Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 13

Penginjil Kratoné Allah Maju ing Pengadilan

Penginjil Kratoné Allah Maju ing Pengadilan

INTINÉ BAB IKI

Kaya ramalané Yésus, umaté bakal ngadhepi tentangan hukum merga nginjil

1, 2. (a) Apa sing ditindakké para pemimpin agama bab gawéan nginjil, ning piyé tanggepané para rasul? (b) Ngapa para rasul ora gelem manut aturan ora éntuk nginjil?

 ANA kedadéan ora suwé sakwisé Péntakosta 33 M. Jemaat Kristen ing Yérusalèm lagi waé madeg pirang-pirang minggu kepungkur. Sétan ndelok iki kesempatan sing apik kanggo nyingkirké jemaat Kristen sakdurungé kuwi saya gedhé. Sétan cepet-cepet ngatur rencana supaya pemimpin agama nglarang gawéan martakké Kratoné Allah. Ning, para rasul terus kendel nginjil, lan akèh wong lanang lan wadon dadi ”padha pracaya marang Gusti”.​—PR. 4:18, 33; 5:14.

Para rasul seneng merga ”wus padha kaanggep pantes nandhang kawirangan marga saka Asma Yésus”

2 Kuwi nggawé wong-wong sing nentang saya nesu lan iki nyebabké kabèh rasul dipenjara. Ning, malaékaté Yéhuwah teka ing wayah bengi lan mbukak lawang penjara. Ésuk-ésuk para rasul bali nginjil manèh. Terus, para rasul dicekel manèh lan digawa ngadhep para panguwasa. Pas ditudhuh nglanggar aturan ora éntuk nginjil, para rasul njawab, ”Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa.” Kuwi nggawé para panguwasa saya nesu lan péngin ”nyédani para rasul”. Ning, wektu kuwi, ana wong sing ahli hukum lan diajèni yaiku Gamalièl, ngélingké para panguwasa, ”Kula aturi sami nggalih-nggalih saèstu . . . Sampun [utawa, aja] tumindak punapa-punapa tumrap tiyang-tiyang punika. Sami kaetogna kémawon.” Ora disangka-sangka, para panguwasa mau ngrungokké sarané lan mbébaské para rasul. Terus, apa sing ditindakké para rasul? Para rasul kanthi kendel terus ’mulang lan martakké Injil, yèn Sang Kristus iku Yésus’.​—PR. 5:17-21, 27-42; WB. 21:1, 30.

3, 4. (a) Cara apa sing digunakké Sétan kanggo nyerang umaté Allah? (b) Apa sing bakal dirembug ing bab iki lan rong bab sakbanjuré?

3 Kasus pengadilan ing taun 33 M kuwi kasus hukum kapisan sing diadhepi jemaat Kristen, ning kuwi dudu sing pungkasan. (PR. 4:5-8; 16:20; 17:6, 7) Nganti saiki, Sétan terus mengaruhi wong-wong sing mungsuhi ibadah sejati kanggo ngojok-ojoki para panguwasa bèn nglarang gawéan nginjilé Seksi-Seksi Yéhuwah. Wong-wong sing ora seneng mau nggunakké macem-macem tudhuhan. Contoné, awaké dhéwé ditudhuh ngganggu ketertiban utawa tukang nggawé masalah, tukang ngojok-ojoki, lan wong sing dodolan barang. Ing wektu sing cocog, para sedulur ngadhep nèng pengadilan kanggo mbuktèkké nèk tudhuhan kuwi salah. Apa hasilé? Piyé keputusan pengadilan puluhan taun sakdurungé mengaruhi panjenengan? Ayo dirembug piyé kasus-kasus pengadilan isa ”mbélani sarta nyantosakaké Injil”.​—Fp. 1:7.

4 Bab iki bakal ngrembug piyé awaké dhéwé mbéla hak bèn nduwé kebébasan kanggo nginjil. Lan rong bab sakbanjuré bakal ngrembug upaya-upaya bab hukum bèn awaké dhéwé tetep ora dadi bagéan saka donya iki, ning urip miturut pathokan saka Kratoné Allah.

Tukang Nggawé Masalah utawa Wong sing Mbéla Kratoné Allah?

