Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 3

Yéhuwah Nduduhké Kersané

Yéhuwah Nduduhké Kersané

INTINÉ BAB IKI

Yéhuwah sithik mbaka sithik nduduhké kersané, ning mung kanggo wong sing ngajèni Yéhuwah

1, 2. Piyé Yéhuwah nduduhké kersané marang manungsa?

 WONG TUWA sing welas asih mesthi ngajak anak-anaké rembugan bab masalah keluarga. Ning, bocah-bocah ora dikandhani kabèh katrangan. Wong tuwa mung bakal ngandhani katrangan sing luwih akèh, nèk bocah-bocah wis isa nampa.

2 Semono uga, Yéhuwah sithik mbaka sithik nduduhké kersané kanggo manungsa. Ning, Yéhuwah nindakké kuwi nèk wektuné wis pas. Gatèkna gambaran bab carané Yéhuwah nduduhké sing bener bab Kratoné kanggo manungsa.

Ngapa Awaké Dhéwé Mbutuhké Kratoné Allah?

3, 4. Apa Yéhuwah nemtokké uripé manungsa? Terangna.

3 Sakjané, Kratoné Sang Mèsih kuwi dudu bagéan saka kersané Yéhuwah. Apa sebabé? Merga Yéhuwah ora nemtokké uripé manungsa. Yéhuwah nggawé manungsa nduwé kebébasan kanggo milih. Bab kersané kanggo manungsa, Yéhuwah ngandhani Adam lan Kawa, ”Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna.” (Pd. 1:28) Yéhuwah uga péngin Adam lan Kawa manut karo pathokan bab sing becik lan ala. (Pd. 2:16, 17) Adam lan Kawa isa milih tetep setya. Nèk Adam lan Kawa uga keturunané tetep setya, awaké dhéwé ora mbutuhké Kraton sing dipréntah Kristus kanggo mujudké kersané Allah. Kuduné, saiki saklumahing bumi dikebaki karo wong sampurna sing nyembah Yéhuwah.

4 Sétan, Adam, lan Kawa sing mbrontak, ora nggawé Yéhuwah mbatalké kersané kanggo ngebaki bumi karo wong-wong sing sampurna. Malah, Yéhuwah nganggo cara liya bèn kersané kelakon. Kersané Yéhuwah ora kaya sepur sing mung nduwé sakjalur kusus bèn isa tekan tujuané. Nèk ana sing ngalangi jaluré, Yéhuwah isa nggunakké jalur liyané. a (Pa. 3:14, 15) Nèk Yéhuwah ngandhakké kersané, ora ana sing isa ngalangi kelakoné kersané kuwi, klebu tumindaké manungsa. (Wacanen Yésaya 55:11.) Nèk wektuné wis pas, Yéhuwah bakal ngandhani umaté cara anyar sing bakal digunakké kanggo mujudké kersané.

5. Apa sing ditindakké Yéhuwah sakwisé pembrontakan ing Èden?

5 Sakwisé pembrontakan ing Èden, kersané Yéhuwah klebu arep ngedegké Kraton. (Mt. 25:34) Wektu manungsa kétoké ora nduwé pangarep-arep, Yéhuwah nduduhké cara bèn manungsa isa kekancan manèh karo Gusti Allah. Uga mbébaské manungsa saka sengsara merga Sétan ngupaya ngrebut wewenangé Yéhuwah. (Pd. 3:14-19) Senajan ngono, Yéhuwah ora langsung ngandhakké kabèh katrangan bab Kratoné.

