Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 6

Umat sing Martakké—Para Penginjil sing Lila Digunakké

Umat sing Martakké—Para Penginjil sing Lila Digunakké

INTINÉ BAB IKI

Sang Raja nglumpukké pasukan penginjil

1, 2. Gawéan penting apa sing diramalké Yésus, lan ana pitakonan penting apa?

 PEMIMPIN POLITIK kerep nggawé janji. Senajan pemimpin kuwi nduwé niyat sing apik, ning kerep ora isa netepi janjiné. Yésus Sang Mèsih béda banget, Yésus mesthi netepi janjiné. Kuwi bener-bener nyenengké.

2 Sakwisé dadi Raja taun 1914, Yésus siyap netepi ramalan sing wis diomongké kira-kira 1.900 taun sakdurungé. Yésus ngramalké, ”Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagad.” (Mt. 24:14) Kelakoné ramalan kuwi bakal dadi bagéan saka tandha rawuhé Yésus. Ning, ana pitakonan penting. Ing dina wekasan saiki, akèh wong sing mikirké kepentingané dhéwé, ora nduwé rasa tresna, lan ora mentingké ibadah marang Allah, piyé saiki Sang Raja Yésus nglumpukké pasukan penginjil sing lila? (Mt. 24:12; 2 Tm. 3:1-5) Awaké dhéwé kudu ngerti jawabané merga kuwi ana hubungané karo kabèh wong Kristen sejati.

3. Ing bab apa Yésus yakin banget, lan ngapa Yésus isa yakin banget?

3 Gatèkna manèh ramalané Yésus kuwi. Tembung ”bakal kawartakaké” nduduhké nèk Yésus yakin banget yèn ing dina-dina wekasan bakal ana wong-wong sing lila ndhukung Yésus. Ngapa Yésus isa yakin banget? Merga Yésus sinau saka Bapaké. (Yo. 12:45; 14:9) Sakdurungé urip ing bumi, Yésus ndelok langsung nèk Yéhuwah yakin para abdiné bakal lila digunakké. Ayo didelok piyé Yéhuwah nduduhké keyakinané kuwi.

”Umat Kagungan Paduka kaliyan Legawa Badhé Majeng”

4. Yéhuwah ngundang kabèh umaté kanggo ndhukung gawéan apa, lan piyé tanggepané?

4 Élinga wektu Yéhuwah ndhawuhi Musa mbangun kémah suci sing dadi pusat ibadah sejatiné bangsa Israèl. Liwat Musa, Yéhuwah ngundang umaté ndhukung gawéan kuwi. Musa kandha, ”Saben wong kang legawa atiné iku nggawaa pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yéhuwah.” Piyé tanggepané? ”Wong Israèl iku saben ésuk isih terus ndlidir baé anggoné padha ngaturaké pisungsung manasuka.” Akèh banget sumbangan saka wong Israèl, nganti Musa ’menggak [utawa, nyegah] anggoné ngaturaké pisungsung’. (Pa. 35:5; 36:3, 6) Wong-wong Israèl sing lila ndhukung kuwi bukti Yéhuwah yakin karo umaté.

5, 6. Miturut Jabur 110:1-3, Yéhuwah lan Yésus yakin nèk para abdiné ing dina-dina wekasan uga bakal nduduhké sipat apa?

5 Apa Yéhuwah ya yakin nèk para abdiné ing dina-dina wekasan uga bakal nduduhké rasa lila saka ati? Ya mesthi. Luwih saka 1.000 taun sakdurungé Yésus lair ing bumi, Yéhuwah maringi wahyu marang Dawud kanggo nulis apa sing bakal kedadéan wektu Sang Mèsih mulai mréntah. (Wacanen Jabur 110:1-3.) Raja sing lagi waé mréntah yaiku Yésus, nduwé mungsuh sing nentang, ning uga nduwé pasukan sing ndhukung. Wong-wong nindakké kuwi tanpa dipeksa. Ing antarané wong-wong kuwi ana cah-cah enom sing lila digunakké. Jumlahé akèh banget, nganti diumpamakké kaya tètèsan ebun utawa embun sing nutupi lemah ing wayah ésuk. a

Wong-wong sing lila ndhukung Kratoné Allah jumlahé kaya embun (Deloken paragraf 5)

6 Yésus ngerti nèk ramalan ing Jabur 110 kuwi kanggo Yésus dhéwé. (Mt. 22:42-45) Dadi, Yésus yakin banget nèk bakal nduwé pasukan sing setya lan lila digunakké, kanggo martakké kabar apik saklumahing bumi. Apa ramalan kuwi kelakon? Ing dina-dina wekasan, apa Sang Raja pancèn nduwé pasukan penginjil sing lila saka ati?

