Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 49

Yésus Nginjil ing Galiléa lan Nglatih Para Rasul

Yésus Nginjil ing Galiléa lan Nglatih Para Rasul

MATIUS 9:35–10:15 MARKUS 6:6-11 LUKAS 9:1-5

  • PERJALANAN NGINJILÉ YÉSUS SING KAPING TELU ING GALILÉA

  • YÉSUS NGUTUS PARA RASUL KANGGO NGINJIL

Yésus wis nginjil kanthi sregep suwéné rong taun. Apa saiki wektuné kanggo lèrèn lan santai? Ora. Nanging, Yésus malah nginjil kanthi luwih tliti manèh, dhèwèké ”lunga menyang kutha lan désa [ing Galiléa], mulang ing sinagogé-sinagogé, martakké kabar apik bab Kraton, lan marèkké werna-werna penyakit lan masalah keséhatan”. (Matius 9:35) Apa sing diamati Yésus nggawé dhèwèké yakin nèk kabar apik kudu diwartakké marang luwih akèh wong manèh. Piyé carané Yésus nindakké kuwi?

Yésus ngamati nèk wong-wong butuh bantuan rohani lan panglipuran. Wong-wong kuwi kaya wedhus gèmbèl tanpa pangon, digawé sengsara lan ora diopèni. Yésus mesakké wong-wong kuwi, banjur ngandhani murid-muridé, ”Panènané pancèn akèh, nanging sing manèn mung sithik. Mula, nyuwuna marang Sing Nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong kanggo nglumpukké panènané.”​—Matius 9:37, 38.

Yésus ngerti carané mbantu wong-wong kuwi. Yésus banjur nyeluk 12 rasul lan mbagi para rasul dadi sak pasang-sak pasang, lan mènèhi arahan, ”Aja lunga menyang dhaérahé bangsa-bangsa liya, aja mlebu menyang kuthané wong Samaria. Nanging, lungaa marang wong Israèl waé, sing kaya wedhus-wedhus gèmbèl sing kesasar. Lungaa lan wartakna, ’Kraton swarga wis cedhak.’”​—Matius 10:5-7.

Kraton sing kudu diwartakké kuwi Kraton sing disebutké Yésus ing conto dongané. ”Kraton swarga wis cedhak” maksudé calon Raja sing dipilih Gusti Allah, yaiku Yésus Kristus, wis teka. Nanging, apa sing mbuktèkké nèk para rasul pancèn wakil saka pamréntahan Kraton kuwi? Yésus mènèhi para rasul kuwasa kanggo marèkké wong lara, malah uga nguripké manèh wong mati, kabèh kuwi ditindakké tanpa njaluk bayaran. Banjur, piyé para rasul isa nyukupi kebutuhané saben dina?

Yésus ngandhani murid-muridé supaya ora nggawa apa-apa wektu perjalanan nginjilé. Wong-wong kuwi ora perlu nggawa emas, pérak, utawa tembaga ing kanthong dhuwité, malah ora perlu nggawa kanthong panganan, salin, utawa sandhal. Apa sebabé? Yésus ngyakinké, ”Wong sing nyambut gawé pantes nampa opahé.” (Matius 10:10) Wong-wong sing nampa kabar apik bakal nyedhiakké kebutuhané para murid. Yésus kandha, ”Nèk kowé mlebu ing salah siji omah, manggona ing kono nganti kowé lunga saka dhaérah kuwi.”​—Markus 6:10.

Yésus uga mènèhi arahan bab carané ngomong wektu ketemu karo sing nduwé omah. Yésus kandha, ”Wektu mlebu ing omahé wong, ucapna salam. Nèk sing nduwé omah gelem nampa, wong-wong kuwi bakal éntuk berkah. Nanging nèk ora gelem nampa, wong-wong kuwi ora bakal éntuk berkah apa-apa. Nèk ana wong sing ora gelem nampa utawa ngrungokké kowé, lungaa saka omah utawa kutha kuwi, lan kebutna bledug saka sikilmu.”​—Matius 10:12-14.

Malah, isa waé kabèh wong sak kutha utawa sak désa nolak kabar apik. Nèk kuwi kelakon, kutha kuwi bakal nampa hukuman sing abot. Yésus nerangké, ”Saktenané aku kandha marang kowé, ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo Sodom lan Gomora bakal luwih ènthèng ketimbang kanggo kutha kuwi.”​—Matius 10:15.