5. Ing akir taun 1930-an ngapa para sedulur dicekel, lan apa sing ditindakké para sedulur sing dadi pengawas ing pakumpulan?

5 Akir taun 1930-an, kutha lan negara bagéan ing wilayah Amerika Serikat nggawé aturan yaiku, Seksi-Seksi Yéhuwah kudu nduwé surat ijin kanggo nindakké tugas nginjilé. Para sedulur ora ngurus ijin kuwi merga ngerti nèk ijin isa dibatalké. Para sedulur uga yakin nèk pamréntah ing ngendi waé ora nduwé wewenang nglarang préntahé Yésus marang wong Kristen kanggo nginjil. (Mk. 13:10) Akibaté, atusan sedulur dicekel. Kuwi nggawé para sedulur sing dadi pengawas ing pakumpulan, mikirké kanggo nggawa masalah iki nèng pengadilan. Para sedulur kuwi péngin nduduhké nèk Negara wis nggawé keputusan sing ora cocog karo hukum bab haké para Seksi kanggo bébas ngibadah. Lan ing taun 1938, ana kedadéan sing akiré dadi kasus sing penting. Kedadéan apa?

6, 7. Apa sing dialami karo keluarga Cantwell?

6 Dina Selasa ésuk tanggal 26 April 1938, limang perintis istiméwa, yaiku Sedulur Newton Cantwell umur 60 taun, bojoné yaiku Esther, lan anak-anaké, yaiku Henry, Russell, lan Jesse mangkat kanggo nginjil sedina muput ing kutha New Haven, Connecticut. Keluarga kuwi wis siyap-siyap kanggo lunga luwih saka sedina. Apa sebabé? Keluarga kuwi wis tau dicekel bola-bali, mula ngerti nèk isa waé dicekel manèh. Ning, keluarga Cantwell tetep semangat martakké Kratoné Allah. Keluarga kuwi nganggo rong mobil menyang kutha New Haven. Sedulur Newton nyopir mobil sing isiné wacan Alkitab lan fonograf, lan Henry sing umuré 22 taun nyopir mobil halo-halo. Kaya sing wis dikira sakdurungé, ora let suwé keluarga kuwi dicegat polisi.

7 Sing sepisanan dicekel yaiku Russell sing umuré 18 taun, terus Sedulur Newton lan Esther. Saka kadohan, Jesse sing umuré 16 taun, ndelok wong tuwané lan masé digiring polisi. Jesse dadi dhèwèkan, merga Henry lagi nginjil ing dhaérah liya. Senajan dhèwèkan, Jesse nggawa fonografé lan terus nginjil. Ana loro wong lanang Katolik gelem disetèlké rekaman ceramahé Sedulur Rutherford sing judhulé ”Mungsuh-Mungsuh”. Ning wektu krungu ceramah kuwi, wong lanang mau ngamuk lan arep njotosi Jesse. Jesse tetep tenang terus lunga saka kono, ning ora let suwé, dhèwèké uga dicegat polisi terus dicekel. Sedulur Esther ora dituntut, ning Sedulur Cantwell lan anak-anaké dituntut. Senajan ngono, keluarga kuwi dibébaské ing dina kuwi, nganggo dhuwit jaminan.

8. Apa sebabé pengadilan mutuské Jesse Cantwell salah lan disebut tukang nggawé masalah?

8 Pirang-pirang sasi sakwisé, pas September 1938, keluarga Cantwell ngadhep pengadilan ing New Haven. Sedulur Newton, Russell, lan Jesse divonis salah merga tudhuhan njaluk sumbangan tanpa ijin. Senajan wis njaluk bandhing nèng Pengadilan Tinggi Connecticut, Jesse tetep dituntut merga wis ngganggu katentreman, utawa dadi tukang nggawé masalah. Apa sebabé? Merga loro wong Katolik mau ngekèki katrangan ing pengadilan nèk rekaman ceramah sing disetèlké kuwi ngenyèk agamané lan nggawé tersinggung. Sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab njaluk bandhing nèng pengadilan sing paling dhuwur ing negara kuwi yaiku Mahkamah Agung AS.

9, 10. (a) Apa keputusan Mahkamah Agung AS bab kasusé keluarga Cantwell? (b) Apa paédahé kanggo awaké dhéwé saiki?

