Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 19

Yésus Mulang Wong Wadon Samaria

Yésus Mulang Wong Wadon Samaria

YOHANES 4:3-43

  • YÉSUS MULANG WONG WADON SAMARIA LAN LIYANÉ

  • IBADAH SING DITAMPA GUSTI ALLAH

Ing perjalanan saka Yudéa menyang Galiléa, Yésus lan murid-muridé ngliwati dhaérah Samaria. Merga kesel banget, mula kira-kira pas wayah awan, wong-wong kuwi mandheg ing cedhak kutha Sikhar kanggo ngaso. Ing kono ana sumur sing mungkin digali karo Yakub, utawa wong kongkonané, atusan taun sakdurungé. Nganti saiki, sumur kuwi isih ana ing cedhaké kutha Nablus.

Wektu Yésus ngaso ing cedhak sumur kuwi, para muridé lunga menyang kutha cedhak kono kanggo tuku panganan. Banjur, ana wong wadon Samaria teka kanggo nimba banyu. Yésus kandha, ”Tulung, wènèhana aku ngombé.”​—Yohanes 4:7.

Wektu kuwi, wong Yahudi lan wong Samaria ora gelem urusan karo siji lan sijiné merga wis suwé nduwé prasangka. Mula, wong wadon kuwi kagèt lan takon, ”Panjenengan kan wong Yahudi, lan aku wong wadon Samaria. Ngapa panjenengan njaluk ngombé saka aku?” Yésus njawab, ”Nèk kowé ngerti anugrah saka Gusti Allah lan sapa sing kandha marang kowé, ’Tulung, wènèhana aku ngombé,’ kowé mesthi bakal njaluk banyu marang dhèwèké, lan dhèwèké bakal mènèhi kowé banyu sing marakké urip.” Wong wadon kuwi kandha, ”Pak, panjenengan kan ora nduwé timba, lan sumur iki jero. Mula saka ngendi panjenengan isa éntuk banyu sing marakké urip kuwi? Yakub, bapak leluhurku wis mènèhi sumur iki. Dhèwèké, anak-anaké, lan ternaké uga ngombé saka sumur iki. Panjenengan ora luwih unggul ketimbang dhèwèké, ta?”​—Yohanes 4:9-12.

Yésus njawab, ”Saben wong sing ngombé banyu iki bakal ngelak manèh. Nanging sapa waé sing ngombé banyu sing bakal tak wènèhké, ora bakal ngelak manèh. Banyu sing bakal tak wènèhké kuwi bakal dadi kaya sumber banyu ing njero awaké lan ngasilké urip langgeng.” (Yohanes 4:13, 14) Senajan kesel, Yésus gelem ngandhani wulangan sing bener, sing isa nggawé wong wadon Samaria kuwi urip langgeng.

Wong wadon kuwi banjur kandha, ”Pak, wènèhana aku banyu kuwi, supaya aku ora ngelak manèh lan ora usah bola-bali mréné kanggo nimba banyu.” Yésus banjur ngomongké bab liyané, ”Lungaa, celuken bojomu mréné.” Wong wadon kuwi njawab, ”Aku ora nduwé bojo.” Yésus kandha, ”Omonganmu bener, kowé pancèn ora nduwé bojo. Kowé wis tau nduwé bojo lima, lan wong lanang sing saiki manggon bareng karo kowé kuwi dudu bojomu. Sing kok omongké kuwi pancèn bener.” (Yohanes 4:15-18) Wong wadon kuwi mesthi kagèt banget.

Wong wadon mau dadi sadhar nèk Yésus kuwi dudu wong biasa. Dhèwèké kandha, ”Pak, panjenengan mesthi nabi.” Banjur kandha manèh, ”Leluhurku [wong Samaria] ngibadah ing gunung iki [Gunung Gérizim ing cedhak kono], nanging kowé kabèh [wong Yahudi] kandha nèk wong-wong kudu ngibadah ing Yérusalèm.” (Yohanes 4:19, 20) Saka omongané, kita ngerti nèk wong wadon iki seneng karo bab-bab rohani.

Nanging, Yésus nerangké nèk panggonan kanggo ngibadah kuwi ora penting. Yésus kandha, ”Bakal tekan wektuné kowé kabèh ora bakal nyembah Gusti Allah ing gunung iki utawa ing Yérusalèm.” Yésus kandha manèh, ”Wektuné bakal teka, malah saiki wis teka, para penyembah sing sejati bakal nyembah Bapak nganggo roh lan cocog karo apa sing bener, merga saktenané Bapak nggolèki wong-wong sing kaya ngono kuwi kanggo nyembah Panjenengané.”​—Yohanes 4:21, 23, 24.

