Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 7

Cara kanggo Nginjil—Martakké Kabar Apik marang Akèh Wong

Cara kanggo Nginjil—Martakké Kabar Apik marang Akèh Wong

INTINÉ BAB IKI

Umaté Allah nggunakké akèh cara kanggo martakké kabar apik marang akèh wong

1, 2. (a) Apa cara sing digunakké Yésus bèn akèh wong isa krungu luwih cetha apa sing diomongké? (b) Piyé murid-muridé Yésus sing setya niru tuladhané Yésus?

 AKÈH wong padha nglumpuk ing cedhaké Yésus nèng pinggir segara. Yésus banjur munggah prau lan rada ngedoh saka pinggir segara. Apa sebabé? Yésus ngerti nèk permukaan banyu isa nggawé swarané saya banter. Nganggo cara iki, akèh wong isa krungu luwih cetha apa sing diomongké Yésus.—Wacanen Markus 4:1, 2.

2 Puluhan taun sakdurungé lan sakwisé madegé Kratoné Allah, murid-muridé Yésus sing setya niru tuladhané Yésus. Wong-wong kuwi nggunakké akèh cara bèn isa nginjil marang akèh wong. Sang Raja nuntun umaté Allah kanggo terus nggunakké cara anyar lan tèknologi sing cocog karo jaman wektu kuwi. Kuwi ditindakké supaya kabar apik diwartakké marang sak akèh-akèhé wong sakdurungé jaman iki dipungkasi. (Mt. 24:14) Gatèkna cara sing awaké dhéwé gunakké kanggo martakké kabar apik marang akèh wong ing ngendi-endi. Pikirna uga carané niru imané wong Kristen wektu kuwi.

Martakké Kabar Apik marang Akèh Wong

3. Apa sebabé wong-wong sing ora seneng karo wulangan sing bener, dadi jèngkèl merga awaké dhéwé nggunakké koran?

3 Koran. Wiwit taun 1879, majalah Watch Tower sing dicétak karo Sedulur Russell lan kanca-kancané wis martakké kabar apik bab Kratoné Allah marang akèh wong. Ning, puluhan taun sakdurungé 1914, Yésus kétoké ngatur bèn luwih akèh manèh wong sing krungu kabar apik. Kedadéané diwiwiti taun 1903. Dr.  E.  L.  Eaton, wakil saka kelompok rohaniwan Protèstan ing Pennsylvania, nantang Charles Taze Russell kanggo debat bab wulangan Alkitab. Eaton ngirim surat sing isiné, ”Miturutku, debat nèng ngarepé wong akèh bab pangertèné awaké dhéwé sing béda . . . bakal nggawé wong-wong seneng.” Russell lan kanca-kancané uga mikir kaya ngono. Mula, Russell lan kanca-kancané ngatur bèn debat kuwi diwetokké ing koran sing terkenal yaiku The Pittsburgh Gazette. Artikel-artikel kuwi dadi terkenal lan akèh wong seneng banget karo katrangané Russell sing cetha bab wulangan sing bener saka Alkitab. Mula, perusahaan koran mau nawani kanggo nyétak ceramah-ceramahé Russell saben minggu. Kuwi mesthi nggawé wong-wong sing ora seneng karo wulangan sing bener saka Alkitab dadi jèngkèl.

Ing taun 1914, luwih saka 2.000 koran nyétak ceramahé Russell

4, 5. Sipat apa sing diduduhké Russell, lan piyé sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab dadi pengawas niru tuladhané?

4 Koran-koran liya uga péngin nyétak ceramah-ceramahé Russell. Ing taun 1908, Watch Tower nglaporké nèk ceramahé Sedulur Russell diwetokké ”ajeg ing sewelas koran”. Ning, sedulur-sedulur sing paham bab koran ngandhani Russell nèk Russell gelem mindhah kantor Lembaga saka Pittsburgh nèng kutha sing luwih terkenal, bakal luwih akèh manèh koran sing nyétak artikel saka Alkitab. Sakwisé mikirké tenanan saran kuwi lan bab-bab liyané, akiré taun 1909, Russell mindhah kantor nèng Brooklyn, New York. Apa hasilé? Mung pirang-pirang sasi bar pindhah, ana kira-kira 400 koran sing nyétak ceramahé Russell lan luwih akèh koran manèh sing péngin nyétak kuwi. Pas Kratoné Allah madeg taun 1914, ana luwih saka 2.000 koran ing patang basa sing nyétak ceramah lan artikelé Russell.

