Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 45

Kuwasané Yésus tumrap Roh-Roh Jahat

Kuwasané Yésus tumrap Roh-Roh Jahat

MATIUS 8:28-34 MARKUS 5:1-20 LUKAS 8:26-39

  • ROH-ROH JAHAT DIUSIR LAN MLEBU ING BABI-BABI

Para rasul bali menyang pantai sakwisé ngalami kedadéan sing medèni ing laut. Banjur, ana wong lanang loro sing ganas, sing kesurupan roh jahat, mlayu saka kuburan ing cedhak kono marani Yésus. Injil Markus lan Lukas luwih fokus karo salah siji wong lanang sing kesurupan kuwi, mungkin merga dhèwèké luwih ganas lan luwih suwé kesurupané.

Wong lanang sing mesakké banget iki wis suwé ora klambèn. Awan lan bengi, dhèwèké ”bengak-bengok ing kuburan-kuburan lan ing gunung-gunung, uga awaké diantemi dhéwé nganggo watu”. (Markus 5:5) Dhèwèké ganas banget nganti wong-wong wedi ngliwati dalan kuwi. Ana sing tau ngranté tangan lan sikilé, nanging dhèwèké isa medhot lan ngrusak ranté kuwi. Ora ana wong sing cukup kuwat kanggo ngalahké dhèwèké.

Wong lanang kuwi marani Yésus lan sujud. Banjur roh-roh jahat sing ngendhalèni wong lanang mau nggawé wong kuwi mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus, Putrané Gusti Allah Sing Mahaluhur? Sumpaha demi Gusti Allah nèk kowé ora bakal nyiksa aku.” Yésus banjur nduduhké nèk dhèwèké nduwé kuwasa tumrap roh-roh jahat. Yésus mréntahké, ”Roh najis, metua saka wong iki.”​—Markus 5:7, 8.

Sakjané, ana akèh roh jahat sing ngleboni wong lanang mau. Wektu Yésus takon, ”Sapa jenengmu?” jawabané yaiku, ”Jenengku Legiun, merga jumlahku akèh banget.” (Markus 5:9) Sak legiun tentara Romawi kuwi cacahé ana éwonan tentara. Mula, ana akèh roh jahat sing ngroyok wong lanang kuwi lan seneng wektu wong lanang mau sengsara. Roh-roh jahat kuwi nyuwun marang Yésus supaya ”ora ngongkon roh-roh kuwi mlebu ing jurang sing jero banget”. Dadi, kayané roh-roh jahat kuwi ngerti apa sing sukmbèn bakal dialami roh-roh jahat kuwi lan pemimpiné, yaiku Sétan.​—Lukas 8:31.

Ing dhaérah kono, ana kira-kira 2.000 babi sing lagi mangan. Miturut Taurat, babi kuwi kéwan najis, lan wong Yahudi ora éntuk ngingu babi. Roh-roh jahat kuwi kandha, ”Préntahna aku kabèh mlebu ing babi-babi kuwi.” (Markus 5:12) Yésus banjur ngijinké, lan roh-roh jahat kuwi mlebu ing babi-babi kuwi. Kabèh babi kuwi banjur njegur ing laut saka tebing, lan mati kleleb.

Wektu ndelok kedadéan iki, wong-wong sing njaga babi banjur nyritakké kedadéan kuwi ing kutha lan dhaérah sakcedhaké. Wong-wong banjur padha teka kanggo ndelok apa sing kedadéan. Pas teka, wong-wong kuwi ndelok wong lanang sing mauné kesurupan roh jahat, saiki wis mari lan pikirané waras. Dhèwèké wis nganggo klambi lan lungguh ing cedhak sikilé Yésus.

Wong-wong sing ndelok utawa krungu kedadéan kuwi dadi padha kewedèn lan kuwatir nèk Yésus bakal nindakké bab-bab liyané. Wong-wong kuwi njaluk Yésus lunga saka dhaérahé. Wektu Yésus numpak prau arep lunga, wong lanang sing mauné kesurupan kuwi njaluk mèlu Yésus. Nanging Yésus kandha, ”Balia marang keluargamu, lan critakna kabèh sing wis Yéhuwah tindakké kanggo kowé lan welas asih sing wis diduduhké marang kowé.”​—Markus 5:19.

Biasané, Yésus ngandhani wong sing dimarèkké bèn ora crita ing ngendi-endi. Yésus ora péngin wong-wong nduwé iman mung merga krungu crita sing héboh. Nanging ing kisah iki, wong lanang sing mauné kesurupan kuwi bukti sing nyata saka kuwasané Yésus, lan dhèwèké isa mènèhi kesaksian marang akèh wong sing ora isa ditemoni langsung karo Yésus. Kesaksiané mungkin uga isa mbantu wong-wong bèn ora nduwé pandhangan sing klèru bab babi-babi sing mati. Dadi, wong lanang kuwi mulai nyritakké ing Dékapolis kabèh sing wis ditindakké Yésus kanggo dhèwèké.