”Ngumumké Warta Kuwi Pakurmatan lan Kewajibanku”

7. Sakwisé dadi Raja, apa sing Yésus tindakké kanggo nyiapké para muridé bèn isa nindakké gawéan sing gedhé banget?

7 Ora suwé sakwisé dadi Raja, Yésus nyiapké para muridé kanggo nindakké gawéan sing gedhé banget. Kaya sing wis dirembug ing Bab 2, Yésus nindakké tugasé kanggo nliti lan nggawé murni umaté Allah ing bumi, saka taun 1914 nganti wiwitan taun 1919. (Ml. 3:1-4) Terus, ing taun 1919, Yésus nglantik abdi sing setya kanggo nindakké tugas dadi pengawas ing antarané para muridé. (Mt. 24:45) Wiwit kuwi, abdi sing setya mulai nyedhiyakké pangan rohani liwat ceramah ing kebaktian lan wacan-wacan sing dicétak, sing bola-bali nerangké bab tanggung jawabé saben wong Kristen kanggo nginjil.

8-10. Piyé kebaktian-kebaktian mbantu umaté Allah nindakké gawéan nginjil? Wènèhana conto. (Deloken uga kothak ” Kebaktian Wiwitan sing Mbantu Umaté Allah Nindakké Gawéan Nginjil”.)

8 Ceramah ing kebaktian. Merga péngin banget nampa tuntunan, Siswa-Siswa Alkitab teka nèng kebaktian saka tanggal 1-8 September 1919, ing Cedar Point, Ohio, AS. Kuwi kebaktian sing kapisan dianakké sakwisé Perang Donya I. Pas dina kapindho kebaktian kuwi, Sedulur Rutherford nganggo cara sing tegas ngandhani wong sing teka, ”Tugas utamané wong Kristen ing bumi . . . yaiku martakké warta bab Kratoné Gusti.”

9 Ing dina kalima kebaktian kuwi, Sedulur Rutherford ngrembug ceramah sing judhulé ”Préntah kanggo Para Abdi”, sing dicétak ing majalah The Watch Tower ing artikel sing judhulé ”Martakké Kratoné Allah”. Sedulur Rutherford kandha, ”Kadhang kala, wong Kristen kudu mikirké tenanan, Apa sing dadi tugasku ing bumi? Jawaban sing sak mesthiné yaiku, Gusti wis apikan banget gelem ndadèkké aku wakilé kanggo martakké warta saka Gusti Allah, bèn hubungané manungsa karo Allah isa apik manèh. Ngumumké warta kuwi pakurmatan lan kewajibanku.”

10 Ing ceramah sing penting kuwi, Sedulur Rutherford ngumumké nèk majalah sing anyar yaiku The Golden Age (saiki Sadarlah!), bakal digunakké kanggo mbantu wong-wong bèn ngerti nèk Kratoné Allah kuwi mung siji-sijiné pangarep-arepé manungsa. Dhèwèké terus takon sapa ing antarané sing teka sing péngin mbagèkké wacan kuwi. Ana laporan bab kebaktian kuwi sing kandha, ”Tanggepané sing teka nggumunké banget. Enem éwu wong padha ngadeg bareng.” b Cetha banget nèk Sang Raja nduwé pasukan sing ndhukung lan lila digunakké kanggo martakké Kratoné.

11, 12. Apa sing dikandhakké majalah The Watch Tower taun 1920, bab kapan gawéan sing diramalké Yésus bakal ditindakké?

11 Wacan sing dicétak. Majalah The Watch Tower saya nduduhké pentingé gawéan sing diramalké Yésus, yaiku martakké kabar apik bab Kratoné Allah. Gatèkna conto-conto saka wiwitan taun 1920-an iki.

