Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 15

Ngupayakké Kebébasan kanggo Ngibadah

Ngupayakké Kebébasan kanggo Ngibadah

INTINÉ BAB IKI

Yésus Kristus mbantu upayané para muridé éntuk pengakuan hukum lan hak kanggo manut hukumé Allah

1, 2. (a) Apa buktiné nèk panjenengan rakyaté Kratoné Allah? (b) Ngapa Seksi-Seksi Yéhuwah kadhangkala kudu ngupaya bèn isa bébas ngibadah?

 APA panjenengan rakyaté Kratoné Allah? Nèk panjenengan Seksi-Seksi Yéhuwah, mesthi jawabané iya. Apa buktiné nèk panjenengan rakyaté Kratoné Allah? Buktiné dudu paspor utawa dhokumèn liyané, ning kuwi nyata saka carané panjenengan ngibadah marang Allah Yéhuwah. Ibadah sejati kuwi ora cukup mung apa sing dipercayani, ning uga tumindak. Panjenengan kudu manut hukumé Kratoné Allah ing urip saben dina, kuwi klebu carané ngurus keluarga lan tanggepané panjenengan wektu ana masalah keséhatan.

2 Ning, wong-wong ing donya iki kerep-kerepé ora ngajèni pakurmatan kanggo dadi rakyaté Kratoné Allah lan uga syarat-syaraté. Ana pamréntah sing nglarang utawa malah péngin nyingkirké ibadahé awaké dhéwé. Kadhang kala, rakyaté Yésus ngupaya bèn nduwé kebébasan kanggo urip manut hukumé Sang Raja. Kuwi ora nggumunké, merga umaté Yéhuwah ing jaman Alkitab uga kerep ngupaya bèn isa bébas ngibadah marang Yéhuwah.

3. Apa sing kudu diupayakké umaté Allah pas jamané Ratu Èster?

3 Gatèkna ceritané Ratu Èster. Umaté Allah ing jamané kudu ngupaya bèn tetep urip. Apa sebabé? Perdana Menteri Pèrsia sing jahat, jenengé Haman, ngandhani Raja Pèrsia sing jenengé Ahasywéros kanggo matèni kabèh wong Yahudi ing negarané. Alesané merga ”adat-tata-caranipun béda kaliyan adat-tata-caranipun sakathahipun bangsa sanèsipun”. (Ès. 3:8, 9, 13) Apa Yéhuwah nglalèkké umaté? Ora, Yéhuwah mberkahi upayané Èster lan Mordekhai merga kendel njaluk welas asihé raja Pèrsia bèn gelem nglindhungi umaté Yéhuwah.—Ès. 9:20-22.

4. Apa sing bakal dirembug ing bab iki?

4 Piyé ing jaman modhèren? Kaya sing wis disinaoni ing bab sakdurungé, kadhang kala pamréntah nentang Seksi-Seksi Yéhuwah. Ing bab iki bakal dirembug carané pamréntah nglarang ibadahé awaké dhéwé. Ayo digatèkké telung bab iki, (1) haké awaké dhéwé kanggo dadi pakumpulan lan ngibadah nganggo cara sing dadi pilihané awaké dhéwé, (2) kebébasan kanggo milih perawatan keséhatan sing cocog karo pathokané Alkitab, lan (3) haké wong tuwa kanggo ndhidhik anaké miturut pathokané Yéhuwah. Ing saben bab, awaké dhéwé bakal ndelok piyé rakyat sing setya kuwi ngupaya tenanan bèn tetep nduwé pakurmatan dadi rakyaté Kratoné Allah lan piyé upaya kuwi diberkahi.

Ngupaya Bèn Éntuk Pengakuan Hukum lan Hak Asasi

5. Apa paédahé pengakuan hukum kanggo wong Kristen sejati?

5 Kanggo ngibadah marang Yéhuwah, sakjané awaké dhéwé ora butuh pengakuan hukum saka pamréntah. Ning nèk éntuk pengakuan hukum, awaké dhéwé isa luwih gampang ngibadah, contoné isa bébas ngumpul kanggo ibadah ing Balé Ibadah lan Balé Kebaktian, kanggo nyétak lan ngimpor wacan Alkitab, lan kanggo mbagèkké kabar apik marang akèh wong tanpa ndhelik-ndhelik lan ditentang. Ing akèh negara, Seksi-Seksi Yéhuwah resmi kedaftar lan isa bébas ngibadah kaya agama-agama liya sing diakoni. Ning, piyé nèk pamréntah ora gelem mènèhi pengakuan hukum utawa nentang hak asasiné awaké dhéwé?