Sing penting kanggoné Gusti Allah kuwi cara ngibadahé, dudu panggonané. Wong wadon kuwi nggumun banget. Dhèwèké kandha, ”Aku ngerti nèk Mèsias sing disebut Kristus bakal teka. Nèk wis teka, dhèwèké bakal ngandhani sakabèhé marang aku kabèh.”​—Yohanes 4:25.

Yésus kandha, ”Aku iki wongé, sing lagi omongan karo kowé.” (Yohanes 4:26) Coba bayangna! Wong wadon kuwi teka awan-awan mung kanggo nimba banyu, nanging Yésus malah terus terang ngandhani nèk Yésus kuwi Mèsias. Iki istiméwa merga Yésus durung tau ngandhani bab penting iki marang liyané.

AKÈH WONG SAMARIA DADI PADHA NDUWÉ IMAN

Wektu bali saka Sikhar karo nggawa panganan, para murid weruh Yésus isih lungguh ing sumur Yakub lan lagi omong-omongan karo wong wadon Samaria. Wektu murid-murid tekan panggonané Yésus, wong wadon kuwi ninggalké genthongé lan lunga menyang kutha.

Pas tekan ing Sikhar, wong wadon kuwi ngandhani wong-wong apa sing diomongké Yésus mau. Dhèwèké kandha, ”Ayo, deloken wong sing ngandhani aku bab kabèh sing tau tak lakoni.” Mungkin kanggo nggawé wong-wong dadi penasaran, dhèwèké kandha, ”Mungkin dhèwèké kuwi Kristus!” (Yohanes 4:29) Iki bab penting sing kerep diomongké akèh wong wiwit jamané Musa. (Pangandharing Torèt 18:18) Wong-wong banjur padha metu saka kutha kanggo ketemu langsung karo Yésus.

Para murid banjur ngejak Yésus maem. Nanging Yésus kandha, ”Aku wis nduwé panganan, nanging kowé kabèh ora ngerti kuwi apa.” Murid-murid dadi bingung, lan kandha marang siji lan sijiné, ”Apa ana sing wis nggawakké panganan kanggo dhèwèké?” Yésus banjur nerangké, ”Pangananku yaiku nindakké kersané Panjenengané sing ngutus aku lan ngrampungké gawéan saka Panjenengané.”​—Yohanes 4:32-34.

Gawéan sing dimaksudké Yésus iki dudu panèn tenanan, merga panèn tenanan kuwi kira-kira isih patang sasi manèh. Nanging, sing dimaksud Yésus kuwi panèn rohani. Yésus kandha, ”Deloken ladhang-ladhang wis putih lan siap dipanèn. Wong sing manèn wis nampa opah lan nglumpukké woh kanggo urip langgeng. Mula sing nyebar lan sing manèn padha bungah bebarengan.”​—Yohanes 4:35, 36.

Kayané Yésus ngerti nèk akèh wong ing Sikhar bakal nduwé iman marang Yésus merga kesaksiané wong wadon mau, sing kandha, ”Dhèwèké ngandhani aku bab kabèh sing tau tak lakoni.” (Yohanes 4:39) Wong-wong kuwi banjur mara ing sumur kanggo nemoni Yésus, lan nyuwun supaya Yésus manggon ing kono kanggo mulang luwih akèh. Yésus gelem manggon ing Samaria rong dina suwéné.

Merga ngrungokké Yésus, luwih akèh manèh wong Samaria sing nduwé iman marang Yésus. Wong-wong kuwi kandha marang wong wadon mau, ”Saiki aku kabèh percaya dudu mung merga omonganmu waé. Aku kabèh wis padha krungu dhéwé, lan ngerti nèk wong iki sing bakal nylametké donya.” (Yohanes 4:42) Wong wadon Samaria kuwi dadi conto apik kanggo kita wektu mènèhi kesaksian bab Kristus. Kita kudu nggawé wong-wong penasaran, supaya wong-wong péngin ngerti luwih akèh.

Élinga nèk kedadéan iki kelakon patang sasi sakdurungé panèn, kayané panèn barli. Ing dhaérah iki panèn barli biasané pas musim semi. Dadi, iki kedadéané kira-kira sasi November utawa Desember. Kuwi tegesé, nèk sakwisé Paskah taun 30 M, Yésus lan para muridé wis ana ing Yudéa kira-kira wolung sasi kanggo mulang lan mbaptis. Yésus lan murid-muridé saiki arep bali menyang Galiléa. Bakal ana kedadéan apa ing kono?