12 Miturut ramalan ing Matéus 24:14, warta apa sing bakal diumumké? Ing majalah The Watch Tower terbitan 1 Juli 1920, ana artikel sing judhulé ”Injil Kratoné Allah”. Artikel kuwi nerangké, ”Kabar apik iki isiné bab rampungé pamréntahan sing lawas lan madegé Kratoné Sang Mèsih.” Kapan gawéan kuwi ditindakké? Artikel kuwi uga nduduhké jawabané, ”Warta iki kudu diwartakké saka wiwitané perang donya sing gedhé [Perang Donya I] nganti sengsara gedhé.” Mula, artikel kuwi kandha, ”Saiki wektuné . . . kanggo martakké kabar apik iki ing ngendi-endi marang wong-wong Kristen umumé.”

13. Piyé majalah The Watch Tower taun 1921 mbantu wong Kristen sing dipilih munggah swarga kanggo nduduhké rasa lila?

13 Apa umaté Allah dipeksa kanggo nindakké gawéan kuwi? Ora. Artikel sing judhulé ”Kuwatna Atimu” ing The Watch Tower 15 Maret 1921, mènèhi naséhat kanggo wong Kristen sing dipilih munggah swarga bèn nduduhké rasa lila. Wong-wong kuwi dikongkon mikirké tenanan pitakonan, ”Sakjané nindakké gawéan iki dadi pakurmatan lan kewajibanku, ta?” Artikel kuwi uga kandha, ”Aku kabèh yakin nèk panjenengan ngajèni gawéan iki [nganggep nginjil kuwi pakurmatan gedhé] panjenengan bakal kaya Yérémia. Ing njero atiné, pangandikané Gusti kaya ’latu murub makantar-kantar [utawa, geni murub mulad-mulad] ingkang pinèpètan wonten ing balungé’. Yérémia ora isa ngempet awaké kanggo ngumumké warta saka Allah.” (Ym. 20:9) Naséhat kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah lan Yésus yakin marang wong-wong setya sing ndhukung Kratoné Allah.

14, 15. Ing taun 1922, apa naséhat kanggo wong Kristen pilihan sing dicétak ing majalah The Watch Tower?

14 Piyé carané wong Kristen sejati martakké Kratoné Allah marang akèh wong? Artikel sing judhulé ”Nginjil Kuwi Penting Banget” ing The Watch Tower 15 Agustus 1922, mènèhi naséhat wong Kristen pilihan kanggo ”aktif ngekèkké wacan-wacan sing dicétak marang wong liya, marani nèng omahé, lan ngandhani nèk kraton swarga wis mèh teka”.

15 Cetha nèk wiwit taun 1919, Yésus nggunakké abdi sing setya lan pinter kanggo ngandhani bola-bali, nèk gawéan nginjil bab Kratoné Allah kuwi pakurmatan lan kewajibané wong Kristen. Piyé Siswa-Siswa Alkitab wektu kuwi nanggepi naséhat kanggo mèlu martakké Kratoné Allah?

”Wong-Wong sing Setya Bakal Lila Digunakké”

16. Bab préntah kanggo nginjil, ana pinituwa sing nduwé tanggepan piyé?

16 Ing taun 1920-an lan 1930-an, ana sing ora setuju nèk kabèh wong Kristen pilihan kudu mèlu nginjil. Watch Tower terbitan 1 November 1927 nerangké kedadéané, ”Saiki, ana wong-wong ing gréja [jemaat], sing nduwé tanggung jawab dadi pinituwa . . . ora gelem ndhukung sedulur-sedulur kanggo nginjil, lan wong-wong kuwi ya ora gelem nginjil. . . . Wong-wong kuwi ngrèmèhké préntah nginjil saka omah ing omah kanggo ngandhani wong liya bab Gusti Allah, Raja sing wis dilantik, lan Kratoné.” Nganggo cara sing tegas, artikel kuwi kandha, ”Saiki wektuné kanggo wong-wong sing setya waspada karo wong-wong kaya ngono, ngedohi wong-wong kuwi, lan ngandhani dhèwèké nèk awaké dhéwé ora percaya manèh karo pinituwa sing kaya ngono.” c

17, 18. Piyé tanggepané akèh sedulur ing jemaat bab naséhat saka kantor pusat, lan luwih saka 100 taun iki piyé jutaan wong nanggepi naséhat kuwi?

