Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kiwa: Bantuan dikirim saka Swiss marang sedulur-sedulur ing Jerman, taun 1946; tengen: Mbangun manèh Balé Ibadah ing Jepang sakwisé tsunami, taun 2011

BAGÉAN 6

Proyèk Pembangunan lan Bantuan—Nduduhké Katresnan sing Sejati

Proyèk Pembangunan lan Bantuan—Nduduhké Katresnan sing Sejati

SABEN mlebu nèng Balé Ibadah, panjenengan mesthi ngrasa bangga banget. Mungkin panjenengan mbiyèn mèlu mbantu proyèk pembangunan Balé Ibadah iki lan nduwé kenangan sing apik. Ning saiki, panjenengan luwih nggumun manèh merga Balé Ibadah malih dadi posko bantuan sementara sakwisé bencana. Angin gedhé marahi banjir lan ngobrak-abrik dhaérah kono. Mula, Panitya Cabang langsung ngatur bantuan lan mastèkké bèn korban bencana isa éntuk pangan, klambi, banyu resik, lan bantuan liyané. Sumbangan kanggo bantuan uga wis diatur. Akiré, para sedulur mulai padha teka, lan diwènèhi kebutuhané. Sedulur-sedulur kuwi dadi mbrebes mili merga seneng.

Yésus kandha nèk tandha utama para muridé kuwi padha tresna siji lan sijiné. (Yo. 13:34, 35) Ing bagéan iki, bakal dirembug piyé katresnan sing sejati diduduhké Seksi-Seksi Yéhuwah wektu ana proyèk pembangunan lan nyedhiyakké bantuan pas ana bencana. Katresnan kuwi mbuktèkké awaké dhéwé bener-bener dipréntah Kratoné Allah.

ING BAGÉAN IKI

BAB 18

Carané Gawéan Kratoné Allah Diragadi

Ragadé saka ngendi? Piyé kuwi digunakké?

BAB 19

Proyèk Pembangunan Ngluhurké Yéhuwah

Panggonan ibadah ngluhurké Yéhuwah, ning ana sing luwih aji kanggoné Yéhuwah timbang kuwi.

BAB 20

Nyedhiyakké Bantuan Kemanusiaan

Apa buktiné nèk gawéan mènèhi bantuan kuwi bagéan saka tugas suci marang Yéhuwah?