Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 12

Diatur kanggo Nglayani ’Allah Tentrem-Rahayu’

Diatur kanggo Nglayani ’Allah Tentrem-Rahayu’

INTINÉ BAB IKI

Yéhuwah ngatur umaté sithik mbaka sithik

1, 2. Apa sing malih saka majalah Zion’s Watch Tower terbitan Januari 1895, lan piyé tanggepané sedulur-sedulur?

 WEKTU Sedulur John A. Bohnet salah sijiné Siswa Alkitab sing semangat nampa majalah Zion’s Watch Tower terbitan Januari 1895, dhèwèké seneng banget. Sampul anyar majalah kuwi apik. Ana gambar mercusuar, utawa menara sing dhuwur, ing tengah segara sing ombaké gedhé lan ngetokké sinar ing langit sing peteng ndhedhet. Uga ana wara-wara bab sampulé sing anyar, judhulé ”Klambi Anyarku”.

2 Saking senengé, Sedulur Bohnet ngirim surat marang Sedulur Russell, sing isiné, ”Aku seneng ndelok sampul majalah MENARA, iki apik banget.” Siswa Alkitab sing setya liyané yaiku John H. Brown kandha, ”Sing nggumunké, pondhasiné menara kuwi kuwat banget wektu diterjang ombak lan angin gedhé.” Sampul anyar majalah kuwi owah-owahan kapisan sing didelok para sedulur ing taun kuwi, ning dudu sing pungkasan. Ing sasi November ana siji manèh owah-owahan gedhé, lan kuwi ana hubungané karo ombak ing segara.

3, 4. Masalah apa sing dirembug ing majalah Watch Tower terbitan 15 November 1895, lan owah-owahan apa sing gedhé pengaruhé?

3 Artikel majalah Watch Tower terbitan 15 November 1895 ngrembug bab masalah sing diumpamakké kaya angin gedhé, sing marahi pakumpulan Siswa-Siswa Alkitab ora tentrem. Masalahé yaiku sedulur-sedulur padu bab sapa sing kudu dadi pemimpin ing jemaaté dhéwé-dhéwé. Kanggo mbantu para sedulur bèn ora saingan lan nggawé jemaat tetep rukun, artikel kuwi madhakké pakumpulan kaya kapal. Lan ngakoni nèk para sedulur sing dadi pemimpin gagal nyiapké pakumpulan ngadhepi angin gedhé. Apa sing kudu ditindakké?

4 Artikel kuwi kandha nèk kaptèn kapal sing wicaksana bakal mastèkké ana pelampung nèng kapalé, lan kabèh anggota kapal wis siyap ngadhepi kahanan sing medèni pas ana angin gedhé. Padha kaya kuwi, para pemimpin ing pakumpulan kudu mastèkké kabèh jemaat siyap ngadhepi masalah sing kaya angin gedhé mau. Mula, artikel kuwi ngumumké owah-owahan sing gedhé pengaruhé kanggo jemaat, yaiku ”saben jemaat bakal milih pinituwa” kanggo ”’ngengon’ jemaat”.​—PR. 20:28.

5. (a) Apa sebabé pengaturan anyar bab milih pinituwa kuwi digawé ing wektu sing pas? (b) Apa pitakonan sing bakal dirembug?

5 Pengaturan anyar bab milih pinituwa kuwi pancèn digawé ing wektu sing pas. Aturan bab carané jemaat diawasi kuwi nggawé jemaat dadi kuwat, lan mbantu para sedulur isa ngadhepi angin gedhé yaiku kisruh merga Perang Donya I. Puluhan taun sakwisé kuwi, aturan sing saya apik ing pakumpulané Yéhuwah mbantu umaté Allah luwih siyap nglayani Yéhuwah. Ramalan Alkitab endi sing ngrembug bab kemajuan iki? Owah-owahan apa waé ing pakumpulan sing panjenengan ngertèni? Apa paédahé kanggo panjenengan?

”Aku Bakal Nglantik Katentreman Dadi Pengawas”

6, 7. (a) Apa tegesé ramalan ing Yésaya 60:17, NW? (b) Apa sing diduduhké wektu ayat kuwi nyebutké ”pengawas” lan ”sing ngekèki tugas”?