17 Seneng banget merga ngerti akèh sedulur ing jemaat mènèhi tanggepan sing apik bab naséhat saka kantor pusat. Sedulur-sedulur nganggep martakké kabar apik kuwi pakurmatan gedhé. The Watch Tower 15 Maret 1926 kandha, ”Wong-wong sing setya bakal lila digunakké . . . kanggo ngandhani wong-wong bab warta kuwi.” Kaya sing diramalké ing Jabur 110:3, wong-wong sing setya kebukti lila ndhukung Sang Raja.

18 Luwih saka 100 taun iki, jutaan wong wis lila digunakké kanggo martakké kabar apik bab Kratoné Allah. Ing bab-bab sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé wong-wong kuwi nginjil, klebu cara lan piranti sing digunakké, uga apa hasilé. Ayo dirembug dhisik apa sebabé jutaan wong gelem lila nginjil padhahal urip ing antarané wong sing akèh-akèhé mung mikirké kepentingané dhéwé. Wektu mikirké apa alesané, awaké dhéwé isa nliti, ’Ngapa aku gelem martakké kabar apik marang wong liya?’

”Kratoning Allah . . . Iku Padha Upayanen Dhisik”

19. Ngapa awaké dhéwé manut naséhaté Yésus kanggo ’ngupaya dhisik Kratoné Allah’?

19 Yésus mènèhi naséhat, ”Kratoning Allah . . . iku padha upayanen dhisik.” (Mt. 6:33) Ngapa awaké dhéwé manut karo naséhat kuwi? Merga ngerti nèk Kratoné Allah penting banget kanggo mujudké kersané Allah. Bab sakdurungé wis ngrembug piyé roh suci sithik mbaka sithik nduduhké pangertèn sing bener bab Kratoné Allah. Wektu wulangan kuwi ngrogoh ati, awaké dhéwé dadi péngin ngutamakké Kratoné Allah ing urip.

Kaya wong lanang sing seneng banget merga nemokké raja brana kependhem, wong Kristen uga seneng merga ngerti wulangan sing bener bab Kraton (Deloken paragraf 20)

20. Apa piwulang kanggo muridé Yésus saiki saka umpama bab raja brana kependhem?

20 Yésus ngerti nèk para muridé bakal ngetrapké naséhat kanggo ngutamakké Kratoné Allah. Gatèkna umpama bab raja brana sing kependhem. (Wacanen Matéus 13:44.) Ing umpama kuwi, wong sing nyambut gawé ing pategalan nemokké raja brana sing kependhem lan langsung ngerti nèk kuwi aji banget. Piyé tanggepané? ”Marga saka bungahé, dhèwèké banjur lunga ngedoli barang darbèké kabèh, pategalan mau tumuli dituku.” Apa piwulangé? Wektu ngerti wulangan sing bener bab Kratoné Allah lan ngerti nèk kuwi aji banget, awaké dhéwé dadi bungah lan lila ngurbanké apa waé kanggo ngutamakké kepentingané Yéhuwah ing urip saben dina. d

21, 22. Piyé wong-wong sing setya ndhukung Kratoné Allah, mbuktèkké nèk ngutamakké Kraton kuwi? Wènèhana conto.

21 Wong-wong sing setya ndhukung Kratoné Allah kudu mbuktèkké liwat tumindak nèk ngutamakké Kraton kuwi, ora mung ngomong thok. Wong-wong kuwi nggunakké uripé, kesanggupané, lan sing diduwèni kanggo ndhukung gawéan nginjil. Akèh sing wis nggawé pangurbanan bèn isa merintis. Kabèh penginjil sing lila kuwi wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah mberkahi wong sing ngutamakké Kratoné Allah. Gatèkna contoné.

