Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 9

Hasil Nginjil—Pategalan Wis Kuning lan Siyap Dipanèn

Hasil Nginjil—Pategalan Wis Kuning lan Siyap Dipanèn

INTINÉ BAB IKI

Yéhuwah nukulké wiji Kratoné Allah

1, 2. (a) Apa sebabé murid-muridé Yésus padha bingung? (b) Panèn apa sing dimaksudké Yésus?

 PARA murid padha bingung wektu Yésus kandha, ”Padha delengen ing kiwa tengenmu lan tamatna pategalan-pategalan, kang katon kuning iku wus kena dienèni.” Para murid nolèh nèng arah sing diduding Yésus. Ning, pategalan sing didelok isih ijo, durung kuning. Wiji barliné lagi waé thukul. Mula, murid-muridé Yésus mungkin mikir, ’Panèn barli isih pirang-pirang sasi manèh, maksudé Yésus panèn apa ya?’—Yo. 4:35.

2 Sing dimaksudké Yésus dudu panèn biyasa. Yésus nggunakké kesempatan kuwi kanggo mènèhi murid-muridé rong piwulang penting bab panèn rohani yaiku manèn wong. Apa waé piwulangé? Bèn ngerti, ayo digatèkké critané.

Kudu Cepet Tumindak lan Ngrasa Bungah

3. (a) Apa sing mungkin nggawé Yésus kandha, ”Pategalan-pategalan kang katon kuning iku wus kena dienèni”? (b) Piyé Yésus nerangké maksud omongané?

3 Yésus ngomong bab kuwi ing akir taun 30 M, nèng cedhak Sikhar, kutha ing Samaria. Wektu murid-muridé mlebu ing kutha kuwi, Yésus ngentèni ing pinggir sumur, nèng kono Yésus nginjil marang wong wadon Samaria. Wong wadon kuwi langsung ngerti pentingé wulangané Yésus. Pas murid-muridé bali nemoni Yésus, wong wadon kuwi cepet-cepet bali nèng Sikhar kanggo nyritakké wulangané Yésus marang tangga-tanggané. Sakwisé krungu critané, akèh wong mara nemoni Yésus nèng sumur. Pas ndelok nèng arah pategalan lan saka kadohan ana akèh wong Samaria mara, mungkin wektu kuwi Yésus kandha, ”Tamatna pategalan-pategalan, kang katon kuning iku wus kena dienèni.” Yésus nerangké nèk sing dimaksud dudu panèn biyasa, ning panèn rohani. Terus Yésus kandha, ”Kang derep . . . nglumpukaké woh kang tumuju marang ing urip langgeng.”—Yo. 4:5-30, 36.

4. (a) Apa rong piwulang penting bab panèn rohani sing dikandhakké Yésus? (b) Apa pitakonan sing bakal dirembug?

4 Apa rong piwulang penting bab panèn rohani sing dikandhakké Yésus? Kapisan, gawéan kuwi kudu cepet ditindakké. Ukara ”pategalan-pategalan, kang katon kuning iku wus kena dienèni” nduduhké nèk murid-muridé kudu cepet tumindak. Kanggo nduduhké luwih cetha manèh bab kuwi, Yésus uga kandha, ’Kang derep wis nampa bawon [utawa, opah].’ Saiki panèn wis mulai lan hasil panènané kudu cepet diklumpukké. Kapindho, sing nyambut gawé padha bungah. Yésus kandha nèk sing nyebar winih lan sing panèn ”loro-loroné padha bungah”. (Yo. 4:35b, 36) Yésus mesthi bungah wektu ndelok ”akèh wong Samaria . . . padha pracaya marang Panjenengané”. Murid-muridé uga bakal ngrasakké bungah pas nindakké gawéan manèn kanthi saktulusé ati. (Yo. 4:39-42) Crita ing abad kapisan iki penting banget kanggo awaké dhéwé, merga kuwi nggambarké apa sing lagi kedadéan saiki, ing mangsa panèn rohani sing paling gedhé. Kapan panèn jaman modhèren diwiwiti? Sapa waé sing mèlu? Lan apa hasilé?

Sang Raja Mimpin Gawéan Manèn sing Paling Gedhé

5. Sapa sing mimpin gawéan manèn ing sakdonya, lan piyé wahyu sing ditampa Yokanan nduduhké nèk gawéan kuwi kudu cepet ditindakké?

