Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 21

Kratoné Allah Nyingkirké Mungsuhé

Kratoné Allah Nyingkirké Mungsuhé

INTINÉ BAB IKI

Kedadéan-kedadéan sakdurungé Armagédhon

1, 2. (a) Apa buktiné nèk Sang Raja wis mréntah wiwit taun 1914? (b) Apa sing bakal dirembug ing bab iki?

 IMANÉ awaké dhéwé mesthi dikuwatké sakwisé ngrembug apa sing wis ditindakké Kratoné Allah ing antarané para mungsuhé. (Ms. 110:2) Sang Raja wis nggawé pasukan sing isiné para penginjil sing lila. Sang Raja uga wis nggawé para muridé dadi murni lan suci ing bab rohani lan moral. Senajan akèh tantangan saka para mungsuh sing ngupaya bèn awaké dhéwé ora rukun, awaké dhéwé tetep ngrasakké paseduluran sakdonya sing rukun. Bab-bab kuwi mènèhi bukti sing cetha nèk saka taun 1914, Sang Raja wis mréntah ing Kratoné Allah.

2 Kratoné Allah bakal nindakké bab-bab sing luwih nggumunké manèh. Ora suwé manèh, Kraton kuwi bakal ”rawuh” kanggo ’nggecak saha nyirnakaken’ mungsuh-mungsuhé. (Mt. 6:10; Dn. 2:44) Ning, sakdurungé kuwi kelakon, bakal ana kedadéan-kedadéan sing penting. Apa waé? Ramalan ing Alkitab nduduhké jawabané. Ing bab iki, ayo ngrembug ramalan-ramalan kuwi bèn ngerti kedadéan apa sing bakal kelakon.

Kedadéan Sakdurungé Sengsara Gedhé

3. Kedadéan kapisan apa sing awaké dhéwé tunggu-tunggu?

3 Pengumuman bab katentreman. Ing suraté kanggo wong Tésalonika, rasul Paulus ngrembug kedadéan kapisan sing awaké dhéwé tunggu-tunggu. (Wacanen 1 Tésalonika 5:2, 3.) Ing surat kuwi, rasul Paulus nyebutké ”dina rawuhé Gusti”, sing diwiwiti wektu ”Babil gedhé” diserang. (Wy. 17:5) Ning, sakdurungé dinané Yéhuwah diwiwiti, bangsa-bangsa bakal kandha, ”Saiki tentrem, ora ana bebaya.” Pengumuman kuwi isa waé mung pengumuman singkat utawa akèh pengumuman sing terus-terusan. Apa para pemimpin agama bakal mèlu-mèlu? Merga dadi bagéan saka donya iki, isa waé para pemimpin agama bakal mèlu karo bangsa-bangsa kandha, ”Tentrem rahayu!” (Ym. 6:14; 23:16, 17; Wy. 17:1, 2) Pengumuman bab katentreman lan keamanan kuwi bakal dadi tandha nèk dinané Yéhuwah diwiwiti. Mungsuh-mungsuh Kratoné Allah ”ora bakal padha bisa ngoncati”.

4. Apa gunané awaké dhéwé ngerti tegesé ramalané Paulus yaiku pengumuman bab katentreman lan keamanan?

4 Apa gunané awaké dhéwé ngerti tegesé ramalan iki? Rasul Paulus kandha, ”Kowé padha ora ana ing pepeteng, lan Dina rawuhé Gusti bakal ora nekani kowé kaya patrapé maling.” (1 Ts. 5:3, 4, BJP) Dadi, ora kaya wong-wong umumé, awaké dhéwé ngerti kedadéan sing saiki kelakon bakal dadi kaya apa mbésuké. Piyé persisé ramalan bab katentreman lan keamanan kuwi bakal kelakon? Awaké dhéwé kudu nunggu lan ndelok sing bakal kedadéan ing donya iki. Mula, ”padha melèka lan sing waspada”.​—1 Ts. 5:6; Zf. 3:8.