9 Saka tanggal 29 Maret 1940, Hakim Ketua sing jenengé Charles E. Hughes lan wolung hakim anggota ngrungokké katrangané Sedulur Hayden Covington, pengacarané Seksi-Seksi Yéhuwah. a Wektu jaksa negara bagéan Connecticut ngomongké katrangan kanggo mbuktèkké nèk para Seksi kuwi tukang nggawé masalah, ana hakim sing takon, ”Yésus Kristus ya ngekèki warta sing ora disenengi ing jamané, ta?” Jaksa kuwi njawab, ”Bener, lan kayané Alkitab nerangké akibat sing dialami Yésus merga ngumumké warta kaya ngono.” Tanpa sengaja, jaksa kuwi madhakké Seksi-Seksi Yéhuwah karo Yésus lan negara karo wong-wong sing ngukum Yésus. Pas tanggal 20 Mei 1940, Mahkamah nggawé keputusan sing mbéla Seksi-Seksi Yéhuwah.

Hayden Covington (ngarep, tengah), Glen How (kiwa), lan wong liyané sing metu saka gedhung pengadilan sakwisé éntuk kemenangan hukum

10 Ngapa keputusan Mahkamah kuwi penting? Keputusan kuwi nglindhungi hak lan kebébasan kanggo ngibadah. Merga Mahkamah sing mutuské, mula negara féderal, negara bagéan, utawa pamréntah dhaérah ora isa nglarang kagiyatan ibadahé Seksi Yéhuwah. Mahkamah uga ngerti nèk apa sing ditindakké Jesse ”ora . . . dadi ancaman kanggo katentreman lan ketertiban umum”. Mula, keputusan kuwi nduduhké nèk Seksi-Seksi Yéhuwah dudu tukang nggawé masalah. Iki pancèn kemenangan sing gedhé bab hukum kanggo umaté Allah. Apa paédahé saiki? Ana Seksi Yéhuwah sing uga dadi pengacara, kandha, ”Awaké dhéwé saiki isa mbagèkké kabar apik marang wong-wong, merga nduwé hak lan kebébasan kanggo ngibadah padha kaya liyané.”

Tukang Ngojok-ojoki utawa Penginjil?

Quebec sing Sengit marang Allah, Kristus, lan Kebébasan Ngisin-isinké Negara Kanada

11. Nginjil kusus apa sing ditindakké sedulur-sedulur ing Kanada, lan apa tujuané?

11 Pas taun 1940-an, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Kanada ngadhepi tentangan gedhé. Mula ing taun 1946, para sedulur nganakké nginjil kusus 16 dina kanggo mbagi selebaran sing judhulé Quebec’s Burning Hate for God and Christ and Freedom Is the Shame of All Canada (Quebec sing Sengit marang Allah, Kristus, lan Kebébasan Ngisin-isinké Negara Kanada). Tujuané, supaya wong umum dadi ngerti nèk Negara wis nglanggar hak lan kebébasan kanggo ngibadah. Selebaran patang halaman kuwi cetha nduduhké gègèran sing disebabké para klérus, tumindak kasaré polisi, lan wong-wong sing nyerang para sedulur ing propinsi Quebec. Selebaran kuwi nerangké, ”Tanpa ana dhasar hukumé, seksi-seksi Yéhuwah terus dicekel. Kira-kira ana 800 tudhuhan marang Seksi-Seksi Yéhuwah ing Greater Montreal.”

12. (a) Piyé tanggepané wong sing nentang marang gawéan mbagi selebaran mau? (b) Tumindak jahat apa sing ditudhuhké marang para sedulur? (Deloken uga cathetan.)

12 Perdana Menteri Quebec, jenengé Maurice Duplessis, sing akrab karo Kardinal Katolik Roma Villeneuve, nanggepi selebaran mau nganggo cara ngumumké ”perang tanpa welas asih” nglawan Seksi-Seksi Yéhuwah. Kuwi nyebabké tudhuhan marang Seksi dadi saya akèh saka 800 dadi 1.600. Sedulur wadon perintis kandha, ”Saking kerepé, aku nganti lali wis ping pira aku dicekel polisi.” Seksi-Seksi sing konangan mbagèkké selebaran ditudhuh wis tumindak jahat merga nyebarké ”katrangan sing ngojok-ojoki”. b

