Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 42

Yésus Ngelokké Wong Farisi

Yésus Ngelokké Wong Farisi

MATIUS 12:33-50 MARKUS 3:31-35 LUKAS 8:19-21

  • YÉSUS NERANGKÉ BAB ”TANDHA NABI YUNUS”

  • YÉSUS LUWIH CEDHAK KARO MURID-MURIDÉ KETIMBANG KELUARGANÉ

Merga ora gelem ngakoni nèk Yésus ngusir roh jahat nganggo kuwasané Gusti Allah, para ahli Taurat lan wong Farisi isa dianggep ngrèmèhké roh suciné Gusti Allah. Yésus kandha, ”Nèk kowé ngrumat wit, wohé bakal apik, nanging nèk wit kuwi ora kok rumat, wohé ya bakal èlèk. Saka wohé, awaké dhéwé bakal ngerti wit kuwi apik apa èlèk.”​—Matius 12:33.

Bodho banget kanggo nudhuh nèk woh sing apik, yaiku tumindaké Yésus kanggo ngusir roh jahat kuwi asalé saka Sétan. Kaya sing diterangké Yésus wektu Ceramah ing Gunung, woh sing apik mesthi asalé saka wit sing apik, dudu sing èlèk. Wohé wong Farisi, yaiku tudhuhané sing ora masuk akal marang Yésus, mbuktèkké nèk wong-wong kuwi wit sing èlèk. Mula Yésus kandha, ”Kowé kabèh keturunan ula sing ana racuné, kowé ora mungkin isa ngomong sing apik merga atimu èlèk. Sebab apa sing diomongké ing cangkem, kuwi metu saka ati.”​—Matius 7:16, 17; 12:34.

Pancèn, omongan kita nduduhké isi ati kita, lan kuwi dadi dhasar kanggo ngadili kita. Yésus kandha, ”Ing Dina Pengadilan, manungsa kudu tanggung jawab kanggo saben omongané sing ora ana gunané. Merga nèk omonganmu apik, Gusti Allah bakal nganggep kowé wong sing nindakké apa sing bener. Nanging nèk omonganmu ala, Gusti Allah bakal ngadili kowé.”​—Matius 12:36, 37.

Senajan Yésus wis nindakké akèh mukjijat, nanging para ahli Taurat lan wong Farisi kandha, ”Guru, aku kabèh péngin ndelok tandha saka panjenengan.” Ora soal wong-wong kuwi tau ndelok dhéwé mukjijaté Yésus apa ora, ana akèh kesaksian saka wong sing wis nyeksèni. Mula, Yésus kandha, ”Wong-wong jaman iki jahat lan ora setya. Wong-wong kuwi padha terus njaluk tandha, nanging ora bakal ana tandha sing diwènèhké, sakliyané tandha Nabi Yunus.”​—Matius 12:38, 39.

Yésus banjur nerangké maksud omongané, ”Kaya Yunus ana ing wetengé iwak gedhé telung dina telung wengi, Putrané manungsa uga bakal ana ing kuburan telung dina telung wengi.” Yunus diuntal sawijiné iwak gedhé, nanging banjur diwutahké, kaya-kaya dhèwèké urip manèh. Yésus banjur mènèhi ramalan nèk dhèwèké bakal séda lan urip manèh ing dina katelu. Ing wektu kuwi, para pemimpin Yahudi tetep ora gelem mertobat lan nggawé owah-owahan. Mula, wong-wong kuwi nolak ”tandha Nabi Yunus”. (Matius 27:63-66; 28:12-15) Sewaliké, wong-wong Niniwé bakal nganggep wong-wong jaman kuwi salah, merga ”wong Niniwé” mertobat sakwisé krungu warta saka Yunus. Yésus uga kandha bab Ratu Syéba sing bakal nganggep wong-wong jaman kuwi salah merga Ratu Syéba gelem ngrungokké kawicaksanané Salomo lan ngajèni kuwi. Yésus banjur kandha, ”Ing kéné, ana wong sing luwih penting ketimbang Salomo.”​—Matius 12:40-42.

Yésus madhakké kahanané wong-wong jahat ing jaman kuwi kaya wong lanang sing ditinggal karo roh najis sing mauné ngleboni dhèwèké. (Matius 12:45) Merga wong lanang kuwi ora ngisèni awaké nganggo bab-bab sing apik, roh jahat mau bali karo roh jahat pitu liyané sing luwih jahat, lan ngleboni wong lanang mau. Semono uga, bangsa Israèl wis diresiki lan ngalami owah-owahan kaya wong lanang mau. Nanging, bangsa kuwi nolak nabiné Gusti Allah, malah nganti mungsuhi wong sing jelas-jelas nampa roh suciné Gusti Allah, yaiku Yésus. Iki nduduhké nèk kahanané bangsa kuwi luwih ala ketimbang wiwitané.

Wektu Yésus lagi ngomong, ibu lan sedulur-seduluré teka lan ngadeg ing njaba. Wong sing lungguh ing cedhaké Yésus kandha, ”Ibumu lan sedulur-sedulurmu lanang ngadeg ing njaba, péngin ketemu panjenengan.” Yésus banjur nduduhké nèk dhèwèké akrab karo para muridé, sing wis dianggep kaya ibu, kakang, mbakyu, lan adhiné dhéwé. Karo nduding para muridé, Yésus kandha, ”Ibuku lan sedulur-sedulurku kuwi wong-wong iki, yaiku sing ngrungokké lan nindakké pangandikané Gusti Allah.” (Lukas 8:20, 21) Senajan hubungan keluarga kuwi aji, nanging Yésus nduduhké nèk hubungané karo muridé luwih aji. Kita mesthi seneng nduwé paseduluran sing akrab kaya ngono, kususé wektu wong liya ora percaya utawa nentang tumindak apik kita.