Sengsara Gedhé Diwiwiti

5. Apa kedadéan sing dadi tandha mulainé ”sengsara gedhé”?

5 Agama diserang. Paulus mau kandha, ”Manawa wong-wong padha kandha: Saiki tentrem, ora ana bebaya — mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai.” Kaya nèk bar ana kilat terus ora let suwé ana bledhèg, semono uga bar ana pengumuman ”Saiki tentrem, ora ana bebaya”, ora let suwé ”dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai”. Ana kedadéan apa? Kapisan, ”Babil gedhé” yaiku kumpulan agama palsu sakdonya, sing uga disebut ”wanita tunasusila”, bakal disingkirké. (Wy. 17:5, 6, 15) Kabèh agama Kristen umumé lan agama palsu liyané sing disingkirké kuwi dadi tandha mulainé ”sengsara gedhé”. (Mt. 24:21, NW; 2 Ts. 2:8) Kanggo akèh wong, iki ngagètké banget. Merga wanita tunasusila mau isih mikir nèk dhèwèké ”ratu” sing ”ora bakal tau prihatin”. Ning ujug-ujug dhèwèké bakal sadhar nèk kuwi klèru. Mung ing wektu sedhéla waé dhèwèké bakal disingkirké, kaya-kayané mung ”sadina”.​—Wy. 18:7, 8.

6. Sapa utawa apa sing bakal nyingkirké ”Babil gedhé”?

6 Sapa utawa apa sing bakal nyingkirké ”Babil gedhé”? Yaiku ”kéwan” sing ”sunguné sapuluh”. Buku Wahyu nduduhké nèk kéwan kuwi maksudé Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB). Sungu sepuluh nggambarké kabèh kuwasa politik sing ndhukung ”kéwan abang sulak wungu” mau. (Wy. 17:3, 5, 11, 12) Apa agama palsu bakal diserang nganti entèk-entèkan? Iya. PBB bakal njarah kabèh hartané wanita tunasusila mau, mangan dagingé, lan ’ngobong kalawan geni’.​—Wacanen Wahyu 17:16. a

7. Piyé kandhané Yésus ing Matéus 24:21, 22 kelakon ing abad kapisan M, lan piyé kuwi kelakon sukmbèn?

7 Dina-dinané dicepetké. Sang Raja nduduhké apa sing bakal kelakon wektu sengsara gedhé. Yésus kandha, ”Marga saka anané wong-wong kang pinilih, wektu iku bakal dicendhakaké.” (Wacanen Matéus 24:21, 22.) Kandhané Yésus mau sepisanan kelakon ing taun 66 M, wektu Yéhuwah nggawé cepet serangané tentara Rum marang Yérusalèm. (Mk. 13:20) Kuwi nggawé wong Kristen ing Yérusalèm lan Yudéa isa slamet. Piyé kandhané Yésus kuwi bakal kelakon ing sakdonya wektu sengsara gedhé sukmbèn? Serangan saka Perserikatan Bangsa-Bangsa marang agama bakal dicepetké Yéhuwah bèn agama sejati ora mèlu disingkirké bareng karo agama palsu. Yéhuwah nindakké kuwi liwat Yésus, Sang Raja. (Ms. 96:5) Ayo dirembug ana kedadéan apa manèh sakwisé iki kelakon.

Kedadéan Sakdurungé Armagédhon

8, 9. Tandha-tandha sing dikandhakké Yésus isa waé maksudé apa, lan piyé tanggepané wong-wong sing ndelok?

8 Ramalané Yésus bab dina-dina pungkasan nduduhké nèk bakal ana kedadéan-kedadéan penting sakdurungé Armagédhon. Rong kedadéan kapisan sing bakal dirembug disebutké ing Injil Matéus, Markus, lan Lukas.​—Wacanen Matéus 24:29-31; Mk. 13:23-27; Lk. 21:25-28.

9 Tandha-tandha ing langit. Yésus ngramal, ”Srengéngé bakal dadi peteng, rembulan ora sumunar lan lintang-lintang padha tiba saka ing langit.” Wektu kuwi para pemimpin agama ora dianggep dadi sing mènèhi terang, utawa sumber tuntunan. Ning, isa waé maksudé Yésus uga bakal ana kedadéan sing nggumunké ing langit. (Yé. 13:9-11; Yl. 2:1, 30, 31) Piyé tanggepané wong-wong sing ndelok? Wong-wong kuwi ”bakal padha wedi” merga ”bingung”. (Lk. 21:25; Zf. 1:17) Mungsuh-mungsuhé Kratoné Allah, saka ’raja nganti batur’ bakal ”semaput déning giris amarga kuwatir marang apa kang bakal nekani jagad” lan bakal mlayu ndhelik. Ning, ora bakal nemu panggonan sing aman kanggo ndhelik saka Sang Raja sing nesu banget.​—Lk. 21:26; 23:30; Wy. 6:15-17.

