Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 4

Yéhuwah Ngluhurké Asmané

Yéhuwah Ngluhurké Asmané

INTINÉ BAB IKI

Umaté Allah ngluhurké asmané Yéhuwah

1, 2. Piyé Terjemahan Dunia Baru ngluhurké asmané Allah?

 ING dina Selasa ésuk, tanggal 2 Desember 1947, kelompok cilik wong-wong sing dipilih munggah swarga, sing nyambut gawé ing Bètel Brooklyn, New York, siyap nindakké tugas sing gedhé banget. Tugas kuwi abot, ning ditindakké kanthi tekun nganti suwéné 12 taun. Akiré, pas dina Minggu tanggal 13 Maret 1960, wong-wong kuwi ngrampungké tèks pungkasan saka terjemahan Alkitab sing anyar. Telung sasi sakwisé kuwi, yaiku tanggal 18 Juni 1960, Sedulur Nathan Knorr ngetokké Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru (ing basa Inggris) sing lengkap, ing kebaktian nèng Manchester, Inggris. Sedulur kuwi nduduhké perasaané kabèh sing teka, wektu dhèwèké kandha, ’Iki dina sing nyenengké kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah sakdonya!’ Sing utama saka terjemahan sing anyar kuwi, yaiku asmané Gusti Allah ditulis ing akèh ayat. Kuwi nggawé seneng umaté Allah.

Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Dunia Baru diwetokké ing Kebaktian Pertambahan Teokratis taun 1950 (Kiwa: Yankee Stadium, New York City; tengen: Ghana)

2 Akèh terjemahan Alkitab sing ngilangké asmané Allah. Senajan Sétan ngupaya kanggo ngilangké asmané Allah, ning umaté Yéhuwah sing dipilih munggah swarga kendel nglawan upayané Sétan kuwi. Tembung pambuka saka Terjemahan Dunia Baru sing lagi diwetokké dina kuwi kandha, ”Ciri sing utama saka terjemahan iki yaiku asmané Gusti Allah ditulis ing panggonan sing sakmesthiné.” Ing Terjemahan Dunia Baru, asmané Gusti Allah, yaiku Yéhuwah, ditulis luwih saka ping 7.000. Terjemahan iki bener-bener ngluhurké asmané Bapak ing swarga, Yéhuwah.

3. (a) Apa sing dingertèni sedulur-sedulur bab tegesé asmané Allah? (b) Apa tegesé ukara ing Pangentasan 3:13, 14? (Deloken kothak ” Tegesé Asmané Gusti Allah”.)

3 Ing taun-taun wiwitan, Siswa-Siswa Alkitab ngerti nèk asmané Gusti Allah tegesé ”Ingsun Ana Kang Ana”. (Pa. 3:14) Mula, The Watch Tower 1 Januari 1926 kandha, ”Asmané Yéhuwah nduduhké nèk Gusti Allah ana terus, . . . ora nduwé wiwitan lan pungkasan.” Ning, wektu para penerjemah mulai nerjemahké Terjemahan Dunia Baru, Yéhuwah mbantu umaté ngerti nèk asmané ora mung nduduhké nèk Yéhuwah ana terus, ning sing utama, nduduhké nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing nduwé tujuan lan bakal tumindak kanggo mujudké tujuané kuwi. Wong-wong kuwi ngerti nèk asmané Yéhuwah tegesé ”Sing Nyebabké Bèn Dadi”. Yéhuwah nyebabké anané jagat iki lan makhluk pinter liyané. Yéhuwah uga terus nyebabké tujuan lan kersané kelakon. Ning, apa sebabé asmané Allah penting banget kanggo diluhurké, lan piyé awaké dhéwé mèlu ngluhurké?

Asmané Allah Disucèkké

4, 5. (a) Apa maksudé panyuwun, ”Asma Paduka mugi kasucèkaken”? (b) Piyé lan kapan Yéhuwah bakal nyucèkké asmané?

4 Yéhuwah péngin asmané diluhurké. Sakjané, kuwi tujuan utamané Yéhuwah. Kuwi padha karo panyuwun sing kapisan ing donga sing diwulangké Yésus, ”Asma Paduka mugi kasucèkaken.” (Mt. 6:9) Dadi, apa maksudé panyuwun kuwi?

