun sakdurungé 1914 kuwi penting banget. The Watch Tower and Herald of Christ’s Presence 1 November 1917 kandha, ”Jutaan wong saiki wis bébas saka rasa wedi merga wulangan sing salah bab neraka sing mulad-mulad lan wulangan palsu liyané . . . Luwih saka patang puluh taun sakdurungé, wulangan sing bener sing dipadhakké kaya ombak, saya gedhé lan bakal saya gedhé manèh nganti nutupi saklumahing bumi. Wong-wong sing nentang diumpamakké kaya nglawan ombak gedhé kuwi.”

13, 14. (a) Piyé ”utusan” kuwi nyiapké dalan kanggo Raja Yésus Kristus, Sang Mèsih? (b) Apa sing isa disinaoni saka sedulur-sedulur sing urip luwih saka satus taun kepungkur?

13 Pikirna iki, apa umaté Allah isa siyap kanggo wiwitané rawuhé Kristus nèk ora isa mbédakké Yésus karo Yéhuwah? Mesthiné ora. Wong-wong kuwi uga ora bakal siyap nèk percaya karo ajaran sing kandha nèk jiwa sing ora isa mati diwènèhké kanggo saben wong, padhahal kuwi hadiah sing aji sing dikèkké mung kanggo wong-wong pilihan. Apa manèh nèk isih percaya Gusti Allah kuwi nyiksa wong nganggo geni ing neraka saklawasé. Dadi ”utusan” kuwi bener-bener nyiapké dalan kanggo Raja Yésus Kristus, Sang Mèsih.

14 Saiki, apa sing isa disinaoni saka sedulur-sedulur sing urip luwih saka satus taun kepungkur kuwi? Awaké dhéwé kudu seneng maca lan sinau tenanan Sabdané Gusti Allah. (Yo. 17:3) Merga urip ing antarané wong-wong sing mung mikirké bandha lan dudu ibadah marang Allah, muga-muga awaké dhéwé terus péngin sinau wulangan sing bener.​—Wacanen 1 Timotéus 4:15.

”Hé, UmatingSun, Padha Sumingkira saka ing Antarané”

15. Akiré Siswa-Siswa Alkitab sadhar bab apa? (Deloken uga cathetan.)

15 Siswa-Siswa Alkitab mulang nèk wong kudu mutuské hubungan karo gréja. Ing taun 1879, Watch Tower ngrembug bab ”gréja Babil utawa Babilon”. Apa kuwi maksudé Gréja Katolik Roma? Atusan taun gréja-gréja Protèstan kandha nèk Babil sing diramalké Alkitab nglambangké Gréja Katolik. Ning, Siswa-Siswa Alkitab akiré sadhar nèk kabèh gréja Kristen kuwi bagéan saka ”Babil” jaman modhèren. Apa sebabé? Merga kabèh gréja kuwi wis nyebarké wulangan palsu kaya sing wis dirembug mau. b Saiki, wacan-wacané awaké dhéwé saya cetha ngandhani apa sing kudu ditindakké anggota gréja Babil sing atiné tulus.

16, 17. (a) Piyé buku Millennial Dawn Jilid III lan majalah Watch Tower ngongkon wong-wong metu saka agama palsu? (b) Apa sing nyebabké pangéling-éling sing wiwitan kuwi kurang tegas? (Deloken cathetan.)

16 Contoné, ing taun 1891, buku Millennial Dawn Jilid III, kandha nèk Gusti Allah wis nolak Babil jaman modhèren, jaréné, ”Kabèh bagéané, yaiku kabèh gréja-gréja Kristen, wis ditolak.” Buku kuwi uga kandha nèk kabèh wong ”sing ora setuju karo wulangan lan kebiyasaané Babil jaman modhèren dikongkon metu saka kono”.

