Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 27

Matius Dadi Muridé Yésus

Matius Dadi Muridé Yésus

MATIUS 9:9-13 MARKUS 2:13-17 LUKAS 5:27-32

  • YÉSUS NGUNDANG MATIUS, SI PETUGAS PAJEG

  • YÉSUS MAEM BARENG KARO WONG-WONG DOSA

Sakwisé marèkké wong lanang lumpuh, Yésus tetep ing Kapernaum, cedhak Laut Galiléa. Akèh wong padha marani Yésus manèh, lan Yésus mulai mulang. Wektu lagi mlaku, Yésus weruh Matius sing uga disebut Lèwi lagi lungguh ing kantor pajeg. Yésus mènèhi undangan istiméwa marang Matius, ”Dadia muridku.”​—Matius 9:9.

Kayané Matius wis kerep krungu bab piwulang lan mukjijaté Yésus, kaya Pétrus, Andréas, Yakobus, lan Yohanes. Lan kaya papat murid kuwi, Matius uga langsung gelem dadi muridé Yésus. Dhèwèké nyritakké bab iki ing Injilé, ”Matius langsung ngadeg lan mèlu Yésus.” (Matius 9:9) Dadi, Matius ninggalké gawéané dadi petugas pajeg banjur dadi muridé Yésus.

Mungkin kanggo nduduhké rasa senengé merga diundang Yésus, Matius banjur nganakké pésta gedhé ing omahé. Sapa manèh sing diundang sakliyané Yésus lan murid-muridé? Ing kana, uga ana kanca-kanca kerjané Matius mbiyèn yaiku para petugas pajeg. Wong-wong kuwi narik pajeg kanggo pamréntah Romawi sing disengiti wong-wong Yahudi. Pajeg iki klebu pajeg kapal sing teka ing pelabuhan, pajeg kanggo rombongan sing ngliwati dalan-dalan utama, lan pajeg kanggo barang-barang sing diimpor. Wong-wong Yahudi ngrèmèhké para petugas pajeg, merga wong-wong kuwi kerep narik pajeg sing luwih gedhé ketimbang sing sakmesthiné. Ing pésta kuwi, ana uga wong-wong sing dikenal dadi ”wong-wong dosa”.​—Lukas 7:37-39.

Wektu weruh Yésus maem bareng karo wong-wong dosa, wong Farisi sing sok suci nakoni para muridé Yésus, ”Ngapa gurumu mangan bareng karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?” (Matius 9:11) Yésus krungu kuwi, banjur njawab, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter, sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara. Lungaa, lan pikirna omongan iki, ’Aku seneng marang welas asih, dudu kurban.’ Aku teka ora kanggo ngundang wong-wong sing bener, nanging wong-wong sing dosa.” (Matius 9:12, 13; Hoséa 6:6) Senajan nyebut Yésus ”guru”, nanging wong Farisi ora percaya nèk Yésus bener-bener guru, padahal Yésus isa mulang wong-wong kuwi bab apa sing bener.

Kayané, Matius ngundang para petugas pajeg lan wong-wong dosa supaya wong-wong kuwi ngrungokké Yésus, ”merga saka antarané wong-wong kuwi akèh sing wis dadi pengikuté Yésus”. (Markus 2:15) Yésus péngin mbantu wong-wong kuwi nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah. Ora kaya wong Farisi sing sok suci mau, Yésus ora ngrèmèhké wong-wong dosa kuwi. Yésus mesakké lan nduwé welas asih marang wong-wong kuwi. Kaya dokter sing mbantu wong lara supaya séhat manèh, Yésus uga mbantu kabèh wong supaya nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah.

Senajan nduduhké welas asih marang petugas pajeg lan wong dosa, dudu tegesé Yésus setuju karo tumindak salahé wong-wong kuwi. Nanging, rasa welas asih iki padha kaya wektu Yésus ndelok wong sing lara. Contoné, merga mesakké, Yésus ndemèk wong lara kusta banjur kandha, ”Aku gelem. Dadia séhat.” (Matius 8:3) Kaya Yésus, apa panjenengan uga nduduhké welas asih lan gelem mbantu wong-wong, utamané ing bab rohani?