5 Kaya sing wis disinaoni ing Bab 1 buku iki, Yésus mulang donga sing ana hubungané karo kersané Yéhuwah. Ana telung panyuwun. Salah sijiné yaiku, ”Asma Paduka mugi kasucèkaken.” Rong panyuwun liyané, ”Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan.” (Mt. 6:10) Dadi, awaké dhéwé njaluk Yéhuwah cepet tumindak bèn Kratoné teka lan kersané kelakon. Pas ndonga ”asma Paduka mugi kasucèkaken”, awaké dhéwé njaluk bèn Yéhuwah tumindak kanggo nyucèkké lan nggawé resik asmané saka tudhuhan lan pitenah wiwit pembrontakan ing Èden. Apa Yéhuwah bakal njawab donga kuwi? Yéhuwah ngendika, ”Ingsun bakal nucèkaké asmaningSun kang luhur kang wus sira najisaké ana ing satengahé para bangsa.” (Yk. 36:23; 38:23) Wektu numpes kabèh sing jahat ing Armagédhon, Yéhuwah bakal nyucèkké asmané ing ngarepé kabèh sing digawé.

6. Nganggo cara apa waé awaké dhéwé nyucèkké asmané Allah?

6 Wiwit mbiyèn, Yéhuwah maringi abdiné kesempatan kanggo mèlu nyucèkké asmané. Mesthiné, awaké dhéwé ora isa nggawé asmané Yéhuwah luwih suci manèh, merga kuwi pancèn wis suci. Terus, piyé carané nyucèkké asmané Allah? Nabi Yésaya kandha, ”Yéhuwah sing nduwé pasukan malaékat, Panjenengané iku sing kudu kok akoni dadi sing suci.” Lan Yéhuwah dhéwé ngendika nèk umaté, ’Bakal padha nucèkaké asmané . . . , lan bakal padha gumeter ana ing ngarsané Gusti Allahé Israèl.’ (Yé. 8:13, NW; 29:23) Dadi, carané nyucèkké asmané Gusti Allah, yaiku nganggep asma kuwi istiméwa, lan luwih luhur ketimbang jeneng-jeneng liyané. Awaké dhéwé uga kudu ngajèni Gusti Allah sing nduwé asma kuwi, lan mbantu wong liya bèn nganggep asma kuwi suci. Cara paling penting kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nggumun lan ngajèni asmané Allah, yaiku ngakoni Yéhuwah dadi Panguwasa lan manut saka ati.​—WB. 3:1; Wy. 4:11.

Disiyapké kanggo Disebut Seksiné lan Ngluhurké Asmané

7, 8. (a) Apa sebabé Yéhuwah nyiapké umaté dhisik sakdurungé nganggo asmané? (b) Apa sing bakal dirembug?

7 Wiwit taun 1870-an, umaté Allah jaman modhèren wis nggunakké asmané Yéhuwah ing wacan-wacan sing digawé. Contoné, asmané Yéhuwah disebut ing wacan Zion’s Watch Tower sasi Agustus 1879 lan buku lagu sing diwetokké ing taun sing padha yaiku Songs of the Bride. Ning, Yéhuwah péngin mastèkké dhisik bèn umaté netepi syarat sakdurungé maringi kaurmatan gedhé bèn isa nganggo asmané sing suci. Piyé Yéhuwah nyiapké Siswa-Siswa Alkitab sing wiwitan bèn isa nganggo asmané?

8 Ing akir taun 1800-an lan awal taun 1900-an, awaké dhéwé ndelok piyé Yéhuwah maringi umaté pangertèn sing luwih cetha lan penting bab asmané. Ayo ngrembug telung wulangan kuwi.

9, 10. (a) Apa sebabé artikel-artikel sing wiwitan saka majalah Watch Tower kerep-kerepé nyebut bab Yésus? (b) Ana owah-owahan apa saka taun 1919, lan apa hasilé? (Deloken uga kothak ” Piyé The Watchtower ngluhurké asmané Gusti Allah”.)

9 Kapisan, abdiné Yéhuwah akiré nduwé cara mikir sing bener bab pentingé asmané Allah. Siswa-Siswa Alkitab sing wiwitan nganggep tebusan kuwi ajaran utama Alkitab. Kuwi sebabé isiné majalah Watch Tower kerep-kerepé nyebut bab Yésus. Contoné, ing taun kapisan wacan kuwi diwetokké, jenengé Yésus disebutké ping sepuluh luwih akèh ketimbang asmané Yéhuwah. The Watch Tower 15 Maret 1976 kandha nèk Siswa-Siswa Alkitab sing wiwitan ”mung ngutamakké” Yésus. Ning akiré, Yéhuwah mbantu Siswa-Siswa Alkitab ngerti pentingé asmané Allah ing Alkitab. Piyé tanggepané Siswa-Siswa Alkitab? Artikel sing padha saka Watchtower kuwi kandha, kususé saka taun 1919, ”Siswa-Siswa Alkitab mulai luwih ngluhurké Bapaké Sang Mèsih, yaiku Yéhuwah.” Malah, saka taun 1920 nganti 1929, majalah The Watchtower nyebut asmané Allah nganti luwih saka ping 6.500.