13. Sapa sing sepisanan diadili merga tudhuhan ngojok-ojoki, lan piyé keputusané pengadilan?

13 Ing taun 1947, sedulur lanang Aimé Boucher lan anak wadoné yaiku Gisèle umur 18 taun, lan Lucille 11 taun, diadili merga tudhuhan ngojok-ojoki. Tudhuhan kuwi kasus sing kapisan. Para sedulur kuwi mbagi selebaran Quebec sing Sengit ing cedhak pategalané yaiku sisih kidulé Quebec City. Sedulur Boucher kuwi sedherhana lan lembut, gawéané mung ngurus tegalé sing ora amba, lan mung sepisan-sepisan lunga nèng kutha nganggo andhongé. Mula, ora mungkin nèk para sedulur kuwi tukang nggawé masalah sing nglanggar hukum. Keluarga kuwi malah ngadhepi akèh tumindak kasar kaya sing disebutké ing selebaran. Hakim sing sengit karo Seksi ora gelem nampa bukti nèk sedulur kuwi ora salah. Hakim kuwi malah luwih percaya omongané jaksa nèk selebaran kuwi marahi wong nesu, dadi Sedulur Boucher pantes diukum. Hakim kuwi nduwé pandhangan, ngomongké sing bener kuwi tumindak jahat. Aimé lan Gisèle uga divonis salah merga nyebarké katrangan sing ngojok-ojoki, malah Lucille sing isih cilik dipenjara rong dina. Para sedulur njaluk bandhing nèng Mahkamah Agung Kanada, sing setuju mriksa kasus iki.

14. Nganti pirang-pirang taun, piyé sedulur-sedulur ing Quebec ngadhepi akèh aniaya?

14 Para sedulur ing Quebec terus kendel nginjil senajan kerep ngadhepi akèh aniaya. Hasilé kerep-kerepé nggumunké. Saksuwéné patang taun sakwisé nginjil kusus taun 1946, jumlah Seksi ing Quebec saya akèh saka 300 dadi 1.000 wong. c

15, 16. (a) Apa keputusané Mahkamah Agung Kanada ing kasusé keluarga Boucher? (b) Apa pengaruhé kemenangan iki marang para sedulur lan wong-wong liyané?

15 Ing sasi Juni 1950, Mahkamah Agung Kanada sing anggotané sangang hakim, mriksa kasusé Aimé Boucher. Enem sasi sakwisé, yaiku tanggal 18 Desember 1950, Mahkamah nggawé keputusan sing mbéla Seksi Yéhuwah. Kok isa? Sedulur Glen How, pengacarané Seksi Yéhuwah, nerangké nèk Mahkamah setuju karo pandhangané pembéla nèk ”ngojok-ojoki” tegesé marahi gègèran utawa nglawan pamréntah. Padhahal selebaran kuwi ”isiné dudu katrangan kaya ngono, kuwi dianggep mung salah siji cara mènèhi pendhapat sing ora nglanggar hukum”. Sedulur How uga nerangké, ”Aku ndelok dhéwé nèk Yéhuwah sing mènèhi kemenangan kuwi.” d

16 Keputusan Mahkamah Agung kuwi dadi kemenangan mutlak kanggo Kratoné Allah. Keputusan kuwi nyabut dhasar tuntutan saka 122 kasus liya sing nudhuh nèk Seksi-Seksi Yéhuwah ing Quebec ngojok-ojoki. Kuwi uga tegesé nèk warga negara Kanada lan Persemakmuran saiki nduwé kebébasan ngomongké pendhapaté bab sikapé pamréntah. Kemenangan kuwi uga nggawé Gréja lan Negara Quebec ora isa nglarang Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo ngibadah. e

Wong Dodolan utawa Penginjil Kratoné Allah sing Semangat?

17. Piyé carané pamréntah ngupaya nglarang gawéan nginjilé umaté Yéhuwah?

17 Kaya wong Kristen abad kapisan, umaté Yéhuwah saiki ora ”mburu kabegjan saka pangandikaning Allah” nganggo cara ngedol kuwi. (Wacanen 2 Korinta 2:17.) Ning, ana pamréntah sing ngupaya nglarang gawéan nginjil nganggo undhang-undhang perdagangan. Ayo digatèkké rong kasus pengadilan sing mbuktèkké apa Seksi Yéhuwah kuwi wong dodolan utawa penginjil.

