Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 2

Yésus Dihormati Sakdurungé Lair

Yésus Dihormati Sakdurungé Lair

LUKAS 1:34-56

  • MARIA MARANI SEDULURÉ, YAIKU ÉLISABÈT

Maria dikandhani malaékat Gabrièl nèk bakal nglairké anak lanang sing dijenengi Yésus, lan bakal mréntah dadi Raja saklawasé. Banjur Maria takon, ”Piyé carané kuwi isa kelakon? Merga aku isih prawan.”​—Lukas 1:34.

Gabrièl njawab, ”Roh suci bakal nekani kowé, lan kuwasané Sing Mahaluhur bakal ngayomi kowé. Mula, anak sing bakal lair kuwi bakal disebut suci, Putrané Gusti Allah.”​—Lukas 1:35.

Mungkin kanggo mbantu Maria supaya percaya karo warta kuwi, Gabrièl kandha manèh, ”Ngertia, Élisabèt sedulurmu uga lagi mbobot anak lanang, lan saiki wis enem sasi, padahal dhèwèké wis tuwa lan disebut wong wadon mandhul. Sebab apa sing wis dingendikakké Gusti Allah mesthi bakal kelakon.”​—Lukas 1:36, 37.

Maria percaya karo omongané Gabrièl. Iki kétok saka jawabané Maria, sing kandha, ”Aku iki budhak wadoné Yéhuwah. Muga-muga kuwi kabèh kelakon marang aku kaya sing kok omongké.”​—Lukas 1:38.

Sakwisé Gabrièl lunga, Maria langsung siap-siap kanggo marani Élisabèt lan Zakharia, sing manggon ing perbukitan Yudéa, cedhak Yérusalèm. Saka Nazarèt, perjalanané mbutuhké wektu telung dina utawa patang dina.

Akiré Maria tekan ing omahé Zakharia. Wektu mlebu omah, dhèwèké ngucapké salam marang Élisabèt. Ing wektu kuwi uga, Élisabèt kapenuhan roh suci lan dhèwèké kandha marang Maria, ”Diberkahana kowé ing antarané para wong wadon, lan diberkahana bayi saka wetengmu! Iki kaurmatan kanggoku merga aku ditekani ibu saka Gustiku. Wektu aku krungu salam sing kok ucapké, bayi ing njero wetengku kroncalan merga seneng.”​—Lukas 1:42-44.

Maria njawab kanthi ngucap sokur, ”Aku ngluhurké Yéhuwah, atiku ora isa ngempet rasa senengku, merga Gusti Allah Juru Slametku. Merga Panjenengané wis nggatèkké budhaké wadon sing asor. Wiwit saiki kabèh generasi bakal nyebut aku bungah, merga Gusti Allah sing kuwasa wis nindakké akèh perkara gedhé kanggo aku.” Senajan diparingi kaurmatan, Maria ora sombong. Dhèwèké malah ngluhurké Gusti Allah, ”Asmané suci, nganti turun-temurun welas asihé diduduhké marang wong-wong sing ngajèni Panjenengané.”​—Lukas 1:46-50.

Maria terus ngluhurké Gusti Allah nganggo tembung-tembung sing isiné ramalan iki, ”Panjenengané nduduhké kuwasané nganggo astané, lan mbuyarké wong-wong sing niat atiné sombong. Panjenengané nglèngsèrké wong sing nduwé kuwasa saka tahtané lan ngluhurké wong sing asor. Panjenengané maringi perkara-perkara sing apik marang wong miskin nganti wong-wong kuwi ngrasa puas, lan ngongkon wong-wong sugih lunga tanpa nggawa apa-apa. Panjenengané nulungi Israèl, abdiné, kanggo mbuktèkké nèk Panjenengané éling marang janjiné yaiku nduduhké welas asihé marang Abraham lan keturunané, kanggo saklawasé. Janji kuwi sing Panjenengané ngendikakké marang para leluhur kita.”​—Lukas 1:51-55.

Maria manggon karo Élisabèt nganti kira-kira telung sasi, kayané kanggo mbantu Élisabèt sing arep nglairké. Wong wadon loro sing nduwé iman iki, padha-padha mbobot merga bantuané Gusti Allah, lan saksuwéné kuwi padha ndhukung siji lan sijiné.

Gatèkna nèk Yésus dihormati malah sakdurungé lair. Élisabèt nyebut Yésus ”Gustiku”, lan bayi ing njero wetengé ”kroncalan merga seneng” wektu Maria ngucapké salam. Iki béda banget karo tumindaké wong-wong marang Maria lan Yésus sukmbèn. Iki bakal dirembug ing bab-bab sakbanjuré.