5 Apa piwulangé? Wong-wong sing nduwé tanggung jawab dadi pengawas ing pakumpulané Yéhuwah, penting niru sipaté Russell sing andhap asor. Carané yaiku, gelem mikirké sarané wong liya wektu arep nggawé keputusan penting.—Wacanen Wulang Bebasan 15:22.

6. Piyé wulangan sing bener liwat artikel ing koran ngowahi uripé akèh wong?

6 Wulangan sing bener bab Kratoné Allah liwat koran-koran kuwi ngowahi uripé akèh wong. (Ib. 4:12) Contoné, Sedulur Ora Hetzel, sing baptis taun 1917. Sedulur kuwi salah siji saka akèh wong sing sepisanan sinau wulangan sing bener saka artikel liwat koran. Ora Hetzel kandha, ”Sakwisé nikah, aku niliki ibuku nèng Rochester, Minnesota. Pas teka, aku ndelok ibuku lagi nggunting artikel saka salah siji koran sing isiné ceramahé Russell. Ibuku nerangké sing wis disinaoni saka artikel ing koran kuwi.” Ora Hetzel ngerti sing bener lan dadi penginjil sing setya kira-kira suwéné 60 taun.

7. Ngapa para sedulur sing nduwé tanggung jawab mikirké manèh cara martakké kabar apik liwat koran?

7 Pas taun 1916, ana rong kedadéan sing nggawé para sedulur sing nduwé tanggung jawab mikirké manèh cara martakké kabar apik liwat koran. Kapisan, merga Perang Donya sing kedadéan wektu kuwi, angèl banget éntuk bahan-bahan sing digunakké kanggo nyétak. Taun 1916, sedulur-sedulur saka bagéan koran nèng Inggris nglaporké, ”Saiki, mung ana 30 koran sing nyétak Ceramah-Ceramah. Kayané, ora suwé manèh jumlah iki bakal saya kurang merga rega kertas saya larang.” Kedadéan sing kapindho yaiku, ing tanggal 31 Oktober 1916 Sedulur Russell séda. The Watch Tower terbitan 15 Desember 1916 ngumumké, ”Merga Sedulur Russell wis séda, ceramah [ing koran-koran] bakal mandheg total.” Senajan cara nginjil iki ora digunakké manèh, ning cara liyané yaiku ”Drama-Foto Penciptaan” terus ngasilké hasil sing apik ing gawéan nginjil.

8. Apa waé sing digunakké kanggo nggawé ”Drama-Foto Penciptaan”?

8 Nyetèlké gambar lan vidhéo. Kira-kira telung taun, Russell lan kanca-kancané nggarap ”Drama-Foto Penciptaan” sing diwetokké taun 1914. (WB. 21:5) Drama kuwi gabungan saka gambar sing isa gerak (film), rekaman swara, lan slide kaca sing ana gambaré. Atusan wong nglakonké manèh cerita saka Alkitab sing direkam ing pita film. Kéwan-kéwan uga digunakké. Ana laporan ing taun 1913 sing kandha, ”Akèh kéwan saka kebun binatang gedhé digunakké kanggo nggawé film sing ana swarané, kuwi nglakonké ceritané Nuh sing dadi bagéan ing sejarah uripé manungsa.” Ana atusan slide kaca sing digunakké ing drama kuwi. Saben slide diwernani siji-siji karo para seniman saka London, New York, Paris, lan Philadelphia.

9. Ngapa akèh banget wektu lan ragad digunakké kanggo nggawé ”Drama-Foto”?

9 Ngapa akèh banget wektu lan ragad digunakké kanggo nggawé ”Drama-Foto”? Keputusan sing diumumké ing sèri kebaktian taun 1913 nerangké, ”Nggunakké kartun lan gambar ing bagéan berita lan majalah nèng koran Amerika, kebukti dadi cara sing ampuh banget kanggo mengaruhi akèh wong. Gambar sing isa gerak uga terkenal banget lan dadi cara anyar kanggo martakké kabar apik. Merga awaké dhéwé penginjil lan guru Alkitab sing péngin maju, awaké dhéwé kudu ndhukung gawéan kanggo nyedhiyakké gambar gerak (film) lan slide, sing dadi cara ampuh lan migunani kanggo para penginjil lan guru Alkitab.”

