Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 5

Wulangan sing Bener Saya Cetha

Wulangan sing Bener Saya Cetha

INTINÉ BAB IKI

Umaté Allah saya paham wulangan bener bab Kraton, para panguwasa, rakyaté, lan tegesé setya marang Kraton kuwi

1, 2. Apa buktiné Yésus kaya pemandhu wisata sing wicaksana?

 BAYANGNA ana pemandhu wisata sing wis pengalaman lagi ngejak panjenengan ngubengi kutha sing apik lan éndah banget. Panjenengan lan wisatawan liyané nggatèkké tenanan katrangané pemandhu kuwi, merga durung tau mara mrono. Sakjané ana akèh banget pitakonan bab panggonan kuwi, ning pas takon karo pemandhuné, dhèwèké ora langsung njawab. Pemandhu kuwi nunggu wektu sing pas, biyasané nèk wis arep tekan ing panggonan sing dimaksud. Panjenengan mesthi nggumun karo kawicaksanané pemandhu kuwi merga dhèwèké ngandhani apa sing kudu dingertèni ing wektu sing pas.

2 Wong Kristen sejati kaya wisatawan kuwi. Awaké dhéwé péngin banget ngerti bab kutha sing paling megah, ”kutha sing tetalesé [utawa, pondhasiné] ora gingsir ing selawas-lawasé”, yaiku Kratoné Allah. (Ib. 11:10, BJP) Yésus kaya pemandhu wisata kuwi. Wektu ing bumi, Yésus nuntun muridé bèn luwih ngerti bab Kratoné Allah. Apa Yésus njawab saben pitakonan murid-muridé bab Kratoné Allah lan nduduhké kabèh langsung? Ora. Yésus kandha, ”Isih akèh prekara sing arep Dakkandhakaké marang kowé, nanging saiki kowé durung bisa nyandhak.” (Yo. 16:12, BJP) Yésus nuntun nganggo cara sing wicaksana. Yésus ora mènèhi akèh katrangan nèk muridé durung siyap nampa.

3, 4. (a) Piyé carané Yésus terus mulang wong-wong sing setya bab Kratoné Allah? (b) Apa sing bakal dirembug ing bab iki?

3 Yésus ngandhakké omongan ing Yokanan 16:12 sakdurungé séda. Terus, piyé carané Yésus mulang wong-wong sing setya bab Kratoné Allah sakwisé séda? Yésus mènèhi jaminan, ”Roh sing maringi weruh bab kersané Allah, . . . bakal nuntun kowé supaya ngerti sakabèhing prekara sing dikersakaké déning Gusti Allah.” a (Yo. 16:13, BJP) Dadi, Yésus nggunakké roh suci kanggo nuntun para muridé. Kaya pemandhu sing sabar, roh suci bakal mulang sing bener bab Kratoné Allah, lan kuwi ditindakké ing wektu sing pas.

4 Ayo digatèkké carané roh suciné Yéhuwah nuntun wong Kristen sing tulus éntuk pangertèn luwih cetha bab Kratoné Allah. Kapisan, bakal dirembug kapan Kratoné Allah mulai mréntah. Terus, sapa para panguwasa lan rakyaté, uga apa pangarep-arepé wong-wong kuwi. Sing pungkasan, awaké dhéwé bakal ngerti piyé muridé Kristus isa éntuk pangertèn luwih cetha bab carané nduduhké rasa setya marang Kratoné Allah.

Ngerti bab Taun sing Penting

5, 6. (a) Siswa-Siswa Alkitab nduwé pangertèn sing klèru apa bab Kratoné Allah lan mangsa panèn? (b) Apa sebabé pangertèn sing klèru kuwi ora nggawé awaké dhéwé ragu nèk Yésus pancèn nuntun murid-muridé?

5 Bab 2 buku iki nerangké nèk wis puluhan taun Siswa-Siswa Alkitab nganggep taun 1914 kuwi taun sing penting ing ramalané Alkitab. Ning, wektu kuwi, Siswa-Siswa Alkitab percaya nèk rawuhé Kristus diwiwiti taun 1874, terus Yésus mulai mréntah ing swarga taun 1878, lan Kratoné Allah bener-bener madeg sasi Oktober 1914. Siswa-Siswa Alkitab uga percaya nèk mangsa panèn bakal kelakon saka taun 1874 nganti 1914, terus wong-wong pilihan bakal munggah swarga. Apa pangertèn sing klèru kuwi nggawé awaké dhéwé ragu nèk Yésus pancèn nuntun wong-wong sing setya nganggo roh suci?