6 Kaya sing dirembug ing Bab 9 buku iki, Yésaya ngramalké nèk Yéhuwah bakal mberkahi umaté sing mauné sithik dadi saya akèh. (Yé. 60:22) Ning, Yéhuwah janji bakal nindakké luwih akèh manèh, Yéhuwah ngendika, ”Kanggo gantiné tembaga Aku bakal maringi emas, lan kanggo gantiné wesi Aku bakal maringi pérak, kanggo gantiné kayu, tembaga, lan kanggo gantiné watu, wesi; lan Aku bakal nglantik katentreman dadi pengawas lan kaadilan dadi sing ngekèki tugas.” (Yé. 60:17, NW) Apa tegesé ramalan kuwi? Apa hubungané karo awaké dhéwé saiki?

Owah-owahan kuwi dudu saka bahan èlèk diganti sing apik, ning saka sing apik diganti luwih apik manèh

7 Miturut ramalan kuwi, siji bahan bakal diganti karo bahan liyané. Owah-owahan kuwi dudu saka bahan èlèk diganti sing apik, ning saka sing apik diganti luwih apik manèh. Tembaga diganti karo emas kuwi tegesé kemajuan, semono uga karo bahan liyané sing disebutké mau. Dadi liwat gambaran iki, Yéhuwah ngramalké kahanané umaté bakal saya apik sithik mbaka sithik. Kemajuan apa sing dimaksud? Wektu ayat kuwi nyebutké ”pengawas” lan ”sing ngekèki tugas”, Yéhuwah nduduhké nèk carané umaté Allah diatur lan dirumat bakal saya apik.

8. (a) Sapa sing nggawé kemajuan sing disebutké ing ramalané Yésaya? (b) Apa paédahé kanggo awaké dhéwé saiki? (Deloken uga kothak ” Dhèwèké Andhap Asor Nampa Naséhat”.)

8 Sapa sing nggawé umaté Allah saya maju? Yéhuwah ngendika, ”Aku bakal maringi emas, . . . Aku bakal maringi pérak, . . . lan Aku bakal nglantik katentreman.” Dadi, kemajuan ing bab carané jemaat diatur kuwi dudu merga upayané manungsa, ning merga Yéhuwah dhéwé. Lan wiwit Yésus dilantik dadi Raja, Yéhuwah nggawé kemajuan kuwi liwat Putrané. Apa paédahé kanggo awaké dhéwé saiki? Ayat sing padha kandha nèk hasilé yaiku ”katentreman” lan ”kaadilan”. Wektu nampa tuntunan saka Allah lan gelem nggawé owah-owahan, umaté Allah bakal ngrasakké katentreman. Lan merga nresnani kaadilan, awaké dhéwé bakal nglayani Yéhuwah, sing disebut Paulus, ”Gusti Allah etuking tentrem-rahayu”.​—Fp. 4:9.

9. Apa dhasar kanggo ketertiban lan kerukunan ing jemaat, lan apa sebabé?

9 Bab Yéhuwah, rasul Paulus nulis, ”Gusti Allah kuwi dudu Gusti Allah sing kisruh ning tentrem.” (1 Kr. 14:33, NW) Gatèkna nèk Paulus ora mbandhingké kahanan kisruh karo tertib, ning dibandhingké karo kahanan tentrem. Apa sebabé? Tertib durung mesthi ngasilké kahanan sing tentrem. Contoné, sakelompok prajurit baris kanthi tertib menyang dhaérah perang. Ketertiban kuwi ngasilké perang, dudu kahanan sing tentrem. Ning, katentreman saka Yéhuwah kuwi dhasar kanggo ketertiban sing migunani lan kerukunan sejati sing awaké dhéwé rasakké lan ajèni ing jemaat-jemaat sakdonya. (Ms. 29:11) Mula, wong Kristen kudu terus éling bab penting iki: Kabèh tatanan sing tertib sing dhasaré dudu katentreman, bakal gagal. Ning, katentreman saka Gusti Allah ngasilké kahanan sing tertib saklawasé. Mula, awaké dhéwé seneng merga pakumpulané Yéhuwah dituntun lan digawé murni karo ”Gusti Allah etuking tentrem-rahayu”.​—Rm. 15:33.