6. Tentangan apa sing diadhepi Seksi-Seksi Yéhuwah ing Australia ing wiwitan taun 1940-an?

6 Australia. Ing wiwitan taun 1940-an, gubernur jéndral Australia nganggep nèk kapercayané Seksi Yéhuwah ”ngganggu” upaya perang. Mula kagiyatané Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang. Seksi-Seksi Yéhuwah ora isa bébas teka ing pakumpulan ibadah utawa bébas nginjil. Gawéan ing Bètel mandheg, lan Balé Ibadah disita. Nduwé wacan-wacan Alkitab uga dilarang. Seksi-Seksi Yéhuwah ing Australia terus nindakké kagiyatan rohaniné ndhelik-ndhelik nganti pirang-pirang taun. Akiré, tanggal 14 Juni 1943, Mahkamah Agung Australia nyabut larangan kuwi.

7, 8. Terangna upaya-upayané para sedulur ing Rusia nganti pirang-pirang taun bèn isa bébas ngibadah.

7 Rusia. Kagiyatané Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang karo Komunis suwéné puluhan taun, ning akiré resmi kedaftar taun 1991. Sakwisé Uni Soviet dibubarké, awaké dhéwé éntuk pengakuan hukum saka Féderasi Rusia taun 1992. Ning ora let suwé, jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah sing saya akèh nggawé wong-wong sing nentang ora seneng, utamané sing dadi bagéan saka Gréja Ortodoks Rusia. Saka taun 1995 nganti taun 1998, wong-wong kuwi ngejokké limang tudhuhan pidana marang Seksi-Seksi Yéhuwah. Ning jaksa ora nemokké bukti siji-sijia nèk Seksi Yéhuwah salah. Terus taun 1998, wong-wong kuwi ngejokké gugatan perdata. Mauné Seksi-Seksi Yéhuwah menang, ning wong-wong sing nentang nolak keputusan kuwi lan Seksi-Seksi kalah pas sidang bandhing sasi Mei 2001. Kasus kuwi disidangké manèh sasi Oktober taun kuwi, terus taun 2004, pengadilan mutuské kanggo mbubarké badan hukum Seksi-Seksi Yéhuwah ing Moskwa lan nglarang kagiyatané.

8 Sakwisé kuwi, ana panganiaya sing terus-terusan. (Wacanen 2 Timotéus 3:12.) Seksi Yéhuwah diganggu lan diserang. Wacan-wacané dirampas lan ora diijinké nyéwa utawa mbangun panggonan kanggo ngibadah. Bayangna perasaané para sedulur wektu ngadhepi akèh kasusahan kuwi. Taun 2001, Seksi-Seksi njaluk bandhing nèng Mahkamah Eropa untuk Hak Asasi Manusia (ECHR), lan taun 2004, ana katrangan tambahan sing dikèkké marang ECHR. Taun 2010, ECHR nggawé keputusan. ECHR ngerti Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang merga negara Rusia ora ngajèni agama liya. ECHR uga nyimpulké nèk keputusan pengadilan sakdurungé ora nduwé dhasar, merga ora ana bukti nèk Seksi-Seksi Yéhuwah salah. Pelarangan kuwi tujuané bèn Seksi Yéhuwah ora nduwé hak-hak hukum. Keputusané Mahkamah kuwi ndhukung haké Seksi Yéhuwah kanggo bébas nduwé agama. Senajan ana pejabat-pejabat Rusia sing ora gelem manut keputusané ECHR, ning kemenangan iki nggawé umaté Allah ing negara kuwi saya kendel.

Titos Manoussakis (Deloken paragraf 9)

9-11. Ing Yunani, piyé umaté Yéhuwah ngupaya bèn isa bébas ngibadah, lan apa hasilé?

