Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 17

Nglatih Para Penginjil Kratoné Allah

Nglatih Para Penginjil Kratoné Allah

INTINÉ BAB IKI

Sekolah-sekolah téokratis nglatih para penginjil Kratoné Allah kanggo nindakké tugasé

1-3. Piyé carané Yésus ngatur bèn gawéan nginjil isa ditindakké nèng luwih akèh panggonan, lan pitakonan apa sing mungkin panjenengan pikirké?

 SAKSUWÉNÉ rong taun, Yésus nginjil ing akèh kutha lan désa nèng dhaérah Galiléa. (Wacanen Matéus 9:35-38.) Yésus mulang wong-wong ing papan pangibadah lan nginjil bab Kratoné Allah. Ing endi waé Yésus nginjil, akèh wong nyedhaki Yésus. Yésus kandha, ”Panèné gedhé,” lan luwih akèh manèh penginjil sing dibutuhké.

2 Piyé carané Yésus ngatur bèn gawéan nginjil isa ditindakké nèng luwih akèh panggonan? Carané yaiku, ngutus 12 rasul kanggo ”martakaké Kratoning Allah”. (Lk. 9:1, 2) Para rasul mungkin bingung piyé carané nindakké gawéan iki, mula sakdurungé ngutus, Yésus nglatih dhisik murid-muridé. Kuwi padha kaya Yéhuwah wis nglatih Yésus.

3 Pelatihan apa sing Yésus tampa saka Bapaké? Piyé Yésus nglatih para rasulé? Lan saiki, apa Sang Raja uga nglatih para muridé kanggo nindakké gawéan nginjil? Nèk iya, piyé carané?

’Sing Takwarahké Miturut Kaya AnggonKu Wis Diwulang RamaKu’

4. Kapan lan nèng endi Yésus diwulang Bapaké?

4 Yésus ngakoni nèk dhèwèké diwulang karo Bapaké. Wektu nginjil Yésus kandha, ”Apa kang Dakwarahaké iku miturut kaya anggonKu wus diwulang déning RamaKu.” (Yo. 8:28) Kapan lan nèng endi Yésus diwulang? Kétoké, Putra mbarepé Allah iki mulai dilatih ora suwé sakwisé digawé. (Kl. 1:15) Ing swarga, Sang Putra wis nggunakké wektuné sing suwé banget kanggo ngrungokké lan nggatèkké ’Pamulangé’, yaiku Bapaké. (Yé. 30:20) Hasilé, Sang Putra nampa pendhidhikan sing paling dhuwur bab sipat-sipat, gawéan, lan tujuané Bapaké.

5. Piyé Yéhuwah mulang Putrané bab apa sing kudu ditindakké wektu ing bumi?

5 Nèk wis tekan wektuné, Yéhuwah mulang Putrané bab apa sing kudu ditindakké wektu ing bumi. Gatèkna ramalan sing nggambarké hubungan antarané Pamulang lan Putra mbarepé. (Wacanen Yésaya 50:4, 5.) Ramalan kuwi kandha nèk Yéhuwah mulang Putrané ”saben ésuk”. Ukara kuwi nggambarké guru sing nangèkké muridé ésuk-ésuk kanggo mulang dhèwèké. Ana réferènsi Alkitab sing kandha, ”Yéhuwah . . . kaya-kayané nggawa nèng sekolah, lan mulang Yésus carané nginjil.” Ing ”sekolah” nèng swarga iki, Yéhuwah mulang Putrané apa ’sing kudu dikandhakké utawa diwulangké’. (Yo. 12:49, BJP) Bapaké uga nglatih Putrané carané mulang. a Pelatihan saka Yéhuwah kuwi ora mung mbantu Yésus nindakké kagiyatan nginjilé ing bumi, ning uga mbantu Yésus nglatih para muridé bèn murid-muridé isa nindakké kagiyatan nginjilé.

6, 7. (a) Piyé carané Yésus nglatih para rasulé bèn isa nginjil, lan kuwi nggawé para rasulé siyap nindakké apa? (b) Yésus mastèkké para muridé jaman saiki nampa pelatihan apa?