10. (a) Kemajuan apa sing kelakon ing pakumpulan ing taun-taun wiwitan? (Deloken kothak ” Kemajuan bab Carané Milih Pinituwa”.) (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

10 Ing kothak ” Kemajuan bab Carané Milih Pinituwa” mènèhi katrangan singkat bab owah-owahan sing migunani lan tertib ing pakumpulan ing taun-taun wiwitan. Ning, piyé owah-owahan tembaga dadi emas sing ditindakké Yéhuwah liwat Sang Raja Yésus kelakon saiki? Piyé owah-owahan bab pinituwa nggawé jemaat ing sakdonya padha tentrem lan rukun? Piyé owah-owahan kuwi mbantu panjenengan nglayani ’Allah tentrem-rahayu’?

Yésus Kristus Mimpin Jemaat

11. (a) Apa hasilé gawéan sinau Alkitab kanggo nliti bab carané jemaat Kristen abad kapisan diatur? (b) Apa tékadé sedulur-sedulur sing dadi pengurus pusat?

11 Saka taun 1964 nganti 1971, pengurus pusat ngawasi gawéan sinau Alkitab kanggo nliti akèh topik. Salah sijiné yaiku bab carané jemaat Kristen ing abad kapisan diatur. a Bab carané pakumpulan diatur, akiré dingertèni nèk jemaat Kristen abad kapisan diawasi karo sakelompok pinituwa, dudu mung siji pinituwa utawa pengawas. (Wacanen Filipi 1:1; 1 Timotéus 4:14.) Wektu bab kuwi saya dipahami, pengurus pusat dadi sadhar nèk Sang Raja Yésus lagi mbantu kanggo nggawé owah-owahan bèn carané pakumpulan diawasi dadi saya apik. Pengurus pusat nduwé tékad kanggo manut tuntunané Sang Raja, mula langsung nggawé owah-owahan ing pakumpulan, supaya pengaturan bab pinituwa cocog karo kandhané Alkitab. Apa waé owah-owahan sing digawé ing wiwitan taun 1970-an?

12. (a) Apa owah-owahan sing ditrapké kanggo pengurus pusat? (b) Piyé Pengurus Pusat saiki diatur? (Deloken kothak ” Pengurus Pusat Ngatur Kepentingan Kratoné Allah”, ing kaca 130).

12 Owah-owahan sing kapisan ditrapké kanggo pengurus pusat dhéwé. Sakdurungé ana owah-owahan, pengurus pusat anggotané mung pitu, lan dadi déwan dirèksi Lembaga Alkitab dan Risalah Menara Pengawal. Ning, ing taun 1971, jumlahé ditambah saka 7 dadi 11 anggota lan ora disebut déwan dirèksi manèh. Anggota pengurus pusat nganggep nèk saben anggota kuwi kedhudhukané padha, lan sing dadi ketua digilir saben taun miturut abjad.

13. (a) Pengaturan apa sing wis kelakon 40 taun suwéné? (b) Apa sing ditindakké Pengurus Pusat ing taun 1972?

13 Owah-owahan sakbanjuré mengaruhi jemaat. Saka taun 1932 nganti 1972, jemaat diawasi mung karo siji sedulur. Nganti taun 1936, sedulur sing dilantik kuwi disebut dirèktur dinas. Terus, jeneng kuwi diganti dadi hamba paguyuban, terus diganti manèh dadi hamba sidang, lan akiré diganti dadi pengawas sidang. Sedulur-sedulur sing dilantik kuwi semangat ngurus jemaat bèn tetep kuwat ing bab rohani. Pengawas sidang biyasané nggawé keputusan kanggo jemaat tanpa njaluk saran saka abdi liyané ing jemaat. Ning, saksuwéné taun 1972, Pengurus Pusat nyiapké owah-owahan gedhé. Apa kuwi?

14. (a) Pengaturan anyar apa sing mulai ditrapké 1 Oktober 1972? (b) Piyé koordinator pinituwa ngetrapké naséhat ing Filipi 2:3?

14 Wiwit 1 Oktober 1972, sedulur-sedulur ing jemaat sing netepi syarat Alkitab uga dilantik dadi pinituwa. Lan dadi anggotané badan pinituwa sing ngawasi jemaat. Merga pengaturan anyar iki, jemaat ora mung diawasi karo siji pinituwa Kristen, ning diawasi karo badan pinituwa. Saiki, koordinator pinituwa ora nganggep dhèwèké luwih penting timbang pinituwa liyané, ning malah dadi ”kang cilik dhéwé”. (Lk. 9:48) Sedulur-sedulur sing andhap asor iki bener-bener dadi berkah kanggo sedulur-sedulur ing sakdonya.​—Fp. 2:3.

