Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 5

Ing Ngendi lan Kapan Yésus Lair?

Ing Ngendi lan Kapan Yésus Lair?

LUKAS 2:1-20

  • YÉSUS LAIR ING BÈTLÉHÈM

  • PARA PANGON NEMONI YÉSUS SING ISIH BAYI

Panguwasa Romawi yaiku Kaisar Agustus mréntahké supaya saben wong didaftar. Mula, Yusuf lan Maria kudu bali menyang kutha asalé Yusuf yaiku Bètléhèm, ing sisih kidulé Yérusalèm.

Merga Bètléhèm kebak karo wong-wong sing teka kanggo ndaftar, mula siji-sijiné panggonan sing isa dienggo nginep Yusuf lan Maria yaiku kandhang kanggo keledai lan kéwan liyané. Ing panggonan kuwi Yésus lair. Maria nggedhong Yésus nganggo kain lan ndèlèhké ing wadhah pakan kéwan.

Cetha banget nèk Gusti Allah sing ngatur supaya Kaisar Agustus nggawé undhang-undhang pendaftaran iki. Nganggo cara iki Yésus isa lair ing Bètléhèm, ing kutha asalé leluhuré, yaiku Raja Daud. Kitab Suci wis suwé mènèhi ramalan nèk Bètléhèm bakal dadi kutha lairé Panguwasa sing dijanjèkké.​—Mikha 5:1.

Ing wengi pas Yésus lair, ana cahya padhang njingglang sing madhangi dhaérah ing sakiwa-tengené para pangon sing lagi ngumpul ing lapangan. Kuwi kamulyané Yéhuwah! Salah siji malaékat ngandhani para pangon kuwi, ”Aja wedi! Aku nggawa kabar apik bab kabungahan gedhé sing bakal dirasakké kabèh wong. Merga dina iki, ing kuthané Daud, wis lair wong sing bakal nylametké kowé. Dhèwèké kuwi Kristus lan Gusti. Iki tandha kanggo kowé: Kowé bakal weruh bayi sing digedhong nganggo kain lan didèlèhké ing wadhah pakan kéwan.” Ujug-ujug, ana akèh malaékat padha teka lan kandha, ”Kamulyan kanggo Gusti Allah ing swarga, lan tentrem ing bumi kanggo wong-wong sing ditresnani Gusti Allah.”​—Lukas 2:10-14.

Sakwisé para malaékat kuwi lunga, para pangon banjur kandha, ”Ayo awaké dhéwé langsung menyang Bètléhèm lan ndelok apa sing kedadéan, sing wis Yéhuwah ngendikakké marang awaké dhéwé.” (Lukas 2:15) Para pangon kuwi cepet-cepet lunga lan nemokké Yésus sing lagi waé lair, persis ing panggonan kaya sing diomongké malaékat mau. Wektu para pangon kuwi nyritakké omongané malaékat mau, kabèh sing krungu padha nggumun. Maria nyimpen kabèh kuwi ing njero atiné lan mikirké tenanan apa tegesé.

Akèh wong saiki percaya nèk Yésus lair tanggal 25 Desember. Nanging ing dhaérah Bètléhèm, sasi Desember biasané kerep udan, hawané adhem, lan kadhang ana salju. Mula, para pangon ora mungkin manggon ing lapangan pas wayah wengi karo wedhus-wedhusé. Kaisar Romawi ya ora mungkin ngongkon rakyaté, sing wis ora seneng karo dhèwèké, kanggo nglakoni perjalanan sing suwéné pirang-pirang dina wektu musim dingin kanggo ndaftar. Mula, Yésus lair kira-kira ing sasi Oktober.