6 Piyé carané Yésus nglatih para rasulé kanggo nginjil? Miturut Matéus bab 10, Yésus mènèhi tuntunan kusus. Tuntunan kuwi klebu: nèng endi nginjilé (ayat 5, 6), apa sing kudu diwartakké (ayat 7), apa perlu kuwatir bab kebutuhané (ayat 9, 10), piyé carané ngomong karo wong-wong (ayat 11-13), piyé nèk ditolak (ayat 14, 15), lan kudu piyé nèk dianiaya? (ayat 16-23). b Pelatihan sing jelas kuwi bener-bener nggawé para rasulé Yésus siyap nginjil ing abad kapisan Masèhi.

7 Nèk saiki piyé? Yésus, Sang Raja ing Kratoné Allah, wis mènèhi para muridé tugas sing paling penting, yaiku martakké ”Injiling Kraton . . . ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabèhing bangsa”. (Mt. 24:14) Sang Raja mesthi wis nglatih awaké dhéwé nindakké gawéan sing penting kuwi. Saka swarga, Yésus mastèkké para muridé nampa pelatihan bab carané nginjil marang wong-wong lan piyé nindakké tanggung jawab ing jemaat.

Nglatih Abdiné Allah Dadi Penginjil

8, 9. (a) Apa tujuan utama Sekolah kanggo Mulang Alkitab? (b) Piyé pakumpulan ibadah Urip lan Nginjilé Wong Kristen wis mbantu panjenengan bèn luwih apik nginjilé?

8 Wiwit mbiyèn, pakumpulané Yéhuwah wis nglatih umaté Allah kanggo nginjil. Akèh pelatihan disedhiyakké liwat kebaktian-kebaktian lan pakumpulan ibadah, contoné Piwulang kanggo Nginjil. Ning wiwit taun 1940-an, sedulur-sedulur sing dadi pengawas ing kantor pusat mulai ngatur akèh sekolah kanggo nglatih umaté Allah.

9 Sekolah kanggo Mulang Alkitab. Kaya sing wis dirembug ing bab sakdurungé, sekolah iki mulai ana taun 1943. Apa tujuan sekolah iki mung kanggo nglatih murid-muridé bèn isa ngekèki ceramah sing apik nèng pakumpulan ibadah? Ora. Sakjané, tujuan utama sekolah iki kanggo nglatih umaté Allah bèn isa muji Yéhuwah liwat gawéan nginjil. (Ms. 150:6) Sedulur-sedulur sing mèlu sekolah iki dilatih bèn dadi penginjil sing saya trampil. Saiki, pelatihan iki disedhiyakké liwat pakumpulan ibadah Urip lan Nginjilé Wong Kristen.

10, 11. Saiki, sapa waé sing isa ndaftar ing Sekolah Giléad, lan apa tujuan kurikulum Sekolah Giléad?

10 Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal. Kelas kapisan Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal iki diwiwiti dina Senèn tanggal 1 Februari 1943. Mauné, sekolah iki digawé kanggo nglatih para perintis lan abdi-abdi kusus liyané sing bakal diutus dadi utusan injil. Ning wiwit Oktober 2011, sekolah iki mung kanggo sedulur-sedulur sing wis dadi abdi kusus, contoné, perintis istiméwa, pinituwa wilayah lan bojoné, anggota keluarga Bètel, lan utusan injil sing durung mèlu sekolah iki.

11 Apa tujuan kurikulum Sekolah Giléad? Salah siji sedulur sing wis suwé dadi instruktur Giléad njawab, ”Kanggo nguwatké imané para murid liwat sinau Alkitab sing tliti. Lan kanggo mbantu para murid bèn nduwé sipat-sipat sing luwih apik supaya isa ngadhepi akèh tantangan ing tugasé. Tujuan penting liyané sekolah iki yaiku kanggo nggawé pepénginané murid-murid nindakké gawéan nginjil saya gedhé.”—Éf. 4:11.

12, 13. Apa pengaruh saka Sekolah Giléad iki marang gawéan nginjil sakdonya? Wènèhana conto.