18, 19. Piyé pamréntah Denmark ngupaya nglarang gawéan nginjil?

18 Denmark. Tanggal 1 Oktober 1932, ana undhang-undhang sing nglarang dodolan wacan sing dicétak tanpa ijin. Ning, sedulur-sedulur ora ngurus ijin kuwi. Sésuké, ana limang penginjil sing nginjil sedina muput ing Roskilde, kutha sing adohé kira-kira 30 kilomèter sisih kulon Kopenhagen, ibukotané Denmark. Pas soréné, salah siji penginjil, yaiku August Lehmann ora teka-teka. Jebulé dhèwèké dicekel merga ditudhuh dodolan tanpa ijin.

19 Tanggal 19 Desember 1932, August Lehmann diadili. Dhèwèké kandha nèk marani wong-wong kanggo nawakké wacan Alkitab, ning dhèwèké nolak nèk ditudhuh dodolan. Pengadilan setuju karo omongané, terus kandha, ”Sing ditudhuh iki . . . isa nyukupi kebutuhané dhéwé, lan [dhèwèké] ora njupuk untung utawa nduwé niyat nggolèk dhuwit nganggo cara iki, kagiyatan iki malah nggawé dhèwèké ngetokké dhuwit.” Pengadilan mbéla Seksi Yéhuwah, lan kandha nèk kagiyatané Lehmann kuwi ora isa ”dianggep dodolan”. Ning, kabèh sing mungsuhi umaté Allah terus ngupaya nglarang gawéan nginjil ing negara kuwi. (Ms. 94:20) Jaksa penuntut umum langsung njaluk bandhing nèng Mahkamah Agung. Piyé tanggepané sedulur-sedulur?

20. Apa keputusan Mahkamah Agung Denmark, lan piyé tanggepané sedulur-sedulur?

20 Seminggu sakdurungé sidang nèng Mahkamah Agung, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Denmark saya mempeng nginjil. Dina Selasa tanggal 3 Oktober 1933 Mahkamah Agung ngumumké keputusané, yaiku setuju karo pengadilan sakdurungé sing kandha nèk August Lehmann ora nglanggar undhang-undhang. Kuwi tegesé Seksi-Seksi Yéhuwah isa tetep bébas nginjil. Kanggo nduduhké rasa matur nuwun marang Yéhuwah merga wis menang ing kasus hukum iki, para sedulur luwih sregep manèh nginjilé. Malah bar keputusan Mahkamah kuwi, para sedulur ing Denmark isa nginjil tanpa diganggu pamréntah manèh.

Para Seksi sing kendel ing Denmark taun 1930-an

21, 22. Apa keputusané Mahkamah Agung AS ing kasusé Sedulur Murdock?

21 Amerika Serikat. Dina Minggu 25 Februari 1940, ana perintis jenengé Robert Murdock, Jr., lan pitung sedulur liya dicekel pas nginjil ing Jeannette, kutha cedhak Pittsburgh, ing negara bagéan Pennsylvania. Para sedulur kuwi ditudhuh ora ngurus ijin kanggo nawakké wacan. Pas njaluk bandhing, Mahkamah Agung AS setuju mriksa kasus iki.

22 Tanggal 3 Mei 1943, Mahkamah Agung ngumumké keputusané sing mbéla Seksi Yéhuwah. Mahkamah ora setuju nèk ana aturan sing kandha nèk wong-wong kudu nduwé ijin, merga kuwi ”nglanggar hak sing wis diputuské Undhang-Undhang Féderal”. Mahkamah kuwi mbatalké peraturan kota lan kandha kuwi ”ngalang-alangi kebébasan kanggo nyiarké berita lan kebébasan kanggo ngibadah”. Wektu ngandhakké pandhangané Mahkamah, Hakim William O. Douglas kandha nèk kagiyatané Seksi Yéhuwah ”ora mung nginjil, ora mung nawakké wacan agama. Kuwi gabungan saka loro-loroné”. Dhèwèké kandha, ”Kagiyatan agama kuwi padha pentingé . . . karo ngibadah nèng gréja lan ceramah saka mimbar.”

