Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 65

Mulang Wektu ing Perjalanan menyang Yérusalèm

Mulang Wektu ing Perjalanan menyang Yérusalèm

MATIUS 8:19-22 LUKAS 9:51-62 YOHANES 7:2-10

  • PANDHANGANÉ ADHI-ADHINÉ YÉSUS BAB DHÈWÈKÉ

  • SEPIRA PENTINGÉ NGUTAMAKKÉ KRATONÉ ALLAH?

Kanggo sawetara mangsa, Yésus luwih akèh nginjil ing Galiléa. Ing kono ana luwih akèh wong sing gelem nampa wartané Yésus ketimbang ing Yudéa. Sakliyané kuwi, wektu Yésus ing Yérusalèm lan marèkké wong ing dina Sabat, ”wong-wong Yahudi ngupaya matèni dhèwèké”.​—Yohanes 5:18; 7:1.

Saiki musim gugur taun 32 M, lan sedhéla manèh ana Riyaya Tabernakel (utawa, Riyaya Tarub). Riyaya iki dirayakké pitung dina suwéné, banjur dipungkasi karo pertemuan istiméwa ing dina kawolu. Riyaya iki dadi tandha pungkasané taun pertanian lan kuwi wektu kanggo seneng-seneng uga ngucap sokur.

Adhi-adhi tiriné Yésus yaiku Yakobus, Simon, Yusuf, lan Yudas, ngongkon Yésus, ”Lungaa saka kéné menyang Yudéa.” Yérusalèm kuwi pusat ibadah. Saksuwéné telung riyaya sing dianakké saben taun, kutha Yérusalèm kebak wong. Adhi-adhiné Yésus kandha, ”Wong sing péngin terkenal, tumindaké ora bakal didhelik-dhelikké. Merga kowé nindakké perkara-perkara iki, kana tindakna ing ngarepé kabèh wong.”​—Yohanes 7:3, 4.

Sakjané, papat adhiné Yésus ”ora nduwé iman” nèk Yésus kuwi Mèsias. Nanging, adhi-adhiné péngin wong-wong sing teka ing Yérusalèm isa ndelok Yésus nggawé mukjijat. Merga ngerti iki mbebayani, Yésus kandha, ”Donya ora nduwé alesan kanggo sengit marang kowé, nanging donya sengit marang aku, merga aku mènèhi kesaksian nèk tumindaké donya iki jahat. Kowé lungaa menyang riyaya kuwi. Aku durung arep lunga mrana, merga saiki durung wektuné kanggo aku.”​—Yohanes 7:5-8.

Pirang-pirang dina sakwisé adhi-adhiné Yésus lunga bareng karo rombongan menyang Yérusalèm, Yésus lan para muridé uga mrana, nanging lungané meneng-meneng. Yésus lan para muridé ora liwat dalan biasané ing cedhak Kali Yordan, nanging ngliwati Samaria. Merga butuh penginepan ing Samaria, Yésus ngutus sapérangan muridé kanggo ndhisiki dhèwèké lan nyiapké kabèh. Nanging penduduk ing sawijiné désa ing Samaria ora gelem nampa Yésus merga Yésus arep nekani riyayané wong Yahudi. Yakobus lan Yohanes nesu, banjur takon marang Yésus, ”Gusti, apa panjenengan péngin aku kabèh nekakké geni mudhun saka langit kanggo nyirnakké wong-wong kuwi?” (Lukas 9:54) Yésus nyenèni murid loro kuwi merga nduwé pikiran kaya ngono, banjur neruské perjalanané.

Wektu ing perjalanan, ana salah siji ahli Taurat kandha marang Yésus, ”Guru, aku bakal mèlu menyang ngendi waé panjenengan lunga.” Yésus nanggepi, ”Rubah nduwé erong lan manuk ing langit nduwé susuh, nanging Putrané manungsa ora nduwé omah.” (Matius 8:19, 20) Yésus ngandhani ahli Taurat kuwi nèk dadi pengikuté Yésus bakal ngalami kahanan sing angèl. Kayané, ahli Taurat kuwi ora gelem nèk kudu nglakoni urip sing kaya ngono. Kita uga isa mikirké tenanan, ’Apa aku lila nggawé pangurbanan kanggo ngetutké Yésus?’

Yésus kandha marang wong lanang liyané, ”Dadia muridku.” Wong kuwi njawab, ”Gusti, nèk éntuk aku tak ngubur bapakku dhisik.” Merga ngerti kahanané wong lanang kuwi sing saktenané, Yésus kandha, ”Ejarna wong mati ngubur wong mati, nanging kowé, wartakna Kratoné Allah ing ngendi-endi.” (Lukas 9:59, 60) Bapaké wong kuwi sakjané durung mati. Nèk bapaké lagi waé mati, dhèwèké mesthi ora ana ing kono lan omong-omongan karo Yésus. Wong lanang kuwi ora siap kanggo ngutamakké Kratoné Allah ing uripé.

Wektu neruské perjalanan menyang Yérusalèm, ana wong lanang liyané sing kandha marang Yésus, ”Gusti, aku bakal mèlu panjenengan, nanging nèk éntuk aku tak pamit dhisik karo keluargaku.” Yésus njawab, ”Wong sing ngluku karo ndelok mburi, wong kuwi ora cocog kanggo Kratoné Allah.”​—Lukas 9:61, 62.

Nèk wong ngluku ora terus ndelok ngarep, hasil garapané ora bakal lurus. Nèk wong sing ngluku mandheg kanggo ndelok mburi, garapané ora bakal rampung. Semono uga, wong sing ndelok mburi marang perkara-perkara ing ndonya iki mungkin bakal nyimpang saka dalan urip langgeng. Dadi, sapa waé sing péngin dadi muridé Yésus sing sejati kudu fokus ngutamakké Kratoné Allah.