Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kiwa: Sedulur wadon perintis nginjil ing Korea taun 1931; tengen: Nginjil nganggo basa isyarat ing Korea saiki

BAGÉAN 2

Gawéan Nginjil—Nyebarké Kabar Apik bab Kraton ing Sakdonya

Gawéan Nginjil—Nyebarké Kabar Apik bab Kraton ing Sakdonya

PANJENENGAN siyap-siyap nginjil ésuk kuwi. Dina kuwi panjenengan ora kerja. Awaké panjenengan rada kesel, lan dadi ragu, sida metu nginjil apa ora. Kayané paling pénak bali turu manèh. Ning panjenengan ndonga lan nduwé tékad kanggo nginjil. Panjenengan nginjil karo sedulur sepuh sing setya. Sipat tekun lan apikané sedulur kuwi nggawé panjenengan trenyuh. Pas lagi nginjil saka omah ing omah, panjenengan dadi sadhar nèk sedulur-sedulur sakdonya uga lagi martakké kabar apik sing padha, nggunakké wacan sing padha, lan éntuk paédah saka latihan sing padha. Bar tekan omah, tenaga panjenengan rasané dikuwatké manèh, lan ana rasa puas merga akiré mutuské nginjil timbang nèng omah.

Saiki, nginjil kuwi gawéan utamané Kratoné Allah. Yésus ngramalké nèk ing dina-dina pungkasan, gawéan iki bakal ditindakké ing sakdonya. (Mt. 24:14) Piyé ramalan iki kelakon? Bagéan iki bakal ngrembug bab umaté Allah, cara nginjilé, lan piranti-piranti penting kanggo nginjil. Kuwi kabèh wis mbantu jutaan wong ngerti nèk Kratoné Allah nyata.

ING BAGÉAN IKI

BAB 6

Umat sing Martakké—Para Penginjil sing Lila Digunakké

Ngapa Yésus yakin banget bakal nduwé pasukan sing lila digunakké ing dina-dina wekasan saiki? Piyé carané ngutamakké Kratoné Allah ing uripé panjenengan?

BAB 7

Cara kanggo Nginjil—Martakké Kabar Apik marang Akèh Wong

Deloken cara-cara sing saya apik sing digunakké umaté Allah kanggo martakké kabar apik marang akèh wong sakdurungé dinané Yéhuwah teka.

BAB 8

Piranti kanggo Nginjil—Wacan kanggo Nginjil ing Sakdonya

Piyé gawéan nerjemahké dadi bukti nèk Yésus ndhukung awaké dhéwé? Katrangan apa bab wacané awaké dhéwé sing nggawé panjenengan yakin nèk Kratoné Allah nyata?

BAB 9

Hasil Nginjil—Pategalan Wis Kuning lan Siyap Dipanèn

Yésus mulang para muridé rong piwulang penting bab panèn rohani sing gedhé. Apa pengaruhé piwulang kuwi saiki?