22 Avery lan Lovenia Bristow dadi kolportir (perintis) ing Amerika Serikat bagéan kidul wiwit akir taun 1920-an. Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Lovenia kandha, ”Aku lan Avery wis taunan ngrasakké seneng merga merintis bareng. Aku kerep ora ngerti saka endi dhuwit kanggo tuku bènsin utawa bahan pangan. Ning, Yéhuwah mesthi nyedhiyakké kuwi kabèh. Aku lan Avery terus merintis. Apa sing tak butuhké mesthi kecukupan.” Lovenia éling pas tugas ing Pensacola, Florida. Wektu kuwi dhuwit lan panganan sing diduwèni mung kari sithik. Ning, pas bali nèng omah mobilé, ana rong kanthong gedhé sing isiné panganan uga ana cathetan sing isiné, ”Saka sedulur-sedulur sing nresnani kowé, Jemaat Pensacola.” Pas ngéling-éling pengalamané sing wis puluhan taun dadi perintis, Lovenia kandha, ”Yéhuwah ora tau ninggalké aku. Yéhuwah babar blas ora tau ngiyanati rasa percayaku marang Panjenengané.”

23. Piyé perasaané panjenengan sakwisé ngerti wulangan sing bener bab Kratoné Allah, lan apa tékadé panjenengan?

23 Kesanggupané awaké dhéwé kanggo nginjil kuwi béda-béda merga kahanané saben wong ora padha. Ning, awaké dhéwé dikèki pakurmatan kanggo ngupaya sak isa-isané martakké kabar apik. (Kl. 3:23) Merga ngajèni wulangan sing bener bab Kratoné Allah, awaké dhéwé lila lan semangat nggawé pangurbanan apa waé ing urip kanggo ngutamakké gawéan nginjil. Apa panjenengan nduwé tékad sing padha?

24. Apa salah siji hasil sing paling nggumunké sing ditindakké Kratoné Allah ing dina wekasan iki?

24 Wis luwih saka satus taun iki, Sang Raja netepi ramalané ing Matéus 24:14. Yésus ora meksa wong nindakké kuwi. Senajan ing donya iki akèh wong sing mikirké kepentingané dhéwé, ning muridé Yésus béda. Wong-wong kuwi lila digunakké kanggo ndhukung gawéan nginjil. Gawéan nginjil ing sakdonya iki dadi bagéan tandha rawuhé Yésus, lan dadi salah siji hasil paling nggumunké sing ditindakké Kratoné Allah ing dina wekasan iki.

a Ing Alkitab, tètèsan embun dihubungké karo jumlah sing akèh.—Pd. 27:28; Mi. 5:6.

b Brosur sing judhulé To Whom the Work Is Entrusted (Sapa sing Ditugaské kanggo Gawéan Iki?) nerangké, ”Gawéan mbagèkké majalah The Golden Age kuwi nginjil kusus kanggo martakké Kratoné Allah saka omah ing omah. . . . Sakwisé ngandhakké wartané, majalah The Golden Age kudu ditinggal ing saben omah, ora masalah sing nduwé omah gelem langganan apa ora.” Taunan sakwisé kuwi, sedulur-sedulur dikandhani kanggo nawani bèn wong-wong gelem langganan majalah The Golden Age lan The Watch Tower. Mulai 1 Februari 1940, umaté Yéhuwah dikandhani kanggo nglaporké jumlah majalah sing wis dibagèkké.

c Wektu kuwi, para pinituwa dipilih saka jumlah pendhukungé sing paling akèh. Mula, sedulur-sedulur ing jemaat isa nolak ndhukung sedulur sing nentang gawéan nginjil. Bab 12 buku iki, bakal ngrembug piyé para pinituwa dipilih nganggo cara sing anyar yaiku cara téokratis.

d Wulangan sing padha, diterangké Yésus nganggo umpama bab wong dagang sing njlajah nèng ngendi-endi kanggo nggolèk mutyara sing larang regané. Sakwisé nemokké, dhèwèké ngedol kabèh sing diduwèni kanggo tuku mutyara kuwi. (Mt. 13:45, 46) Rong umpama iki mulang nèk awaké dhéwé isa ngerti wulangan sing bener bab Kraton nganggo akèh cara. Ana sing langsung nemokké, ning liyané kudu nggolèk dhisik. Embuh piyé carané, sakwisé ngerti bab sing bener, awaké dhéwé gelem nggawé pangurbanan bèn isa ngutamakké Kraton kuwi.