9 Yunani. Taun 1983, Titos Manoussakis nyéwa ruangan ing Heraklion, Kreta, bèn sakelompok cilik Seksi-Seksi Yéhuwah isa ngumpul kanggo ngibadah. (Ib. 10:24, 25) Ning, salah siji pastor Ortodoks langsung protès marang pamréntah merga ruangan kuwi digunakké kanggo ngibadah. Apa sebabé pastor kuwi protès? Mung merga ajarané Seksi Yéhuwah béda karo ajarané Gréja Ortodoks. Pamréntah nggunakké hukum pidana marang Sedulur Titos Manoussakis lan telung sedulur liyané. Para sedulur kuwi didhendha lan dipenjara rong sasi. Merga dadi rakyat sing setya saka Kratoné Allah, Seksi-Seksi nganggep keputusan pengadilan kuwi ngganggu kebébasané kanggo ngibadah, mula kasus kuwi digawa nèng pengadilan negeri lan akiré nèng ECHR.

10 Ing taun 1996, ECHR malah nggawé keputusan sing mbéla Seksi Yéhuwah lan nentang wong-wong sing mungsuhi Seksi Yéhuwah. Mahkamah mutuské nèk ”Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi klebu ing ’agama sing diakoni’ kaya sing diatur ing undhang-undhang Yunani” lan pengadilan-pengadilan sakdurungé wis ”ngganggu kebébasané Seksi Yéhuwah kanggo nduwé agama”. Mahkamah uga ngerti nèk pamréntah Yunani ora nduwé hak kanggo ”nemtokké ajaran utawa carané ngibadah kuwi bener utawa salah”. Hukuman marang Seksi Yéhuwah dibatalké lan Seksi Yéhuwah bébas ngibadah.

11 Senajan wis menang, ning isih ana masalah ing Yunani. Ing taun 2012, ana kasus sing padha ing Kassandreia, Yunani. Kasus hukum iki rampung sakwisé mèh 12 taun ngupaya. Kasus kuwi disebabké karo salah siji pastor Ortodoks. Déwan Negara, yaiku lembaga pengadilan sing paling kuwasa ing Yunani wis menangké umaté Allah. Keputusan kuwi dhasaré undhang-undhang Yunani sing njamin kebébasan nduwé agama, lan mbatalké tudhuhan nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi agama sing ora diakoni pamréntah. Pengadilan kandha, ”Ajarané ’Seksi-Seksi Yéhuwah’ kuwi ora ditutup-tutupi, mula agama kuwi dadi agama sing diakoni.” Anggota jemaat ing Kassandreia seneng banget merga saiki isa ngumpul kanggo ngibadah ing Balé Ibadahé dhéwé.

12, 13. Ing Prancis, piyé wong-wong sing nentang umaté Allah nggunakké akèh cara kanggo ”ngrancang bilai adhedhasar katetepan”, lan apa hasilé?

12 Prancis. Wong-wong sing nentang umaté Allah nggunakké akèh cara kanggo ”ngrancang bilai adhedhasar katetepan”. (Wacanen Jabur 94:20.) Contoné, ing pertengahan taun 1990-an, para pejabat pajeg ing Prancis mulai mriksa keuangan Association Les Témoins de Jéhovah (ATJ), yaiku salah siji badan hukumé Seksi-Seksi Yéhuwah ing Prancis. Menteri anggaran nerangké tujuané audit kuwi, ”Audit isa ngakibatké pakumpulan kuwi dibubarké utawa dipidana . . . , sing akibaté isa ngganggu utawa malah ngendhegké kagiyatané pakumpulan kuwi ing negara iki.” Senajan bar diaudit ora ana bukti nèk wis nindakké salah, ning pejabat pajeg tetep nuntut ATJ kanggo mbayar pajeg sing larang banget. Nèk nganti kuwi kelakon, para sedulur bakal kepeksa nutup kantor cabang lan ngedol gedhung-gedhungé kanggo mbayar pajeg sing larang banget. Senajan susah, ning sedulur-sedulur ora nyerah. Seksi-Seksi mrotès tumindak ora adil kuwi lan akiré kasusé digawa nèng ECHR taun 2005.

