Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 75

Yésus Nduduhké Carané Bèn Isa Bungah

Yésus Nduduhké Carané Bèn Isa Bungah

LUKAS 11:14-36

  • NGUSIR ROH JAHAT NGANGGO ”DRIJINÉ GUSTI ALLAH”

  • CARANÉ ISA BENER-BENER BUNGAH

Yésus lagi waé mbalèni piwulangé bab donga, nanging kuwi ora mung siji-sijiné bab sing Yésus bolan-balèni saksuwéné nindakké pelayanané. Wektu nggawé mukjijat ing Galiléa, Yésus ditudhuh nindakké kuwi nganggo bantuané panguwasa roh jahat. Saiki ing Yudéa, Yésus ya ditudhuh kaya ngono manèh.

Wektu Yésus ngusir roh jahat sing nggawé wong lanang dadi bisu, akèh wong padha nggumun. Nanging, wong-wong sing nentang Yésus malah nudhuh, ”Dhèwèké ngusir roh jahat merga bantuané Béèlzebul, panguwasané roh-roh jahat.” (Lukas 11:15) Sing liyané, padha njaluk tandha saka swarga kanggo mbuktèkké sapa Yésus kuwi.

Merga ngerti niaté wong-wong kuwi, Yésus mènèhi jawaban sing padha kaya jawabané marang wong-wong ing Galiléa. Yésus kandha nèk pamréntahan sing rakyaté padha padu mesthi bakal bubar. Mula nalaré, ”Nèk Sétan nglawan dhèwèké dhéwé, piyé pamréntahané isa terus ana?” Yésus banjur kandha, ”Nèk aku isa ngusir roh-roh jahat merga diéwangi drijiné Gusti Allah, kuwi tegesé kowé ora ngerti nèk sakjané Kratoné Allah wis teka.”​—Lukas 11:18-20, cathetan ngisor.

Wektu Yésus nyebut ”drijiné Gusti Allah”, wong-wong sing ana ing kana mungkin kèlingan karo kisah ing jaman Israèl mbiyèn. Wong-wong ing istanané Firaun sing ndelok Musa nggawé mukjijat padha kandha, ”Punika astaning [drijiné] Allah.” Sakliyané kuwi, drijiné Gusti Allah uga nulis Sepuluh Préntah ing rong papan watu. (Pangentasan 8:19; 31:18) Semono uga, ”drijiné Gusti Allah” yaiku roh suciné, yakuwi sing mbantu Yésus isa ngusir roh jahat lan marèkké wong lara. Mula, Kratoné Allah wis ana ing antarané wong-wong kuwi merga calon Rajané, yaiku Yésus, wis ana ing kono lan nindakké akèh mukjijat.

Kesanggupané Yésus sing isa ngusir roh jahat kuwi bukti nèk Yésus luwih kuwasa ketimbang Sétan. Yésus banjur mbalèni umpama bab roh najis sing ninggalké salah siji wong lanang. Nèk wong lanang kuwi ora ngisèni awaké nganggo bab-bab sing apik, roh mau bali karo roh jahat pitu liyané sing luwih jahat. Akibaté, kahanané wong lanang mau dadi luwih parah ketimbang sakdurungé. (Matius 12:22, 25-29, 43-45) Yakuwi sing kelakon karo bangsa Israèl ing jamané Yésus.

Salah siji wong wadon sing ana ing kono banjur mbengok, ”Bungah wong wadon sing nglairké lan nyusoni panjenengan.” Para wong wadon Yahudi péngin banget dadi ibuné nabi, utamané dadi ibuné Mèsias. Mula wong wadon iki mungkin mikir nèk Maria mesthi seneng banget dadi ibuné Yésus. Nanging Yésus kandha, ”Ora, nanging sing bungah kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké pangandikané Gusti Allah.” (Lukas 11:27, 28) Yésus ora tau ngongkon supaya Maria dihormati nganggo cara kusus. Wong isa bener-bener bungah nèk dadi abdiné Gusti Allah sing setya, ora merga hubungan keluarga karo wong sing penting utawa nduwé préstasi sing apik.

Kaya ing Galiléa, Yésus saiki ngelokké wong-wong sing njaluk tandha saka swarga. Yésus kandha nèk ora bakal ana tandha sing diwènèhké, sakliyané ”tandha Yunus”. Yunus dadi tandha wektu ana ing wetengé iwak telung dina suwéné, lan wektu Yunus kanthi kendel ngandhani wong Niniwé sing akiré padha mertobat. Yésus kandha, ”Nanging ing kéné, ana wong sing luwih penting ketimbang Yunus.” (Lukas 11:29-32) Yésus uga luwih penting ketimbang Salomo, sing wicaksana banget nganti ratu saka Syéba dadi penasaran.

Yésus kandha, ”Sakwisé nyumed lampu minyak, wong ora bakal ndèlèhké kuwi ing panggonan sing ora kétok utawa ing ngisor kranjang, nanging ing panggonan sing dhuwur.” (Lukas 11:33) Kaya ndèlèhké lampu ing panggonan sing ora kétok, mungkin Yésus ngrasa nèk piwulang lan mukjijaté kuwi percuma waé. Wong-wong kuwi ora paham maksud mukjijaté Yésus merga mripaté padha ora fokus.​—Lukas 11:34.

Yésus lagi waé ngusir roh jahat lan marèkké wong lanang sing mauné bisu. Iki kuduné nggawé wong-wong dadi ngluhurké Gusti Allah lan ngandhani liyané apa sing wis Yéhuwah tindakké. Nanging, para penentangé Yésus ora kaya ngono. Mula Yésus ngélikké, ”Waspadaa, aja nganti pepadhang sing kok duwèni kuwi jebulé pepeteng. Nèk sakwutuhé badanmu padhang lan ora ana bagéan sing peteng, badanmu bakal padhang kaya lampu sing madhangi kowé.”​—Lukas 11:35, 36.