Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 67

”Ora Ana Wong Siji-Sijia sing Omongané Kaya Yésus”

”Ora Ana Wong Siji-Sijia sing Omongané Kaya Yésus”

YOHANES 7:32-52

  • PARA PETUGAS DIKONGKON NANGKEP YÉSUS

  • NIKODÉMUS MBÉLA YÉSUS

Yésus isih ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Riyaya Tabernakel (utawa, Riyaya Tarub). Yésus seneng merga akèh wong ”nduwé iman” marang Yésus. Nanging, para pemimpin agama ora seneng. Wong-wong kuwi ngongkon petugas supaya nangkep Yésus. (Yohanes 7:31, 32) Senajan ngono, Yésus ora ndhelik.

Yésus tetep mulang akèh wong ing Yérusalèm. Yésus kandha, ”Wektuku bareng karo kowé mung kari sedhéla, sakdurungé aku lunga marang Panjenengané sing ngutus aku. Kowé bakal nggolèki aku, nanging kowé ora bakal nemokké aku, lan ing panggonan sing arep tak enggoni, kowé ora bakal isa marani aku.” (Yohanes 7:33, 34) Merga ora paham, wong Yahudi kandha marang siji lan sijiné, ”Wong iki sakjané arep lunga menyang ngendi, kok nganti awaké dhéwé ora isa nemokké dhèwèké? Apa dhèwèké arep lunga menyang panggonané wong-wong Yahudi sing urip ing antarané wong-wong Yunani, banjur mulang wong-wong Yunani kuwi? Apa maksudé wektu dhèwèké kandha, ’Kowé bakal nggolèki aku, nanging kowé ora bakal nemokké aku, lan ing panggonan sing arep tak enggoni, kowé ora bakal isa marani aku’?” (Yohanes 7:35, 36) Nanging, Yésus lagi ngomongké bab sédané lan diuripké manèh ing swarga, lan para mungsuhé ora isa ngetutké dhèwèké mrana.

Saiki, dina kapitu saka riyaya kuwi. Saksuwéné riyaya, saben ésuk imam njupuk banyu saka Kolam Siloam. Banyu kuwi disokké ing baskom sing bagéan ngisoré bolong supaya banyuné isa mili ing bagéan ngisor mésbah. Kayané kanggo ngélingké wong-wong bab kebiasaan iki, Yésus kandha, ”Nèk ana sing ngelak, maraa marang aku, lan bakal tak wènèhi ngombé. Sapa waé sing nduwé iman marang aku kuwi kaya sing dikandhakké ing ayat iki, ’Saka njero atiné, banyu sing mènèhi urip bakal mili kanthi lubèr.’”​—Yohanes 7:37, 38.

Yésus lagi ngandhani bab apa sing bakal kelakon wektu para muridé dilantik nganggo roh suci lan dipilih kanggo urip ing swarga, sing bakal kelakon ing dina Péntakosta taun 33 M sakwisé Yésus séda. Ing dina kuwi, murid-murid sing dilantik roh suci mulai mbagèkké wulangan sing bener marang akèh wong, lan banyu sing mènèhi urip mulai mili.

Sakwisé krungu wulangané Yésus, ana sing kandha, ”Dhèwèké mesthi Nabi sing diramalké kuwi”, mungkin merga éling ramalan bab nabi sing ngungkuli Musa. Sing liyané kandha, ”Dhèwèké kuwi Kristus.” Nanging sapérangan wong kandha, ”Kristus kan ora teka saka Galiléa, ta? Kitab Suci waé kandha nèk Kristus kuwi keturunané Daud lan asalé saka Bètléhèm, yaiku désa asalé Daud.”​—Yohanes 7:40-42.

Mula, wong-wong kuwi nduwé pendapat sing béda-béda. Senajan ana sing péngin nangkep Yésus, nanging kuwi ora ditindakké. Wektu para petugas bali tanpa nggawa Yésus, imam kepala lan wong Farisi takon, ”Ngapa wongé ora kok gawa mréné?” Para petugas kuwi njawab, ”Ora ana wong siji-sijia sing omongané kaya Yésus.” Para pemimpin agama kuwi nesu, banjur kandha, ”Apa kowé ya wis padha disesatké wong kuwi? Ora ana pemimpin utawa wong Farisi sing nduwé iman marang dhèwèké, ta? Nanging wong akèh ing kéné iki, sing ora ngerti hukum Taurat, kuwi wong-wong sing kena kutuk.”​—Yohanes 7:45-49.

Wektu krungu kuwi, Nikodémus, yaiku wong Farisi lan anggota Sanhèdrin, ngupaya mbéla Yésus. Kira-kira loro setengah taun sakdurungé, Nikodémus nemoni Yésus ing wayah wengi lan nduduhké imané. Saiki Nikodémus kandha, ”Nèk miturut hukum Taurat, awaké dhéwé kan ora ngadili wong sakdurungé ngrungokké dhisik wong kuwi lan ngerti apa sing ditindakké wong kuwi, ta?” Nanging wong-wong kuwi njawab, ”Kowé kan dudu wong Galiléa, ta? Tlitinen Kitab Suci, lan kowé bakal ngerti nèk ora bakal ana nabi sing teka saka Galiléa.”​—Yohanes 7:51, 52.

Kitab Suci pancèn ora langsung kandha nèk bakal ana nabi sing asalé saka Galiléa. Nanging, ana ramalan sing kandha nèk cahya sing padhang bakal kétok ing ”Galiléa sing dienggoni bangsa-bangsa liya”. (Yésaya 9:1, 2, BJP; Matius 4:13-17) Apa manèh, kaya sing diramalké, Yésus lair ing Bètléhèm lan dhèwèké kuwi keturunané Daud. Senajan wong Farisi mungkin ngerti bab iki, nanging wong-wong kuwi malah nyebarké pandhangan sing klèru bab Yésus marang akèh wong.