Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 54

Yésus Kuwi ”Roti sing Mènèhi Urip”

Yésus Kuwi ”Roti sing Mènèhi Urip”

YOHANES 6:25-48

  • YÉSUS KUWI ’ROTI SAKA SWARGA’

Ing sisih wétan saka Laut Galiléa, Yésus nggawé mukjijat mènèhi mangan éwonan wong, banjur lunga saka kana wektu arep didadèkké raja. Ing wenginé, Yésus mlaku ing ndhuwur laut sing lagi kena angin gedhé lan nylametké Pétrus, sing uga mlaku ing ndhuwuré banyu, nanging kleleb merga kurang iman. Yésus uga ngendhegké angin gedhé, mungkin supaya prauné para muridé ora kleleb.

Saiki Yésus bali menyang sisih kulon saka Laut Galiléa, yaiku ing Kapernaum. Yésus ketemu karo wong-wong sing diwènèhi mangan kanthi mukjijat. Wong-wong kuwi takon, ”Kapan panjenengan tekan kéné?” Yésus ngelokké wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi nggolèki Yésus mung bèn isa diwènèhi mangan manèh. Yésus kandha, ”Aja nyambut gawé kanggo panganan sing isa bosok. Nanging nyambut gawéa kanggo panganan sing ora bakal bosok lan ngasilké urip langgeng.” Mula wong-wong kuwi takon, ”Apa sing kudu tak lakoni kanggo nindakké gawéan saka Gusti Allah?”​—Yohanes 6:25-28.

Wong-wong kuwi ngira maksudé Yésus kuwi gawéan sing ana ing Hukum Taurat. Nanging Yésus nyebutké gawéan sing paling aji, kandhané, ”Kanggo nindakké gawéan saka Gusti Allah, kowé kabèh kudu nduduhké iman marang wong sing diutus Panjenengané.” Sakjané Yésus wis nindakké akèh mukjijat, nanging wong-wong kuwi ora nduwé iman marang Yésus, malah péngin Yésus nindakké mukjijat manèh. Wong-wong kuwi takon, ”Apa sing bakal panjenengan tindakké? Mbiyèn, para leluhuré awaké dhéwé mangan manna ing padhang belantara, kaya sing ditulis ing Kitab Suci, ’Panjenengané maringi roti saka swarga kanggo dipangan.’”​—Yohanes 6:29-31; Jabur 78:24.

Merga wong-wong kuwi njaluk mukjijat, Yésus banjur ngandhani sapa Sumber saka mukjijaté, ”Saktenané aku kandha marang kowé, Musa ora mènèhi kowé roti sing sejati saka swarga, nanging saiki Bapakku maringi kowé roti sing sejati saka swarga. Roti saka Gusti Allah yaiku roti sing mudhun saka swarga lan mènèhi urip kanggo donya.” Wong-wong kuwi ora paham maksudé Yésus, mula kandha, ”Gusti, wènèhana terus aku roti kuwi.” (Yohanes 6:32-34) Nanging, apa ”roti” sing dimaksudké Yésus?

Yésus nerangké, ”Aku iki roti sing mènèhi urip. Sapa waé sing teka marang aku ora bakal luwé manèh, lan sapa waé sing nduduhké iman marang aku ora bakal ngelak manèh. Nanging kaya sing tak omongké marang kowé, senajan kowé wis ndelok aku, kowé tetep ora percaya. . . . Aku mudhun saka swarga ora kanggo nindakké karepku dhéwé, nanging kanggo nindakké kersané Panjenengané sing ngutus aku. Iki kersané Panjenengané sing ngutus aku, yaiku supaya aku aja nganti kélangan siji waé saka kabèh sing wis dipasrahké Panjenengané marang aku, nanging supaya aku nguripké manèh wong-wong kuwi ing dina pungkasan. Iki kersané Bapakku, yaiku supaya saben wong sing nampa Putra lan nduduhké iman marang dhèwèké éntuk urip saklawasé.”​—Yohanes 6:35-40.

Wong-wong Yahudi dadi nesu lan mulai nggrundel, merga Yésus kandha nèk dhèwèké kuwi ”roti sing mudhun saka swarga”. (Yohanes 6:41) Kanggoné wong-wong kuwi, Yésus mung anaké wong biasa saka kutha Nazarèt, ing Galiléa. Wong-wong kuwi kandha, ”Iki kan Yésus anaké Yusuf, ta? Awaké dhéwé kenal karo bapaké lan ibuné.”​—Yohanes 6:42.

Yésus njawab, ”Aja padha nggrundel manèh. Ora ana wong sing isa teka marang aku, kejaba Bapak, sing ngutus aku, narik dhèwèké, lan aku bakal nguripké manèh wong kuwi ing dina pungkasan. Ana tulisan ing Kitab Para Nabi, ’Kabèh wong kuwi bakal diwulang karo Yéhuwah.’ Saben wong sing wis ngrungokké Bapak lan sinau saka Panjenengané teka marang aku. Ora ana wong sing tau ndelok Bapak, kejaba aku sing asalé saka Gusti Allah, mung aku sing wis tau ndelok Bapak. Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing percaya bakal éntuk urip saklawasé.”​—Yohanes 6:43-47; Yésaya 54:13.

Wektu omong-omongan karo Nikodémus sakdurungé, Yésus nyebutké hubungané urip saklawasé karo nduwé iman marang Putrané manungsa. Yésus kandha, ”Saben wong sing nduduhké iman marang [Putrané Gusti Allah siji-sijiné] ora disirnakké nanging éntuk urip saklawasé.” (Yohanes 3:15, 16) Saiki, Yésus nerangké marang akèh wong nèk tanpa dhèwèké, wong-wong kuwi ora isa éntuk urip saklawasé. Manna utawa roti tenanan ora mungkin isa mènèhi urip langgeng. Mula Yésus mbalèni omongané, ”Aku iki roti sing mènèhi urip”.​—Yohanes 6:48.

Bab roti saka swarga iki terus dirembug nganti Yésus mulang ing sinagogé ing Kapernaum.