Cetha banget nèk Sang Raja sing wicaksana nyedhiyakké pangon-pangon kanggo muridé ing wektu sing pas

15. (a) Apa waé paédah merga kabèh anggota pinituwa bebarengan nindakké tanggung jawabé ing jemaat? (b) Apa buktiné Sang Raja tumindaké wicaksana?

15 Nèk kabèh anggota pinituwa bebarengan nindakké tanggung jawabé ing jemaat, ana akèh hasil apik. Gatèkna telung paédahé: Kapisan lan sing paling penting, pengaturan kuwi mbantu kabèh pinituwa ora soal apa tugasé, dadi sadhar nèk Yésus Sing Mimpin jemaat. (Éf. 5:23) Kapindho, kaya sing dikandhakké Wulang Bebasan 15:22, ”Rancangan . . . bakal kaleksanan manawa dikanthèni juru pirembug akèh.” Nèk para pinituwa rembugan bab sing isa mengaruhi jemaat ing bab rohani, lan padha nggatèkké saben saran saka pinituwa liyané, keputusan sing digawé isa cocog karo pathokané Alkitab. (WB. 27:17) Yéhuwah bakal mberkahi keputusan kaya ngono lan keputusan kuwi bakal suksès. Katelu, nèk saya akèh sedulur dadi pinituwa, pakumpulan isa nyedhiyakké kebutuhan sing saya akèh bab ngawasi lan angon jemaat-jemaat. (Yé. 60:3-5) Coba bayangna, jumlah jemaat ing sakdonya saya mundhak akèh saka kira-kira 27.000 jemaat ing taun 1971, dadi luwih saka 113.000 ing taun 2013. Cetha banget nèk Sang Raja sing wicaksana nyedhiyakké pangon-pangon kanggo muridé ing wektu sing pas.​—Mi. 5:5.

”Dadia Tuladha tumrap Pepanthan Iku”

16. (a) Apa tanggung jawabé para pinituwa? (b) Apa sing dikandhakké majalahé awaké dhéwé bab préntahé Yésus kanggo ’angon wedhus-wedhusé’?

16 Wektu jamané Siswa-Siswa Alkitab sing wiwitan, para pinituwa wis ngerti nèk nduwé tanggung jawab kanggo mbantu sedulur seiman bèn isa tekun nglayani Yéhuwah. (Wacanen Galati 6:10.) Taun 1908, ana artikel ing majalah Watch Tower sing ngrembug préntahé Yésus, ”Engonen wedhus-wedhusKu!” (Yo. 21:15-17) Artikel kuwi ngélingké pinituwa, ”Préntahé Yésus kanggo njaga anggota jemaat sing diumpamakké kaya wedhus-wedhus, kudu diutamakké. Awaké dhéwé dikèki kaurmatan gedhé kanggo ngekèki pangan lan njaga murid-muridé Yésus.” Ing taun 1925, majalah The Watch Tower nerangké manèh bab pentingé tugasé para pinituwa dadi pangon. Artikel kuwi kandha, ”Gréjané [jemaaté] Allah kuwi duwèké Gusti Allah dhéwé, . . . lan Gusti Allah bakal nuntut tanggung jawabé kabèh wong sing éntuk kaurmatan kanggo nglayani sedulur-seduluré.”

17. Piyé para pengawas dibantu bèn luwih trampil dadi pangon ing jemaat?

17 Piyé pakumpulané Yéhuwah mbantu para pinituwa bèn saya trampil wektu angon jemaat, kaya owah-owahan saka wesi dadi pérak? Liwat pelatihan-pelatihan. Taun 1959, Sekolah Pelayanan Kerajaan (Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat) sing sepisanan, dianakké kanggo para pengawas. Salah siji sing dirembug yaiku ”Nggatèkké Saben Sedulur”. Para pengawas dikandhani kanggo ”nggawé jadwal bèn isa nekani saben anggota jemaat ing omahé”. Ing bagéan kuwi diduduhké cara-cara bèn kunjungané pinituwa isa nguwatké. Taun 1966, Sekolah Pelayanan Kerajaan sing anyar diwiwiti. Ing sekolah iki dirembug bab ”Pentingé Angon Jemaat”. Apa inti sing dirembug? Para sedulur sing nduwé tanggung jawab dadi pengawas ”kudu nggatèkké lan nresnani wedhus-wedhusé Allah, ning aja nganti nglalèkké keluarga lan tetep mèlu ing gawéan nginjil”. Akir-akir iki, ana luwih akèh manèh sekolah sing dianakké kanggo para pinituwa. Apa hasilé? Saiki, jemaat-jemaat Kristen nduwé éwonan sedulur sing trampil dadi pangon ing jemaat.