17 Ing sasi Januari 1900, majalah Watch Tower mènèhi naséhat kanggo wong-wong sing tetep dadi anggota gréja ning nggolèk alesan kanggo mbenerké tumindaké nganggo cara kandha, ”Aku setuju karo wulangan sing bener, aku mung sok-sok teka ing pertemuan gréja.” Majalah kuwi kandha, ”Apa tumindak mung separo-separo kaya ngono kuwi bener? Apa kuwi sing dikarepké . . . lan sing nyenengké atiné Gusti Allah? Mesthiné ora, ta? Nèk dhèwèké [anggota gréja] wis nggabung ing salah siji gréja, kuwi tegesé dhèwèké wis nggawé prajanjian karo gréja kuwi ing ngarepé wong akèh. Dhèwèké kudu manut karo kabèh syarat ing prajanjian kuwi nganti dhèwèké . . . metu utawa mbatalké keanggotaané ing ngarepé wong akèh.” Saya suwé préntah kuwi saya cetha. c Abdiné Yéhuwah kudu medhot kabèh sing ana hubungané karo agama palsu.

18. Ngapa penting banget abdiné Allah metu saka Babil Gedhé?

18 Nèk abdiné Allah ora diélingké bola-bali kanggo metu saka Babil Gedhé, Yésus Kristus ora bakal nduwé kelompok wong pilihan ing bumi, sing siyap wektu Yésus dilantik dadi Raja. Wong-wong Kristen kuwi mung bakal isa nyembah Yéhuwah ”ing sajroning roh lan kayektèn” nèk bébas saka Babil. (Yo. 4:24) Apa awaké dhéwé saiki ya nduwé tékad kanggo tetep bébas saka agama palsu? Ayo manut préntahé Gusti Allah sing kandha, ”Hé, umatingSun, padha sumingkira saka ing antarané.”​—Wacanen Wahyu 18:4.

Ngumpul kanggo Ngibadah

19, 20. Piyé majalah Watch Tower ngongkon umaté Gusti Allah bèn ngumpul kanggo ngibadah?

19 Siswa-Siswa Alkitab mulang nèk wong Kristen sak isa-isané kudu ngumpul bareng kanggo ngibadah. Kanggo wong Kristen sejati, ora cukup nèk mung metu saka agama palsu. Ning, ya kudu dadi bagéan saka ibadah sing sejati. Wiwit sepisanan dicétak, majalah Watch Tower ngongkon wong-wong sing maca bèn ngumpul bebarengan kanggo ngibadah. Contoné, ing sasi Juli 1880, majalah kuwi nyritakké laporané Sedulur Russell sakwisé marani akèh panggonan kanggo ceramah. Dhèwèké crita nèk pertemuan-pertemuan kuwi isa nguwatké iman. Mula, Sedulur Russell ngongkon sing maca kanggo nglaporké hasil kemajuané liwat kertu pos. Laporané ana sing bakal dilebokké ing majalah kuwi. Kanggo apa? ”Bèn kabèh padha ngerti . . . carané Gusti mberkahi panjenengan wektu ngumpul kanggo ngibadah bareng sedulur seiman.”

Charles Russell lan kelompok Siswa-Siswa Alkitab sing wiwitan ing Kopenhagen, Denmark, taun 1909

20 Taun 1882, ing majalah Watch Tower, ana artikel sing judhulé ”Ngumpul Bebarengan”. Artikel kuwi ngandhani wong-wong Kristen kanggo nganakké pakumpulan bèn isa ”mulang, nyemangati, lan nguwatké siji lan sijiné”. Uga dikandhakké, ”Ora masalah nèk ing antarané panjenengan ora ana sing pinter utawa nduwé bakat. Nggawaa Alkitab, kertas, lan pènsil dhéwé-dhéwé. Uga gunakna alat bantu sing ana, contoné Indèks Kata-Kata Alkitab. Pilihen topiké, njaluka tuntunan [roh suci] bèn isa paham, terus wacanen, pikirna, bandhingna ayat karo ayat, lan panjenengan bakal dituntun bèn ngerti wulangan sing bener.”