5 Liwat rasul Yokanan, Yéhuwah nduduhké nèk Yésus diparingi tugas mimpin gawéan sakdonya kanggo manèn wong. (Wacanen Wahyu 14:14-16.) Ing wahyu iki, Yésus nganggo mahkota lan nggawa arit. ”Mustakané [Yésus] ngagem makutha mas” kuwi nggambarké wewenangé dadi Raja sing mréntah. ”Astané ngasta arit kang landhep” nggambarké Yésus dadi Sing Manèn. Liwat malaékaté, Yéhuwah ngendika nèk ”panènan ing bumi sampun sepuh”. Kuwi nduduhké nèk manèn kuwi gawéan sing kudu cepet ditindakké. Malaékat kuwi kandha, ”Sampun dumugi mangsanipun ngenèni.” Mula, kudu cepet tumindak. Kanggo nanggepi dhawuhé Yéhuwah yaiku ”nglampahaken arit”, Yésus nyabetké arité lan nindakké gawéan manèn wong ing bumi. Sepisan manèh wahyu kuwi ngélingké nèk ”pategalan-pategalan kang katon kuning iku wus kena dienèni”. Apa wahyu iki mbantu awaké dhéwé ngerti kapan gawéan manèn kuwi diwiwiti? Ya.

6. (a) Kapan wektu panèn diwiwiti? (b) Kapan ”panènan ing bumi” diwiwiti? Terangna.

6 Wektu nindakké gawéan manèn, ing Wahyu bab 14 diduduhké nèk Yésus nganggo mahkota (ayat 14), kuwi tegesé Yésus wis dadi Raja ing taun 1914. (Dn. 7:13, 14) Ora let suwé, Yésus dipréntah kanggo mulai manèn (ayat 15). Urutan kedadéané padha karo umpama sing diwulangké Yésus bab mangsa panèn gandum. Yésus kandha, ”Wektu panèn iku wekasaning jaman.” Dadi, mangsa panèn lan wekasaning jaman diwiwiti ing wektu sing padha yaiku taun 1914. Terus, ’ing wektu [panèn]’, panèn sing saktenané dimulai. (Mt. 13:30, 39) Nèk nliti sejarahé, awaké dhéwé isa ndelok nèk panèn kuwi diwiwiti pirang-pirang taun sakwisé Yésus dadi Raja. Sing sepisanan, saka taun 1914 nganti wiwitan taun 1919, Yésus nggawé murni wong Kristen pilihan. (Ml. 3:1-3; 1 Pt. 4:17) Terus ing taun 1919, ”panènan ing bumi” diwiwiti. Yésus cepet tumindak, carané yaiku nglantik abdi sing setya kanggo mbantu sedulur-sedulur ngerti nèk gawéan nginjil kudu cepet ditindakké. Gatèkna apa sing kedadéan.

7. (a) Apa sing mbantu sedulur-sedulur paham pentingé gawéan nginjil? (b) Sedulur-sedulur saya semangat nindakké gawéan apa?

7 Ing sasi Juli 1920, majalah The Watch Tower kandha, ”Sakwisé nliti Alkitab, saya cetha nèk gréja [jemaat] diwènèhi kaurmatan gedhé kanggo martakké Kratoné Allah.” Contoné, ramalan ing buku Yésaya mbantu para sedulur paham nèk warta bab Kratoné Allah kudu diwartakké ing saklumahing bumi. (Yé. 49:6; 52:7; 61:1-3) Senajan ora ngerti piyé carané gawéan iki ditindakké, ning umaté Allah percaya nèk Yéhuwah bakal mbantu. (Wacanen Yésaya 59:1.) Sakwisé nduwé pangertèn sing luwih cetha bab gawéan nginjil, sedulur-sedulur saya semangat nindakké gawéan iki. Piyé tanggepané para sedulur?

8. Ing taun 1921, apa rong piwulang penting bab gawéan nginjil sing dipahami para sedulur?

8 Ing sasi Desember 1921, The Watch Tower ngumumké, ”Taun iki, taun sing paling apik. Luwih akèh wong ngrungokké wulangan sing bener ing taun 1921 ketimbang taun-taun sakdurungé. Ning, isih akèh sing kudu ditindakké . . . Ayo awaké dhéwé nindakké kuwi kanthi bungah.” Omongan kuwi nduduhké nèk para sedulur paham rong piwulang penting bab gawéan nginjil sing dikandhakké Yésus marang murid-muridé: Gawéan kuwi kudu cepet ditindakké, lan sing nyambut gawé padha bungah.

9. (a) Apa hasilé merga para sedulur mempeng nginjil, lan ing taun 1954, apa sing disimpulké The Watchtower bab gawéan manèn? (b) Terangna jumlah penginjil sing saya akèh ing sakdonya saksuwéné 50 taun iki. (Deloken grafik ” Jumlah sing Saya Akèh Sakdonya”.)