10. Keputusan pengadilan apa sing bakal diumumké Yésus, lan piyé tanggepané sing ndhukung lan sing nglawan Kratoné Allah?

10 Keputusan pengadilan. Sakwisé kuwi, kabèh mungsuhé Kratoné Allah bakal dipeksa ndelok kedadéan sing nggawé saya nelangsa. Yésus kandha, ”Wong bakal padha weruh Putraning Manungsa rawuh nitih méga kalawan ngagem sakabèhing panguwasa lan kamulyané.” (Mk. 13:26) Kedadéan sing nggumunké iki bakal dadi tandha nèk Yésus teka kanggo ngumumké keputusan pengadilan. Ing ramalan liya bab dina-dina pungkasan, Yésus mènèhi katrangan luwih akèh bab keputusan sing bakal diumumké. Katrangan kuwi ana ing umpama bab wedhus gèmbèl lan wedhus jawa. (Wacanen Matéus 25:31-33, 46.) Sing setya ndhukung Kratoné Allah bakal disebut ”wedhus gèmbèl” lan bakal ’njenggèlèk’, merga ngerti ’wis cedhak anggoné bakal kaluwaran [utawa, slamet]’. (Lk. 21:28) Ning, sing nglawan Kratoné Allah bakal diadili dadi ”wedhus jawa” lan bakal ”ngadhuh-adhuh”, merga ngerti bakal disingkirké saklawasé.​—Mt. 24:30; Wy. 1:7.

11. Apa sing kudu diéling-éling wektu ngrembug bab kedadéan-kedadéan sing bakal kelakon?

11 Sakwisé Yésus ngumumké keputusan pengadilané marang ”sakèhing bangsa”, isih ana kedadéan penting sing bakal kelakon sakdurungé perang Armagédhon dimulai. (Mt. 25:32) Awaké dhéwé bakal ngrembug rong kedadéan, yaiku serangan saka Gog lan nglumpukké wong sing dipilih munggah swarga. Wektu ngrembug kuwi, awaké dhéwé kudu éling nèk Alkitab ora kandha kapan persisé kuwi bakal kelakon. Kétoké malah rong kedadéan kuwi kelakon ing wektu sing mèh bebarengan.

12. Piyé Sétan nyerang nganti entèk-entèkan kabèh sing ndhukung Kratoné Allah?

12 Diserang nganti entèk-entèkan. Gog saka Magog bakal nyerang wong sing dipilih munggah swarga sing isih ana nèng bumi, lan wedhus liya. (Wacanen Yéheskièl 38:2, 11.) Kuwi bakal dadi serangané Sétan sing pungkasan marang Kratoné Allah sing wis mréntah. Sakjané wiwit diuncalké saka swarga, Sétan terus ngupaya nyerang wong pilihan. (Wy. 12:7-9, 17) Kususé wiwit wong-wong pilihan kuwi diklumpukké nèng jemaat Kristen sing wis digawé murni, Sétan ngupaya ngrusak kemakmuran rohaniné wong-wong kuwi, ning gagal. (Mt. 13:30) Wektu kabèh agama palsu wis disingkirké, umaté Allah kaya-kayané ing ’papan panggonan tanpa témbok utawa palang lan tanpa gapura’. Sétan ndelok nèk iki kesempatan sing apik banget. Sétan bakal nggunakké bangsa-bangsa sing dikuwasani kanggo nyerang nganti entèk-entèkan kabèh sing ndhukung Kratoné Allah.

