Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 89

Yésus Mulang ing Péréa Wektu Perjalanan menyang Yudéa

Yésus Mulang ing Péréa Wektu Perjalanan menyang Yudéa

LUKAS 17:1-10 YOHANES 11:1-16

  • NGGAWÉ WONG DADI DOSA KUWI BAB SING SÉRIUS

  • NGAPURA LAN NDUWÉ IMAN

Kanggo sawetara wektu, Yésus ana ing dhaérah Péréa, ing sebrangé Kali Yordan. (Yohanes 10:40) Saiki, Yésus lunga menyang arah kidul yaiku ing Yérusalèm.

Yésus ora dhèwèkan. Para muridé lan uga ”akèh wong” liyané, klebu para petugas pajeg lan wong-wong dosa lunga bareng Yésus. (Lukas 14:25; 15:1) Wong-wong Farisi lan para ahli Taurat sing seneng ngritik apa sing diomongké lan ditindakké Yésus, uga ana ing kono. Yésus lagi waé mènèhi naséhat liwat umpama bab wedhus sing kesasar, anak sing ilang, uga wong sugih lan Lazarus.​—Lukas 15:2; 16:14.

Wong-wong sing nentang Yésus bola-bali ngritik lan ngécé Yésus. Mungkin merga kuwi, Yésus saiki ngandhani murid-muridé bab-bab penting sing wis tau diwulangké ing Galiléa.

Contoné, Yésus kandha, ”Bab-bab sing nggawé wong dadi dosa mesthi bakal teka. Nanging, cilaka tenan wong sing dadi penyebabé.  . . Padha gatèkna. Nèk sedulurmu nindakké dosa, élikna dhèwèké, lan nèk dhèwèké mertobat, apuranen. Senajan dhèwèké nindakké dosa marang kowé ping pitu sedina lan dhèwèké uga marani kowé ping pitu kanggo kandha, ’Aku njaluk ngapura,’ kowé kudu ngapurani dhèwèké.” (Lukas 17:1-4) Omongan kuwi mungkin ngélingké Pétrus karo pitakonané bab ngapurani nganti ping pitu.​—Matius 18:21.

Apa para muridé bakal isa tumindak cocog karo omongané Yésus? Wektu para murid kandha marang Yésus, ”Wènèhana aku kabèh luwih akèh iman”, Yésus njawab, ”Nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak wiji sesawi waé, kowé bakal isa ngongkon wit murbei ireng iki, ’Mbedhola lan tumancepa ing laut!’ lan wit kuwi bakal manut préntahmu.” (Lukas 17:5, 6) Dadi, senajan mung cilik, iman isa nggawé perkara-perkara sing gedhé dadi kelakon.

Yésus banjur mulang bab pentingé nduwé sipat andhap asor. Yésus kandha, ”Saumpama salah siji ing antaramu nduwé budhak sing ngluku ing ladhang utawa njaga ternak, apa kowé bakal kandha marang dhèwèké, ’Cepet mrénéa lan mangana ing méja’ wektu dhèwèké bali? Nanging kowé mesthi kandha, ’Siapna panganan kanggo tak pangan wengi iki. Nganggoa celemèkmu lan ladènana aku nganti aku rampung mangan lan ngombé. Sakwisé kuwi, kowé lagi éntuk mangan lan ngombé.’ Kowé ora perlu matur nuwun marang budhak kuwi merga kuwi pancèn wis dadi tugasé. Semono uga, wektu kowé wis nindakké kabèh sing ditugaské marang kowé, kandhaa, ’Aku mung budhak sing tanpa guna. Aku mung nindakké apa sing dadi tugasku.’”​—Lukas 17:7-10.

Saben abdiné Gusti Allah kudu ngerti pentingé ngutamakké kepentingané Gusti Allah, lan kudu éling nèk ngibadah lan dadi anggota keluargané Gusti Allah kuwi pakurmatan sing gedhé.

Ora let suwé, wong sing diutus karo Maria lan Marta teka. Marta lan Maria kuwi seduluré Lazarus, lan wong telu kuwi manggon ing Bétani, ing Yudéa. Utusan kuwi kandha, ”Gusti, sahabat sing panjenengan tresnani saiki lagi lara.”​—Yohanes 11:1-3.

Senajan ngerti nèk sahabaté yaiku Lazarus lara parah, Yésus ora pati sedhih. Yésus kandha, ”Tujuané penyakit kuwi ora nggawé mati, nanging kanggo kamulyané Gusti Allah, supaya Putrané Gusti Allah dimulyakké nganggo cara kuwi.” Rong dina sakbanjuré, Yésus ngandhani para muridé, ”Ayo awaké dhéwé lunga manèh menyang Yudéa.” Para muridé protès, ”Rabi, lagi waé wong-wong Yudéa ngupaya mbandhemi panjenengan, lan saiki panjenengan arep mrana manèh?”​—Yohanes 11:4, 7, 8.

Yésus kandha, ”Wayah awan kuwi suwéné 12 jam, ta? Nèk ana wong sing mlaku pas wayah awan, dhèwèké ora bakal kesandhung merga dhèwèké ndelok pepadhangé donya iki. Nanging nèk ana wong sing mlaku pas wayah wengi, dhèwèké bakal kesandhung merga ora ana pepadhang ing awaké.” (Yohanes 11:9, 10) Kétoké, maksudé Yésus yaiku nèk wektu sing ditemtokké Gusti Allah kanggo pelayanané Yésus isih durung rampung. Mula, Yésus kudu nggunakké wektuné sing mung gari sathithik kuwi nganggo cara sing paling apik.

Yésus banjur kandha, ”Lazarus, sahabat kita wis turu, nanging aku mrana kanggo nggugah dhèwèké.” Merga mikir nèk Lazarus lagi turu biasa, para murid kandha, ”Gusti, nèk dhèwèké turu, dhèwèké bakal séhat.” Yésus banjur kandha, ”Lazarus wis mati . . . Ayo saiki awaké dhéwé mrana.”​—Yohanes 11:11-15.

Merga ngerti nèk Yésus bakal dipatèni ing Yudéa, Tomas sing péngin ndhukung Yésus, ngejak para murid liyané: ”Ayo awaké dhéwé lunga sisan, supaya isa mati bareng Yésus.”​—Yohanes 11:16.