Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 10

Sang Raja Nggawé Murni Umaté ing bab Rohani

Sang Raja Nggawé Murni Umaté ing bab Rohani

INTINÉ BAB IKI

Alesan lan carané Yésus nggawé murni lan suci umaté Allah ing bab rohani

1-3. Apa sing ditindakké Yésus wektu ngerti baité Allah wis ora suci manèh?

 YÉSUS ngajèni banget bait, utawa Padaleman Suci ing Yérusalèm, merga Yésus ngerti nèk bait kuwi pusat ibadah sejati ing bumi. Ibadah sejati kudu tetep murni lan suci merga Yéhuwah kuwi suci. Coba bayangna, piyé perasaané Yésus wektu teka ing bait pas tanggal 10 Nisan 33 M lan ngerti nèk bait kuwi wis ora suci manèh. Ana kedadéan apa?​—Wacanen Matéus 21:12, 13.

2 Ing Lataré Wong sing Dudu Israèl, para pedagang lan tukang ngijoli dhuwit sing srakah, njupuk untung sing ora adil saka umaté Allah sing teka kanggo ngekèkké kurban marang Yéhuwah. a Yésus ”nundhungi wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci, méja-méjané wong paréyalan lan bangku-bangkuné wong adol manuk dara padha digolingaké”. (Bandhingna Néhémya 13:7-9.) Yésus nyenèni wong-wong sing wis nggawé omah Bapaké dadi ”kedhung bégal”. Iki nduduhké nèk Yésus ngajèni banget bait lan Allah sing disembah ing kono. Ibadah marang Yéhuwah kudu tetep suci!

3 Atusan taun sakwisé kuwi, Yésus sing bar dilantik dadi Raja nggawé murni manèh bait Allah. Kuwi klebu kabèh wong saiki sing péngin ngibadah miturut carané Yéhuwah. Bait apa sing digawé suci?

Nggawé Suci ”Bani Lèwi”

4, 5. (a) Piyé wong Kristen sing dipilih isih kudu digawé murni lan suci wiwit taun 1914 nganti wiwitan 1919? (b) Apa upaya kanggo nggawé umaté Allah murni lan suci wis rampung? Terangna.

4 Kaya sing dirembug ing Bab 2 buku iki, sakwisé dilantik dadi Raja taun 1914, Yésus rawuh bareng Yéhuwah kanggo mriksa bait rohani yaiku pengaturan ibadah sejati. b Sakwisé mriksa, Sang Raja dadi ngerti nèk wong Kristen sing dipilih, utawa ”bani Lèwi” isih kudu digawé murni lan suci manèh. (Ml. 3:1-3) Saka taun 1914 nganti wiwitan 1919, Yéhuwah ngijinké umaté ngadhepi pacoban lan kasusahan bèn umaté dadi murni lan suci. Wong Kristen pilihan wis kebukti setya wektu ngadhepi akèh pacoban sing abot. Hasilé, wong-wong pilihan kuwi saya suci lan semangat ndhukung Sang Raja.

5 Apa upaya kanggo nggawé umaté Allah murni lan suci wis rampung? Durung. Saksuwéné dina pungkasan, Yéhuwah liwat Raja Sang Mèsih terus mbantu umaté bèn tetep suci, dadi umaté isa tetep ana ing bait rohani. Rong bab sakbanjuré bakal ngrembug carané Yésus nggawé murni umaté ing bab moral lan nggawé murni pakumpulané. Sing sepisanan, ayo dirembug piyé Yésus nggawé suci wong Kristen ing bab rohani. Ana cara sing kétok cetha ning ana sing ora. Nèk nggatèkké apa sing wis ditindakké Yésus, imané awaké dhéwé bakal dikuwatké.