23. Apa sebabé kemenangan hukum taun 1943 penting kanggo awaké dhéwé saiki?

23 Keputusan Mahkamah Agung iki kemenangan bab hukum sing penting kanggo umaté Allah. Kuwi mbuktèkké sapa awaké dhéwé saktenané, yaiku penginjil Kristen, dudu wong dodolan. Ing dina penting taun 1943 kuwi, Seksi-Seksi Yéhuwah wis menang 12 saka 13 kasus ing Mahkamah Agung, klebu kasus Murdock. Keputusan-keputusan iki dadi dhasar sing kuwat kanggo kasus-kasus sakwisé kuwi, sing disebabké karo wong sing nentang sing nggugat haké awaké dhéwé kanggo nginjil ing panggonan umum lan saka omah nèng omah.

Kudu Luwih Manut marang Allah Ketimbang Manungsa

24. Piyé tanggepané awaké dhéwé wektu pamréntah nglarang gawéan nginjil?

24 Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni banget nèk pamréntah ngekèki hak sing sah kanggo bébas martakké kabar apik bab Kraton. Ning, nèk pamréntah nglarang gawéan nginjil, awaké dhéwé nganggo cara-cara liya bèn isa tetep nginjil. Kaya para rasul mbiyèn, ”kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa”. (PR. 5:29; Mt. 28:19, 20) Awaké dhéwé uga nggawa kasus nèng pengadilan bèn kagiyatané awaké dhéwé ora dilarang manèh. Gatèkna rong conto.

25, 26. Apa sebabé sedulur-sedulur nulis surat resmi marang Mahkamah Agung Nikaragua, lan apa hasilé?

25 Nikaragua. Tanggal 19 November 1952, utusan injil uga hamba cabang yaiku Donovan Munsterman mara nèng Kantor Imigrasi ing Managua, ibukotané Nikaragua. Dhèwèké dikon nemoni Kaptèn Arnoldo García, kepala ing kantor kuwi. Kaptèn kuwi ngandhani Donovan nèk kabèh Seksi-Seksi Yéhuwah ing Nikaragua ”dilarang neruské gawéan martakké ajarané lan nindakké kagiyatan ibadahé”. Pas ditakoni alesané, Kaptèn García nerangké nèk Seksi-Seksi Yéhuwah ora nduwé ijin saka menteri negara kanggo nindakké kagiyatané, lan Seksi Yéhuwah ditudhuh komunis. Sapa sing nudhuh? Para pemimpin agama Katolik Roma.

Para sedulur ing Nikaragua pas pelarangan

26 Sedulur Munsterman langsung njaluk bandhing nèng Kementrian Negara lan Agama uga marang Présidhèn Anastasio Somoza García, ning gagal. Dadi para sedulur nganggo cara liya, yaiku ora nggunakké Balé Ibadah, ning ngibadah ing kelompok-kelompok cilik, lan ora nginjil ing dalan manèh, ning tetep nginjil. Sedulur-sedulur uga nulis surat resmi marang Mahkamah Agung Nikaragua, njaluk Mahkamah mbatalké pelarangan kuwi. Koran-koran ngumumké pelarangan lan isiné surat resmi kuwi. Terus, Mahkamah Agung gelem mriksa kasus iki. Apa hasilé? Tanggal 19 Juni 1953, Mahkamah Agung ngetokké keputusan sing ndhukung Seksi Yéhuwah. Mahkamah iki uga ngerti nèk pelarangan kuwi nglanggar undhang-undhang sing njamin kebébasan ngomongké pendhapat, nggunakké hati nurani, lan nindakké ajaran agamané. Mahkamah uga mréntahké bèn hubungané Seksi-Seksi Yéhuwah karo pamréntah Nikaragua isa apik manèh.

27. Ngapa pendhudhuk Nikaragua kagèt karo keputusané Mahkamah, lan piyé sedulur-sedulur nganggep kemenangan iki?

27 Pendhudhuk Nikaragua padha kagèt pas ngerti nèk Mahkamah Agung mbéla Seksi Yéhuwah. Sakdurungé, merga pengaruhé pemimpin agama sing gedhé banget, Mahkamah biyasané ora gelem nggawé masalah karo pemimpin agama kuwi. Sakliyané kuwi, kuwasané pejabat pamréntah uga gedhé banget, mula Mahkamah arang nglawan keputusané pamréntah. Sedulur-sedulur yakin nèk isa menang kuwi merga dilindhungi Sang Raja lan merga terus nginjil.​—PR. 1:8.

