Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kiwa: Sedulur wadon ing Alabama, AS, nyetèlké rekaman ceramahé Sedulur Rutherford, akir 1930-an; tengen: Swiss

BAGÉAN 1

Sing Bener bab Kraton—Ngekèki Pangan ing Wektu sing Pas

Sing Bener bab Kraton—Ngekèki Pangan ing Wektu sing Pas

SING sinau Alkitab karo panjenengan kétok seneng banget sakwisé ngerti maksudé ayat sing bar diwaca. Dhèwèké takon, ”Dadi miturut Alkitab, awaké dhéwé bakal urip nèng bumi Pirdus saklawasé?” Kanca nginjilé panjenengan mèsem lan kandha, ”Lha sing mbok waca mau piyé?” Karo nggumun, sing sinau gèdhèg-gèdhèg terus kandha, ”Wah, aku lagi ngerti bab iki.” Panjenengan éling dhèwèké ya kandha kaya ngono pirang-pirang minggu sakdurungé, pas sepisanan ngerti nèk asmané Gusti Allah kuwi Yéhuwah.

Apa panjenengan nduwé pengalaman kaya ngono? Akèh sedulur tau ngrasakké sing padha. Kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé wis nampa hadiah sing aji banget, yaiku wulangan sing bener. Pikirna dhisik: Piyé panjenengan isa ngerti wulangan sing bener? Ing bagéan iki awaké dhéwé bakal ngrembug jawaban saka pitakonan kuwi. Carané umaté Allah éntuk katrangan bab rohani sing saya cetha nduduhké nèk Kratoné Allah pancèn nyata. Wis satus taun iki, Rajané Kraton kuwi yaiku Yésus Kristus, mastèkké bèn umaté Allah diwulang bab sing bener.

ING BAGÉAN IKI

BAB 3

Yéhuwah Nduduhké Kersané

Apa Kratoné Allah kuwi bagéan saka kersané Allah sing sepisanan? Piyé Yésus ngandhani luwih cetha bab Kratoné Allah?

BAB 4

Yéhuwah Ngluhurké Asmané

Apa sing ditindakké Kratoné Allah kanggo nyucèkké asmané Gusti Allah? Piyé panjenengan mèlu nyucèkké asmané Yéhuwah?

BAB 5

Wulangan sing Bener Saya Cetha

Deloken wulangan sing saya cetha bab Kratoné Allah, panguwasané, rakyaté, lan piyé nduduhké rasa setya.