Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 36

Sawijiné Perwira Nduduhké Iman sing Gedhé

Sawijiné Perwira Nduduhké Iman sing Gedhé

MATIUS 8:5-13 LUKAS 7:1-10

  • PEMBANTUNÉ PERWIRA DIMARÈKKÉ

  • WONG SING NDUWÉ IMAN BAKAL DIBERKAHI

Sakwisé nyampèkké Ceramah ing Gunung, Yésus lunga menyang Kapernaum. Ing kutha kuwi, ana pemimpiné wong Yahudi sing teka marani Yésus. Wong-wong kuwi diutus karo sawijiné perwira Romawi.

Pembantu sing disayangi perwira kuwi lara parah lan arep mati. Senajan dudu wong Yahudi, perwira kuwi njaluk bantuané Yésus. Para pemimpiné wong Yahudi kuwi ngandhani Yésus nèk pembantuné perwira kuwi ”lumpuh ing omah lan ora isa tangi, dhèwèké sengsara banget”. (Matius 8:6) Wong-wong kuwi ngyakinké Yésus nèk perwira kuwi pantes dibantu, kandhané, ”Dhèwèké nresnani bangsa kita lan dhèwèké sing mbangun sinagogé ing kéné.”​—Lukas 7:4, 5.

Yésus banjur lunga karo para pemimpiné wong Yahudi kuwi menyang omahé perwira. Wektu wis arep tekan, perwira kuwi ngongkon kancané ngandhani Yésus, ”Pak, panjenengan ora usah répot-répot teka, aku ora pantes nampa panjenengan ing omahku. Kuwi sebabé aku ngrasa ora pantes nemoni panjenengan.” (Lukas 7:6, 7) Iki nduduhké sipat andhap asor saka wong sing biasané mènèhi préntah. Iki uga nduduhké bédané perwira iki karo wong Romawi liyané sing tumindaké kasar marang budhaké.​—Matius 8:9.

Perwira kuwi ngerti nèk wong Yahudi ora gelem srawung karo wong saka bangsa liya. (Kisah 10:28) Mungkin kuwi alesané perwira mau ngongkon kancané ngandhani Yésus, ”Panjenengan cukup ngendika sak tembung waé lan pembantuku mesthi mari.”​—Lukas 7:7.

Yésus nggumun krungu omongan kuwi, banjur kandha, ”Aku ngandhani kowé kabèh, aku durung tau ketemu wong ing Israèl sing imané gedhé kaya wong iki.” (Lukas 7:9) Sakwisé bali ing omahé perwira, kanca-kancané perwira kuwi ndelok pembantuné perwira mau wis mari.

Bar kuwi, Yésus nggunakké kesempatan iki kanggo nduduhké nèk wong-wong saka bangsa liya sing nduwé iman, bakal diberkahi. Yésus kandha, ”Akèh wong saka wétan lan kulon bakal teka, terus lungguh lan mangan bareng karo Abraham, Ishak, lan Yakub ing Kraton swarga.” Apa sing bakal dialami wong Yahudi sing ora nduwé iman? Yésus kandha nèk wong-wong kuwi ”bakal diuncalké menyang njaba, ing pepeteng. Ing kono wong-wong kuwi bakal nangis lan gela banget”.​—Matius 8:11, 12.

Sakjané, wong Yahudi éntuk kesempatan dhisik kanggo mréntah bareng Kristus ing swarga, nanging kesempatan kuwi malah ditolak. Mula, Gusti Allah uga bakal nolak wong-wong kuwi. Lan kesempatan kanggo lungguh lan mangan bareng karo Kristus ”ing Kraton swarga” bakal diwènèhké marang wong saka bangsa liya.