Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 19

Proyèk Pembangunan Ngluhurké Yéhuwah

Proyèk Pembangunan Ngluhurké Yéhuwah

INTINÉ BAB IKI

Gawéan pembangunan ing sakdonya ndhukung Kratoné Allah

1, 2. (a) Wiwit mbiyèn, umaté Yéhuwah ngrasakké seneng wektu mèlu gawéan apa? (b) Apa sing aji kanggoné Yéhuwah?

 WIWIT mbiyèn, umaté Yéhuwah sing setya ngrasakké seneng wektu mèlu proyèk pembangunan sing ngluhurké asmané Yéhuwah. Contoné, wong Israèl semangat mbangun kémah suci lan lila nyedhiyakké kabèh bahan sing dibutuhké.​—Pa. 35:30-35; 36:1, 4-7.

2 Dudu bahan bangunan utawa bangunané sing Yéhuwah anggep paling penting kanggo ngluhurké asmané. (Mt. 23:16, 17) Ning kanggoné Yéhuwah, sing aji yaiku ibadahé umaté, klebu upayané sing lila lan semangat kanggo ngluhurké Yéhuwah. (Pa. 35:21; Mk. 12:41-44; 1 Tm. 6:17-19) Apa sebabé? Merga bangunan ora bakal ana sakterusé. Contoné, kémah suci lan bait saiki wis ora ana. Senajan bangunan-bangunan kuwi wis ora ana, ning Yéhuwah bakal terus éling sipat loma sing wis diduduhké umaté, lan upaya sing wis ditindakké umaté wektu kuwi.​—Wacanen 1 Korinta 15:58; Ibrani 6:10.

3. Apa sing bakal dirembug ing bab iki?

3 Umaté Yéhuwah jaman saiki uga nyambut gawé kanggo mbangun panggonan ibadah. Lan kabèh sing wis awaké dhéwé upayakké bener-bener nggumunké, merga dituntun Sang Raja Yésus Kristus. Iki bukti nèk Yéhuwah mberkahi upayané awaké dhéwé. (Ms. 127:1) Ing bab iki, awaké dhéwé bakal ngrembug gawéan sing wis ditindakké pakumpulané Yéhuwah lan piyé gawéan kuwi ngluhurké Yéhuwah. Awaké dhéwé uga bakal maca pengalamané sedulur-sedulur sing wis tau mèlu proyèk pembangunan.

Mbangun Balé Ibadah

4. (a) Ngapa dibutuhké panggonan ibadah sing luwih akèh? (b) Ngapa ana kantor cabang sing digabungké? (Deloken kothak ” Mbangun Kantor Cabang Miturut Kebutuhan”.)

4 Kaya sing dirembug ing Bab 16, Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngumpul bareng kanggo ngibadah (Ib. 10:25) Pakumpulan ibadah ora mung nguwatké iman, ning uga nambah semangat kanggo nginjil. Ing dina pungkasan iki, Yéhuwah terus nggawé gawéan nginjil saya cepet ditindakké. Hasilé, saben taun ana atusan éwu wong nggabung ing pakumpulané Yéhuwah. (Yé. 60:22) Merga rakyat Kratoné Allah saya akèh, mula dibutuhké luwih akèh panggonan ibadah lan fasilitas percétakan sing luwih gedhé kanggo ngasilké wacan Alkitab.

5. Ngapa jeneng Balai Kerajaan kuwi cocog? (Deloken uga kothak ” Gréja Terang Anyar”.)

5 Wiwit mbiyèn, Siswa-Siswa Alkitab sadhar nèk butuh panggonan ibadah. Kétoké, salah siji panggonan ibadah sing kapisan, dibangun ing Virginia Barat, AS, taun 1890. Ing taun 1930-an, umaté Yéhuwah wis mbangun utawa ndandani akèh balé, ning wektu kuwi panggonan ibadah isih durung nduwé jeneng kusus. Ing taun 1935, Sedulur Rutherford lunga nèng Hawaii, nèng kono ana balé sing lagi dibangun cedhak karo kantor cabang sing anyar. Wektu ditakoni bab jeneng bangunan kuwi, Sedulur Rutherford njawab, ”Piyé nèk panggonan iki disebut ’Balai Kerajaan’, merga sing awaké dhéwé wartakké bab Kerajaan Allah, ta?” (Mt. 24:14) Wiwit kuwi, jemaat-jemaat umaté Allah ing sakdonya nggunakké jeneng ”Balai Kerajaan” utawa ”Balé Ibadah”.