21. Sedulur-sedulur ing jemaat Allegheny, Pennsylvania ngekèki conto sing apik apa bab ngumpul bebarengan lan angon jemaat?

21 Kantor pusat Siswa-Siswa Alkitab ana ing Allegheny, Pennsylvania, AS. Ing kono, sedulur-sedulur ngekèki conto apik bab ngumpul bebarengan merga manut tuntunan sing dicathet ing Ibrani 10:24, 25. (Wacanen.) Ana sedulur sepuh jenengé Charles Capen sing wis teka ing pakumpulan ibadah wiwit isih cilik. Dhèwèké nulis pengalamané, ”Aku éling salah siji ayat Alkitab sing ditulis ing témboké balé pertemuan Lembaga. Tulisané ngéné, ’Mung siji gurumu lan kowé kabèh padha-padha sadulur.’ Ayat kuwi tak éling-éling terus. Umaté Yéhuwah ora dibéda-bédakké dadi golongan pemimpin lan anggota biyasa.” (Mt. 23:8) Sedulur Capen kèlingan terus pakumpulan ibadah wektu kuwi sing nyemangati lan nguwatké banget, uga upayané Sedulur Russell sing sregep kanggo angon saben anggota jemaat.

22. Piyé wong-wong Kristen sing setya nanggepi naséhat kanggo teka ing pakumpulan ibadah, lan apa piwulangé kanggo awaké dhéwé?

22 Wong-wong Kristen sing setya niru tuladha kuwi lan manut tuntunan sing dikèki. Jemaat-jemaat madeg ing negara bagéan liya, contoné Ohio lan Michigan, terus kabèh bagéan ing negara Amerika Utara lan negara-negara liyané. Pikirna iki, apa umaté Allah sing setya isa siyap tenan wektu rawuhé Kristus nèk ora dilatih dhisik kanggo manut karo tuntunan bèn ngumpul lan ngibadah bebarengan? Mesthiné ora siyap. Semono uga, awaké dhéwé saiki kudu nduwé tékad sing padha kanggo ajeg teka ing saben pakumpulan ibadah lan nguwatké iman siji lan sijiné.

Semangat Nginjil

23. Piyé Watch Tower njelaské nèk kabèh wong Kristen sing dipilih munggah swarga kudu nginjil?

23 Siswa-Siswa Alkitab mulang nèk kabèh wong Kristen sing dipilih munggah swarga kudu nginjil. Ing taun 1885, majalah Watch Tower kandha, ”Aja lali nèk saben wong Kristen sing dipilih munggah swarga diutus kanggo nginjil. (Yé. 61:1) Awaké dhéwé wis dikèki tugas suci iki.” Majalah taun 1888 ngongkon nindakké iki, ”Tugasé awaké dhéwé wis cetha . . . Nèk nolak utawa golèk-golèk alesan, awaké dhéwé abdi sing males sing ora pantes éntuk pakurmatan dadi wong Kristen sing dipilih munggah swarga.”

24, 25. (a) Apa sing ditindakké Sedulur Russell lan kanca-kanca cedhaké sakliyané ngongkon wong kanggo nginjil? (b) Apa sing dicritakké salah sijiné kolportir bab gawéan nginjilé pas mobil isih durung akèh?

24 Sedulur Russell lan kanca-kanca cedhaké ora mung ngongkon wong-wong kanggo nginjil, ning uga nyétak selebaran sing judhulé Bible Students’ Tracts, sing akiré dikenal dadi Old Theology Quarterly. Wong-wong sing maca Watch Tower nampa selebaran-selebaran iki, lan dibagèkké gratis kanggo wong-wong umum.

Awaké dhéwé kudu mikirké tenanan, ’Apa gawéan nginjil tak utamakké ing uripku?’