9 Ing taun 1930-an, sakwisé ngerti nèk golonganing wong akèh saka wedhus liyané bakal nampa wulangan sing bener bab Kratoné Allah, para sedulur saya mempeng nginjil. (Yé. 55:5; Yo. 10:16; Wy. 7:9) Apa hasilé? Jumlah wong sing martakké warta Kratoné Allah saya mundhak, saka 41.000 wong ing taun 1934 dadi 500.000 wong ing taun 1953. The Watchtower 1 Desember 1954 nyimpulké, ”Merga roh suciné Yéhuwah lan kuwasa saka Pangandikané, panèn gedhé sakdonya isa kelakon.” aZa. 4:6.

 

JUMLAH SING SAYA AKÈH SAKDONYA

Negara

1962

1987

2013

Australia

15.927

46.170

66.023

Brasil

26.390

216.216

756.455

Prancis

18.452

96.954

124.029

Italia

6.929

149.870

247.251

Jepang

2.491

120.722

217.154

Meksiko

27.054

222.168

772.628

Nigeria

33.956

133.899

344.342

Filipina

36.829

101.735

181.236

Amerika Serikat

289.135

780.676

1.203.642

Zambia

30.129

67.144

162.370

 

JUMLAH SING SINAU ALKITAB SAYA AKÈH

1950

234.952

1960

646.108

1970

1.146.378

1980

1.371.584

1990

3.624.091

2000

4.766.631

2010

8.058.359

Umpama sing Cetha bab Hasil Panèn

10, 11. Ing umpama bab wiji sawi, bab apik apa saka wiji kuwi sing diterangké?

10 Umpama sing diceritakké Yésus bab Kraton nggambarké hasil-hasil cetha saka gawéan manèn. Ayo digatèkké umpama bab wiji sawi lan ragi. Awaké dhéwé kususé bakal nggatèkké piyé rong umpama kuwi kelakon ing jaman pungkasan.

11 Umpama bab wiji sawi. Ana wong lanang nandur wiji sawi. Wiji kuwi banjur thukul dadi wit sing dinggoni akèh manuk. (Wacanen Matéus 13:31, 32.) Bab apik apa saka wiji kuwi sing diterangké ing umpama iki? (1) Thukulé wiji kuwi nggumunké banget. ”Wiji iki . . . cilik dhéwé”, ning dadi wit sing ’pangé gedhé’. (Mk. 4:31, 32) (2) Wiji kuwi mesthi thukul. ”Bareng wis disebar, banjur thukul.” Yésus ora kandha, ”Mungkin bakal thukul.” Ning, Yésus kandha, ”Banjur thukul.” Ora ana sing isa ngendhegké thukulé wiji kuwi. (3) Wit sing saya gedhé kuwi nggawé seneng kabèh sing mara lan nyedhiyakké panggonan. Dikandhakké nèk ”manuk-manuk ing awang-awang padha saba mrono” lan ”padha bisa nusuh ana ing ayomané”. Piyé telung bab kuwi kelakon ing panèn rohani jaman modhèren?

12. Apa hubungan antarané umpama bab wiji sawi karo gawéan manèn saiki? (Deloken grafik ” Jumlah sing Sinau Alkitab Saya Akèh”.)

12 (1) Thukulé: Umpama kuwi nduduhké nèk warta bab Kratoné Allah lan jemaat Kristen saya mundhak akèh. Wiwit 1919, wong-wong sing semangat manèn diklumpukké ing jemaat Kristen sing wis digawé murni. Jumlahé penginjil wektu kuwi isih sithik, ning mundhaké cepet banget. Jumlahé jemaat Kristen sing saya mundhak saka wiwitan taun 1900-an nganti saiki pancèn nggumunké. (Yé. 60:22) (2) Mesthi thukul: Mundhaké jemaat Kristen ora isa diendheg. Senajan akèh tentangan sing diumpamakké kaya watu sing nibani wiji cilik kuwi, ning wiji kuwi terus thukul. (Yé. 54:17) (3) Dadi panggonan: ”Manuk-manuk ing awang-awang” sing nemokké panggonan ing wit kuwi nggambarké jutaan wong sing tulus ing kira-kira 240 negara sing gelem nampa wulangan bener lan dadi bagéan saka jemaat Kristen. (Yk. 17:23) Ing kono, wong-wong kuwi nampa pangan rohani, kahanan sing nentremké, lan pangayoman.—Yé. 32:1, 2; 54:13.

