Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kiwa: Ana sedulur dicekel merga nginjil ing Eindhoven, Belanda, 1945; tengen: Apa hukum nèng negarané panjenengan nglindhungi hak kanggo nginjil?

BAGÉAN 4

Kemenangan ing bab Hukum—Mbéla Hak kanggo Martakké Kabar Apik

Kemenangan ing bab Hukum—Mbéla Hak kanggo Martakké Kabar Apik

PAS nginjil saka omah ing omah, panjenengan krungu swara siréne saka kadohan. Swara kuwi saya suwé saya banter. Pas panjenengan lagi omongan karo wong sing ditemoni, kanca nginjilé panjenengan nolèh nèng arah mobil polisi sing bar mandheg. Salah siji polisi metu, terus nyedhaki panjenengan lan takon, ”Aku éntuk laporan bab kowé. Apa kowé sing ngomong bab Alkitab saka omah ing omah?” Nganggo cara sing sopan panjenengan njawab, lan ngandhani nèk panjenengan Seksi-Seksi Yéhuwah. Apa sing kedadéan sakbanjuré?

Jawabané dipengaruhi saka kedadéan-kedadéan sing wis kelakon. Saksuwéné iki, piyé pandhangané pamréntah ing negarané panjenengan bab Seksi-Seksi Yéhuwah? Apa panjenengan bébas ngibadah? Nèk iya, isa waé kuwi merga upayané sedulur lanang lan wadon sing sregep ”mbélani sarta nyantosakaké Injil”. (Fp. 1:7) Ora masalah manggon ing ngendi, nèk mikirké tenanan kisah kemenangané Seksi-Seksi Yéhuwah ing bab hukum, imané awaké dhéwé bakal dikuwatké. Ing bagéan iki, bakal dirembug kemenangan-kemenangan ing bab hukum. Kemenangan kuwi bukti nèk Kratoné Allah pancèn nyata, merga ora bakal isa kelakon nèk mung nganggo kekuwatané awaké dhéwé.

ING BAGÉAN IKI

BAB 13

Penginjil Kratoné Allah Maju ing Pengadilan

Hakim jaman saiki nduwé pandhangan kaya Gamalièl.

BAB 14

Setya Ndhukung Kratoné Allah, Dudu Liyané

Seksi-Seksi Yéhuwah dianiaya sing digambarké kaya ”kali” merga ora mèlu-mèlu politik. Ning, ora dinyana-nyana para panguwasa mbéla umaté Allah.

BAB 15

Ngupayakké Kebébasan kanggo Ngibadah

Umaté Allah ngupaya manut hukumé Kratoné Allah.