6, 7. Piyé Balé Ibadah sing dibangun nganggo cara sing cepet, mènèhi kesaksian sing ampuh?

6 Ing taun 1970-an, kebutuhan kanggo nduwé Balé Ibadah saya akèh. Mula, para sedulur ing Amerika Serikat nggawé cara sing éfisièn kanggo mbangun Balé Ibadah sing apik lan sedherhana mung pirang-pirang dina waé. Ing taun 1983, ana kira-kira 200 Balé Ibadah sing kaya ngono madeg ing Amerika Serikat lan Kanada. Kanggo nindakké gawéan kuwi, para sedulur nggawé panitya pembangunan régional. Cara iki apik banget, mula ing taun 1986, Pengurus Pusat ngresmèkké pengaturan kuwi. Lan ing taun 1987, ana 60 Panitia Pembangunan Régional (RBC) ing Amerika Serikat. a Ing taun 1992, RBC uga digawé ing Afrika Selatan, Argentina, Australia, Jepang, Jerman, Meksiko, Prancis, lan Spanyol. Awaké dhéwé mesthi gelem ndhukung para sedulur sing wis ngupaya mbangun Balé Ibadah lan Balé Kebaktian, merga gawéan kuwi bagéan saka tugas suci.

7 Balé Ibadah sing dibangun nganggo cara sing cepet kuwi dadi kesaksian sing ampuh kanggo masyarakat ing kono. Contoné, ana berita utama ing koran Spanyol sing judhulé ”Iman sing Isa Mindhah Gunung”. Koran kuwi ngrembug pembangunan Balé Ibadah ing kutha Martos sing mbanguné cepet banget. Ing artikel kuwi ana pitakonan, ”Donya iki kebak wong sing mung mikirké kepentingané dhéwé, ning ngapa kok akèh sukarélawan saka akèh dhaérah [ing Spanyol] lila mara nèng Martos kanggo nggawé bangunan nganggo cara sing paling tertib, paling cepet, lan hasilé paling sampurna?” Jawabané artikel kuwi nyuplik omongané salah siji Seksi Yéhuwah sing dadi sukarélawan. Kandhané, ”Kuwi merga aku lan para sedulur diwulang Yéhuwah.”

Mbangun ing Negara sing Sumber Dayané Kurang

8. Apa program anyar sing disetujoni Pengurus Pusat ing taun 1999, lan apa sebabé?

8 Ing pungkasan abad 20 iki, akèh wong nggabung ing pakumpulané Yéhuwah, utamané nèng negara sing sumber dayané kurang. Jemaat-jemaat ing kono ngupaya sak isa-isané mbangun panggonan ibadah. Ning, ing akèh negara, sedulur-sedulur diécé lan dibéda-bédakké merga Balé Ibadahé sedherhana banget nèk dibandhingké karo panggonan ibadah agama liya. Ing taun 1999, Pengurus Pusat nyetujoni program kanggo nggawé pembangunan Balé Ibadah bèn saya cepet, ing negara sing sumber dayané kurang. Dana saka negara-negara sing makmur diklumpukké lan digunakké kanggo nyukupi kekurangan negara liyané bèn ”dadi satimbang”. (Wacanen 2 Korinta 8:13-15.) Para sedulur saka negara-negara liya uga mèlu mbantu gawéan pembangunan kuwi.

9. Apa gawéan sing kayané abot banget, ning apa hasilé?

9 Mauné, gawéan kuwi kayané abot banget. Ana laporan ing taun 2001 sing kandha nèk luwih saka 18.300 Balé Ibadah dibutuhké ing 88 negara sing sumber dayané kurang. Ning, merga didhukung roh suciné Allah lan Sang Raja Yésus Kristus, ora ana gawéan sing ora mungkin. (Mt. 19:26) Ing wektu kira-kira 15 taun, yaiku saka taun 1999 nganti 2013, umaté Allah wis mbangun 26.849 Balé Ibadah ing program iki. b Yéhuwah terus mberkahi gawéan nginjil, lan saben taun ana atusan Balé Ibadah dibutuhké. Ing taun 2013, ana kira-kira 6.500 Balé Ibadah sing kudu dibangun ing negara sing sumber dayané kurang.

Mbangun Balé Ibadah ing negara sing sumber dayané kurang ana tantangané

10-12. Piyé pembangunan Balé Ibadah ngluhurké asmané Yéhuwah?

