Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 20

Mukjijat sing Kapindho ing Kutha Kana

Mukjijat sing Kapindho ing Kutha Kana

MARKUS 1:14, 15 LUKAS 4:14, 15 YOHANES 4:43-54

  • YÉSUS MARTAKKÉ NÈK ”KRATONÉ ALLAH WIS CEDHAK”

  • YÉSUS MARÈKKÉ CAH LANANG SAKA KADOHAN

Sakwisé kira-kira rong dina ing Samaria, Yésus bali menyang Galiléa, dhaérah asalé. Nanging Yésus ora bali kanggo istirahat senajan wis sibuk nginjil ing Yudéa. Yésus malah saya akèh nindakké pelayanané ing dhaérah dhèwèké digedhèkké kuwi. Kétoké, Yésus ora pati ngarep-arep bakal ditampa ing kana, merga Yésus tau kandha nèk ”nabi ora diajèni ing dhaérah asalé”. (Yohanes 4:44) Wektu kuwi, para murid ora bareng Yésus, nanging padha bali ing omahé lan nindakké manèh gawéané mbiyèn.

Yésus mulai martakké, ”Kratoné Allah wis cedhak. Mertobata, lan nduwéa iman marang kabar apik.” (Markus 1:15) Piyé tanggepané wong-wong? Jebulé, akèh wong Galiléa padha nampa lan ngajèni Yésus. Iki ora mung merga wartané. Pirang-pirang sasi sakdurungé, sapérangan wong Galiléa ana ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Paskah lan ndelok akèh mukjijat sing ditindakké Yésus.​—Yohanes 2:23.

Ing Galiléa, ing kutha ngendi Yésus mulai nindakké pelayanané? Kayané ing kutha Kana, panggonan wektu Yésus nggawé banyu malih dadi anggur. Ing kéné, ana wong lanang sugih saka Kapernaum sing krungu nèk Yésus wis teka saka Yudéa menyang kutha Kana. Wong lanang iki pejabat kerajaané Hérodès Antipas. Anaké pejabat iki lagi lara lan arep mati. Mula, saka omahé ing Kapernaum, pejabat iki lunga menyang kutha Kana kanggo nemoni Yésus. Pejabat sing lagi sedhih iki nyuwun marang Yésus, ”Gusti, tulung tekaa sakdurungé anakku mati.”​—Yohanes 4:49.

Jawabané Yésus nggawé pejabat iki kagèt. Yésus kandha, ”Muliha, anakmu wis mari.” (Yohanes 4:50) Pejabat kuwi percaya karo Yésus lan langsung bali mulih. Wektu ana ing dalan arep mulih, dhèwèké ketemu budhak-budhaké, sing péngin ndang ngandhani kabar apik yaiku nèk anaké pejabat kuwi wis mari. Pejabat kuwi takon jam pira anaké dadi séhat. Dhèwèké péngin ngerti apa anaké mari merga Yésus.

Budhak-budhaké njawab, ”Demamé ilang wingi pas jam siji awan.”​—Yohanes 4: 52.

Pejabat kuwi langsung ngerti nèk pas jam kuwi Yésus kandha marang dhèwèké, ”Anakmu wis mari.” Sakwisé kuwi, pejabat iki lan kabèh anggota keluargané dadi pengikuté Kristus.

Dadi, ing kutha Kana ana rong mukjijat sing ditindakké Yésus yaiku nggawé banyu malih dadi anggur lan marèkké cah lanang saka jarak kira-kira 26 kilomèter. Sakjané ana mukjijat-mukjijat liya sing wis ditindakké Yésus, nanging mukjijat marèkké cah lanang iki istiméwa, merga iki dadi tandha nèk Yésus mulai nindakké pelayanané ing Galiléa. Iki uga cetha nduduhké nèk Yésus kuwi nabi saka Gusti Allah. Nanging apa wong-wong ”ing dhaérah asalé” bakal terus ngajèni dhèwèké?

Kita bakal ngerti jawabané wektu Yésus bali menyang kutha asalé, yaiku Nazarèt. Apa sing bakal dialami Yésus ing kono?