13. Apa sing bakal ditindakké Yéhuwah kanggo ngayomi umaté ing bumi?

13 Yéheskièl nggambarké apa kedadéané. Bab Gog, ramalan kuwi kandha, ”[Kowé] banjur teka saka ing panggonanira saka ing lor kang adoh banget, sira kalawan bangsa akèh kang mbiyantu sira, kabèh padha nunggang jaran, golongan kang gedhé lan wadya-bala kang santosa. Sira mangkat nglawan umatingSun . . .  kayadéné mendhung kang nutupi salumahing bumi.” (Yk. 38:15, 16) Piyé tanggepané Yéhuwah marang serangan kuwi? Yéhuwah ngendika, ”Aku bakal duka banget, . . .  Aku bakal nekakaké pagiris gedhé.” (Yk. 38:18, 21, BJP; wacanen Zakharia 2:8.) Ing wektu kuwi, Yéhuwah langsung tumindak kanggo ngayomi umaté ing bumi. Tumindak kuwi sing marahi perang Armagédhon.

14, 15. Kedadéan apa sing kelakon sakwisé Sétan nyerang umaté Allah nganti entèk-entèkan?

14 Sakdurungé ngrembug piyé Yéhuwah bakal mbéla umaté ing perang Armagédhon, ayo dirembug dhisik kedadéan penting liyané. Kedadéan iki bakal kelakon sakwisé Sétan mulai nyerang umaté Allah nganti entèk-entèkan, lan sakdurungé Yéhuwah mulai nylametké umaté ing perang Armagédhon. Kaya sing wis dirembug ing paragraf 11, kedadéan iki yaiku nglumpukké wong-wong sing dipilih munggah swarga, sing isih ana ing bumi.

15 Nglumpukké wong sing dipilih munggah swarga. Matéus lan Markus nyathet omongané Yésus bab nglumpukké ’wong-wong pilihan’, yaiku wong Kristen sing dipilih nganggo roh suci. Bab kuwi dadi bagéan saka kedadéan-kedadéan sing bakal kelakon sakdurungé perang Armagédhon dimulai. (Deloken paragraf 7.) Yésus ngramalké bab tumindaké dhéwé sing dadi Raja wektu kandha, ”Ing wektu iku uga para malaékaté bakal kadhawuhan metu nglumpukaké para pepilihané saka ing kéblat papat, wiwit ing wekasaning bumi nganti tekan ing wekasaning langit.” (Mk. 13:27, Mt. 24:31) Apa maksudé Yésus kuwi pengesahan pungkasan kanggo wong-wong sing dipilih munggah swarga? Dudu. Pengesahan sing pungkasan wong Kristen pilihan, bakal ditindakké persis sakdurungé sengsara gedhé dimulai. (Wy. 7:1-3) Ning, gawéan ”nglumpukké para pepilihané” bakal kelakon saksuwéné sengsara gedhé. Dadi, kétoké sakwisé Sétan nyerang umaté Allah nganti entèk-entèkan, wong Kristen pilihan sing isih urip ing bumi bakal diklumpukké nèng swarga.

16. Ing Armagédhon, wong pilihan sing wis diuripké manèh ing swarga bakal mèlu Yésus nindakké apa?

16 Apa hubungané kedadéan iki karo kedadéan sing bakal kelakon, yaiku Armagédhon? Sakwisé kabèh wong pilihan kuwi diklumpukké ing swarga, kedadéan sakbanjuré yaiku perang Armagédhon dimulai. Ing swarga, 144.000 wong Kristen pilihan sing mréntah bareng Yésus bakal nampa kuwasa kanggo mèlu Yésus nyingkirké kabèh mungsuh Kratoné Allah nganggo ”teken wesi”. (Wy. 2:26, 27) Terus, bebarengan karo para malaékat sing prakosa, wong pilihan sing wis diuripké manèh ing swarga bakal mèlu Sang Raja Yésus nglawan mungsuh sing nduwé ”wadya-bala kang santosa”, sing nyerang umaté Allah. (Yk. 38:15) Kuwi sing bakal nggawé dimulainé perang Armagédhon.​—Wy. 16:16.

Bagéan Pungkasan saka Sengsara Gedhé

Perang Armagédhon dimulai!

17. Ing Armagédhon, apa sing bakal dialami ”wedhus jawa”?

17 Pengadilan ditindakké. Perang Armagédhon kuwi bagéan pungkasané sengsara gedhé. Wektu kuwi, Yésus bakal nindakké tugas liyané. Yésus ora mung dadi Hakim sing ngadili ”sakèhing bangsa”, ning uga bakal mènèhi hukuman marang wong-wong sing wis diadili dadi ”wedhus jawa”. (Mt. 25:32, 33) ”Pedhangé [Sang Raja] kang landhep . . . bakal disabetaké marang sakèhing bangsa”. Wektu kuwi, kabèh sing kaya wedhus jawa, saka ”ratu” nganti ”batur-tukon”, ”bakal disingkirké saklawasé”.​—Wy. 19:15, 18; Mt. 25:46, NW.