13 Mahkamah ngetokké keputusan tanggal 30 Juni 2011. Mahkamah nduwé pandhangan nèk hak kanggo bébas nduwé agama kuduné nggawé Negara ora nemtokké ajaran utawa carané ngibadah kuwi bener utawa salah, kejaba ing kasus sing parah banget. Terus, Mahkamah uga kandha, ”Pajeg kuwi . . . isa ngentèkké bandhané pakumpulan lan kuwi nggawé anggotané ora isa bébas nindakké kagiyatan ibadahé.” Mahkamah nggawé keputusan sing menangké Seksi Yéhuwah. Umaté Yéhuwah seneng banget merga pamréntah Prancis mbalèkké manèh dhuwit pajeg lan bungané marang ATJ. Pamréntah Prancis manut préntahé Mahkamah lan mbalèkké fasilitas cabang sing wis disita.

Panjenengan isa ajeg ndongakké sedulur-sedulur sing saiki ngadhepi tumindak ora adil ing bab hukum

14. Apa sing isa panjenengan tindakké kanggo ndhukung bèn umaté Yéhuwah isa bébas ngibadah?

14 Kaya Èster lan Mordekhai mbiyèn, umaté Yéhuwah saiki ngupaya bèn isa bébas ngibadah marang Yéhuwah nganggo cara sing wis ditemtokké. (Ès. 4:13-16) Kanggo ndhukung kuwi, panjenengan isa ajeg ndongakké sedulur-sedulur sing saiki ngadhepi tumindak ora adil ing bab hukum. Donga sing kaya ngono kuwi gedhé kekuwatané kanggo para sedulur sing kasusahan lan dianiaya. (Wacanen Yakobus 5:16.) Apa Yéhuwah njawab donga kaya ngono? Kemenangan ing bab hukum mbuktèkké nèk Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé.​—Ib. 13:18, 19.

Kebébasan Milih Perawatan Keséhatan sing Cocog karo Pathokané Alkitab

15. Apa sing kudu diéling-éling umaté Allah bab nggunakké getih?

15 Kaya sing dirembug ing Bab 11, rakyat Kratoné Allah nampa tuntunan Alkitab sing cetha bèn ora nggunakké getih nganggo cara sing salah, sing wis umum saiki. (Pd. 9:5, 6; Km. 17:11; wacanen Para Rasul 15:28, 29.) Senajan ora nampa tranfusi getih, awaké dhéwé péngin éntuk perawatan keséhatan sing paling apik kanggo awaké dhéwé lan wong-wong sing ditresnani, sing penting cocog karo hukumé Allah. Pengadilan sing paling kuwasa ing akèh negara ngakoni nèk saben wong nduwé hak kanggo nampa utawa nolak perawatan keséhatan sing cocog karo hati nurani utawa kapercayané. Ning, ing akèh panggonan, umaté Allah ngadhepi tentangan. Gatèkna contoné.

16, 17. Apa sing dialami Sedulur Takeda sing marahi dhèwèké kagèt, lan piyé dongané dijawab?

16 Jepang. Misae Takeda kuwi ibu-ibu sing umuré 63 taun ing Jepang, lan kudu nglakoni operasi besar. Dhèwèké péngin setya marang Kratoné Allah. Mula, Sedulur Takeda njelaské marang dhokteré nèk péngin éntuk perawatan tanpa getih. Ning pirang-pirang sasi sakwisé kuwi, dhèwèké kagèt merga pas operasi jebulé dhèwèké ditranfusi. Sedulur Takeda ngrasa wis diapusi lan haké wis dilanggar, mula dhèwèké nuntut dhokter lan rumah sakit kuwi ing sasi Juni 1993. Wong wadon sing sedherhana lan omongané alus kuwi nduwé iman sing kuwat. Nèng ngarepé akèh wong ing ruang pengadilan, dhèwèké kendel mènèhi kesaksian. Luwih saka sakjam dhèwèké ngadeg senajan awaké lemes. Dhèwèké teka nèng sidang sing pungkasan sesasi sakdurungé mati. Sipat kendelé lan imané nggumunké banget. Sedulur Takeda kandha nèk dhèwèké terus ndonga bèn Yéhuwah mberkahi upayané lan yakin dongané bakal dijawab. Apa pancèn ngono?