Yéhuwah Mulai Nduduhké sing Bener bab Kratoné

6. Apa janjiné Yéhuwah, ning apa sing durung diduduhké?

6 Liwat ramalan sing kapisan, Yéhuwah janji nèk bakal ana ’keturunan’ sing ngremukké ula. (Wacanen Purwaning Dumadi 3:15.) Ning, sapa keturunan kuwi lan sapa keturunané ula durung diduduhké wektu kuwi. Sakjané, Yéhuwah pancèn durung maringi katrangan luwih akèh nganti kira-kira 2.000 taun. b

7. Ngapa Abraham sing dipilih, lan bab penting apa sing isa disinaoni saka kuwi?

7 Akiré, Yéhuwah milih Abraham dadi leluhuré keturunan sing dijanjèkké kuwi. Abraham dipilih merga dhèwèké ’ngèstokaké dhawuhé [Yéhuwah]’. (Pd. 22:18) Saka iki, awaké dhéwé isa sinau bab penting, yaiku Yéhuwah nduduhké kersané mung karo wong-wong sing wedi marang Yéhuwah.​—Wacanen Jabur 25:14.

8, 9. Yéhuwah maringi katrangan apa waé karo Abraham lan Yakub bab keturunan sing dijanjèkké kuwi?

8 Wektu Yéhuwah kandha karo Abraham liwat malaékat, Yéhuwah sepisanan nduduhké bab sing penting iki: Keturunan kuwi manungsa. (Pd. 22:15-17; Yb. 2:23) Ning, piyé manungsa iki isa ngremuk ula? Sapa ula kuwi? Apa sing diduduhké Yéhuwah sakwisé kuwi, bakal njawab pitakonan-pitakonan mau.

9 Yéhuwah mutuské nèk keturunan sing dijanjèkké kuwi bakal teka saka keturunané Yakub, putuné Abraham. Yakub kuwi imané gedhé marang Gusti Allah. (Pd. 28:13-22) Liwat Yakub, Yéhuwah nduduhké nèk Sing Dijanjèkké kuwi bakal lair saka keturunané Yéhuda, anaké Yakub. Yakub ngramalké nèk keturunané Yéhuda kuwi bakal nampa ”tekené keprabon”, sing nggambarké wewenang kanggo mréntah. Lan bangsa-bangsa bakal manut karo pamréntahan kuwi. (Pd. 49:1, 10) Liwat ramalan kuwi, Yéhuwah nduduhké nèk Sing Dijanjèkké bakal dadi panguwasa yaiku raja.

10, 11. Ngapa Yéhuwah nduduhké kersané marang Dawud lan Dhanièl?

10 Sakwisé kira-kira 650 taun bar jamané Yéhuda, Yéhuwah nduduhké katrangan sing luwih akèh bab kersané marang Raja Dawud, keturunané Yéhuda. Yéhuwah nggambarké Dawud wong sing ”ndadosaken keparenging penggalihipun”. (1 Sa. 13:14; 17:12; PR. 13:22) Merga Dawud wedi marang Gusti Allah, Yéhuwah milih kanggo nggawé prajanjian karo Dawud. Yéhuwah janji nèk salah siji keturunané Dawud bakal mréntah saklawasé.​—2 Sa. 7:8, 12-16.

11 Kira-kira 500 taun sakwisé kuwi, Yéhuwah nggunakké nabi Dhanièl kanggo ngandhani taun persisé Sing Dilantik utawa Sang Mèsih bakal teka ing bumi. (Dn. 9:25) Yéhuwah nganggep Dhanièl kuwi wong sing ”banget kinasihan”. Apa sebabé? Merga Dhanièl ngajèni lan setya ngabdi marang Yéhuwah.​—Dn. 6:17; 9:22, 23.

12. Dhanièl dikon apa, lan apa sebabé?

12 Senajan Yéhuwah nggunakké nabi-nabi sing setya kaya Dhanièl kanggo nulis akèh banget katrangan bab keturunan sing dijanjèkké yaiku Sang Mèsih, ning iki durung wektuné abdiné Yéhuwah ngerti kabèh sing ditulis. Contoné, sakwisé éntuk wahyu bab madegé Kratoné Allah, Dhanièl dikon nyimpen ramalan kuwi nganti wektu sing Yéhuwah temtokké. Ing wektu sing ditemtokké kuwi, wulangan sing bener bakal ”saya wuwuh”.​—Dn. 12:4.