”Padha Sesucia”

6. Piyé dhawuhé Yéhuwah marang wong Yahudi buwangan, mbantu awaké dhéwé ngerti maksudé suci ing bab rohani?

6 Apa maksudé nggawé suci ing bab rohani? Bèn ngerti jawabané, ayo ditliti pangandikané Yéhuwah marang wong Yahudi buwangan sing arep ninggalké Babil taun 537 SM. (Wacanen Yésaya 52:11.) Tujuan utamané wong-wong kuwi bali nèng Yérusalèm yaiku kanggo mbangun manèh baité Allah lan ibadah sejati marang Yéhuwah. (Éz. 1:2-4) Yéhuwah péngin umaté nyingkirké kabèh kebiyasaan agama Babil. Gatèkna urut-urutan dhawuhé Yéhuwah iki: ”Aja nganti kagepok kang najis”, ”metua saka ing satengahé”, lan ”padha sesucia”. Ibadah sing sejati ora éntuk dinajiské karo ibadah palsu. Mula, suci ing bab rohani klebu awaké dhéwé kudu bébas saka ajaran lan kebiyasaan agama palsu.

7. Sapa sing dilantik Yésus kanggo mbantu para muridé bèn tetep suci ing bab rohani?

7 Ora suwé bar dilantik dadi Raja, Yésus nglantik abdi sing setya lan pinter ing taun 1919 kanggo mbantu para muridé bèn tetep suci ing bab rohani. Kuwi sarana sing kétok cetha. (Mt. 24:45) Ing taun 1919, Siswa-Siswa Alkitab wis nyingkirké akèh ajaran agama palsu. Ning, umaté Allah isih kudu digawé suci manèh ing bab rohani. Mula, liwat abdi sing setya, Yésus Kristus mènèhi para muridé katrangan sing luwih cetha bab akèh riyaya lan kebiyasaan sing kudu disingkirké. (WB. 4:18) Gatèkna conto-contoné.

Apa Wong Kristen Kudu Natalan?

8. Bab Natal, Siswa-Siswa Alkitab wis suwé ngakoni apa, ning apa sing isih durung dipahami?

8 Siswa-Siswa Alkitab wis suwé ngakoni nèk Natal kuwi asalé saka kebiyasaan kafir, lan ngerti nèk Yésus ora lair ing tanggal 25 Desember. Zion’s Watch Tower terbitan Desember 1881 kandha, ”Jutaan kebiyasaan kafir wis mlebu ing gréja. Ning, akèh-akèhé mung jenengé waé sing malih merga imam kafir dadi imam kristen lan riyaya kafir dadi riyaya kristen, salah sijiné yaiku Natal.” Ing taun 1883, artikel nèng majalah Watch Tower judhulé ”Kapan Yésus Lair?” nerangké nèk Yésus lair kira-kira awal sasi Oktober. c Senajan ngono, Siswa-Siswa Alkitab wektu kuwi isih durung paham nèk ora olèh Natalan manèh. Malah anggota keluarga Bètel Brooklyn tetep Natalan. Ning, sakwisé taun 1926, kahanané malih. Apa sebabé?

9. Apa sing akiré dipahami Siswa-Siswa Alkitab bab riyaya Natal?

9 Sakwisé nliti tenanan, Siswa-Siswa Alkitab akiré paham nèk asal-usulé Natal lan kebiyasaan sing ana hubungané karo Natalan sakjané ora ngajèni Gusti Allah. Artikel sing judhulé ”Asal-Usulé Natal” ing majalah The Golden Age terbitan 14 Desember 1927, nerangké nèk Natal kuwi kebiyasaan kafir, mung ngutamakké seneng-seneng, lan nyembah brahala. Artikel kuwi uga nerangké nèk Yésus ora mréntahké murid-muridé kanggo Natalan. Terus, artikel kuwi kanthi tegas kandha, ”Donya iki, manungsa sing ora sampurna, lan Iblis, seneng nèk kuwi terus dirayakké . . . iki dadi bukti sing cetha lan kuwat nèk riyaya Natal kuduné ora dirayakké karo wong sing saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah.” Mula, sasi Desember taun kuwi keluarga Bètel ora Natalan manèh, nganti saiki.