6 Ora babar blas. Pikirna manèh umpama mau. Nèk para wisatawan nduwé pandhangan sing klèru lan nakokké akèh pitakonan sakdurungé tekan ing panggonan sing dimaksud, apa awaké dhéwé dadi ragu karo pemandhu wisatané? Mesthiné ora, ta? Semono uga, kadhang kala umaté Allah ngupaya bèn ngerti carané Yéhuwah nindakké kersané, ning pangertèn kuwi klèru merga durung wektuné roh suci nuntun bèn ngerti sing bener. Senajan ngono, wong-wong sing setya gelem dikandhani lan andhap asor ngowahi pandhangané. Iki bukti nèk Yésus lagi nuntun wong-wong kuwi.—Yb. 4:6.

7. Umaté Allah diberkahi pangertèn sing luwih cetha bab apa?

7 Sakwisé taun 1919, umaté Allah diberkahi karo pangertèn sing luwih cetha. (Wacanen Jabur 97:11.) Ing taun 1925, ana artikel penting ing majalah The Watch Tower, judhulé ”Lairé Sawijining Bangsa”. Artikel kuwi nduduhké bukti saka Alkitab nèk Kratoné Sang Mèsih wis madeg taun 1914. Kuwi cocog karo gambaran bab wong wadon ing swarga sing nglairké anak, sing dicathet ing Wahyu bab 12. b Artikel kuwi nerangké nèk umaté Allah sing dianiaya lan ngalami kasusahan saksuwéné mangsa perang, dadi tandha nèk Sétan wis diuncalké saka swarga, lan ”nepsu banget, marga weruh, yèn wektuné mung kari sathithik”.—Wy. 12:12.

8, 9. (a) Piyé pangertèn bab pentingé Kraton kuwi akiré diterangké? (b) Pitakonan apa waé sing arep dirembug?

8 Sepira pentingé Kraton kuwi? Taun 1928, The Watch Tower mulai nerangké nèk Kratoné Allah kuwi luwih penting ketimbang kaslametané manungsa merga tebusan. Liwat Kratoné Sang Mèsih, Yéhuwah bakal nyucèkké asmané, nduduhké wewenangé kanggo mréntah, lan mujudké kabèh kersané kanggo manungsa.

9 Sapa sing bakal mréntah bareng Yésus ing Kraton kuwi? Sapa sing dadi rakyaté ing bumi? Lan gawéan apa sing kudu ditindakké muridé Yésus?

Gawéan Manèn kanggo Nglumpukké Wong Pilihan

10. Apa sing wis suwé dipahami umaté Allah bab 144.000?

10 Puluhan taun sakdurungé 1914, wong Kristen sejati ngerti nèk 144.000 wong pilihan bakal mréntah bareng Yésus ing swarga. c Siswa-Siswa Alkitab ngerti kuwi jumlah tenanan, dudu lambang. Lan anggota saka kelompok kuwi dipilih wiwit abad kapisan M.

11. Piyé calon anggota pengantèn wadoné Yésus dadi ngerti bab tugasé wektu isih nèng bumi?

11 Calon anggota pengantèn wadoné Yésus éntuk tugas apa wektu isih ing bumi? Wong-wong kuwi ngerti nèk Yésus ngutamakké gawéan nginjil, lan kuwi ana hubungané karo mangsa panèn. (Mt. 9:37; Yo. 4:35) Kaya sing wis dirembug ing Bab 2, wong-wong kuwi ngira nèk mangsa panèn suwéné 40 taun, lan pungkasané wektu wong pilihan munggah swarga. Ning, gawéan nginjil durung rampung sakwisé 40 taun kuwi, mula kudu ana katrangan manèh. Saiki, awaké dhéwé ngerti nèk mangsa panèn yaiku misahké gandum (wong Kristen sing dipilih munggah swarga) lan alang-alang (wong Kristen palsu) diwiwiti taun 1914. Iki wektuné kanggo nggatèkké gawéan nglumpukké wong-wong pilihan.

Mangsa panèn diwiwiti taun 1914 (Deloken paragraf 11)

12, 13. Piyé umpama sing digunakké Yésus bab sepuluh prawan lan dhuwit talènta kelakon ing dina pungkasan?