Yéhuwah nggunakké nabi-nabi sing setya kaya Dhanièl kanggo nulis akèh banget katrangan bab Kratoné Sang Mèsih

Yésus Ngandhani Luwih Cetha bab Kersané Yéhuwah

13. (a) Sapa keturunan sing dijanjèkké? (b) Piyé Yésus nerangké luwih cetha ramalan nèng Purwaning Dumadi 3:15?

13 Nganggo cara sing cetha, Yéhuwah ngandhani nèk Yésus kuwi keturunan sing dijanjèkké, sing asalé saka keturunané Dawud, lan bakal mréntah dadi Raja. (Lk. 1:30-33; 3:21, 22) Wektu Yésus mulai nginjil ing bumi, pangertèné manungsa bab kersané Allah dadi luwih cetha, kuwi diumpamakké kaya srengéngé sing madhangi. (Mt. 4:13-17) Contoné, Yésus mbukak katrangan bab sapa ”si ula” sing disebutké nèng Purwaning Dumadi 3:14, 15. Carané, nyebut Iblis ”tukang matèni” lan ”bapakné sakabèhing goroh”. (Yo. 8:44) Ing wahyu sing diwènèhké marang Yokanan, Yésus ngandhani nèk ”si ula kuna” kuwi ”kang kaaranan Iblis lan Sétan”. c (Wacanen Wahyu 1:1; 12:9.) Ing wahyu sing padha, dikandhakké nèk Yésus sing dadi keturunan sing dijanjèkké, bakal ngremuk lan nyirnakké Sétan, kaya ramalan ing Èden.​—Wy. 20:7-10.

14-16. Apa murid-muridé Yésus ing abad kapisan mesthi langsung ngerti maksud omongané Yésus? Terangna.

14 Kaya sing wis dirembug ing Bab 1 buku iki, Yésus kerep omongan bab Kratoné Allah. Ning, Yésus ora mesthi ngandhani kabèh katrangan sing péngin dingertèni murid-muridé. Wektu Yésus mènèhi katrangan kusus, para muridé ora langsung ngerti maksud omongané Yésus. Kadhang lagi ngerti pirang-pirang atus taun sakwisé Yésus ngomongké katrangan mau. Gatèkna conto-contoné.

15 Ing taun 33 M, Yésus nerangké luwih cetha nèk sing mréntah bareng Yésus ing Kratoné Allah, asalé saka bumi lan diuripké manèh dadi makhluk roh ing swarga. Ning, wektu kuwi murid-muridé ora langsung ngerti. (Dn. 7:18; Yo. 14:2-5) Ing taun sing padha, Yésus nggunakké umpama sing nduduhké nèk Kratoné Allah ora langsung madeg wektu Yésus munggah swarga. (Mt. 25:14, 19; Lk. 19:11, 12) Murid-muridé ora ngerti bab sing penting iki. Sakwisé Yésus diuripké manèh, murid-muridé isih takon, ”Gusti, punapa sapunika anggèn Paduka badhé mulihaken karajan kanggé Israèl?” Ning, Yésus ora ngekèki kabèh katrangan wektu kuwi. (PR. 1:6, 7) Yésus uga mulang nèk ana ”wedhus liyané”, sing ora dadi bagéan saka ”pepanthan cilik” yaiku sing mréntah bareng Yésus. (Yo. 10:16; Lk. 12:32) Murid-muridé Yésus ora ngerti sapa rong kelompok kuwi. Katrangan iki lagi cetha sakwisé Kraton kuwi madeg taun 1914.

16 Isih akèh manèh bab sing isa diwulangké Yésus marang murid-muridé saksuwéné ing bumi, ning Yésus ngerti nèk murid-muridé durung sanggup nampa kuwi. (Yo. 16:12) Senajan akèh pangertèn saka Allah dibukak ing abad kapisan, ning durung wektuné wulangan sing bener saya akèh.