Ndhuwur: Ruang proyèktor ”Drama-Foto”; ngisor: Slide-slide kaca ”Drama-Foto”

10. Piyé kemajuané ”Drama-Foto” saka taun 1914 nganti 1916?

10 Ing taun 1914, ”Drama-Foto” disetèl ing 80 kutha saben dina. Mèh wolung yuta wong ing Amerika Serikat lan Kanada wis nonton kuwi. Ing taun kuwi, ”Drama-Foto” uga disetèl ing Australia, Denmark, Finlandia, Inggris, Jerman, Norwegia, Selandia Baru, Swedia, lan Swiss. ”Drama-Foto” sing luwih cekak, yaiku sing ora ana gambar geraké digawé kanggo kutha-kutha cilik. Drama kuwi, sing disebut ”Drama Eureka”, luwih gampang digawa nèng endi-endi lan ragad sing diwetokké uga luwih murah. Ing taun 1916, ”Drama-Foto” lan ”Drama Eureka” diterjemahké ing basa Armenia, Denmark-Norwegia, Italia, Jerman, Polandia, Prancis, Spanyol, Swedia, lan Yunani.

Ing taun 1914, ”Drama-Foto” disetèl ing gedhung pertemuan gedhé lan akèh sing nonton

11, 12. Piyé ”Drama-Foto” sing disetèl mènèhi pengaruh kanggo salah siji cah enom, lan apa tuladhané kanggo awaké dhéwé?

11 ”Drama-Foto” sing diterjemahké ing basa Prancis, ora bakal dilalèkké Charles Rohner, cah enom sing umuré 18 taun. Dhèwèké kandha, ”Drama kuwi disetèl ing kutha asalku yaiku Colmar, ing Alsace, Prancis. Saka bagéan wiwitan aku wis nggumun, merga wulangan sing bener bab Alkitab diterangké cetha banget.”

12 Charles akiré dibaptis, lan taun 1922 dhèwèké dadi pelayan sepenuh waktu. Salah siji tugasé yaiku mbantu nyetèlké ”Drama-Foto” ing Prancis. Charles kandha, ”Tugasku werna-werna, yaiku maén biola, mbantu pembukuan, lan hamba lèktur. Aku uga ditugasi kanggo mastèkké wong sing teka ora ramé sakdurungé acara dimulai. Pas ngaso, aku lan para sedulur nawakké wacan. Aku ngekèki tugas marang sedulur lanang lan wadon kanggo saben blok ing gedhung. Saben wong nggawa wacan lan nyedhaki saben wong ing blok kuwi. Ing lawang mlebu gedhung, aku lan sedulur-sedulur nyedhiyakké méja sing akèh wacan.” Ing taun 1925, Charles diundang kerja ing Bètel Brooklyn, New York. Nèng kono, dhèwèké ditugasi dadi dhirigèn orkèstra kanggo stasiun radhio WBBR sing lagi waé madeg. Sakwisé nggatèkké tuladhané Sedulur Rohner, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa aku lila nampa kabèh tugas sing dikèkké kanggo martakké warta bab Kratoné Allah?’—Wacanen Yésaya 6:8.

13, 14. Piyé radhio digunakké kanggo martakké kabar apik? (Deloken uga kothak ” Isiné Siaran ing WBBR” lan ” Kebaktian sing Penting”.)

13 Radhio. Ing taun 1920-an, gawéan kanggo nyetèl ”Drama-Foto” saya kurang, ning radhio mulai digunakké kanggo martakké kabar apik bab Kratoné Allah. Pas tanggal 16 April 1922, Sedulur Rutherford mènèhi ceramah sing judhulé ”Jutaan Wong sing Saiki Urip Ora Bakal Mati”, ing Métropolitan Opera House nèng Philadelphia, Pennsylvania. Ceramahé disiarké liwat radhio saka kono, lan kira-kira ana 50.000 wong sing ngrungokké. Taun 1923, kanggo sing sepisanan, acara kebaktian disiarké liwat radhio. Sakliyané nggunakké stasiun radhio komersial, sedulur-sedulur sing dadi pengawas mutuské nèk luwih apik nduwé stasiun radhio dhéwé. Mula stasiun radhio sing didaftarké nganggo jeneng WBBR madeg ing Staten Island, New York. Siaran sing kapisan ing tanggal 24 Februari 1924.