12 Apa pengaruh saka Sekolah Giléad iki marang gawéan nginjil sakdonya? Wiwit taun 1943, ana luwih saka 8.500 sedulur sing wis dilatih ing sekolah iki. c Lan para lulusan Sekolah Giléad kuwi wis diutus nèng luwih saka 170 negara. Para utusan injil kuwi bener-bener nggunakké kabèh pelatihan sing wis ditampa, dadi tuladha sing apik bab gawéan nginjil, lan nglatih wong liya bèn semangat nginjil. Kerep-kerepé, para utusan injil ditugaské nèng dhaérah sing penginjilé mung sithik, utawa sing blas ora ana penginjilé.

13 Gatèkna sing kelakon ing Jepang. Wektu ana Perang Donya II, kagiyatan nginjil sing wis diatur mèh mandheg. Ing sasi Agustus 1949, jumlah penginjil ing Jepang ora nganti sepuluh. Ning wektu akir taun kuwi, ana 13 lulusan Giléad sing nginjil ing Jepang lan bar kuwi ana luwih akèh utusan injil sing teka. Mauné, utusan injil luwih fokus nginjil ing kutha gedhé, terus pindhah ing kutha-kutha liyané. Para utusan injil uga ngekèki naséhat marang sing sinau Alkitab kanggo dadi perintis. Upaya sing semangat kuwi hasilé akèh banget. Saiki, ana luwih saka 216.000 penginjil ing Jepang, lan mèh 40 persèné ngabdi dadi perintis. d

14. Sekolah-sekolah liyané kuwi mbuktèkké apa? (Deloken kothak ”Sekolah kanggo Nglatih Para Penginjil”, kaca 188.)

14 Sekolah téokratis liyané. Sekolah kanggo Perintis, Sekolah Alkitab bagi Saudara Lajang, lan Sekolah Alkitab bagi Pasangan Kristen wis mbantu para sedulur nggawé kemajuan rohani lan dadi tuladha bab semangat nindakké gawéan nginjil. e Kabèh sekolah-sekolah iki mbuktèkké nèk Sang Raja bener-bener wis nyedhiyakké pelatihan bèn murid-muridé isa nindakké gawéan nginjil.​—2 Tm. 4:5.

Nglatih Sedulur Lanang Nindakké Tanggung Jawab Kusus

15. Piyé sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab niru tuladhané Yésus?

15 Élinga ramalané Yésaya bab Yésus sing diwulang Yéhuwah. Ing ”sekolah” kuwi, Sang Putra sinau bèn isa ”nyantosakaké wong kang lemes lesu kalawan tembung”. (Yé. 50:4) Yésus ngetrapké piwulangé Yéhuwah. Wektu nèng bumi, Yésus nggawé ayem ”para wong kang kesayahan lan kamomotan”. (Mt. 11:28-30) Kaya Yésus, para sedulur lanang sing nduwé tanggung jawab kudu dadi sumber katentreman kanggo kabèh sedulur ing jemaat. Bèn isa mbantu para sedulur lanang luwih trampil nglayani sedulur-seduluré ing jemaat, akèh sekolah dianakké.

16, 17. Apa tujuan Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat? (Deloken uga cathetan.)

16 Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat. Kelas kapisan sekolah kuwi mulai dianakké tanggal 9 Maret 1959, ing South Lansing, New York. Pinituwa wilayah lan hamba sidang (saiki koordinator pinituwa) diundang kanggo mèlu sekolah iki sing suwéné sesasi. Akiré, sekolah iki diterjemahké saka basa Inggris nèng basa liyané, bèn sedulur-sedulur liya ing sakdonya uga éntuk paédah. f

Sedulur Lloyd Barry mulang ing Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat ing Jepang taun 1970

17 Buku Tahunan Saksi-Saksi Yehuwa 1962 (basa Inggris) nerangké tujuané sekolah kuwi, ”Ing donya sing sibuk banget iki, sedulur sing dadi pengawas ing jemaat Seksi-Seksi Yéhuwah kudu sedulur sing isa ngatur uripé bèn isa nggatèkké para sedulur ing jemaat lan dadi berkah kanggo jemaat. Ning aja nganti nglalèkké keluargané dhéwé mung merga péngin ngutamakké jemaat, mula kudu nggunakké cara mikir sing bener. Hamba sidang ing sakdonya nduwé kesempatan sing apik banget kanggo dilatih ing sekolah iki. Pelatihan iki bakal mbantu hamba sidang nindakké tanggung jawabé kaya sing ditulis ing Alkitab.”​—1 Tm. 3:1-7; Tt. 1:5-9.