Wulangan sing Bener Saya Akèh ing ”Wekasaning Jaman”

17. Apa sing kudu ditindakké bèn ngerti sing bener bab Kratoné Allah, ning apa manèh sing dibutuhké?

17 Yéhuwah janji karo Dhanièl nèk ing ”wekasaning jaman”, akèh wong bakal ”niti-priksa, apadéné kawruh” sing bener bab kersané Gusti Allah bakal saya akèh. (Dn. 12:4) Wong-wong sing péngin ngerti bab kawruh kuwi kudu ngupaya tenanan. Ana buku réferènsi sing kandha nèk tembung Ibrani ”niti-priksa” maksudé wong sing lagi tenanan nyinaoni lan nliti buku. Senajan wis tenanan nliti Alkitab, ning awaké dhéwé ora bakal isa ngerti sing bener bab Kratoné Allah, nèk ora dibantu Yéhuwah.​—Wacanen Matéus 13:11.

18. Piyé umaté Yéhuwah nduduhké iman lan sipat andhap asor?

18 Yéhuwah wis mbukak sing bener bab Kratoné sithik mbaka sithik sakdurungé 1914, semono uga Yéhuwah bakal terus nindakké kuwi nganti dina pungkasan. Kaya sing bakal disinaoni ing Bab 4 lan 5 buku iki, luwih saka 100 taun, umaté Allah kudu ngowahi pangertèné nganti ping bola-bali. Apa kuwi nduduhké nèk Yéhuwah ora ndhukung? Ora babar blas. Yéhuwah ndhukung merga umaté nduduhké sipat sing nyenengké Yéhuwah yaiku andhap asor lan iman. (Ib. 11:6; Yb. 4:6) Umaté Yéhuwah nduwé iman nèk kabèh sing dijanjèkké ing Alkitab bakal kelakon. Wong-wong kuwi nduduhké sipat andhap asor wektu ngakoni nèk pangertèn bab piyé persisé janji kuwi bakal kelakon wis klèru. Tumindak kaya ngono diduduhké ing The Watch Tower 1 Maret 1925, sing kandha, ”Awaké dhéwé ngerti nèk Gusti Allah dhéwé sing bakal ngandhani, Yéhuwah bakal nerangké Sabdané karo umaté ing wektu lan carané Yéhuwah dhéwé.”

”Gusti Allah . . . bakal nerangké Sabdané karo umaté ing wektu lan carané Yéhuwah dhéwé”

19. Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn ngerti apa, lan apa sebabé?

19 Wektu Kraton kuwi madeg ing swarga taun 1914, umaté Allah durung nduwé pangertèn sing lengkap piyé ramalan-ramalan bab Kraton kuwi bakal kelakon. (1 Kr. 13:9, 10, 12) Merga semangat péngin ndelok janjiné Allah cepet kelakon, awaké dhéwé isa nggawé kesimpulan sing klèru. Majalah The Watch Tower sing disebutké mau uga kandha, ”Kétoké pathokan sing bener yaiku, awaké dhéwé ora bakal isa ngerti maksudé ramalan ing Alkitab, sakdurungé kuwi kelakon utawa lagi kelakon.” Omongan kuwi wis kebukti bener nganti pirang-pirang taun. Akèh ramalan bab Kratoné Allah wis kelakon lan ana sing lagi kelakon. Merga umaté Allah andhap asor lan gelem dikandhani, Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn ngerti luwih akèh bab kersané. Wulangan sing bener saya akèh.

Pangertèn sing Luwih Cetha Nguji Umaté Allah

20, 21. Apa pengaruhé kanggo wong-wong Kristen abad kapisan pas éntuk pangertèn sing luwih cetha?