17 Telung taun sakwisé Sedulur Takeda mati, Mahkamah Agung Jepang nggawé keputusan sing mbéla Sedulur Takeda. Mahkamah setuju nèk tumindaké rumah sakit kuwi salah merga ora ngajèni haké pasièn kanggo nolak tranfusi getih. Keputusan tanggal 29 Februari 2000, kandha nèk ”hak kanggo mutuské” ing kasus kaya ngéné ”kudu diajèni merga kuwi hak asasi”. Saiki, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Jepang isa nampa perawatan keséhatan tanpa wedi dipeksa nampa tranfusi getih, merga Sedulur Takeda wis ngupayakké kebébasan kanggo milih perawatan sing cocog karo hati nuraniné.

Pablo Albarracini (Deloken paragraf 18 nganti 20)

18-20. (a) Piyé pengadilan bandhing ing Argentina ndhukung haké wong kanggo nolak tranfusi getih liwat kertu katrangan mèdhis? (b) Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé manut karo Kratoné Allah bab nggunakké getih?

18 Argentina. Piyé rakyat Kratoné Allah isa siyap nggawé keputusan keséhatan nèk dhèwèké ora sadhar? Kaya sing ditindakké Pablo Albarracini, awaké dhéwé kudu nggawa terus dhokumèn hukum sing isa dadi wakilé awaké dhéwé. Ing sasi Mei 2012, Sedulur Pablo dadi korban perampokan lan ditémbak luwih saka sepisan. Dhèwèké digawa nèng rumah sakit pas kahanané ora sadhar, mula ora isa njelaské bab pendhiriané sing nolak tranfusi. Ning, dhèwèké nggawa kertu katrangan mèdhis sing wis ditandhatangani luwih saka patang taun kepungkur. Senajan kondhisiné kritis lan para dhokter ngrasa kudu ditranfusi kanggo nylametké nyawané, ning staf mèdhis péngin ngajèni pendhiriané. Bapaké Pablo sing dudu Seksi Yéhuwah njaluk supaya pengadilan mbatalké pepénginané anaké.

19 Pengacara sing makili bojoné Pablo langsung njaluk bandhing. Ora let suwé, pengadilan bandhing mbatalké préntah pengadilan sakdurungé lan mutuské nèk pepénginané pasièn ing kertu mèdhis kuwi kudu diajèni. Bapaké Pablo njaluk bandhing ing Mahkamah Agung Argentina. Ning, Mahkamah Agung ”yakin nèk [keputusané Pablo kanggo nolak tranfusi getih sing ditulis ing kertu mèdhis] digawé merga wis dipikir tenanan, pancèn kuwi pepénginané, lan ora ana sing meksa”. Mahkamah Agung kandha, ”Saben wong sing wis diwasa lan sanggup, éntuk ngandhakké dhisik pilihan kanggo perawatan keséhatané, lan éntuk nolak utawa nampa salah siji perawatan keséhatan . . . Pilihan kuwi kudu ditindakké kabèh dhokter sing nangani.”

Apa panjenengan wis ngisi kertu katrangan mèdhis?

20 Sedulur Albarracini saiki wis séhat tenan. Dhèwèké lan bojoné ngucap sokur merga wis ngisi kertu mèdhis. Senajan kayané sedherhana, ning ngisi kertu mèdhis kuwi penting banget. Kuwi nduduhké nèk dhèwèké manut karo pamréntahané Kristus, liwat Kratoné Allah. Apa panjenengan lan keluarga uga wis ngisi kertu mèdhis?

April Cadoreth (Deloken paragraf 21 nganti 24)

21-24. (a) Kok isa Mahkamah Agung Kanada akiré nggawé keputusan sing apik bab perawatan keséhatan kanggo bocah-bocah? (b) Piyé kasus iki nguwatké umaté Yéhuwah sing isih enom?

21 Kanada. Pengadilan umumé ngakoni nèk wong tuwa nduwé hak nemtokké perawatan keséhatan sing paling apik kanggo anak-anaké. Kadhang pengadilan uga mutuské, senajan isih bocah, ning nèk wong kuwi wis isa nggawé keputusan dhéwé bab perawatan keséhatan, keputusané tetep kudu diajèni. Contoné Sedulur April Cadoreth. Pas umuré 14 taun, April mlebu rumah sakit merga pendharahan sing parah. Pirang-pirang sasi sakdurungé, dhèwèké wis ngisi Kertu Katrangan Mèdhis nèk dhèwèké ora gelem ditranfusi senajan kahanané kritis. Dhokter sing nangani ora ngajèni pilihané April sing cetha, malah ngupaya éntuk préntah pengadilan kanggo nranfusi April. April dipeksa tranfusi telung kanthong sèl darah mérah. April madhakké pengalaman kuwi kaya pemerkosaan.