12 Wiwit taun 1919, Yésus terus nuntun abdi sing setya lan pinter kanggo ngutamakké gawéan nginjil. Tugas kuwi diparingké marang muridé ing abad kapisan. (Mt. 28:19, 20) Yésus uga nduduhké sipat-sipat sing kudu diduwèni para muridé sing dipilih munggah swarga bèn isa nindakké tugas kuwi. Piyé carané? Liwat umpama bab sepuluh prawan, Yésus nduduhké nèk wong-wong kuwi kudu waspada lan siyap bèn éntuk bagéan pas pèsta pernikahan ing swarga. Wektu kuwi, Yésus bakal didadèkké siji karo ”pangantèn wadon”, yaiku 144.000 wong pilihan sing munggah swarga. (Wy. 21:2) Terus, ing umpama bab dhuwit talènta, Yésus mulang nèk wong-wong sing dipilih kudu sregep nindakké gawéan nginjil sing wis ditugaské.—Mt. 25:1-30.

13 Wis satus taun iki, wong-wong pilihan kebukti siyap lan sregep nindakké tugasé. Wong-wong sing waspada kuwi bener-bener diberkahi. Ning, apa gawéan manèn iki mung kanggo nglumpukké 144.000 wong pilihan sing bakal mréntah bareng Yésus?

Kratoné Allah Nglumpukké Rakyaté ing Bumi

14, 15. Miturut buku The Finished Mystery, sapa waé patang kelompok sing bakal dislametké?

14 Wong lanang lan wadon sing setya wis suwé péngin ngerti bab ”golonganing wong akèh” sing dicathet ing Wahyu 7:9-14. Sakdurungé Yésus nduduhké sapa kelompok sing gedhé iki, umaté Allah wektu kuwi nduwé pangertèn sing klèru bab wulangan sing jelas lan sedherhana iki.

15 Taun 1917, buku The Finished Mystery nerangké nèk ana ”rong kelompok wong sing dislametké kanggo urip ing swarga, lan ana rong kelompok wong sing dislametké kanggo urip ing bumi”. Sapa waé patang kelompok kuwi? Sing kapisan, ana 144.000 sing bakal mréntah bareng Yésus ing swarga. Sing kapindho, yaiku golonganing wong akèh. Wektu kuwi, golonganing wong akèh maksudé wong-wong sing isih dadi anggota gréja Kristen umumé. Wong-wong kuwi nduwé iman, ning ora wani metu saka ibadah palsu. Mula, bakal dikèki jabatan sing luwih rendhah ing swarga. Kelompok sing katelu, yaiku ”wong-wong sing setya jaman ndhisik” kaya Abraham, Musa, lan liyané. Kelompok iki nduwé kuwasa marang kelompok sing kapapat, yaiku kabèh manungsa ing bumi.

16. Pangertèn sing luwih cetha apa ing taun 1923 lan taun 1932?

16 Piyé roh suci nuntun muridé Yésus bèn nduwé pangertèn sing aji banget kanggo awaké dhéwé saiki? Muridé Yésus éntuk katrangan sing saya cetha, sithik mbaka sithik. Wiwit taun 1923, The Watch Tower nerangké nèk ana kelompok sing ora munggah swarga, ning bakal urip ing bumi sing dipréntah Yésus. Ing taun 1932, The Watchtower ngrembug bab Yonadab sing lunga bareng Yéhu, yaiku raja Israèl sing dipilih Allah. Yonadab ndhukung Yéhu nyingkirké ibadah palsu. (2 Ra. 10:15-17) Artikel kuwi kandha nèk ana wong-wong jaman saiki sing kaya Yonadab, lan Yéhuwah bakal nggawa golongan iki ”slamet ngliwati Armagédhon” kanggo urip ing bumi.

17. (a) Taun 1935, pangertèn luwih cetha apa manèh sing ditampa umaté Allah? (b) Piyé tanggepané wong Kristen sing setya bab pangertèn kuwi? (Deloken kothak ” Sing Teka Ngrasa Lega Banget”.)

