Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 63

Yésus Mènèhi Naséhat Penting Liyané

Yésus Mènèhi Naséhat Penting Liyané

MATIUS 18:6-20 MARKUS 9:38-50 LUKAS 9:49, 50

  • NASÉHAT SUPAYA AJA NGANTI NYEBABKÉ DOSA

  • NÈK SEDULUR KITA NINDAKKÉ DOSA

Yésus lagi waé mènèhi naséhat supaya para muridé andhap asor, lan nganggep dhiri kaya bocah cilik sing ora nduwé kedudukan lan ora penting. Nganggo cara kuwi, para murid niru Yésus.​—Matius 18:5.

Para rasul kuwi mungkin rumangsa dikorèksi karo Yésus merga lagi waé udur-uduran bab sapa sing paling utama. Saiki, Rasul Yohanes ngandhani Yésus kedadéan liya sing lagi waé kelakon, ”Guru, aku kabèh ndelok ana wong sing ngusir roh jahat nganggo jenengé panjenengan, lan aku kabèh wis nyoba ngalang-alangi dhèwèké, merga wong kuwi ora mèlu kita.”​—Lukas 9:49.

Apa Yohanes nganggep nèk mung para rasul waé sing nduwé kuwasa kanggo marèkké wong liya utawa ngusir roh-roh jahat? Nèk iya, kok isa wong lanang Yahudi kuwi suksès ngusir roh-roh jahat? Yohanes mungkin rumangsa nèk wong lanang iki kuduné ora éntuk nggawé mukjijat merga wong kuwi ora mèlu Yésus lan para rasul.

Yohanes mungkin kagèt wektu Yésus kandha, ”Aja ngalang-alangi wong kuwi, merga ora ana wong sing nindakké mukjijat nganggo jenengku lan bar kuwi langsung ngèlèk-èlèk aku. Wong sing ora nglawan kita, wong kuwi mihak kita. Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing mènèhi kowé ngombé sak cangkir merga kowé duwèké Kristus, wong kuwi ora bakal kélangan opahé.”​—Markus 9:39-41.

Wektu kuwi, jemaat Kristen durung dibentuk, mula nèk wong lanang kuwi ora lunga menyang ngendi-endi bareng Yésus kanggo nduduhké nèk mihak Yésus, kuwi dudu tegesé nèk dhèwèké nentang utawa mulangké ajaran palsu. Wong lanang kuwi jelas-jelas nduwé iman marang jenengé Yésus, lan omongané Yésus nduduhké nèk wong lanang kuwi ora bakal kélangan opahé.

Sewaliké, iki bakal dadi masalah sing serius nèk nganti wong lanang kuwi dadi ora nduwé iman merga omongan lan tumindaké para rasul. Mula Yésus kandha, ”Sapa sing marahi wong-wong sing kaya bocah cilik iki dadi ora nduwé iman, luwih becik kanggo dhèwèké dikalungi watu gilingan terus diuncalké ing laut.” (Markus 9:42) Yésus banjur ngandhani para pengikuté nèk kudu mbuwang apa waé sing isa nyebabké dosa, senajan kuwi aji banget contoné tangan, sikil, utawa mripat. Luwih becik kélangan bab sing aji nanging isa mlebu Kratoné Allah, ketimbang nduwèni bab kuwi nanging mlebu ing Géhéna (Lembah Hinom). Para rasul ngerti nèk iki nglambangké sirna saklawasé, merga para rasul kayané wis tau ndelok lembah iki ing cedhak Yérusalèm, yaiku panggonan kanggo ngobong sampah.

Yésus uga ngélikké, ”Aja nganti kowé ngrèmèhké siji-sijia wong sing kaya bocah cilik iki, merga aku ngandhani kowé nèk para malaékaté wong-wong kuwi ing swarga terus ana ing ngarsané Bapakku sing ana ing swarga.” Sepira ajiné wong sing kaya ”bocah cilik” iki kanggo Bapak? Yésus nyritakké bab wong lanang sing nduwé wedhus gèmbèl 100 nanging ilang siji. Wong lanang kuwi ninggalké sing 99 kanggo nggolèki sing siji mau. Wektu nemokké, dhèwèké luwih bungah merga sing siji kuwi ketimbang 99 wedhus liyané. Yésus kandha manèh, ”Semono uga, Bapakku sing ana ing swarga ora péngin siji-sijia ing antarané wong sing kaya bocah cilik iki ilang.”​—Matius 18:10, 14.

Mungkin merga kèlingan karo para rasul sing udur-uduran merga péngin dadi sing paling utama, Yésus mènèhi naséhat, ”Kowé kudu nduwé uyah ing uripmu, lan tetepa rukun karo siji lan sijiné.” (Markus 9:50) Uyah isa nggawé panganan dadi luwih énak. Uyah kiasan uga isa nggawé omongané wong luwih gampang ditampa lan isa mbantu wong njaga karukunan, lan ora udur-uduran.​—Kolosé 4:6.

Kadhang kala, masalah serius isa kedadéan. Yésus ngandhani carané ngatasi kuwi, ”Nèk sedulurmu nindakké dosa, maraa lan kandhanana salahé, mung kowé karo dhèwèké waé. Nèk dhèwèké ngrungokké kowé, kowé wis mbantu sedulurmu nindakké manèh apa sing bener.” Piyé nèk dhèwèké ora ngrungokké? Yésus ngandhani, ”Maraa karo wong siji utawa wong loro, supaya liwat katrangané loro utawa telu seksi, perkara kuwi isa dadi cetha.” Nèk kuwi isih durung ngrampungké masalah, kita isa lapor marang ”jemaat”, maksudé pinituwa, sing mengko bakal nggawé keputusan. Piyé nèk wong dosa kuwi isih ora gelem ngrungokké? Yésus kandha, ”Anggepen wong kuwi kaya wong saka bangsa liya lan kaya petugas pajeg.” Maksudé, kita ora éntuk srawung manèh karo wong kuwi.​—Matius 18:15-17.

Para pinituwa ing jemaat kudu manut kandhané Alkitab. Nèk ana wong dosa sing bener-bener salah lan kudu didisiplin, keputusané para pinituwa kuwi ”wis ditalèni ing swarga”. Nanging, nèk para pinituwa kuwi mutuské nèk wong kuwi ora salah, keputusan kuwi ”wis dieculké ing swarga”. Tuntunan iki sing dinggo ing jemaat Kristen. Nèk para pinituwa arep nggawé keputusan sing penting kaya ngono, Yésus kandha, ”Ing ngendi ana wong loro utawa wong telu ngumpul bareng ing sajroné jenengku, aku ana ing tengah-tengahé.”​—Matius 18:18-20.