10. (a) Piyé katrangan bab Natal diterangké luwih cetha manèh ing sasi Desember 1928? (Deloken uga kothak ” Natal, Asal-Usul lan Tujuané”.) (b) Piyé umaté Allah diélingké bab riyaya liyané sing aja nganti dirayakké? (Deloken uga kothak ” Nduduhké Asal-Usul Riyaya Liyané.”)

10 Taun sakbanjuré, Siswa-Siswa Alkitab nampa katrangan sing luwih cetha manèh bab Natal. Ing tanggal 12 Desember 1928, anggota staf kantor pusat yaiku Sedulur Richard H. Barber mènèhi ceramah liwat radhio sing nerangké kanthi cetha asal-usulé kebiyasaan najis riyaya Natal. Piyé umaté Allah nanggepi tuntunan sing cetha saka kantor pusat? Wektu ngéling-éling perasaané lan keluargané pas mandheg ora ngrayakké Natal manèh, Sedulur Charles Brandlein kandha, ”Apa aku lan keluargaku ngrasa abot nyingkirké kebiyasaan kafir kuwi? Ora babar blas! . . . Kuwi kaya nyopot lan mbuwang klambi sing reged.” Sedulur sing uga semangat yaiku Henry A. Cantwell, sing akiré dadi pinituwa wilayah kandha, ”Aku seneng merga isa nggawé pangurbanan kanggo mbuktèkké katresnanku marang Yéhuwah.” Para muridé Yésus Kristus sing setya lila nggawé owah-owahan lan ora mèlu-mèlu kebiyasaan sing asalé saka agama palsu. dYo. 15:19; 17:14.

11. Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk ndhukung Sang Raja?

11 Siswa-Siswa Alkitab sing setya dadi tuladha apik kanggo awaké dhéwé saiki. Wektu mikirké tuladhané wong-wong kuwi, pikirna, ’Piyé tanggepanku wektu nampa tuntunan saka kantor pusat? Apa kanthi rasa sokur aku nampa lan ngetrapké kuwi?’ Nèk manut saka ati, awaké dhéwé nduduhké nèk ndhukung Sang Raja sing nggunakké abdi sing setya kanggo nyedhiyakké pangan rohani ing wektu sing pas.​—PR. 16:4, 5.

Apa Wong Kristen Kudu Nggunakké Salib?

Lambang salib-mahkota (Deloken paragraf 12 lan 13)

12. Wis pirang-pirang taun suwéné, piyé pandhangané Siswa-Siswa Alkitab bab salib?

12 Wis pirang-pirang taun suwéné, Siswa-Siswa Alkitab nganggep salib dadi lambang agama Kristen. Siswa-Siswa Alkitab ora nyembah salib, merga paham nèk nyembah brahala kuwi salah. (1 Kr. 10:14; 1 Yo. 5:21) Ing taun 1883, Watch Tower kanthi blaka kandha nèk ”kabèh bentuk penyembahan brahala kuwi njijiki kanggoné Allah”. Ning, mauné, Siswa-Siswa Alkitab nganggep nèk nggunakké salib pokoké ora disembah kuwi ora apa-apa. Contoné, Siswa-Siswa Alkitab bangga nganggo pin salib-mahkota. Kanggoné, pin kuwi ngélingké nèk tetep setya nganti mati bakal nampa mahkota urip langgeng. Wiwit taun 1891, lambang salib-mahkota dipajang ing kaca ngarep Watch Tower.

13. Apa katrangan sing luwih cetha bab nggunakké salib sing ditampa para muridé Yésus? (Deloken uga kothak ” Pangertèn sing Saya Cetha bab Salib”.)