25 Wong-wong sing dadi abdi kusus disebut kolportir. Charles Capen sing disebutké mau ya kolportir. Wektu ngéling-éling jaman mbiyèn, dhèwèké kandha, ”Aku nggunakké péta sing disedhiyakké Lembaga Survèi Géologis Amerika Serikat kanggo nginjil ing dhaérah Pennsylvania. Kabèh dalan kétok ing péta kuwi, dadi aku isa nginjil nganti tekan plosok. Sok-sok sakwisé mlaku telung dina ing dhaérah ndésa kanggo nawani wong-wong sèri buku Studies in the Scriptures, aku nyéwa andhong kanggo ngeterké buku-buku sing dipesen kuwi. Aku kerep mampir lan nginep ing omahé wong tani. Wektu kuwi mobil isih durung akèh.”

Kolportir. ”Bagan saka Kabèh Jaman” ditulis ing sisih andhong

26. (a) Ngapa umaté Gusti Allah kudu dilatih pentingé nginjil? (b) Apa waé pitakonan sing kudu awaké dhéwé pikirké tenanan?

26 Wong-wong Kristen wektu kuwi kudu kendel lan nduwé semangat sing gedhé kanggo nindakké gawéan nginjil. Gawéan nginjil kuwi dadi tandha sing penting wektu rawuhé Kristus. Mula, nèk ora dilatih pentingé nginjil, wong Kristen sejati ora bakal siyap wektu Kristus mulai mréntah. (Mt. 24:14) Umaté Allah kudu dilatih kanggo ndadèkké gawéan iki bab sing utama ing uripé. Awaké dhéwé saiki kudu mikirké tenanan pitakonan iki, ’Apa gawéan nginjil tak utamakké ing uripku? Apa aku gelem nggawé pangurbanan bèn isa luwih akèh nindakké gawéan nginjil?’

Kratoné Allah Madeg

27, 28. Rasul Yokanan éntuk wahyu apa, lan piyé tanggepané Sétan lan para dhemité wektu Kratoné Allah madeg?

27 Akiré, taun 1914 sing wis ditunggu-tunggu teka. Kaya sing wis dirembug ing wiwitan bab iki, ora ana manungsa sing ndelok kedadéan-kedadéan ing swarga. Ning, rasul Yokanan éntuk wahyu sing nggambarké kedadéan kuwi nganggo lambang-lambang. Bayangna iki, rasul Yokanan ndelok ana ”tengeran gedhé” ing swarga. ”Wanita” yaiku pakumpulané Yéhuwah sing anggotané para makhluk roh ing swarga, meteng lan nglairké anak lanang. Anak lanang iki bakal ”ngengèn [utawa, angon] para bangsa kalawan lantaran wesi”. Ning, bar lair, ”dumadakan Sang Putra mau karebut lan diplayokaké menyang ing ngarsaning Allah lan ing dhamparé”. Ana swara sing banter ing swarga kandha, ”Samengko karahayon lan panguwasa tuwin papréntahaning Allah kita, lan panguwasané Sang Jebadané, wus kababar [utawa, dilairké].”​—Wy. 12:1, 5, 10.

28 Ing wahyu kuwi, Yokanan ndelok nèk Kratoné Sang Mèsih wis lair utawa madeg. Kuwi kedadéan sing nggumunké, ning ora kabèh seneng. Sétan lan para dhemité perang nglawan malaékat-malaékat setya sing dipimpin Mikhaèl, utawa Kristus. Hasilé, ”Si naga gedhé banjur diuncalaké mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Sétan, kang nasaraké saisining jagad, iku kauncalaké menyang ing bumi, dalah para malaékaté.”​—Wy. 12:7, 9.

Ing taun 1914, Siswa-Siswa Alkitab mulai ngerti tandha rawuhé Yésus sing ora kétok

29, 30. Pas Kratoné Allah madeg ing swarga, apa sing kedadéan ing (a) bumi (b) swarga?