28, 29. Ing pertengahan taun 1980-an, tentangan apa sing dialami sedulur-sedulur ing Zaire?

28 Zaire. Ing pertengahan taun 1980-an, ana kira-kira 35.000 Seksi ing Zaire, sing saiki disebut Républik Démokratik Kongo. Bèn isa tetep nindakké kagiyatan nginjil sing saya maju, kantor cabang mbangun fasilitas-fasilitas anyar. Sasi Desember 1985, ana kebaktian internasional sing dianakké nèng Kinshasa, ibukotané Kongo. Lan ana 32.000 sing teka ing stadion kuwi. Ning kahanan wektu kuwi dadi malih. Ana kedadéan apa?

29 Sedulur Marcel Filteau saka Quebec, Kanada, sing tau dianiaya pas pamréntahané Duplessis, dadi utusan injil ing Zaire wektu kuwi. Dhèwèké crita, ”Pas tanggal 12 Maret 1986, para sedulur sing dadi pengawas nampa surat sing nerangké nèk pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah ing Zaire dilarang.” Pelarangan kuwi ditandhatangani présidhèn negara kuwi, yaiku Mobutu Sese Seko.

30. Keputusan abot apa sing kudu digawé Panitya Cabang, lan akiré nggawé keputusan apa?

30 Sésuké, radhio nasional ngumumké, ”Awaké dhéwé ora bakal krungu manèh bab Seksi-Seksi Yéhuwah ing [Zaire].” Akiré Seksi-Seksi Yéhuwah dianiaya. Balé-Balé Ibadah dirusak, sedulur-sedulur dirampok, dicekel, dipenjara, lan digebugi. Anak-anaké Seksi Yéhuwah uga dipenjara. Tanggal 12 Oktober 1988, pamréntah njupuk kabèh duwèké pakumpulan, lan sakelompok tentara nguwasani fasilitas kantor cabang. Para sedulur sing dadi pengawas njaluk bandhing marang Présidhèn Mobutu, ning ora éntuk jawaban. Wektu kuwi, Panitya Cabang kudu nggawé keputusan sing abot, ”Njaluk bandhing ing Mahkamah Agung, utawa ngentèni?” Utusan injil lan koordinator Panitya Cabang wektu kuwi, sing jenengé Timothy Holmes, crita, ”Aku lan para sedulur ndonga marang Yéhuwah njaluk tuntunan lan kawicaksanan.” Sakwisé mikirké tenanan, panitya ngrasa nèk durung wektuné nggawa masalah iki nèng pengadilan. Panitya cabang malah fokus nggatèkké sedulur-sedulur lan nggolèk cara kanggo terus nindakké gawéan nginjil.

”Wektu disidang, aku lan para sedulur ndelok piyé Yéhuwah isa ngowahi kahanan”

31, 32. Keputusan sing nggumunké apa saka Mahkamah Agung Zaire, lan apa pengaruhé marang para sedulur?

31 Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, tentangan marang Seksi-Seksi Yéhuwah saya suda, lan hak asasi ing negara kuwi saya diajèni. Panitya Cabang nyimpulké nèk saiki wektuné njaluk bandhing nèng Mahkamah Agung Zaire. Sing nggumunké, Mahkamah Agung setuju mriksa kasus kuwi. Ing tanggal 8 Januari 1993, mèh pitung taun sakwisé présidhèn nglarang, Mahkamah mutuské nèk tumindaké pamréntah marang Seksi-Seksi Yéhuwah nglanggar hukum. Akiré pelarangan kuwi dicabut. Bayangna résiko sing isa dialami para hakim merga mbatalké keputusan présidhèn negara kuwi. Sedulur Holmes kandha, ”Wektu disidang, aku lan para sedulur ndelok piyé Yéhuwah isa ngowahi kahanan.” (Dn. 2:21) Kemenangan iki nguwatké imané para sedulur. Sedulur-sedulur ngrasakké nèk Sang Raja Yésus, nuntun rakyaté kanggo ngerti kapan lan piyé carané tumindak.