13 Siswa-Siswa Alkitab seneng banget karo lambang salib-mahkota kuwi. Ning, wiwit akir taun 1920-an, para muridé Yésus nampa katrangan sing luwih cetha bab nggunakké salib. Wektu ngéling-éling kebaktian taun 1928 ing Detroit, Michigan, AS, Sedulur Grant Suiter sing akiré dadi anggota Pengurus Pusat, kandha, ”Kebaktian kuwi, nduduhké nèk lambang salib-mahkota ora mung ora penting, ning uga njijiki.” Pangertèn bab kuwi dadi saya cetha ing taun-taun sakbanjuré. Salib pancèn ora cocog dadi bagéan saka ibadah sing murni lan suci.

14. Piyé tanggepané umaté Allah sakwisé nampa katrangan sing luwih cetha bab salib?

14 Piyé tanggepané umaté Allah sakwisé nampa katrangan sing luwih cetha bab salib? Apa tetep nggunakké lambang salib-mahkota sing disenengi kuwi? Sedulur sing wis suwé ngabdi, jenengé Lela Roberts, kandha, ”Wektu ngerti apa sing dilambangké karo salib, aku lan para sedulur langsung nyopot kuwi.” Sedulur wadon liyané sing jenengé Ursula Serenco, kandha, ”Aku lan para sedulur akiré sadhar nèk lambang sing mbiyèn dianggep lambang sédané Gusti lan lambang ngabdiné wong Kristen, jebulé lambang kafir. Cocog karo kandhané Wulang Bebasan 4:18, aku lan para sedulur matur nuwun banget merga dalan sing saya padhang.” Para muridé Yésus sing setya ora gelem nindakké kebiyasaan agama palsu sing najis.

15, 16. Apa buktiné awaké dhéwé nduwé tékad kanggo njaga lataré bait rohani Yéhuwah ing bumi tetep suci?

15 Saiki, tékadé awaké dhéwé padha. Awaké dhéwé ngerti nèk Yésus lagi nggunakké sarana sing kétok cetha, yaiku abdi sing setya lan pinter kanggo mbantu umaté tetep suci ing bab rohani. Mula, wektu nampa pangan rohani sing ngélingké bab acara, kagiyatan, lan kebiyasaan sing ana hubungané karo agama palsu, awaké dhéwé bakal langsung manut tuntunan kuwi. Kaya para sedulur sing urip ing wiwitan rawuhé Yésus, awaké dhéwé nduwé tékad kanggo njaga lataré bait rohani Yéhuwah ing bumi tetep suci.

16 Senajan ora kétok, sakjané ing dina-dina pungkasan iki, Yésus Kristus terus nyambut gawé kanggo nglindhungi jemaat umaté Yéhuwah saka wong-wong sing isa nggawé jemaat kuwi dadi najis ing bab rohani. Piyé carané? Ayo digatèkké.

”Misahaké Para Wong kang Ala saka Tengahé Para Wong Mursid”

17, 18. Ing umpama bab jala, apa tegesé (a) nguncalké jala, (b) ”ngumpulaké iwak warna-warna”, (c) nglumpukké ”iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi”, lan (d) mbuwang ”iwak kang ora becik”?

17 Sang Raja Yésus Kristus terus nggatèkké kahanané jemaat umaté Allah ing saklumahing bumi. Nganggo cara sing ora isa awaké dhéwé pahami, Yésus lan para malaékaté lagi nindakké gawéan misahké wong Kristen palsu saka wong Kristen sejati. Kuwi diterangké nganggo umpama bab jala iwak. (Wacanen Matéus 13:47-50.) Apa tegesé umpama kuwi?