10 Merga ngutamakké asmané Yéhuwah, para sedulur nduduhké katresnané marang asmané Allah. Kaya Musa mbiyèn, wong-wong kuwi ’ngundhangké [utawa, ngumumké] asmané Yéhuwah’. (PT. 32:3; Ms. 34:4) Dadi, kaya janji ing Alkitab, Yéhuwah nggatèkké katresnané wong-wong kuwi marang asmané, lan mberkahi wong-wong kuwi.​—Ms. 119:132; Ib. 6:10.

11, 12. (a) Ora suwé sakwisé taun 1919, wacané awaké dhéwé mulai ngrembug bab apa? (b) Yéhuwah ngarahké umaté bèn nggatèkké bab apa, lan apa sebabé?

11 Kapindho, wong Kristen sejati éntuk pangertèn sing bener bab gawéan sing ditugaské Allah. Ora suwé sakwisé taun 1919, sedulur-sedulur sing dipilih munggah swarga sing dadi pengawas péngin nliti ramalané Yésaya. Wiwit kuwi, isi wacané awaké dhéwé dadi malih. Apa sebabé owah-owahan kuwi dadi ”pangan  . . . ing wektu kang katamtokaké”?​—Mt. 24:45.

12 Sakdurungé taun 1919, The Watch Tower ora tau ngrembug kandhané Yésaya, ”’Sira iki padha dadi seksiningSun,’ mangkono pangandikané Pangéran Yéhuwah, ’tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih.’” (Wacanen Yésaya 43:10-12.) Ning, ora suwé sakwisé taun 1919, wacané awaké dhéwé mulai ngrembug ayat kuwi. Kabèh wong Kristen sing dipilih munggah swarga kudu nindakké tugas saka Yéhuwah, yaiku martakké bab Yéhuwah. Malah, saka taun 1925 nganti 1931, Yésaya bab 43 wis dirembug ing 57 terbitan The Watch Tower, lan saben terbitan nduduhké nèk ayat kuwi kanggo wong Kristen sejati. Dadi cetha nèk ing taun-taun kuwi, Yéhuwah ngarahké umaté bèn nggatèkké gawéan sing kudu ditindakké. Apa sebabé? Supaya wong-wong kuwi ”ditètèr [utawa, diuji] dhisik”. (1 Tm. 3:10) Sakdurungé isa nganggo asmané Allah, Siswa-Siswa Alkitab kudu mbuktèkké marang Yéhuwah liwat gawéané, nèk dhèwèké pancèn seksiné Yéhuwah.​—Lk. 24:47, 48.

13. Piyé Alkitab nduduhké masalah paling penting sing kudu dirampungké?

13 Katelu, umaté Yéhuwah akiré ngerti pentingé nyucèkké asmané Allah. Ing taun 1920-an, umaté Allah ngerti nèk nyucèkké asmané Allah kuwi masalah paling penting sing kudu dirampungké. Piyé Alkitab nduduhké bab sing bener lan penting kuwi? Gatèkna rong conto. Apa sebabé Gusti Allah nylametké bangsa Israèl saka Mesir? Yéhuwah ngendika, ”Supaya asmaningSun kaluhurna ana ing salumahing bumi.” (Pa. 9:16) Lan ngapa Yéhuwah tetep welas asih wektu Israèl mbrontak marang Yéhuwah? Yéhuwah ngendika manèh, ”AnggoningSun tumindak mangkono iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisaké ana ing ngarepé para bangsa.” (Yk. 20:8-10) Apa sing disinaoni Siswa-Siswa Alkitab saka rong conto kuwi lan conto-conto liyané?

14. (a) Ing akir taun 1920-an, apa sing dingertèni umaté Allah? (b) Pangertèn luwih jero sing dingertèni Siswa-Siswa Alkitab mènèhi pengaruh apa ing gawéan nginjil? (Deloken uga kothak ” Alesan Kuwat kanggo Nginjil”.)