29 Suwé sakdurungé taun 1914, Siswa-Siswa Alkitab wis kandha nèk mangsa susah bakal diwiwiti ing taun sing penting kuwi. Ning, wong-wong kuwi ora ngira nèk omongan kuwi bakal kelakon. Kaya sing didelok rasul Yokanan, Sétan saya ngamuk lan nyerang umat manungsa. Dikandhakké, ”Bilai kowé, hé, bumi lan sagara! marga Iblis wus ngudhuni sira, kalawan nepsu banget, marga weruh, yèn wektuné mung kari sathithik.” (Wy. 12:12) Ing taun 1914, perang donya kapisan diwiwiti lan tandha rawuhé Yésus mulai kelakon ing sakdonya. ”Dina-dina wekasan” saka donya sing jahat iki dimulai.​—2 Tm. 3:1.

30 Ning, kabèh sing manggon ing swarga seneng. Dikandhakké, ”Mulané padha sukarenaa, hé, swarga lan hé, sira kabèh kang padha ngenggoni.” (Wy. 12:12) Swarga diresiki lan Yésus dilantik dadi Raja. Saiki, Kratoné Sang Mèsih siyap kanggo mbéla umaté Allah ing bumi. Apa sing bakal ditindakké? Kaya sing wis dirembug ing wiwitan bab iki, Kristus sing dadi ”utusan prajanjian” bakal nggawé murni dhisik umaté Allah ing bumi. Apa tegesé kuwi?

Wektu kanggo Diuji

31. Apa sing diramalké Maléakhi bab prosès kanggo nggawé murni, lan piyé ramalan iki mulai kelakon? (Deloken uga cathetan.)

31 Maléakhi ngramal nèk prosès nggawé murni kuwi ora gampang. Dhèwèké nulis, ”Sapa kang bisa kuwat tahan ing dina rawuhé lan sapa kang bisa lestari ngadeg samangsa Panjenengané ngatingal? Marga Panjenengané iku kaya geniné pembesot logam lan kaya sabuné tukang penatu.” (Ml. 3:2) Kuwi kebukti bener. Mulai taun 1914, umaté Allah ing bumi ngalami ujian sing terus-terusan lan kasusahan abot liyané. Pas Perang Donya I, akèh Siswa Alkitab sing dianiaya lan dipenjara. d

32. Ujian apa sing dialami saka njero pakumpulan sakwisé Sedulur Russell séda taun 1916?

32 Saka njero pakumpulan ya ngalami ujian. Ing taun 1916, Sedulur Russell séda pas umuré 64 taun, akèh sing padha kagèt. Senajan dhèwèké ora gelem dialem, ning akèh wong tumindak ngono. Sakwisé Sedulur Russell séda, tanggepané wong-wong nduduhké nèk jebulé akèh sing ngunggul-unggulké wong lanang sing dadi tuladha iki. Akèh sing mikir nèk wulangan sing bener ora bakal dibukak manèh sakwisé Sedulur Russell séda. Liyané malah nentang upayané pakumpulan kanggo maju. Tumindak kuwi akiré nggawé padha murtad terus pakumpulan dadi pecah.

33. Piyé pengarep-arep sing ora kelakon dadi ujian kanggo umaté Allah?

33 Ujian liyané yaiku pangarep-arep sing ora kelakon. Senajan majalah Watch Tower kandha nèk Jamané Bangsa Kafir bakal rampung ing taun 1914, akèh sedulur ora paham apa sing bakal kedadéan ing taun kuwi. (Lk. 21:24) Wong-wong kuwi mikir nèk ing taun 1914, Yésus Kristus bakal nggawa mantèné wadon yaiku wong-wong sing dipilih, kanggo mréntah ing swarga. Ning, pangarep-arep kuwi ora kelakon. Akir taun 1917, majalah The Watch Tower ngumumké nèk 40 taun mangsa panèn bakal rampung ing taun 1918. Ning nyatané, gawéan nginjil durung rampung ing taun kuwi, malah saya gedhé ing taun-taun sakbanjuré. Majalah kuwi uga nduduhké nèk pas mangsa panèn wis rampung, gawéan njupuki sisa panèn isih ditindakké. Senajan ngono, akèh sing mandheg ngabdi marang Yéhuwah merga kuciwa.