Ing taun 1922, kira-kira 50.000 wong ngrungokké ceramah liwat siaran radhio, judhulé ”Jutaan Wong sing Saiki Urip Ora Bakal Mati”

14 The Watch Tower terbitan 1 Desember 1924 nerangké tujuané stasiun radhio WBBR, ”Awaké dhéwé yakin nèk radhio kuwi cara sing paling murah lan ampuh kanggo nyebarké wulangan sing bener. Nèk Gusti péngin stasiun-stasiun radhio liya digawé kanggo martakké wulangan sing bener, Gusti bakal nyedhiyakké dhuwit nganggo carané dhéwé.” (Ms. 127:1) Taun 1926, umaté Yéhuwah nduwé enem stasiun radhio. Ing Amerika Serikat ana loro, yaiku WBBR ing New York lan WORD cedhak Chicago. Sing papat liyané ana ing Kanada, yaiku ing kutha Alberta, British Columbia, Ontario, lan Saskatchewan.

15, 16. (a) Merga wulangan sing bener saka Alkitab wis disiarké nèng ngendi-endi liwat radhio, piyé tanggepané para pemimpin gréja? (b) Piyé ceramah liwat siaran radhio mbantu gawéan nginjil saka omah ing omah?

15 Wulangan bener saka Alkitab sing disiarké nèng ngendi-endi liwat radhio, digatèkké para pemimpin gréja. Albert Hoffman, sing wis pengalaman karo gawéan ing stasiun radhio nèng Saskatchewan, Kanada, kandha, ”Saya akèh wong ngerti bab Siswa-Siswa Alkitab [sebutané Seksi-Seksi Yéhuwah wektu kuwi]. Warta Alkitab disiarké kanthi apik nganti taun 1928. Ing taun kuwi, para pemimpin gréja mengaruhi para pejabat, lan nyebabké kabèh stasiun radhio duwèké Siswa-Siswa Alkitab ing Kanada dilarang.”

16 Senajan stasiun radhio duwèké Seksi Yéhuwah ing Kanada ditutup, ning ceramah-ceramah Alkitab terus disiarké liwat stasiun radhio komersial. (Mt. 10:23) Bèn acarané luwih ampuh, majalah The Watch Tower lan The Golden Age (saiki Sadarlah!) nulis daftar stasiun radhio komersial sing nyiarké wulangan Alkitab, dadi para penginjil sing nginjil saka omah ing omah isa ngongkon wong-wong ngrungokké ceramah Alkitab saka stasiun radhio nèng dhaérahé. Apa hasilé? Bulletin sasi Januari 1931 kandha, ”Radhio nyemangati sedulur-sedulur kanggo nginjil saka omah ing omah. Akèh laporan nyebutké nèk akèh wong sing wis ngrungokké ceramahé Sedulur Rutherford liwat radhio, langsung gelem nampa wacan sing ditawakké.” Bulletin nggambarké siaran radhio lan gawéan nginjil saka omah ing omah kuwi ”rong cara ampuh saka pakumpulané Gusti kanggo ngandhani akèh wong”.

17, 18. Senajan kahanané malih, piyé radhio terus digunakké?

17 Ing taun 1930-an, gawéan nginjil liwat stasiun radhio komersial saya ditentang. Mula, ing pungkasané taun 1937, umaté Yéhuwah nggawé owah-owahan. Umaté Yéhuwah ora nggunakké manèh stasiun radhio komersial, ning luwih ngutamakké nginjil saka omah nèng omah. a Senajan ngono, siaran radhio isih dadi cara sing penting kanggo martakké kabar apik bab Kratoné Allah ing dhaérah sing angèl diparani. Contoné, saka taun 1951 nganti taun 1991, ana stasiun radhio ing Berlin Barat, Jerman, ajeg nyiarké ceramah Alkitab. Tujuané supaya wong-wong sing manggon ing Jerman Timur isa krungu kabar apik. Wiwit taun 1961, ana stasiun radhio nasional ing Suriname, Amerika Selatan, wis nyiarké siaran bab wulangan saka Alkitab. Siaran iki dianakké 15 menit saben minggu, lan wis ditindakké nganti luwih saka 30 taun. Saka taun 1969 nganti taun 1977, pakumpulan ngetokké luwih saka 350 rekaman Alkitab saka sèri acara radhio ”Kabèh Pangandikané Allah Kuwi Migunani”. Ing Amerika Serikat, acara iki disiarké karo 291 stasiun radhio ing 48 negara. Ing taun 1996, ana stasiun radhio ing Apia, ibu kotané Samoa ing Pasifik Selatan, nyiarké acara mingguan sing judhulé ”Jawaban Pitakonané Panjenengan bab Alkitab”.