18. (a) Apa sing bakal dialami ”wedhus gèmbèl”? (b) Apa sing bakal ditindakké Yésus sakwisé ngalahké lan nyingkirké kabèh mungsuhé Kratoné Allah?

18 Kahanané wong-wong sing diadili dadi ”wedhus gèmbèl” bakal béda banget. Senajan arep disingkirké karo pasukan ”wedhus jawa” duwèké Sétan, ning ”golonganing wong akèh” sing kétoké kaya ”wedhus gèmbèl” sing ringkih kuwi bakal slamet saka serangan mungsuh-mungsuh kuwi lan ”luwar saka ing sangsara gedhé”. (Wy. 7:9, 14) Terus, sakwisé ngalahké lan nyingkirké kabèh mungsuhé Kratoné Allah, Yésus bakal nguncalké Sétan lan para dhemité ing jurang sing jero banget. Nèng kono bakal kaya wong mati, ora isa apa-apa nganti sèwu taun suwéné.​—Wacanen Wahyu 6:2; 20:1-3.

Carané Bèn Siyap

19, 20. Piyé awaké dhéwé ngetrapké Yésaya 26:20 lan 30:21?

19 Piyé carané bèn awaké dhéwé siyap ngadhepi kedadéan-kedadéan nggumunké sing bakal kelakon? Pirang-pirang taun kepungkur, The Watchtower kandha, ”Wong sing péngin slamet kudu manut.” Kok isa? Jawabané ana ing dhawuhé Yéhuwah marang wong Yahudi buwangan sing manggon ing kutha Babil kuna. Yéhuwah ngramal nèk Babil bakal dikalahké, apa sing kudu ditindakké umaté Allah bèn siyap ngadhepi kuwi? Yéhuwah ngendika, ”Hé bangsaku, lumebua ing kamarmu, sawusé lumebu lawangé kancingen ndhelika sadhéla tumeka sapungkuré bebendu.” (Yé. 26:20) Gatèkna tembung-tembung ing ayat iki, ”lumebua”, ”kancingen”, ”ndhelika”, kuwi kabèh tembung préntah. Wong Yahudi sing manut préntah kuwi bakal tetep ing omahé lan diayomi saka tentara-tentara sing perang ing njaba. Dadi, nèk péngin slamet, kudu manut préntahé Yéhuwah. b

20 Apa piwulangé kanggo awaké dhéwé? Kaya umaté Allah jaman mbiyèn, nèk péngin slamet saka kedadéan-kedadéan sing bakal kelakon, awaké dhéwé kudu manut préntahé Yéhuwah. (Yé. 30:21) Préntah kuwi diwènèhké liwat jemaat. Mula, awaké dhéwé kudu luwih ngupaya manut saktulusé ati karo tuntunan sing ditampa. (1 Yo. 5:3) Nèk nindakké kuwi saiki, awaké dhéwé bakal luwih gampang manut karo préntah sing diwènèhké sukmbèn lan bakal dilindhungi Yéhuwah, Bapak ing swarga lan Sang Raja Yésus. (Zf. 2:3) Merga diayomi Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ndelok dhéwé piyé Kratoné Allah bakal nyingkirké kabèh mungsuhé. Mesthi kedadéan kuwi ora bakal isa dilalèkké.

a Kétoké, nyingkirké ”Babil gedhé” kuwi maksudé lembaga agamané sing disingkirké, dudu matèni wong-wongé. Mula, akèh-akèhé wong sing mbiyèn mèlu Babil gedhé isih urip sakwisé Babil gedhé disingkirké. Ning, ing ngarepé wong akèh, isa waé wong-wong kuwi ora ngaku nèk nduwé agama, kaya sing disebutké ing Zakharia 13:4-6.

b Kanggo katrangan luwih akèh, deloken Nubuat Yesaya—Terang bagi Seluruh Umat Manusia I, kaca 282-283.