Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 72

Yésus Ngutus 70 Murid kanggo Nginjil

Yésus Ngutus 70 Murid kanggo Nginjil

LUKAS 10:1-24

  • YÉSUS MILIH 70 MURID LAN NGUTUS WONG-WONG KUWI KANGGO NGINJIL

Saiki pungkasané taun 32 M, kira-kira telung taun wiwit Yésus dibaptis. Yésus lan para muridé bar ngrayakké Riyaya Tabernakel ing Yérusalèm, lan mungkin isih ana ing cedhak kutha kuwi. (Lukas 10:38; Yohanes 11:1) Yésus kayané nggunakké sisa wektuné sing mung gari enem sasi manèh kanggo nginjil ing Yudéa utawa ing Péréa, ing sebrangé Kali Yordan. Dhaérah-dhaérah kuwi ya kudu dikabari.

Mbiyèn, sakwisé Paskah taun 30 M, Yésus nginjil ing Yudéa suwéné pirang-pirang sasi, lan nindakké perjalanan ngliwati Samaria. Banjur ing Paskah taun 31 M, wong-wong Yahudi ing Yérusalèm arep matèni Yésus. Siji setengah taun sakbanjuré, Yésus akèh-akèhé mulang ing Galiléa, lan akèh sing dadi pengikuté. Ing Galiléa, Yésus nglatih para rasulé lan ngutus wong-wong kuwi, ”Lungaa lan wartakna, ’Kraton swarga wis cedhak.’” (Matius 10:5-7) Saiki, Yésus uga ngatur para muridé nginjil ing Yudéa.

Kanggo miwiti gawéan iki, Yésus milih 70 murid lan ngutus wong-wong kuwi loro-loro. Dadi ana 35 pasang penginjil ing dhaérah kuwi. Ing kana, ”panènané pancèn akèh, nanging sing manèn mung sithik”. (Lukas 10:2) Wong-wong kuwi lunga luwih dhisik menyang panggonan-panggonan sing bakal ditekani Yésus. Pitung puluh murid kuwi marèkké wong lara lan martakké warta sing padha kaya sing diwartakké Yésus.

Para murid ora dikongkon mulang ing sinagogé-sinagogé, nanging dikongkon nginjil menyang omah-omah. Yésus mréntahké, ”Wektu kowé mlebu ing salah siji omah, kandhaa dhisik, ’Muga-muga ana katentreman ing omah iki.’ Nèk ing kono ana wong sing seneng marang katentreman, dhèwèké bakal éntuk katentreman sing kok suwunké.” Apa warta sing kudu disampèkké? Yésus kandha, ”Kandhaa, ’Kratoné Allah wis cedhak.’”​—Lukas 10:5-9.

Préntah sing diwènèhké Yésus marang 70 murid iki padha karo préntah sing diwènèhké marang 12 rasul kira-kira setaun sakdurungé. Yésus ngélingké nèk ora kabèh wong gelem nampa. Nanging, upayané para murid isa nyiapké wong-wong sing tulus supaya wektu Yésus teka, akèh sing gelem nyambut Gusti lan sinau saka dhèwèké.

Ora let suwé, 70 penginjil kuwi bali marang Yésus. Wong-wong kuwi kandha kanthi bungah, ”Gusti, roh-roh jahat waé manut karo aku kabèh wektu aku kabèh nggunakké jeneng panjenengan.” Laporan apik iki mesthi nggawé Yésus seneng banget, kandhané, ”Aku ndelok Sétan wis tiba kaya kilat saka langit. Aku wis mènèhi kowé kuwasa kanggo ngidak-idak ula lan kalajengking.”​—Lukas 10:17-19.

Yésus ngyakinké para pengikuté nèk wong-wong kuwi bakal isa ngatasi bab-bab sing mbebayani, kaya-kayané ngidak-idak ula lan kalajengking. Apa manèh, para murid diyakinké nèk sukmbèn Sétan bakal tiba saka langit. Yésus uga mbantu 70 murid ngerti apa sing bener-bener penting ketimbang kuwi. Yésus kandha, ”Aja bungah merga roh-roh kuwi manut karo kowé, nanging bungaha merga jenengmu wis ditulis ing swarga.”​—Lukas 10:20.

Yésus seneng banget lan ngluhurké Bapaké merga wis nggunakké wong-wong sing andhap asor kanggo nindakké bab-bab sing nggumunké. Yésus banjur ngandhani para muridé, ”Bungah wong sing ndelok perkara-perkara sing kok delok. Merga aku kandha marang kowé, akèh nabi lan raja péngin banget ndelok perkara-perkara sing kok delok, nanging ora weruh. Wong-wong kuwi uga péngin banget ngrungokké perkara-perkara sing kok rungokké, nanging ora krungu.”​—Lukas 10:23, 24.