Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 18

Tugasé Yésus Saya Akèh, Tugasé Yohanes Saya Sithik

Tugasé Yésus Saya Akèh, Tugasé Yohanes Saya Sithik

MATIUS 4:12 MARKUS 6:17-20 LUKAS 3:19, 20 YOHANES 3:22–4:3

  • MURID-MURIDÉ YÉSUS MBAPTIS WONG-WONG

  • YOHANES PEMBAPTIS DIPENJARA

Sakwisé ngrayakké Paskah ing musim semi taun 30 M, Yésus lan murid-muridé ninggalké kutha Yérusalèm. Wong-wong kuwi ora langsung bali menyang Galiléa, nanging lunga menyang Yudéa, lan ing kana mbaptis akèh wong. Yohanes Pembaptis uga mbaptis wong kira-kira saksuwéné setaun, mungkin ing dhaérah lembah Kali Yordan, lan sapérangan muridé isih bareng karo dhèwèké.

Yésus ora mbaptis sapa-sapa, nanging ngongkon murid-muridé nindakké kuwi. Baptisan sing ditindakké murid-muridé Yésus kuwi lambang pertobatan, padha kaya baptisan sing ditindakké Yohanes. Wektu kuwi, Yésus lan Yohanes mulang wong-wong Yahudi, sing wis mertobat saka dosané sing nglanggar perjanjian Hukumé Gusti Allah.​—Kisah 19:4.

Nanging murid-muridé Yohanes padha mèri, lan protès marang Yohanes, ”Wong sing ndhisik bareng karo panjenengan . . . saiki mbaptis wong, lan kabèh wong padha marani dhèwèké.” (Yohanes 3:26) Nanging, Yohanes ora mèri. Dhèwèké malah seneng akèh wong ngetutké Yésus, lan péngin murid-muridé mèlu seneng. Yohanes kandha, ”Kowé dhéwé seksiné wektu aku kandha, ’Aku dudu Kristus, nanging aku diutus ndhisiki dhèwèké.’” Yohanes mènèhi umpama bèn para muridé saya paham bab iki, ”Mantèn wadon kuwi duwèké mantèn lanang. Nanging kancané mantèn lanang seneng banget wektu ngadeg ing cedhaké mantèn lanang lan ngrungokké swarané. Semono uga, rasa bungahku wis lengkap.”​—Yohanes 3:28, 29.

Kaya kancané mantèn lanang kuwi, Yohanes seneng wektu ngenalké murid-muridé marang Yésus pirang-pirang sasi sakdurungé. Ana uga muridé Yohanes sing ngetutké Yésus lan bakal dilantik nganggo roh suci. Yohanes péngin murid-muridé liyané uga dadi pengikuté Yésus, merga tujuané Yohanes kuwi nyiapké dalan kanggo pelayanané Yésus. Yohanes kandha, ”Apa sing dhèwèké tindakké bakal saya akèh, nanging apa sing tak tindakké bakal saya sithik.”​—Yohanes 3:30.

Salah siji muridé Yésus sing kapisan, sing jenengé uga Yohanes nulis bab asal-usul lan tugas pentingé Yésus kanggo nylametké manungsa: ”Sing teka saka ndhuwur kuwi ngungkuli liya-liyané.  . . Bapak nresnani Putra lan wis masrahké sakabèhé ing tangané. Wong sing nduduhké iman marang Putra bakal nampa urip saklawasé. Wong sing ora manut marang Putra ora bakal nampa urip, nanging wong kuwi bakal terus ngrasakké murkané Gusti Allah.” (Yohanes 3:31, 35, 36) Iki bener-bener wulangan penting sing kudu dingertèni akèh wong!

Ora let suwé sakwisé Yohanes Pembaptis kandha nèk tugasé saya sithik, dhèwèké ditangkep Raja Hérodès. Hérodès wis ngrebut lan nikah karo Hérodias, bojoné Filipus, yaiku kakang tiriné Hérodès. Yohanes kanthi kendel ngélikké Hérodès ing ngarepé wong akèh bab laku jina sing ditindakké Hérodès kuwi. Hérodès akiré nglebokké Yohanes ing penjara. Wektu krungu nèk Yohanes ditangkep, Yésus lan murid-muridé ninggalké Yudéa lan ”lunga menyang Galiléa”.​—Matius 4:12; Markus 1:14.