10 Piyé pembangunan Balé Ibadah ngluhurké asmané Yéhuwah? Ana laporan saka kantor cabang ing Zimbabwe sing kandha, ”Sesasi bar Balé Ibadah rampung dibangun, sing teka ing pakumpulan biyasané mundhak nganti ping pindho.” Ing akèh negara, wektu durung éntuk panggonan ibadah sing cocog, kayané wong-wong ragu srawung karo awaké dhéwé. Ning sakwisé Balé Ibadah rampung dibangun, ing wektu sedhéla waé, Balé kuwi langsung kebak wong lan akiré butuh Balé Ibadah manèh. Wong kesengsem ora mung merga bangunané, ning uga merga katresnan sejati sing diduduhké para sukarélawan. Kuwi sing mengaruhi pandhangané wong bab pakumpulané Yéhuwah. Gatèkna contoné.

11 Indonesia. Wektu ana wong lanang nggatèkké piyé Balé Ibadah dibangun, lan ngerti nèk kabèh sing kerja kuwi sukarélawan, dhèwèké kandha, ”Njenengan kabèh nggumunké tenan. Aku ndelok panjenengan padha seneng lan nyambut gawé saktulusé ati senajan ora dibayar. Ora ana pakumpulan agama liya sing kaya ngéné.”

12 Ukraina. Ana wong wadon sing saben dina liwat ing ngarep proyèk pembangunan Balé Ibadah. Dhèwèké nyimpulké nèk wong-wong sing nyambut gawé kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah, lan bangunan kuwi mesthi Balé Ibadah. Dhèwèké kandha, ”Aku tau krungu bab Seksi-Seksi Yéhuwah saka adhiku wadon sing dadi Seksi. Bar nggatèkké gawéan proyèk kuwi lan ndelok katresnan sing diduduhké, aku mutuské péngin dadi bagéan saka keluarga rohani iki.” Wong wadon iki gelem sinau Alkitab lan akiré dibaptis taun 2010.

13, 14. (a) Apa sing panjenengan sinaoni saka tanggepané wong bebojoan marang gawéan mbangun Balé Ibadah? (b) Nèk durung tau nduwé kesempatan sing apik mèlu mbangun Balé Ibadah, piyé panjenengan isa ngluhurké asmané Yéhuwah?

13 Argentina. Ana wong bebojoan sing nyedhaki pengawas pembangunan Balé Ibadah. Sing lanang kandha, ”Aku karo bojoku nggatèkké terus gawéan mbangun Balé Ibadah sing Njenengan tindakké, lan . . . aku mutuské péngin sinau bab Gusti Allah ing panggonan iki.” Terus, dhèwèké takon, ”Aku kudu piyé bèn éntuk teka nèng pakumpulan ibadah nèng kéné?” Wong loro kuwi ditawani sinau Alkitab, terus gelem nampa, ning péngin sinauné bareng sakeluarga. Para sedulur setuju lan gelem mbantu.

14 Panjenengan mungkin durung tau ngrasakké kesempatan sing apik mèlu mbangun Balé Ibadah ing jemaat panjenengan. Ning, panjenengan isih isa ngluhurké asmané Yéhuwah. Contoné, panjenengan isa ngundang sing sinau Alkitab, wong sing wis nampa wacan, lan wong-wong liyané kanggo nekani pakumpulan ibadah nèng Balé Ibadah. Panjenengan uga nduwé kesempatan kanggo resik-resik lan njaga Balé Ibadah bèn tetep apik. Nèk nggawé rencana sing apik, panjenengan isa mènèhi sumbangan kanggo ragad ngrumat Balé Ibadah kuwi utawa ndhukung pembangunan Balé Ibadah ing sakdonya. (Wacanen 1 Korinta 16:2.) Kabèh kagiyatan iki ngluhurké asmané Yéhuwah.

Nyambut Gawé ”kaliyan Legawa”

15-17. (a) Kerep-kerepé sapa sing mbantu proyèk-proyèk pembangunan? (b) Apa sing panjenengan sinaoni saka omongané para sedulur sing bebojoan, sing wis mèlu proyèk pembangunan?