Umpama bab wiji sawi nduduhké nèk panggonan lan pangayoman dirasakké wong-wong sing ana ing jemaat Kristen (Deloken paragraf 11, 12)

13. Apa sing isa digatèkké saka umpama bab ragi?

13 Umpama bab ragi. Sakwisé wong wadon nyampurké ragi karo glepung, adonan kuwi dadi ngembang. (Wacanen Matéus 13:33.) Apa sing isa digatèkké saka umpama iki? Ana loro. (1) Hasil sing saya mundhak nyebabké ana owah-owahan. Glepungé ”kemrasukan kabèh” nganti adonan dadi ngembang. (2) Mrasuk rata. ”Glepung trigu telung taker” dadi ngembang merga ragi mau. Piyé rong bab kuwi nggambarké panèn rohani ing jaman modhèren?

14. Apa hubungan antarané umpama bab ragi karo gawéan manèn saiki?

14 (1) Owah-owahan: Ragi nggambarké warta bab Kratoné Allah, lan adonan glepung nggambarké manungsa. Padha kaya ragi nyebabké glepungé dadi malih wektu dicampur, semono uga warta bab Kratoné Allah nyebabké wong-wong ngowahi uripé sakwisé nampa warta kuwi. (Rm. 12:2) (2) Mrasuk rata: Ragi sing mrasuk rata ing adonan glepung nggambarké warta bab Kratoné Allah sing nyebar rata nganti ”salumahing bumi”. (PR. 1:8, BJP) Katrangan iki uga nduduhké nèk warta Kratoné Allah bakal tetep nyebar ing negara-negara sing nglarang gawéan nginjilé umaté Allah, senajan ora dingertèni akèh wong.

15. Piyé ramalan ing Yésaya 60:5, 22 kelakon? (Deloken uga kothak ” Kanggoné Yéhuwah Kabèh Mungkin”, ing kaca 93, lan ’ Kang Cilik Dhéwé Dadi Bangsa kang Santosa’, kaca 96-97.)

15 Kira-kira 800 taun sakdurungé Yésus mulang rong umpama mau, Yéhuwah liwat Yésaya ngramalké sepira gedhéné panèn rohani ing jaman modhèren lan rasa bungahé sing nyambut gawé. b Yéhuwah nerangké nèk wong-wong ”saka tanah adoh” bakal padha gumrudug teka nèng pakumpulané Yéhuwah. Marang ”Yérusalèm”, sing nggambarké wong-wong pilihan sing isih urip ing bumi, Yéhuwah ngendika, ”Kowé bakal ndeleng kuwi mau kabèh, mula atimu bungah. Saka bungahmu kowé bakal gugup. Kasugihané bangsa-bangsa bakal diwènèhaké marang kowé, kasugihan sing asalé saka sabrangé segara.” (Yé. 60:1, 4, 5, 9, BJP) Pangandika kuwi pancèn nyata. Saiki, wong-wong sing wis suwé ngabdi marang Yéhuwah pancèn bungah wektu ndelok cacahé penginjil ing negarané sing mauné mung sithik, mundhak dadi éwonan wong.

Alesan Kabèh Abdiné Yéhuwah Ngrasa Bungah

16, 17. Apa sebabé ”kang nyebar lan kang derep loro-loroné padha bungah”? (Deloken kothak ” Wiji Cilik Thukul ing Amazon”.)

16 Sakdurungé, Yésus kandha, ”Kang derep . . . nglumpukaké woh kang tumuju marang ing urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-loroné padha bungah.” (Yo. 4:36) Apa sebabé ”loro-loroné padha bungah” pas panèn sakdonya? Ayo digatèkké telung alesané.

17 Kapisan, awaké dhéwé bungah merga ngerti Yéhuwah mèlu kerja ing gawéan iki. Wektu nginjil bab Kratoné Allah, awaké dhéwé nyebar wiji. (Mt. 13:18, 19) Pas mbantu wong liya dadi muridé Yésus, awaké dhéwé manèn wohé. Lan wektu ndelok Yéhuwah nggawé wiji kuwi ”thukul sarta saya dhuwur”, kabèh ngrasa bungah lan nggumun. (Mk. 4:27, 28) Ana wiji sing wis awaké dhéwé sebar, ning lagi thukul sukmbèn lan dipanèn wong liya. Panjenengan mungkin nduwé pengalaman kaya Joan, sedulur wadon ing Inggris sing dibaptis 60 taun kepungkur, sing crita, ”Aku ketemu karo wong sing kandha nèk aku mbiyèn sing sepisanan nginjil marang dhèwèké. Jebulé, ana Seksi liya wis mbantu wong kuwi sinau Alkitab lan dadi abdiné Yéhuwah. Aku seneng merga ngerti nèk wiji sing tak sebar wis thukul lan dipanèn.”—Wacanen 1 Korinta 3:6, 7.