22 April lan wong tuwané nggawa masalah iki nèng pengadilan. Sakwisé rong taun, kasusé digawa nèng Mahkamah Agung Kanada. Senajan kasusé April ora ngowahi undhang-undhang, ning Mahkamah mbayari biaya perkarané April. Lan ngetokké keputusan sing menangké April lan bocah-bocah liyané sing ngupaya bèn isa nggunakké haké kanggo milih perawatan keséhatan sing dipéngini. Mahkamah kandha, ”Cah enom sing umuré kurang saka 16 taun, diijinké kanggo nduduhké pandhangané bab perawatan keséhatan sing dipilih, sing mbuktèkké nèk dhèwèké wis diwasa lan isa nggawé keputusan dhéwé.”

23 Kasus kuwi penting merga Mahkamah Agung ngakoni hak sing dhasaré undhang-undhang bab bocah-bocah sing wis isa nggawé keputusan dhéwé. Sakdurungé keputusan kuwi, pengadilan Kanada nduwé hak nemtokké perawatan keséhatan sing dianggep paling apik kanggo bocah sing umuré kurang saka 16 taun. Ning sakwisé keputusan kuwi, pengadilan ora éntuk nemtokké perawatan, tanpa ngekèki bocah kuwi kesempatan dhisik kanggo mbuktèkké nèk dhèwèké wis isa nggawé keputusan dhéwé.

”Aku seneng banget merga isa mèlu ngluhurké asmané Allah lan mbuktèkké Sétan kuwi tukang ngapusi”

24 Apa upayané April saksuwéné telung taun kuwi siya-siya? Jaré April, ”Ora.” Saiki, April wis séhat lan dadi perintis biasa. April kandha, ”Aku seneng banget merga isa mèlu ngluhurké asmané Allah lan mbuktèkké Sétan kuwi tukang ngapusi.” Pengalamané April iki nduduhké nèk cah-cah enom isa nduwé pendhirian sing kuwat lan mbuktèkké nèk dhèwèké rakyat Kratoné Allah sing sejati.​—Mt. 21:16.

Kebébasan Ndhidhik Anak Manut Pathokané Yéhuwah

25, 26. Masalah apa sing isa kedadéan nèk ana wong tuwa sing pegatan?

25 Yéhuwah maringi para wong tuwa tanggung jawab kanggo nggedhèkké anak-anaké miturut pathokané Yéhuwah. (PT. 6:6-8; Éf. 6:4) Tugas kuwi angèl, lan saya angèl nèk wong tuwané pegatan. Pandhangan bab cara ndhidhik anak isa béda. Contoné, wong tuwa sing Seksi péngin anaké didhidhik nganggo pathokané Alkitab, ning wong tuwa sing dudu Seksi ora setuju. Wong tuwa Seksi kudu tetep éling nèk senajan wis pegatan karo bojoné, ning hubungan antarané anak karo wong tuwa ora malih.

26 Wong tuwa sing dudu Seksi mungkin nulis surat resmi nèng pengadilan bèn isa éntuk hak asuh, lan isa nemtokké agama kanggo anaké. Ana sing nudhuh nèk ajarané Seksi Yéhuwah mbebayani kanggo anak-anak, merga bocah kuwi ora isa ngrayakké ulang taun, riyaya-riyaya, lan bakal mati merga ora éntuk nampa tranfusi darah sing isa ”nylametké nyawa”. Senajan ngono, akèh pengadilan nggawé keputusan sing dhasaré apa sing paling apik kanggo bocah-bocah, lan dudu merga dhasar agamané wong tuwa. Gatèkna contoné.

27, 28. Piyé tanggepané Pengadilan Tinggi Ohio bab tudhuhan nèk bocah didhidhik dadi Seksi Yéhuwah kuwi mbebayani?