34. Ujian abot apa sing teka ing taun 1918, lan ngapa wong Kristen umumé ngira umaté Gusti Allah wis ”mati”?

34 Ujian liya sing abot teka ing taun 1918. J. F. Rutherford sing nggantèni C. T. Russell kanggo mimpin umaté Allah, lan pitung sedulur liya sing nduwé tanggung jawab penting, dicekel. Wong-wong kuwi ditudhuh nganggo cara sing ora adil lan dipenjara nganti suwé nèng penjara kusus ing Atlanta, Georgia, AS. Wektu kuwi, gawéané umat Allah kaya-kayané mandheg. Akèh pemimpin agama Kristen padha seneng. Wong-wong kuwi ngira nèk ”para pemimpiné” wis dipenjara, kantor pusat ing Brooklyn tutup, lan gawéan nginjil ditentang ing Amerika lan Eropa, Siswa-Siswa Alkitab sing nggawa penyakit iki bakal ”mati” lan ora dadi bebaya manèh. (Wy. 11:3, 7-10) Kuwi salah banget.

Urip Manèh

35. Ngapa Yésus ngejarké murid-muridé ngalami kasusahan, lan Yésus mènèhi bantuan apa?

35 Wong-wong sing mungsuhi ora ngerti nèk Yésus ngejarké murid-muridé ngalami kasusahan iki merga Yéhuwah lagi tumindak ”kaya wong mbesot [utawa, nggawé murni] lan ngresiki salaka”. (Ml. 3:3) Yéhuwah lan Putrané yakin nèk wong-wong Kristen sing setya ora bakal sirna merga ujian sing kaya geni kuwi. Malah bakal digawé resik, murni, lan luwih yakin kanggo ngabdi marang Sang Raja. Saka wiwitan taun 1919, roh suciné Yéhuwah wis nindakké apa sing kétoké ora mungkin kanggoné para mungsuh kuwi. Wong-wong sing setya diumpamakké urip manèh. (Wy. 11:11) Pas kuwi, Yésus Kristus nggenepi tandha utama dina pungkasan: Yésus netepké ”abdi kang setya lan pinter”, yaiku kelompok wong sithik sing bakal mimpin umaté Allah nganggo cara nyedhiyakké pangan rohani ing wektu sing pas.​—Mt. 24:45-47.

36. Apa buktiné umaté Allah urip manèh ing bab rohani?

36 Sedulur Rutherford lan kanca-kancané dibébaské saka penjara tanggal 26 Maret 1919. Terus, kebaktian langsung diatur kanggo sasi September taun kuwi. Ana rencana sing digawé kanggo nyétak majalah sing kapindho, sing disebut The Golden Age. Kancané majalah The Watch Tower iki dirancang kanggo digunakké wektu nginjil. e Ing taun kuwi terbitan Bulletin sing kapisan, sing saiki jenengé Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé Wong Kristen uga metu. Saka wiwitan, wacan kuwi nggawé sedulur-sedulur dadi semangat nginjil. Dadi saka taun 1919, gawéan nginjil saka omah nèng omah saya diutamakké.

37. Bar taun 1919, piyé wong-wong dadi kebukti ora setya?

37 Gawéan nginjil saya nggawé murni muridé Yésus, merga wong-wong sing sombong lan angkuh ora gelem nindakké gawéan sedherhana kuwi. Wong-wong sing ora mèlu nindakké iki, akiré misah saka wong-wong sing setya. Bar taun 1919, wong-wong sing ora setya iki lara ati lan mitenah, uga ngèlèk-èlèk lan malah ana sing dadi balané wong-wong sing nganiaya umaté Allah.

