Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 26

”Dosamu Wis Diapura”

”Dosamu Wis Diapura”

MATIUS 9:1-8 MARKUS 2:1-12 LUKAS 5:17-26

  • YÉSUS NGAPURANI DOSANÉ WONG LUMPUH LAN MARÈKKÉ WONG KUWI

Akèh wong saka ngendi-endi saiki padha ngerti bab Yésus. Malah, akèh sing nganti lunga menyang dhaérah plosok kanggo ngrungokké piwulang lan ndelok mukjijaté Yésus. Sakwisé pirang-pirang dina, Yésus bali manèh menyang Kapernaum, panggonan Yésus biasané nginep. Warta bab Yésus sing bali manèh langsung nyebar saka kutha iki nganti tekan pesisir Laut Galiléa. Hasilé, akèh wong padha teka ing panggonané Yésus. Wong Farisi lan para ahli Taurat uga teka saka kabèh dhaérah ing Galiléa lan Yudéa, klebu Yérusalèm.

’Akèh wong padha ngumpul ing omah kuwi, nganti ora ana panggonan manèh, malah ing cedhak lawang waé uga wis kebak. Banjur Yésus mulai martakké kabar apik marang wong-wong kuwi.’ (Markus 2:2) Bar iki, bakal ana kedadéan sing nggumunké. Kedadéan iki isa mbantu kita ngerti nèk Yésus nduwé kuwasa kanggo nyingkirké apa waé sing nyebabké manungsa sengsara, lan marèkké kabèh wong sing dhèwèké pilih.

Wektu Yésus lagi mulang, ana wong papat teka ngusung wong lanang sing lumpuh, lan péngin kancané iki dimarèkké Yésus. Nanging, merga ana akèh wong, wong-wong kuwi ora isa ”ngusung wong lanang mau menyang ngarepé Yésus”. (Markus 2:4) Mesthi wong-wong kuwi gela banget. Wong-wong kuwi banjur munggah lan mbobol atapé omah kuwi. Wong lumpuh mau banjur diedhunké nganggo tandhu.

Apa Yésus nesu? Ora. Yésus malah nggumun karo imané wong-wong kuwi, lan kandha marang wong lumpuh mau, ”Dosamu wis diapura.” (Matius 9:2) Nanging apa Yésus pancèn isa ngapurani dosa? Para ahli Taurat lan wong Farisi ora seneng, lan padha mbatin, ’Kok isa-isané wong iki ngomong kaya ngono? Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Apa ana sing isa ngapurani dosa sakliyané Gusti Allah?’​—Markus 2:7.

Merga ngerti apa sing dibatin wong-wong kuwi, Yésus kandha, ”Ngapa kowé mbatin kaya ngono? Luwih gampang endi, ngomong marang wong lumpuh iki, ’Dosamu wis diapura,’ utawa ngomong, ’Ngadega, angkaten tandhumu lan mlakua’?” (Markus 2:8, 9) Yésus pancèn isa ngapurani dosa nganggo dhasar kurban tebusané sing sukmbèn bakal dhèwèké wènèhké.

Yésus banjur nduduhké marang wong-wong, klebu para penentangé, nèk nduwé wewenang kanggo ngapurani dosa ing bumi. Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Aku kandha marang kowé, ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.” Wong lumpuh mau langsung ngadeg, mlaku ing ngarepé wong akèh karo ngangkat tandhuné. Mula, wong-wong dadi nggumun, ngluhurké Gusti Allah, lan kandha, ”Awaké dhéwé durung tau ndelok kaya ngéné iki sakdurungé.”​—Markus 2:11, 12.

Gatèkna, nèk wong lumpuh kuwi dadi mari sakwisé Yésus ngapurani dosané. Dadi, dosa ana hubungané karo penyakit. Alkitab mulang nèk Adam wis nindakké dosa, mula kabèh keturunané uga ngalami akibat saka dosa, contoné penyakit lan pati. Nanging sukmbèn, Yésus sing dadi Raja ing Kratoné Allah bakal ngapurani dosané kabèh wong sing nresnani lan ngabdi marang Gusti Allah. Banjur, penyakit bakal disirnakké saklawasé.​—Roma 5:12, 18, 19.