27 Amerika Serikat. Ing taun 1992, Pengadilan Tinggi Ohio mriksa kasus gugatan saka bapak sing dudu Seksi, sing anaké jenengé Bobby. Bapak kuwi nudhuh nèk anaké didhidhik dadi Seksi-Seksi Yéhuwah isa mbebayani. Pengadilan sakdurungé setuju lan mutuské nèk hak asuh dikèkké marang bapaké. Ibuné Bobby sing jenengé Jennifer Pater diijinké nemoni anaké, ning ora éntuk ”mulang utawa nerangké ajarané Seksi Yéhuwah marang anaké nganggo cara apa waé”. Keputusan pengadilan iki padha waé nglarang Sedulur Jennifer omongan karo anaké bab Alkitab utawa pathokan Alkitab bab moral. Perasaané Sedulur Jennifer mesthi nelangsa banget, ning dhèwèké sinau bèn dadi luwih sabar lan nunggu Yéhuwah tumindak. Dhèwèké kandha, ”Yéhuwah ora tau ninggalké aku.” Pengacarané sing uga dibantu pakumpulané Yéhuwah, njaluk bandhing nèng Pengadilan Tinggi Ohio.

28 Pengadilan Tinggi ora setuju karo pengadilan sakdurungé, lan kandha nèk ”wong tuwa nduwé hak dhasar kanggo ndhidhik anaké, klebu hak kanggo mulang bab moral lan agamané”. Pengadilan ora nduwé hak kanggo mbatesi hak asuhé wong tuwa merga agama, nèk ora ana bukti sing nduduhké ajaran agama kuwi mbebayani fisik lan méntalé bocah. Ing kasus iki, pengadilan ora nemokké bukti apa-apa sing nduduhké nèk ajaran agama Seksi Yéhuwah kuwi mbebayani fisik lan méntalé bocah.

Akèh pengadilan wis ngekèki hak asuh marang wong tuwa Kristen

29-31. Apa sebabé sedulur wadon ing Denmark kélangan hak asuh marang anaké wédok, lan apa keputusané Mahkamah Agung Denmark bab iki?

29 Denmark. Anita Hansen uga ngadhepi masalah sing padha wektu mantan bojoné nggawé surat resmi nèng pengadilan bèn éntuk hak asuh marang anaké sing jenengé Amanda, umur pitung taun. Senajan pengadilan distrik mènèhi hak asuh marang Sedulur Hansen ing taun 2000, ning bapaké Amanda njaluk bandhing nèng pengadilan tinggi. Pengadilan kuwi mbatalké keputusan pengadilan distrik, lan ngekèkké hak asuh marang bapaké Amanda. Pengadilan tinggi kandha nèk wong tuwa nduwé pandhangan sing béda bab urip merga agamané, sing luwih cocog éntuk hak asuh kuwi bapaké, merga bapak dianggep luwih isa ngrampungké masalah kuwi. Intiné, Sedulur Hansen ora éntuk hak asuh merga dhèwèké Seksi Yéhuwah.

30 Wektu ngadhepi kahanan sing angèl kuwi, Sedulur Hansen nelangsa banget nganti dhèwèké ora ngerti apa sing arep didongakké. Dhèwèké kandha, ”Ning, aku kelipur karo ayat ing Rum 8:26 lan 27. Aku ngrasa nèk Yéhuwah wis ngerti maksudku. Yéhuwah nggatèkké aku lan ora ninggalké aku.”​—Wacanen Jabur 32:8; Yésaya 41:10.

31 Sedulur Hansen njaluk bandhing nèng Mahkamah Agung Denmark. Mahkamah mutuské lan kandha, ”Keputusan hak asuh anak dhasaré kudu apa sing paling apik kanggo bocah kuwi.” Mahkamah kandha nèk keputusan bab hak asuh kuwi dhasaré saka carané wong tuwa ngrampungké masalah, dudu merga ”ajaran lan keyakinané” Seksi Yéhuwah. Sedulur Hansen lega banget merga Mahkamah ngakoni nèk dhèwèké luwih mampu ndhidhik anaké. Akiré Sedulur Hansen éntuk manèh hak asuh marang Amanda.