38. Kesuksèsan lan kemenangané muridé Yésus ing bumi, mbuktèkké apa?

38 Senajan akèh tantangan, ning muridé Yésus ing bumi saya maju lan makmur ing bab rohani. Saben kesuksèsan lan kemenangané wiwit kuwi, mbuktèkké nèk Kratoné Allah wis mréntah. Mung merga dhukungan lan berkahé Yéhuwah sing disedhiyakké liwat Putrané lan Kratoné Sang Mèsih, kelompok cilik sing isiné wong-wong biyasa lan ora sampurna kuwi, isa menang terus saka Sétan lan donyané sing jahat iki.​—Wacanen Yésaya 54:17.

Mung pirang-pirang sasi sakwisé dibébaské, Sedulur Rutherford mènèhi ceramah sing nyemangati ing kebaktian

39, 40. (a) Apa waé bagéan-bagéan ing buku iki? (b) Piyé carané éntuk paédah wektu sinau saka buku iki?

39 Ing bab-bab sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing wis ditindakké Kratoné Allah ing bumi, wiwit madeg ing swarga satus taun kepungkur. Saben bagéan ing buku iki, bakal ngrembug tandha penting sing ditindakké Kraton kuwi ing bumi. Saben bab ana kothak wulangan sing mbantu bèn ngerti sepira nyatané Kraton kuwi kanggo awaké dhéwé. Bab-bab pungkasan bakal ngrembug kedadéan-kedadéan sing bakal kelakon sedhéla manèh wektu Kraton kuwi teka kanggo nyirnakké wong jahat lan nggawé bumi dadi pirdus. Piyé panjenengan isa éntuk paédah wektu sinau buku iki?

40 Sétan péngin nggawé imané panjenengan marang Kratoné Allah dadi ora kuwat. Ning, Yéhuwah péngin nguwatké iman panjenengan bèn iman kuwi nglindhungi lan nggawé panjenengan kuwat. (Éf. 6:16) Mula, ndongaa sakdurungé sinau buku iki. Terus pikirna pitakonan, ’Apa Kratoné Allah nyata kanggo aku?’ Nèk saiki Kraton kuwi nyata, panjenengan bakal semangat ndhukung Kraton kuwi, nganti kabèh wong sing urip ndelok nèk Kratoné Allah pancèn nyata lan lagi mréntah.

a Kanggo katrangan luwih akèh bab Grew, Stetson, lan Storrs, deloken buku Saksi-Saksi Yehuwa—Pemberita Kerajaan Allah, kaca 45-46.

b Siswa-Siswa Alkitab ngerti nèk kudu mutuské hubungan karo pakumpulan agama sing dadi kancané donya. Ning, wis taunan suwéné Siswa-Siswa Alkitab nganggep wong sing dudu Siswa-Siswa Alkitab dadi sedulur, sing penting wong kuwi percaya karo tebusan lan ngabdi marang Gusti Allah.

c Salah siji alesan ngapa pangéling-éling sing wiwitan kuwi kurang tegas yaiku merga kuwi mauné mung kanggo kelompok wong sithik sing dipilih munggah swarga, sing jumlahé 144.000. Sakdurungé taun 1935, Siswa-Siswa Alkitab ngira nèk ”golonganing wong akèh” sing disebutké ing Wahyu 7:9, 10 maksudé anggota sing akèh banget saka gréja Kristen, sing bakal munggah swarga lan dadi bagéan kapindho sing nampa opah merga wis ndhukung Yésus Kristus nganti rawuhé. Kuwi bakal dirembug ing Bab 5 buku iki.

d Sasi September 1920, terbitan kusus majalah The Golden Age (saiki Sadarlah!) nyritakké bab wong-wong sing dianiaya pas perang, lan ana sing sadis banget. Kuwi kedadéan ing Amerika Serikat, Inggris, Jerman, lan Kanada. Padhahal, puluhan taun sakdurungé perang donya kapisan, arang banget ana kedadéan kaya ngono.

e Nganti pirang-pirang taun, majalah The Watch Tower disedhiyakké utamané kanggo nguwatké kelompok wong sithik.