15 Sedulur-sedulur ing jemaat nyambut gawé tenanan kanggo mbangun Balé Ibadah, Balé Kebaktian, lan fasilitas cabang. Ning kerep-kerepé, sedulur lanang lan wadon saka negara liya sing wis pengalaman uga mèlu mbantu proyèk pembangunan iki. Ana sedulur sing wis ngatur urusané bèn isa mbantu proyèk pembangunan internasional kanggo pirang-pirang minggu. Ana uga sing mbantu nganti pirang-pirang taun, lan pindhah-pindhah saka sakpanggonan nèng panggonan liyané.

Sedulur Timo lan Lina Lappalainen (Deloken paragraf 16)

16 Ana akèh tantangan sing diadhepi para sedulur sing mèlu proyèk pembangunan internasional kuwi, ning ya akèh berkahé. Contoné, Sedulur Timo lan Lina sing wis lunga menyang negara-negara ing Amerika Selatan, Asia, lan Eropa kanggo mèlu mbangun Balé Ibadah, Balé Kebaktian, lan fasilitas kantor cabang. Sedulur Timo kandha, ”Saksuwéné 30 taun iki, aku pindhah tugas kira-kira rong taun pisan.” Sedulur Lina, sing wis nikah karo Timo 25 taun kepungkur kandha, ”Aku lan bojoku wis ngabdi bebarengan ing sepuluh negara béda-béda. Butuh wektu lan upaya bèn isa biyasa karo maeman sing anyar, cuaca sing anyar, basa sing anyar, dhaérah nginjil sing anyar, lan kanca-kanca sing anyar.” c Apa upayané diberkahi? Lina kandha, ”Kabèh tantangan kuwi ngasilké berkah sing paling gedhé. Aku karo bojoku ngrasakké katresnan sejati lan sipat apikané sedulur-sedulur, uga Yéhuwah sing bener-bener nresnani aku. Aku wis éntuk tikel satusé mas, mbak, lan ibu rohani kaya janjiné Yésus ing Markus 10:29, 30.” Sedulur Timo kandha, ”Aku bener-bener ngrasa marem, merga isa nggunakké ketrampilanku kanggo tujuan sing paling apik, yaiku mbantu nambahi harta duwèké Sang Raja.”

17 Sedulur Darren lan Sarah sing wis mbantu proyèk pembangunan ing Afrika, Amerika Selatan, Amerika Tengah, Asia, Eropa, lan negara-negara ing Pasifik Selatan, ngrasakké nèk nampa luwih akèh berkah timbang apa sing wis dikèkké. Senajan akèh tantangan, Darren kandha, ”Iki kaurmatan gedhé merga isa nyambut gawé bareng para sedulur saka akèh dhaérah ing donya. Aku ndelok dhéwé nèk katresnan marang Yéhuwah kuwi kaya tali sing ngubengi bumi, nggawé awaké dhéwé dadi siji.” Sarah kandha, ”Aku sinau akèh saka para sedulur sing budayané béda-béda. Wektu ndelok pangurbanan sing wis digawé kanggo Yéhuwah, aku péngin terus ngekèki sing paling apik.”

18. Piyé ramalan ing Jabur 110:1-3 kelakon?

18 Raja Dawud ngramal nèk rakyat Kratoné Allah bakal ”kaliyan legawa” nindakké kepentingané Kratoné Allah, senajan ana tantangan. (Wacanen Jabur 110:1-3.) Ramalan kuwi kelakon nèk awaké dhéwé mèlu ndhukung gawéan Kratoné Allah. (1 Kr. 3:9) Bangunan-bangunan kantor cabang sing akèh, atusan Balé Kebaktian, lan puluhan éwu Balé Ibadah ing sakdonya kuwi dadi bukti kuwat nèk Kratoné Allah nyata lan lagi mréntah. Bener-bener kaurmatan gedhé ngabdi marang Sang Raja Yésus Kristus, lan isa ngluhurké Yéhuwah.

a Ing taun 2013, luwih saka 230.000 sukarélawan disetujoni kanggo nyambut gawé bareng karo 132 RBC ing Amerika Serikat. Saben taun, panitya kuwi ngatur pembangunan 75 Balé Ibadah anyar, lan mbantu ndandani kira-kira 900 balé.

b Jumlah kuwi durung klebu Balé Ibadah sing dibangun ing negara-negara sing ora mèlu program iki.

c Para abdi lan sukarélawan internasional saben dina nggunakké akèh wektuné kanggo nyambut gawé ing proyèk pembangunan, ning para sedulur uga mèlu nginjil karo jemaat ing kono wektu dina Setu lan Minggu utawa soréné.