Seksi-Seksi Yéhuwah ing Républik Démokratik Kongo padha bungah merga kagiyatan ibadahé wis ora dilarang manèh

32 Kantor cabang isa éntuk ijin kanggo para utusan injil sing teka ing Zaire, mbangun fasilitas cabang sing anyar, lan ngimpor wacan Alkitab merga pelarangan wis dicabut. f Abdiné Yéhuwah ing sakdonya bungah banget merga ndelok carané Yéhuwah nglindhungi umaté ing bab rohani.​—Yé. 52:10.

”Gusti Allah kang Mitulungi Aku”

33. Apa sing isa disinaoni saka rembugan bab kemenangan ing kasus-kasus hukum?

33 Rembugan bab kemenangan ing kasus-kasus hukum iki dadi bukti nèk Yésus netepi janjiné, ”Aku dhéwé kang bakal maringi marang kowé tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowé ora bisa dilawan utawa dibantah déning mungsuh-mungsuhmu.” (Wacanen Lukas 21:12-15.) Kadhang kala, Yéhuwah nggunakké wong-wong sing kaya Gamalièl kanggo nglindhungi umaté utawa nggawé para hakim lan pengacara nindakké sing adil. Yéhuwah wis nggawé senjatané para mungsuh dadi ora mempan. (Wacanen Yésaya 54:17.) Tentangan ora bakal ngendhegké gawéané Yéhuwah.

34. Ngapa kemenangan ing bab hukum iki nggumunké banget, lan apa sing dibuktèkké karo kemenangan-kemenangan hukum iki? (Deloken uga kothak ” Kemenangan Penting ing Mahkamah Agung Nggawé Gawéan Nginjil Saya Maju”.)

34 Kemenangan ing bab hukum iki nggumunké, merga Seksi-Seksi Yéhuwah dudu wong sing nduwé pengaruh utawa wong penting, ora mèlu pemilu, ora ndhukung kampanye politik, lan ora ngupaya mengaruhi para politikus. Para sedulur sing ngadhep ing pengadilan dianggep mung ”wong lumrah lan dudu wong pasinaon”. (PR. 4:13) Mula, kayané ora mungkin pengadilan gelem nggawé keputusan sing mbéla awaké dhéwé lan nglawan wong sing sakjané nduwé pengaruh kuwat ing agama lan politik. Ning nyatané, pengadilan wis bola-bali nggawé keputusan sing mbéla awaké dhéwé. Kemenangan-kemenangan hukum iki mbuktèkké nèk Yéhuwah nuntun umaté liwat Yésus. (2 Kr. 2:17) Mula, kaya rasul Paulus, awaké dhéwé isa kandha, ”Gusti Allah kang mitulungi aku. Aku bakal ora wedi.”​—Ib. 13:6.

a Kasus Cantwell v. State of Connecticut kuwi kasus kapisan saka 43 kasus ing Mahkamah Agung AS, sing dibéla karo Sedulur Hayden Covington. Sedulur kuwi mati taun 1978. Bojoné, yaiku Dorothy, setya ngabdi nganti mati taun 2015 wektu umuré 92 taun.

b Tudhuhan iki dhasaré undhang-undhang taun 1606. Juri isa mutuské wong dianggep salah nèk juri ngrasa omongané wong kuwi isa nggawé gègèran, senajan apa sing diomongké kuwi bener.

c Ing taun 1950, ana 164 perintis biasa lan abdi kusus sing ngabdi ing Quebec, klebu 63 lulusan Giléad sing lila ditugaské nèng Quebec, senajan ngerti nèk bakal ngadhepi akèh tentangan abot ing kana.

d Sedulur W. Glen How kuwi penaséhat hukum sing kendel. Saka taun 1943 nganti 2003, dhèwèké kendel ngurusi atusan kasus Seksi-Seksi Yéhuwah ing Kanada lan negara liya.

e Kanggo katrangan luwih akèh bab kasus iki, deloken artikel ”Ini Bukan Pertempuran Kamu, tetapi Pertempuran Allah” ing Sedarlah! 22 April 2000, kaca 18-24.

f Senajan tentara-tentara akiré ninggalké fasilitas kantor cabang, ning fasilitas cabang sing anyar dibangun ing dhaérah liya.