14 Ing akir taun 1920-an, umaté Allah ngerti pentingé omongané Yésaya sing dicathet kira-kira 2.700 taun sakdurungé. Yésaya kandha bab Yéhuwah, ”Inggih makaten punika anggèn Paduka nuntun umat Paduka supados asma Paduka kaluhuraken.” (Yé. 63:14) Siswa-Siswa Alkitab ngerti nèk masalah paling penting yaiku nyucèkké asmané Yéhuwah, dudu keslametané manungsa. (Yé. 37:20; Yk. 38:23) Taun 1929, buku Prophecy kandha bab wulangan sing bener kuwi, ”Masalah sing paling penting kanggo kabèh ciptaané Yéhuwah yaiku nyucèkké asmané Yéhuwah.” Pangertèn sing wis diowahi iki nggawé umaté Allah saya semangat martakké bab Yéhuwah lan mbenerké asmané saka pitenah.

15. (a) Ing taun 1930-an, apa sing ditampa sedulur-sedulur? (b) Saiki wektuné kanggo apa?

15 Ing taun 1930-an, sedulur-sedulur nampa cara mikir sing bener bab pentingé asmané Allah, éntuk pangertèn sing luwih cetha bab gawéan sing ditugaské Allah, lan pangertèn sing luwih jero bab masalah paling penting sing kudu dirampungké. Saiki, wis wektuné Yéhuwah maringi kaurmatan gedhé kanggo umaté bèn isa nganggo asmané. Ayo dirembug kedadéan ing jaman mbiyèn bèn ngerti carané kuwi kelakon.

Yéhuwah Milih ”Satunggaling Bangsa . . .  kagem Asmanipun”

16. (a) Cara nggumunké apa sing ditindakké Yéhuwah kanggo ngluhurké asmané? (b) Mbiyèn, sapa sing dadi umat sing makili asmané Allah?

16 Salah siji cara nggumunké sing ditindakké Yéhuwah kanggo ngluhurké asmané yaiku nduwèni umat ing bumi sing nganggo asmané. Wiwit taun 1513 SM, bangsa Israèl dadi umat sing makili Yéhuwah. (Yé. 43:12) Ning, merga ora netepi prajanjiané karo Gusti Allah, ing taun 33 M bangsa Israèl ora nduwé hubungan istiméwa manèh karo Allah. Ora let suwé, Yéhuwah ”ngatingalaken sih-rahmatipun, inggih punika anggènipun milih satunggaling bangsa . . . kagem asmanipun”. (PR. 15:14) Wong-wong sing bar dipilih kuwi disebut ”Israèl kagungané Gusti Allah”, sing isiné murid-muridé Yésus sing dipilih munggah swarga saka bangsa sing béda-béda.​—Gl. 6:16.

17. Apa rencanané Sétan sing wis suksès ditindakké?

17 Kira-kira taun 44 M, murid-muridé Yésus sing dituntun Gusti Allah ”padha kasebut Kristen”. (PR. 11:26) Mauné, jeneng kuwi béda karo liyané merga mung kanggo wong Kristen sejati. (1 Pt. 4:16) Ning, kaya sing disebutké Yésus ing umpama bab gandum lan alang-alang, rencanané Sétan suksès, yaiku nggunakké jeneng mau kanggo kabèh wong Kristen palsu. Mula, nganti atusan taun, wong Kristen sejati ora kétok bédané karo wong Kristen palsu liyané. Ning, wiwit ”mangsa panèn” taun 1914 kahanan kuwi malih. Apa sebabé? Merga para malaékat mulai misahké wong Kristen palsu saka sing sejati.​—Mt. 13:30, 39-41.

18. Piyé sedulur-sedulur sadhar nèk sebutan ”Siswa-Siswa Alkitab” ora cocog manèh?

18 Sakwisé abdi sing setya lan pinter dilantik ing taun 1919, Yéhuwah mbantu umaté bèn paham karo gawéan sing wis ditugaské. Umaté langsung nganggep nèk gawéan nginjil saka omah ing omah mbédakké umaté Allah karo akèh wong Kristen palsu. Sakwisé ngerti bab kuwi, umaté Allah dadi sadhar nèk sebutan ”Siswa-Siswa Alkitab” ora cocog manèh. Tujuan utamané ora mung nyinaoni Alkitab, ning kanggo martakké sing bener bab Gusti Allah, ngluhurké lan ngajèni asmané. Dadi, jeneng apa sing cocog karo tugas iki? Pitakonan kuwi dijawab taun 1931.

Urut-urutané acara kebaktian, taun 1931

19, 20. (a) Keputusan penting apa sing wis digawé ing kebaktian taun 1931? (b) Piyé tanggepané sedulur-sedulur?