18 Akir abad 20, radhio wis ora dadi cara ampuh manèh kanggo martakké kabar apik. Ning, ana tèknologi liya sing luwih canggih, sing mbantu awaké dhéwé kanggo martakké kabar apik marang akèh wong.

19, 20. Ngapa umaté Yéhuwah nggawé jw.org, lan sepira ampuhé cara iki? (Deloken uga kothak ” JW.ORG”.)

19 Internèt. Ing taun 2013, luwih saka 2,7 milyar wong, yaiku mèh 40 persèn pendhudhuk donya nggunakké Internèt. Ana pendhapat sing kandha nèk kira-kira rong milyar wong nggunakké alat kaya télépon pintar lan tablèt kanggo nyambung nèng Internèt. Jumlah kuwi saya mundhak akèh ing sakdonya. Ning, saiki, kemajuan sing mundhaké paling akèh yaiku ing Afrika, sing nduwé luwih saka 90 yuta langganan Internèt. Kabèh kemajuan iki wis ngowahi carané akèh wong nampa katrangan.

20 Wiwit taun 1997, umaté Yéhuwah nggunakké Internèt kanggo sarana mbagèkké katrangan marang akèh wong. Ing taun 2013, situs Wèb jw.org wis ana ing luwih saka 300 basa, lan katrangan saka Alkitab isa di-download ing luwih saka 520 basa. Saben dina, situs Wèb iki didelok luwih saka ping 750.000. Saben sasi, sakliyané nonton vidhéo, wong-wong uga ndownload luwih saka 3 yuta buku, 4 yuta majalah, lan 22 yuta rekaman audhio.

21. Apa sing panjenengan sinaoni saka pengalamané Sina?

21 Situs Wèb dadi cara sing ampuh banget kanggo martakké kabar apik bab Kratoné Allah, klebu ing negara-negara sing nglarang gawéan nginjilé Seksi Yéhuwah. Contoné, ing wiwitan taun 2013, ana wong lanang sing jenengé Sina ndelok situs Wèb jw.org terus nélpon kantor pusaté Seksi Yéhuwah ing Amerika Serikat merga dhèwèké péngin ngerti akèh katrangan saka Alkitab. Ngapa iki conto sing apik banget? Sina asalé saka désa plosok, lan agamané Muslim. Ing negarané, gawéan nginjilé Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang. Mula, ana pengaturan bèn Sina isa sinau Alkitab seminggu ping pindho karo Seksi Yéhuwah ing Amerika Serikat. Sinauné nganggo layanan vidhéo Internèt.

Mulang Saben Wong

22, 23. (a) Apa sebabé akèh cara kanggo martakké kabar apik ora nggantèni gawéan nginjil saka omah ing omah? (b) Piyé Sang Raja kebukti mberkahi kabèh cara sing wis digunakké?

22 Koran, ”Drama-Foto”, siaran radhio, lan situs Wèb digunakké kanggo martakké kabar apik marang akèh wong. Ning, kabèh cara iki ora nggantèni gawéan nginjil saka omah ing omah. Apa sebabé? Merga umaté Yéhuwah niru tuladhané Yésus. Yésus mulang kumpulan akèh wong, ning fokusé kanggo mbantu saben wong. (Lk. 19:1-5) Yésus uga nglatih murid-muridé kanggo nindakké sing padha, lan mulang apa sing kudu diwartakké. (Wacanen Lukas 10:1, 8-11.) Kaya sing wis dirembug ing Bab 6, sedulur-sedulur sing dadi pengawas terus nyemangati saben umaté Yéhuwah bèn ketemu lan ngomong langsung marang saben wong.—PR. 5:42; 20:20.

23 Satus taun sakwisé Kratoné Allah madeg, luwih saka 7,9 yuta penginjil lagi semangat mulang wong-wong bab kersané Gusti Allah. Iki cetha nduduhké nèk Sang Raja mberkahi kabèh cara sing wis awaké dhéwé gunakké kanggo ngumumké Kratoné. Bab sakbanjuré bakal nduduhké piyé Yésus nyedhiyakké piranti sing dibutuhké kanggo martakké kabar apik marang saben bangsa, suku, lan basa.—Wy. 14:6.

a Ing taun 1957, sedulur-sedulur sing dadi pengawas mutuské kanggo nutup stasiun radhio WBBR ing New York. Kuwi stasiun radhio terakhir sing diduwèni.