Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 4

Maria​—⁠Mbobot Nanging Durung Nikah

Maria​—⁠Mbobot Nanging Durung Nikah

MATIUS 1:18-25 LUKAS 1:56

  • YUSUF NGERTI NÈK MARIA MBOBOT

  • MARIA DADI BOJONÉ YUSUF

Maria saiki wis mbobot patang sasi. Kita ngerti nèk pas mulai mbobot, Maria manggon karo Élisabèt ing perbukitan Yudéa sisih kidul. Nanging saiki Maria wis mulih menyang omahé ing Nazarèt. Sedhéla manèh wong-wong bakal padha ngerti nèk Maria mbobot. Kahanan iki mesthi nggawé Maria strès banget.

Apa manèh, Maria wis tunangan karo tukang kayu sing jenengé Yusuf. Maria ya ngerti nèk miturut Hukumé Gusti Allah kanggo Israèl, wong wadon sing wis tunangan nanging nindakké hubungan sèks karo wong lanang liya kudu dibandhemi watu nganti mati. (Pangandharing Torèt 22:23, 24) Senajan Maria ora nindakké kuwi, nanging dhèwèké mungkin ora ngerti carané njelaské marang Yusuf nèk dhèwèké lagi mbobot, lan Maria mesthi ya kuwatir karo apa sing bakal kelakon.

Maria wis lunga telung sasi, mula Yusuf mesthi kangen banget karo dhèwèké. Wektu wong loro kuwi ketemu, Maria kayané crita lan ngupaya ngyakinké Yusuf nèk dhèwèké mbobot merga roh suciné Gusti Allah. Nanging, kaya sing panjenengan bayangké, Yusuf mesthi ora gampang kanggo isa paham lan percaya bab kuwi.

Yusuf ngerti nèk Maria kuwi wong wadon sing dikenal apik. Yusuf uga tresna banget karo Maria. Senajan wis dijelaské Maria, Yusuf tetep mikir nèk ora mungkin Maria isa mbobot tanpa hubungan sèks karo wong lanang liya. Nanging, Yusuf ya ora péngin Maria dihukum mati utawa diisin-isinké ing ngarepé wong akèh. Mula, Yusuf péngin megat Maria meneng-meneng. Ing jaman kuwi, wong sing wis tunangan dianggep kaya wis nikah, lan kudu ana pegatan kanggo medhot hubungan tunangan.

Banjur, wektu Yusuf isih mikir-mikir bab kuwi, dhèwèké turu. Malaékaté Yéhuwah nemoni dhèwèké liwat mimpi lan kandha, ”Aja wedi ndadèkké Maria bojomu, sebab Maria mbobot merga roh suci. Maria bakal nglairké anak lanang lan jenengana Yésus, merga dhèwèké bakal nylametké bangsané saka dosa-dosané.”​—Matius 1:20, 21.

Wektu tangi, Yusuf ngrasa lega banget merga masalah kuwi saiki wis jelas. Mula, Yusuf langsung manut tuntunané malaékat lan nggawa Maria mulih. Tumindak iki padha kaya upacara pernikahan sing nduduhké marang wong akèh nèk Yusuf lan Maria wis resmi nikah. Nanging, Yusuf ora hubungan sèks karo Maria saksuwéné Maria mbobot Yésus.

Pirang-pirang sasi sakbanjuré, Yusuf lan Maria kudu lunga saka omahé ing Nazarèt. Wong loro kuwi kudu lunga menyang ngendi wektu Maria wis arep nglairké?