17 Taun 1935, ana pangertèn luwih cetha manèh. Ing kebaktian nèng Washington, DC, diduduhké nèk golonganing wong akèh bakal urip ing bumi, kuwi padha kaya wedhus gèmbèl ing umpama sing diwulangké Yésus bab wedhus gèmbèl lan wedhus jawa. (Mt. 25:33-40) Golonganing wong akèh kuwi bagéan saka ”wedhus liyané”. Yésus kandha, ”Wedhus-wedhus iku iya prelu Dakgiring uga.” (Yo. 10:16) Pas J. F. Rutherford kandha, ”Sing nduwé pangarep-arep urip saklawasé ing bumi, mangga ngadeg!” luwih saka separo sing teka ngadeg. Terus Sedulur Rutherford kandha manèh, ”Deloken! Iki golonganing wong akèh!” Akèh sing teka trenyuh merga ngerti apa pangarep-arepé sukmbèn.

18. Apa sing diutamakké para muridé Yésus ing gawéan nginjil, lan apa hasilé?

18 Wiwit kuwi, Yésus nuntun para muridé bèn ngutamakké gawéan kanggo nglumpukké calon anggota golonganing wong akèh, sing bakal metu lan slamet saka sengsara gedhé. Awalé, gawéan kuwi ora kaya sing dikarepké. Sedulur Rutherford tau kandha, ”Kayané ’golonganing wong akèh’ iki ora pati akèh.” Ning, saiki awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah wis mberkahi gawéan manèn kuwi. Liwat tuntunané Yésus lan roh suci, wong sing dipilih lan ”wedhus liyané” wis dadi ”pepanthan siji, pangon siji”, kaya ramalané Yésus.

Jumlahé golonganing wong akèh ora tau disangka sakdurungé karo Sedulur Rutherford (Saka kiwa nèng tengen: Nathan H. Knorr, Joseph F. Rutherford, lan Hayden C. Covington)

19. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn golonganing wong akèh saya akèh?

19 Akèh-akèhé wong sing setya bakal urip langgeng ing bumi pirdus, dadi rakyat Kratoné Sang Mèsih lan 144.000 sing mréntah bareng Yésus. Awaké dhéwé mesthi seneng mikirké carané Yésus nuntun umaté Allah bèn nduwé pangertèn saka Alkitab sing saya cetha bab pangarep-arep mbésuk. Kaurmatan sing gedhé kanggo martakké pangarep-arep kuwi marang wong-wong wektu nginjil. Mula, ayo sregep nginjil bèn golonganing wong akèh dadi saya akèh, lan asmané Yéhuwah saya diluhurké.—Wacanen Lukas 10:2.

Jumlah golonganing wong akèh saya akèh

Tegesé Setya marang Kratoné Allah

20. Apa sing klebu pakumpulané Sétan, lan piyé carané wong Kristen isa tetep setya?

20 Nèk pangertèn bab Kratoné Allah saya akèh, umaté Allah ya kudu ngerti luwih cetha carané nduduhké rasa setya marang Kraton kuwi. Ing taun 1922, The Watch Tower nduduhké nèk ana rong pakumpulan, yaiku pakumpulané Yéhuwah lan pakumpulané Sétan sing klebu sistem perdagangan, agama, lan politik. Sapa sing setya ngabdi marang Kratoné Allah sing rajané Yésus, ora éntuk nduwé hubungan karo kabèh bagéan ing pakumpulané Sétan. Merga kuwi tegesé ora setya. (2 Kr. 6:17) Apa maksudé?

21. (a) Piyé abdi sing setya ngélingké umaté Allah bab perdagangan? (b) Ing taun 1963, apa sing diduduhké The Watchtower bab ”Babil Gedhé”?

21 Wacan-wacan sing diumpamakké kaya pangan rohani saka abdi sing setya, terus mbukak akèh tumindak ala ing sistem perdagangan, uga ngélingké umaté Allah bèn ora kegodha karo semangat mburu bandha. (Mt. 6:24) Wacané awaké dhéwé uga terus ngrembug bab agama-agama sing dadi bagéan pakumpulané Sétan. Taun 1963, The Watchtower cetha nduduhké nèk ”Babil Gedhé” ora mung nggambarké gréja Kristen umumé, ning kabèh agama palsu sakdonya. Ing Bab 10 buku iki, awaké dhéwé bakal ndelok luwih cetha manèh piyé umaté Allah ing ngendi-endi wis dibantu kanggo ’nyingkir saka ing antarané’ Babil Gedhé, klebu nyingkirké kabèh kebiyasaan agama palsu.—Wy. 18:2, 4.