18. Piyé 1 Korinta 3:8 mbantu awaké dhéwé tetep bungah?

18 Kapindho, awaké dhéwé bakal tetep bungah nèk kèlingan omongané Paulus, ”Gusti Allah bakal ngupahi siji-sijiné manut penggawéané déwé-déwé.” (1 Kr. 3:8, Basa Jawa Suriname [BJS]) Opah kuwi diwènèhké merga upayané, dudu merga hasilé. Kuwi bener-bener jaminan sing nglipur ati, utamané kanggo sing nginjil ing panggonan sing tanggepané kurang apik. Kanggo Yéhuwah, saben Seksi sing saktulusé ati mèlu gawéan nyebar wiji wis ”metokaké woh akèh”, mulané kudu bungah.—Yo. 15:8; Mt. 13:23.

19. (a) Miturut ramalané Yésus ing Matéus 24:14 apa sebabé awaké dhéwé bungah? (b) Apa sing kudu diéling-éling nèk awaké dhéwé ora suksès ndadèkké murid?

19 Katelu, awaké dhéwé bungah merga gawéan iki nggenepi ramalan. Wektu murid-muridé Yésus takon, ”Punapa tandha-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?” Yésus ngandhani nèk salah siji tandhané yaiku gawéan nginjil sakdonya. Apa kuwi maksudé gawéan ndadèkké murid? Dudu, merga Yésus kandha, ”Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabèhing bangsa.” (Mt. 24:3, 14) Mula, gawéan nyebar winih yaiku martakké Kratoné Allah, dadi salah siji bagéan saka tandha kuwi. Wektu martakké Kratoné Allah, élinga nèk senajan ora suksès ndadèkké murid, awaké dhéwé wis suksès mènèhi ”paseksi”. c Ora soal piyé tanggepané wong-wong, awaké dhéwé mèlu nggenepi ramalané Yésus lan nduwé kaurmatan gedhé dadi ”réwangé nyambut-gawé” Gusti Allah. (1 Kr. 3:9, BJP) Kuwi bener-bener alesan kanggo bungah.

Saka ’Plethèké Srengéngé, tekan Surupé’

20, 21. (a) Piyé ramalan ing Maléakhi 1:11 kelakon? (b) Bab gawéan manèn, apa tékadé panjenengan, lan apa sebabé?

20 Ing abad kapisan, Yésus mbantu para muridé ngerti nèk gawéan manèn kudu cepet ditindakké. Wiwit taun 1919, Yésus uga mbantu muridé jaman modhèren bèn ngerti bab kuwi. Hasilé, umaté Allah luwih tenanan nindakké gawéan kuwi. Gawéan manèn ora isa diendhegké. Kaya ramalané Maléakhi, gawéan nginjil saiki ditindakké saka ’plethèké srengéngé, tekan surupé’. (Ml. 1:11) Ora soal ing endi waé, sing panèn lan sing nyebar loro-loroné padha bungah. Saka mlethèké nganti angslupé srengéngé, utawa sedina muput, sing panèn lan sing nyebar nyambut gawéné tenanan.

21 Nèk mikirké manèh kedadéan-kedadéan luwih saka 100 taun kepungkur, lan ndelok piyé sakelompok cilik umaté Allah wis dadi ”bangsa kang santosa”, atiné awaké dhéwé bakal ”gumun” lan mesthi bungah banget. (Yé. 60:5, 22) Muga-muga rasa bungah lan katresnan marang Yéhuwah, ”kang Kagungan panèn”, nggawé awaké dhéwé terus nindakké tugas kanggo ngrampungké gawéan panèn sing paling gedhé iki.—Lk. 10:2.

a Kanggo katrangan luwih akèh bab hasil gawéan manèn saka taun 1919 nganti 1992, deloken buku Saksi-Saksi Yehuwa—Pemberita Kerajaan Allah, bab 22 bagéan 2, 3, 4, 5.

b Kanggo katrangan luwih akèh bab ramalan iki, deloken Nubuat Yesaya—Terang bagi Seluruh Umat Manusia II, kaca 303-320.

c Wulangan sing penting kuwi wis dingertèni karo Siswa-Siswa Alkitab sing wiwitan. Zion’s Watch Tower terbitan 15 November 1895 ngandhakké, ”Senajan mung sathithik gandum sing isa diklumpukké, paling ora paseksèn bab sing bener isa diwènèhké. . . . Kabèh wong isa martakké Injil.”