Jala nggambarké gawéan martakké Injil bab Kratoné Allah ing antarané akèh manungsa sing diumpamakké kaya segara (Deloken paragraf 18)

18 Nguncalké ”krakad [utawa, jala] . . . ing sagara”. Jala nggambarké gawéan martakké Injil bab Kratoné Allah ing antarané akèh manungsa sing diumpamakké kaya segara. ”Ngumpulaké iwak warna-warna.” Kabar apik nggawé wong sing werna-werna dadi kesengsem. Ana ing antarané wong-wong kuwi sing akiré dadi wong Kristen sejati. Ning, ana uga sing mauné nampa wulangan sing bener terus akiré ora ndhukung ibadah sejati. e Nglumpukké ”iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi”. Wong-wong sing tulus atiné diklumpukké ing jemaat Kristen sing diumpamakké kaya wadhah. Ing jemaat, wong-wong kuwi ngibadah marang Yéhuwah nganggo cara sing suci. Mbuwang ”iwak kang ora becik.” Ing dina pungkasan iki, Yésus lan para malaékaté ”misahaké para wong kang ala saka tengahé para wong mursid”. f Hasilé, wong sing ora tulus atiné utawa sing ora lila ninggalké kapercayan lan kebiyasaan sing salah, ora dijarké nggawé jemaat dadi najis. g

19. Piyé perasaané panjenengan wektu ngerti tumindaké Yésus Kristus kanggo nggawé murni umaté Allah ing bab rohani?

19 Mesthi nentremké banget merga ngerti Sang Raja Yésus Kristus ngayomi wong-wong sing ditresnani. Awaké dhéwé uga kelipur merga ngerti semangaté Yésus kanggo ibadah sejati lan umaté, isih padha kaya semangaté pas nggawé murni bait Allah ing abad kapisan M. Awaké dhéwé bener-bener ngucap sokur merga Yésus Kristus terus njaga ibadah sejati lan nggawé murni umaté Allah ing bab rohani. Mula, kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé ndhukung Sang Raja lan Kratoné, awaké dhéwé kudu nyingkir saka agama palsu.

a Wong Yahudi sing teka kudu nduwé dhuwit sing wis ditemtokké kanggo mbayar pajeg taunan bait, ning para tukang ngijoli dhuwit njaluk dhuwit tambahan marang wong sing ngijolké dhuwit. Sakliyané kuwi, mungkin ana sing kudu tuku kéwan kanggo kurban. Yésus nyebut ”bégal”, mungkin merga para pedagang kuwi netepké rega sing larang banget kanggo dagangané, utawa merga njaluk dhuwit tambahan kanggo jasa kuwi.

b Umaté Yéhuwah ngibadah ing latar bait rohaniné Allah sing agung yaiku ing bumi.

c Artikel iki kandha nèk cerita bab lairé Yésus ing musim adhem ”blas ora cocog karo cerita bab para pangon sing lagi angon wedhus-wedhusé nèng njaba”.​—Lk. 2:8.

d Ing suraté tanggal 14 November 1927, Sedulur Frederick W. Franz nulis, ”Awaké dhéwé ora bakal Natalan manèh taun iki. Keluarga Bètel wis mutuské ora ngrayakké Natal manèh.” Pirang-pirang sasi sakwisé kuwi, ing surat tanggal 6 Februari 1928, Sedulur Franz nulis, ”Sithik mbaka sithik Gusti nggawé suci umaté saka wulangan sing salah saka pakumpulané Babil sing dipimpin Iblis.”

e Gatèkna contoné, ing taun 2013, ana 7.965.954 penginjil, padhahal ana 19.241.252 wong sing teka ing acara Pèngetan sédané Yésus.

f Gawéan misahké iwak sing ora apik saka iwak sing apik, béda karo misahké wedhus gèmbèl saka wedhus jawa. (Mt. 25:31-46) Pengadilan kanggo misahké wedhus gèmbèl saka wedhus jawa, kelakoné pas sengsara gedhé sukmbèn. Sakdurungé sengsara gedhé, wong sing kaya iwak sing ora apik isa waé akiré dadi abdiné Yéhuwah, lan diklumpukké ing jemaat sing diumpamakké kaya wadhah.​—Ml. 3:7.

g Sukmbèn, wong-wong sing ora pantes bakal disirnakké saklawas-lawasé.