Sekolah Pelayanan Kerajaan ing Filipina, taun 1966

18. (a) Apa tugas abot sing ditindakké para pinituwa? (b) Apa sebabé Yéhuwah lan Yésus nresnani para pinituwa sing wis nyambut gawé tenanan?

18 Liwat Sang Raja Yésus, Yéhuwah nyedhiyakké para pinituwa kanggo nindakké tugas sing abot. Tugas apa? Yaiku mimpin wedhus-wedhusé Allah ngadhepi mangsa sing paling angèl ing uripé manungsa. (Éf. 4:11, 12; 2 Tm. 3:1) Yéhuwah lan Yésus nresnani para pinituwa sing wis nyambut gawé tenanan merga nindakké préntah ing Alkitab, ”Pepanthan méndané Gusti Allah kang ana ing kowé iku engonen . . . kalawan legawaning ati . . . , kalawan rasa leladi . . . , dadia tuladha tumrap pepanthan iku.” (1 Pt. 5:2, 3) Ayo dirembug rong cara piyé para pangon Kristen dadi tuladha kanggo jemaat lan tugasé sing penting kanggo nggawé katentreman lan kabungahan ing jemaat.

Carané Para Pinituwa Saiki Angon Jemaat

19. Apa sing awaké dhéwé rasakké wektu nginjil bareng karo para pinituwa?

19 Kapisan, para pinituwa kerja bareng karo anggota jemaat. Injil Lukas kandha bab Yésus, ”Gusti Yésus banjur tindak njajah kutha-kutha lan désa-désa martakaké Injil Kratoning Allah, kadhèrèkaké déning sakabaté rolas.” (Lk. 8:1) Kaya Yésus sing nginjil bareng karo para rasulé, para pinituwa saiki dadi tuladha merga kerja bareng ing gawéan nginjil karo para sedulur. Para pinituwa sadhar nèk nindakké kuwi bakal ngasilké semangat sing apik ing jemaat. Piyé perasaané anggota jemaat marang pinituwa sing kaya ngono? Sedulur wadon sing umuré mèh 90 taun, jenengé Jeannine, kandha, ”Wektu nginjil bareng pinituwa, aku nduwé kesempatan kanggo omong-omongan lan isa luwih kenal dhèwèké.” Steven, sedulur sing umuré 30-an kandha, ”Pas nginjil karo salah siji pinituwa, aku ngerti nèk dhèwèké péngin mbantu aku. Nampa bantuan kaya ngono nggawé aku bungah banget.”

Kaya pangon sing nggolèki wedhusé sing ilang, para pinituwa uga nggolèki sedulur sing wis suwé ora mèlu kagiyatané jemaat

20, 21. Piyé para pinituwa isa niru pangon ing umpama sing diwulangké Yésus? Apa contoné? (Deloken uga kothak ” Hasil Apik saka Kunjungan Seminggu Pisan”.)

20 Kapindho, pakumpulané Yéhuwah nglatih para pinituwa kanggo nggatèkké sedulur-sedulur sing wis suwé ora mèlu kagiyatané jemaat. (Ib. 12:12) Apa sebabé para pinituwa kudu mbantu sedulur-sedulur sing ringkih rohaniné, lan piyé carané mbantu? Jawabané ana ing umpama sing diwulangké Yésus. (Wacanen Lukas 15:4-7.) Ing umpama kuwi, wektu pangon nggatèkké nèk wedhusé ana sing ilang, dhèwèké nggolèki wedhusé kaya-kayané mung kuwi sing diduwèni. Piyé pinituwa Kristen saiki niru pangon kuwi? Kaya pangon sing nganggep aji wedhusé sing ilang, para pinituwa uga nganggep aji sedulur sing ora mèlu kagiyatan ing jemaat. Para pinituwa nganggep sedulur kuwi wedhus sing ilang, dudu wedhus sing ora isa ditulungi. Malah pangon mau ”nggolèki sing ilang iku nganti saketemuné”. Kaya pangon kuwi, para pinituwa uga cepet tumindak dhisik kanggo nggolèki lan mbantu wong-wong sing ringkih rohaniné.