18. Piyé sedulur-sedulur liyané uga isa éntuk paédah saka Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat?

18 Sedulur-sedulur liyané uga isa éntuk paédah saka Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat. Kok isa? Nèk ngetrapké apa sing wis disinaoni, para pinituwa lan abdiné jemaat isa dadi sumber katentreman kanggo sedulur ing jemaaté, kaya sing wis ditindakké Yésus. Panjenengan mesthi ngajèni omongané para sedulur kuwi sing apikan, upayané kanggo ngrungokké masalahé panjenengan, utawa kunjungané sing nguwatké panjenengan. (1 Ts. 5:11) Para sedulur kuwi berkahé Yéhuwah kanggo jemaat.

19. Sekolah apa manèh sing diawasi Panitya Pendhidhikan, lan sekolah kuwi digawé kanggo apa?

19 Sekolah téokratis liyané. Panitya Pendhidhikan saka Pengurus Pusat ngawasi sekolah-sekolah liyané sing dianakké kanggo nglatih para sedulur lanang sing nduwé tanggung jawab ing pakumpulan. Sekolah-sekolah iki mbantu pinituwa jemaat, pinituwa wilayah, lan anggota Panitya Cabang bèn luwih trampil nindakké tanggung jawabé. Sekolah Alkitab iki ngandhani para sedulur kuwi kanggo nguwatké kerohaniané dhéwé lan ngetrapké pathokané Alkitab wektu angon wedhus-wedhus sing wis dipercayakké Yéhuwah marang sedulur-sedulur kuwi.​—1 Pt. 5:1-3.

Kelas kapisan Sekolah Pelatihan Pelayanan ing Malawi taun 2007

20. Yésus isa kandha nèk awaké dhéwé kabèh ’diwulang Allah’, lan apa tékadé panjenengan?

20 Cetha banget nèk Sang Raja wis nglatih para muridé. Yésus isa kandha nèk awaké dhéwé kabèh ’diwulang Allah’, merga pelatihan sing diwènèhké Yésus marang murid-muridé kuwi pelatihan sing Yéhuwah paringké marang Yésus. (Yo. 6:45; Yé. 54:13) Muga-muga awaké dhéwé nduwé tékad kanggo ngetrapké kabèh pelatihan sing wis disedhiyakké Sang Raja ing pakumpulan ibadah, utawa akèh sekolah liya sing dirembug ing bab iki. Tujuan utama kabèh sekolah iki yaiku kanggo mastèkké awaké dhéwé kuwat rohaniné lan isa nindakké tugas nginjil kanthi apik.

a Awaké dhéwé isa ngerti nèk Bapak nglatih Putrané carané mulang. Yésus kerep nggunakké umpama wektu mulang, kuwi nggenepi ramalan sing ditulis atusan taun sakdurungé Yésus lair. (Ms. 78:2; Mt. 13:34, 35) Ramalan iki dingendikakké karo Yéhuwah, mula cetha nèk Yéhuwah mastèkké dhisik nèk Putrané bakal mulang nganggo umpama.​—2 Tm. 3:16, 17.

b Pirang-pirang sasi sakwisé, Yésus milih ”wong pitung puluh manèh” lan ”padha diutus ngloro-ngloro” kanggo nginjil. Yésus uga nglatih para muridé.​—Lk. 10:1-16.

c Ana sing wis mèlu Sekolah Giléad luwih saka ping pisan.

d Kanggo katrangan luwih akèh bab pengaruh utusan injil lulusan Sekolah Giléad kanggo gawéan manèn ing sakdonya, deloken buku Saksi-Saksi Yehuwa—Pemberita Kerajaan Allah, bab 23.

e Loro sekolah sing disebutké pungkasan wis diganti dadi Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah.

f Saiki, kabèh pinituwa éntuk paédah saka Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat. Sekolah iki dianakké pirang-pirang taun sepisan lan suwéné isa béda-béda. Wiwit taun 1984, abdiné jemaat uga dilatih ing sekolah iki.