20 Wektu Yéhuwah maringi pangertèn luwih cetha bab wulangan sing bener, atiné awaké dhéwé diuji. Apa iman lan sipat andhap asor bakal mbantu awaké dhéwé nampa owah-owahan? Wong Kristen abad kapisan tau ngadhepi ujian kaya ngono. Bayangna panjenengan dadi wong Kristen Yahudi ing jaman kuwi. Panjenengan ngajèni banget Hukum Musa, lan bangga dadi wong Yahudi. Ning, saiki ana surat saka rasul Paulus sing kandha nèk Hukum Musa ora dinggo manèh lan Yéhuwah wis nolak bangsa Israèl. Yéhuwah bakal nggawé Israèl rohani sing asalé saka wong Yahudi lan dudu Yahudi. (Rm. 10:12; 11:17-24; Gl. 6:15, 16; Kl. 2:13, 14) Piyé tanggepané panjenengan?

21 Wong Kristen sing andhap asor diberkahi merga nampa katrangané Paulus sing diwangsitké Yéhuwah kuwi. (PR. 13:48) Sing liyané nolak lan milih nuruti pangertèné dhéwé. (Gl. 5:7-12) Nèk wong-wong kuwi ora gelem ngowahi pangertèné, dhèwèké bakal kélangan kesempatan kanggo mréntah bareng Kristus.​—2 Pt. 2:1.

22. Piyé perasaané panjenengan wektu éntuk pangertèn sing saya cetha bab kersané Gusti Allah?

22 Wiwit puluhan taun kepungkur, Yéhuwah wis maringi pangertèn sing saya cetha bab Kratoné. Contoné, Yéhuwah mbantu awaké dhéwé ngerti nèk rakyat Kratoné Allah bakal dipisahké saka wong-wong sing ora nanggepi kabar apik, kaya wedhus gèmbèl sing dipisahké saka wedhus jawa. Yéhuwah uga mulang kapan jumlah 144.000 wong Kristen bakal digenepi, uga maksudé umpama sing diwulangké Yésus bab Kratoné Allah, lan kapan wong Kristen terakhir sing dipilih bakal munggah swarga. d Piyé tanggepané panjenengan bab kuwi? Apa imané panjenengan saya dikuwatké? Apa kuwi bukti nèk Yéhuwah lagi mulang umaté sing andhap asor? Rembugan sakbanjuré bakal ngyakinké panjenengan nèk Yéhuwah lagi nduduhké kersané sithik mbaka sithik marang umaté.

a Asmané Gusti Allah kuwi asalé saka basa Ibrani sing tegesé ”ndadèkaké”. Asmané Yéhuwah nduduhké nèk Yéhuwah kuwi Sing Netepi kabèh janjiné. Deloken kothak ”Tegesé Asmané Gusti Allah”, ing kaca 43.

b Senajan 2000 taun iki kétoké suwé banget, ning awaké dhéwé kudu éling nèk umuré manungsa jaman mbiyèn kuwi dawa-dawa. Mung ana patang generasi saka Adam nganti Abraham. Adam urip sakjaman karo Lamèkh, bapaké Nuh. Lamèkh urip sakjaman karo Sèm, anaké Nuh. Sèm urip sakjaman karo Abraham.​—Pd. 5:5, 31; 9:29; 11:10, 11; 25:7.

c Ing basa asliné, tembung ”Sétan” sing maksudé Iblis disebutké ping 18 ing Kitab Ibrani. Ing Kitab Yunani disebutké nganti luwih saka ping 30. Kitab Ibrani luwih akèh nerangké bab sapa Sang Mèsih kuwi. Pas Sang Mèsih teka, Sang Mèsih kuwi sing nerangké luwih akèh bab Sétan. Kuwi ditulis ing Kitab Yunani.

d Kanggo katrangan bab pangertèn sing luwih anyar deloken Menara Pengawal 15 Oktober 1995, kaca 23-28; 15 Januari 2008, kaca 20-24; 15 Juli 2008, kaca 17-21; 15 Juli 2013, kaca 9-14.