21 Apa sing ditindakké pangon ing umpama kuwi sakwisé nemokké wedhusé? Nganggo cara sing alus wedhusé diangkat, terus ”dipanggul” lan digawa bali nèng kumpulan wedhusé. Semono uga, para pinituwa kudu nduduhké rasa prihatin sing tulus, nguwatké, lan mbantu sedulur sing ringkih rohaniné bali ing jemaat. Kuwi sing dialami Victor, sedulur ing Afrika. Dhèwèké cerita, ”Wis wolung taun aku ora aktif, ning para pinituwa terus mbantu aku.” Apa sing kususé nggawé atiné trenyuh? Victor nerangké, ”Ing sawijiné dina, John, pinituwa sing mbiyèn mèlu Sekolah kanggo Perintis bareng aku, nyedhiyakké wektu kanggo marani aku. John nduduhké foto-foto wektu aku lan dhèwèké mèlu sekolah kuwi. Aku dadi kèlingan akèh kenangan apik mbiyèn, kuwi nggawé aku kangen karo rasa bungah sing tak rasakké wektu nglayani Yéhuwah.” Ora suwé sakwisé kunjungané John, Victor bali manèh nèng jemaat. Saiki dhèwèké dadi perintis manèh. Para pinituwa sing gatèkan bener-bener mbantu awaké dhéwé bèn tetep bungah.​—2 Kr. 1:24. b

Pengaturan sing Luwih Apik bab Pengawas Nguwatké Jemaat

22. Piyé kaadilan lan katentreman isa nguwatké kerukunan ing jemaat? (Deloken uga kothak ” Aku Nggumun Tenan”.)

22 Kaya sing wis dirembug, Yéhuwah ngramalké nèk kaadilan lan katentreman bakal saya gedhé ing antarané umaté Allah. (Yé. 60:17) Rong sipat kuwi nglindhungi jemaat bèn tetep rukun. Kok isa? Bab kaadilan, ”Gusti Allah kita, Pangéran Yéhuwah iku siji”. (PT. 6:4) Pathokané Yéhuwah bab sing bener lan salah kuwi mung siji lan pathokan kuwi ditrapké ”ing sakèhé Pasamuwané para suci”. (1 Kr. 14:34) Dadi, jemaat bakal maju nèk pathokané Yéhuwah ditrapké. Bab katentreman, Sang Raja péngin awaké dhéwé ora mung ngrasakké katentreman ing jemaat, ning uga dadi wong sing ”dhemen ngrukunaké”. (Mt. 5:9) Kuwi sebabé, awaké dhéwé ”padha nggayuh [utawa, ngupaya] marang apa kang ndadèkaké rukun”. Nèk ana masalah karo para sedulur, awaké dhéwé cepet tumindak dhisik kanggo ngrampungké masalah kuwi. (Rm. 14:19) Nganggo cara kaya ngono, awaké dhéwé mèlu nggawé jemaat ngrasakké katentreman lan kerukunan.​—Yé. 60:18.

23. Apa sing dirasakké umaté Yéhuwah saiki?

23 Wektu pengaturan anyar bab pinituwa diumumké kanggo sepisanan ing terbitan majalah Watch Tower November 1895, sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab uga nduduhké pepénginané sing tulus. Kanggo apa? Sedulur-sedulur kuwi péngin lan ndonga bèn pengaturan anyar ing pakumpulan iki isa mbantu umaté Allah ”nduwé iman sing padha”. Wis puluhan taun iki, awaké dhéwé ngucap sokur merga ndelok piyé tugas ngawasi jemaat sing disedhiyakké Yéhuwah liwat Sang Raja bener-bener nguwatké kerukunan umaté Allah. (Ms. 99:4) Hasilé, saiki umaté Yéhuwah sakdonya ngrasakké bungah merga ”manut roh kang padha”, lan ”lumaku manut cara kang padha”, uga nglayani ’Allah tentrem-rahayu’”kalawan rukun”.​—2 Kr. 12:18; wacanen Zéfanya 3:9.

a Hasil sinau Alkitab sing tliti kuwi dicétak ing buku Aid to Bible Understanding.

b Deloken artikel ing majalah Menara Pengawal 15 Januari 2013 kaca 27-31, sing judhulé ”Penatua Kristen—’Rekan Sekerja bagi Sukacita Kita’”.