22. Pas Perang Donya I, piyé pangertèné Siswa-Siswa Alkitab bab préntah ing Rum 13:1?

22 Terus, piyé bab sistem politik? Apa wong Kristen sejati éntuk mèlu perang lan mungsuhan antarané bangsa-bangsa? Pas Perang Donya I, Siswa-Siswa Alkitab umumé ngerti nèk muridé Kristus ora olèh matèni wong. (Mt. 26:52) Ning, akèh sing nganggep préntah ing Rum 13:1 kanggo manut marang ”panguwasa kang mbawahaké” tegesé kudu dadi tentara, nganggo seragam militèr, lan nggawa senjata. Ning, nèk dikon matèni mungsuh, wong-wong kuwi bakal némbakké peluruné nèng langit.

23, 24. Pas Perang Donya II, apa pangertèné awaké dhéwé bab Rum 13:1, lan piyé pandhangané murid-muridé Yésus dibenerké?

23 Ing taun 1939, pas Perang Donya II arep kedadéan, The Watchtower nerangké luwih cetha bab kenétralan. Artikel kuwi nduduhké nèk wong Kristen babar blas ora éntuk mèlu perang lan mungsuhan antarané bangsa-bangsa. Kuwi bener-bener naséhat ing wektu sing pas. Murid-muridé Kristus dilindhungi saka utang getih sing ditanggung bangsa-bangsa merga perang kuwi. Ning wiwit taun 1929, wacan-wacané awaké dhéwé uga ngrembug nèk panguwasa sing disebutké nèng Rum 13:1 dudu para pamréntah ing donya, ning kuwi maksudé Yéhuwah lan Yésus. Mula, dibutuhké katrangan sing luwih bener.

24 Roh suci wis nuntun murid-muridé Yésus bèn éntuk pandhangan sing bener bab iki taun 1962. Artikel-artikel penting ing The Watchtower terbitan 15 November lan 1 Desember, ngrembug Rum 13:1-7. Akiré, umaté Allah ngerti pathokan penting saka kandhané Yésus, ”Sang Nata Agung caosana kang wajib kokcaosaké marang Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang wajib kacaosaké marang Gusti Allah.” (Lk. 20:25) Saiki, wong Kristen sejati ngerti nèk panguwasa sing disebutké mau, maksudé para pamréntah ing donya, lan wong Kristen kudu manut karo pamréntah kuwi, ning ora mutlak. Nèk para panguwasa kuwi ngongkon ora manut karo préntahé Yéhuwah, awaké dhéwé bakal njawab kaya para rasul mbiyèn, ”Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa.” (PR. 5:29) Bab 13 lan 14 buku iki, bakal ngrembug piyé umaté Allah wis nindakké pathokan bab kenétralan ing uripé.

Pakurmatan sing gedhé kanggo awaké dhéwé merga isa ngandhani wong liya bab urip langgeng

25. Apa sebabé panjenengan ngajèni tuntunané roh suci sing nerangké bab Kratoné Allah?

25 Pikirna kabèh sing wis diwulangké marang murid-muridé Yésus bab Kratoné Allah saksuwéné satus taun iki. Awaké dhéwé wis sinau nèk Kratoné Allah wis madeg ing swarga lan ngapa Kraton kuwi penting banget. Uga bab rong pangarep-arep kanggo wong-wong sing setya, yaiku urip ing swarga lan ing bumi. Awaké dhéwé ngerti piyé carané nduduhké tetep setya marang Kratoné Allah, lan ing wektu sing padha kudu manut karo pamréntah manungsa. Pikirna, ’Apa aku bakal ngerti pangertèn-pangertèn iki nèk Yésus Kristus ora nuntun abdiné sing setya ing bumi kanggo ngerti lan mulang bab-bab kuwi?’ Iki bener-bener berkah sing aji merga Kristus lan roh suci wis nuntun awaké dhéwé.

a Ana karya réferènsi sing kandha, nèk tembung Yunani ”nuntun” ing ayat kuwi tegesé ”nduduhké dalan”.

b Sakdurungé, dikira wahyu kuwi maksudé perang antarané agama kafir Romawi lan gréja Katolik Roma.

c Ing sasi Juni 1880, Zion’s Watch Tower kandha nèk 144.000 kuwi wong Yahudi jasmani sing dadi wong Kristen sejati taun 1914. Ning, ing pungkasan taun 1880, pangertèn sing luwih mirip karo pangertèné awaké dhéwé saiki diwetokké.