32. Piyé Mahkamah Eropa untuk Hak Asasi Manusia nglindhungi wong tuwa Seksi saka tumindak dibéda-bédakké?

32 Negara-negara ing Eropa. Ing Eropa, ana kasus-kasus hukum bab hak asuh anak sing nganti digawa nèng pengadilan sing paling kuwasa ing negara kuwi. Mahkamah Eropa untuk Hak Asasi Manusia (ECHR) uga nangani kasus kaya ngono. Ing rong kasus, ECHR ngakoni nèk pengadilan-pengadilan sakdurungé wis tumindak ora adil marang wong tuwa sing Seksi Yéhuwah, mung merga alesan agama. ECHR nyebut nèk kuwi tumindak diskriminasi utawa mbédak-bédakké. ECHR uga kandha nèk keputusan sing digawé ”mung merga béda agama kuwi ora isa ditampa”. Ana ibu-ibu Seksi sing éntuk paédah saka keputusan ECHR. Dhèwèké kandha, ”Sakdurungé iki, atiku kelara-lara merga ditudhuh mbebayani anakku, padhahal aku mung ngupaya ngekèki sing paling apik kanggo anak-anakku yaiku ndhidhik manut cara Kristen.”

33. Piyé wong tuwa Seksi ngetrapké pathokan ing Filipi 4:5?

33 Wong tuwa Seksi sing ngadhepi masalah hukum bab haké kanggo mulang anaké pathokané Alkitab ngupaya bèn tetep apikan. (Wacanen Filipi 4:5.) Wong tuwa Seksi ngajèni tanggung jawabé kanggo mulang anaké miturut pathokané Allah, ning uga ngakoni nèk bojoné sing dudu Seksi uga nduwé hak kanggo ndhidhik anaké. Piyé pandhangané wong tuwa Seksi bab tanggung jawab ndhidhik anaké?

34. Piyé wong tuwa Kristen jaman saiki isa éntuk paédah saka tuladhané wong Yahudi ing jamané Néhémia?

34 Ana conto sing apik ing jamané Néhémia. Wong Yahudi ngupaya tenanan kanggo mbangun témbok-témbok ing Yérusalèm. Wong Yahudi ngerti nèk nindakké kuwi, keluargané bakal dilindhungi saka mungsuh-mungsuh ing sakiwa tengené. Mula, Néhémia kandha, ”Padha peranga kanggo mbélani sedulur-sedulurmu, anak-anakmu, bojomu lan pomahanmu!” (Ny. 4:14, BJP) Upayané wong Yahudi kanggo perang kuwi ora siya-siya. Saiki, wong tuwa Seksi Yéhuwah uga ngupaya tenanan kanggo ndhidhik anaké miturut pathokané Alkitab. Merga bocah-bocah saiki kerep ngadhepi pengaruh sing ala ing sekolah utawa tangga sakiwa tengené. Malah TV, koran, majalah, HP uga isa mènèhi pengaruh ing omah. Wong tuwa, terusa ngupaya tenanan nyedhiyakké lingkungan sing aman sing isa nggawé anak panjenengan maju rohani. Élinga nèk saben upaya kuwi ora bakal siya-siya.

Yéhuwah Bakal Ndhukung Ibadah Sejati

35, 36. Apa waé paédah sing dirasakké Seksi-Seksi Yéhuwah saka upayané kanggo éntuk kebébasan ngibadah, lan apa tékadé panjenengan?

35 Yéhuwah mesthi mberkahi upaya pakumpulané ing jaman modhèren bèn isa nduwé hak kanggo bébas ngibadah. Wektu ngupayakké kuwi, umaté Allah kerep ngekèki kesaksian sing apik ing pengadilan lan marang akèh wong. (Rm. 1:8) Kemenangan kuwi uga mènèhi paédah marang wong-wong sing dudu Seksi, merga akiré isa nduwé hak-hak sing padha. Ning, tujuané umaté Allah dudu kanggo nggawé owah-owahan sosial utawa kanggo kamulyané dhéwé. Tujuan utamané Seksi-Seksi Yéhuwah maju ing pengadilan yaiku kanggo ngukuhké lan nggawé ibadah sejati saya maju.​—Wacanen Filipi 1:7.

36 Muga-muga awaké dhéwé ora ngrèmèhké piwulang bab imané para sedulur sing ngupaya bèn isa bébas ngibadah marang Yéhuwah. Awaké dhéwé uga péngin tetep setya lan percaya nèk Yéhuwah lagi ndhukung gawéané umaté, uga bakal maringi kekuwatan kanggo nindakké kersané.​—Yé. 54:17.