19 Ing sasi Juli 1931, kira-kira 15.000 Siswa-Siswa Alkitab nekani kebaktian ing Columbus, Ohio, AS. Ana rong huruf, yaiku J lan W sing dicétak gedhé ing kaca ngarep urut-urutané acara kebaktian. Sedulur-sedulur sing teka péngin ngerti, ’Apa maksudé?’ Ana sing ngira kuwi artiné, ’Delok Waé’ (Just Watch) utawa ’Tunggu Waé’ (Just Wait). Terus, dina Minggu tanggal 26 Juli, Sedulur Joseph Rutherford ngandhakké keputusan penting sing isiné, ”Awaké dhéwé péngin dikenal lan disebut nganggo jeneng seksi-seksi Yéhuwah.” Sedulur-sedulur sing teka langsung ngerti artiné rong huruf kuwi, yaiku singkatan saka Jehovah’s Witnesses (Seksi-Seksi Yéhuwah), sing dijupuk saka Yésaya 43:10.

20 Kabèh sing teka padha keplok-keplok suwé lan semangat. Liwat radhio, tanggepané sedulur-sedulur sing semangat ing Columbus krungu tekan negara-negara sing adoh. Sedulur Ernest lan Naomi Barber ing Australia kandha, ”Wektu sedulur-sedulur ing Amerika lagi keplok-keplok, sedulur-sedulur ing Melbourne langsung ngadeg lan mèlu keplok-keplok. Kuwi kedadéan sing ora bakal tak lalèkké.” a

Asmané Allah Diluhurké ing Sakdonya

21. Piyé pengaruhé jeneng sing anyar iki marang sedulur-sedulur ing gawéan nginjil?

21 Nduwé jeneng sing dijupuk saka Alkitab marahi sedulur-sedulur saya semangat ing gawéan nginjil. Sedulur Edward lan Jessie Grimes, pasangan perintis ing Amerika Serikat sing teka ing kebaktian taun 1931 ing Columbus kandha, ”Aku lan bojoku mangkat saka omah isih disebut Siswa-Siswa Alkitab, ning pas bali dadi Seksi-Seksi Yéhuwah. Aku lan bojoku seneng merga nduwé jeneng sing isa ngluhurké asmané Allah.” Sakwisé kebaktian kuwi, ana Seksi nggunakké cara anyar sing cocog karo jeneng kuwi. Wektu kenalan karo sing nduwé omah, sedulur-sedulur nggunakké kertu nama sing isiné, ”Salah siji Seksi-Seksi YÉHUWAH sing lagi martakké Kratoné YÉHUWAH, Gusti Allahku.” Umaté Allah bangga nganggo asmané Yéhuwah, lan ora sabar kanggo martakké tegesé sing penting saka asma kuwi nèng ngendi-endi.​—Yé. 12:4.

”Aku lan bojoku mangkat saka omah isih disebut Siswa-Siswa Alkitab, ning pas bali dadi Seksi-Seksi Yéhuwah”

22. Apa buktiné nèk umaté Allah nduwé jati dhiri sing istiméwa?

22 Wis pirang-pirang taun kelakon wiwit Yéhuwah nggawé sedulur-sedulur sing dipilih munggah swarga nggunakké jeneng istiméwa kuwi. Wiwit taun 1931, apa Sétan isa ngrusak jati dhiriné umaté Allah lan nggawé umaté Allah padha kaya agama liyané? Ora babar blas. Malah, jati dhiriné Seksi-Seksi Yéhuwah saya kétok cetha. (Wacanen Mikha 4:5; Maléakhi 3:18.) Asmané Allah kuwi kaya-kayané wis dadi siji karo awaké dhéwé, dadi sapa waé sing kerep ngomong jeneng Yéhuwah, mesthi dihubungké karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Senajan agama palsu diumpamakké kaya gunung sing jèjèr-jèjèr, ibadah sejatiné Yéhuwah ora ketutupan, ning malah kaya gunung sing ”ngadeg jejeg ing sadhuwuré gunung-gunung”. (Yé. 2:2) Saiki, ibadah marang Yéhuwah lan asmané sing suci bener-bener wis diluhurké.

23. Miturut Jabur 121:5, bab penting apa sing nguwatké awaké dhéwé?

23 Yéhuwah bakal nglindhungi awaké dhéwé saka serangan Sétan saiki lan sukmbèn. Kuwi mesthi dadi jaminan sing nguwatké banget. (Ms. 121:5) Kuwi sebabé awaké dhéwé isa nduwé perasaan sing padha karo sing nulis Jabur, ”Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yéhuwah dadi Allahé, sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungané!”​—Ms. 33:12.

a Deloken Bab 7, kaca 72-74, kanggo katrangan luwih akèh bab radhio kanggo nginjil.