Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 90

”Sing Nguripké Manèh lan Sing Marahi Urip”

”Sing Nguripké Manèh lan Sing Marahi Urip”

YOHANES 11:17-37

  • WEKTU YÉSUS TEKAN ING BÉTANI, LAZARUS WIS MATI

  • ”SING NGURIPKÉ MANÈH LAN SING MARAHI URIP”

Saka Péréa, Yésus wis arep tekan Bétani, yaiku désa sing adohé kira-kira telung kilomèter ing sisih wétané Yérusalèm. Marta lan Maria isih sedhih merga lagi waé ditinggal mati Lazarus. Akèh wong sing teka kanggo nglipur Marta lan Maria.

Merga krungu nèk Yésus wis mèh tekan Bétani, Marta cepet-cepet nemoni Yésus. Marta kandha, ”Gusti, nèk panjenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati.” Kayané, kuwi sing Marta lan Maria pikirké saksuwéné patang dina iki. Nanging, Marta isih nduwé pangarep-arep. Dhèwèké kandha, ”Aku tetep percaya nèk apa waé sing panjenengan suwun marang Gusti Allah, Gusti Allah bakal maringi.” (Yohanes 11:21, 22) Marta percaya nèk Yésus isih isa mbantu seduluré.

Yésus njawab, ”Sedulurmu bakal urip manèh.” Marta ngira nèk maksudé Yésus kuwi urip manèh ing bumi sukmbèn, kaya sing diarep-arep Abraham lan abdiné Gusti Allah liyané. Mula, Marta kandha kanthi yakin, ”Aku ngerti nèk dhèwèké bakal urip wektu wong mati diuripké manèh ing dina pungkasan.”​—Yohanes 11:23, 24.

Nanging, apa Yésus pancèn isa nguripké manèh Lazarus ing wektu kuwi uga? Yésus ngélingké Marta nèk Yésus nduwé kuwasa saka Gusti Allah kanggo ngalahké pati. Yésus kandha, ”Sapa waé sing nduduhké iman marang aku, senajan dhèwèké mati, dhèwèké bakal urip manèh. Lan saben wong sing urip lan nduduhké iman marang aku ora bakal mati.”​—Yohanes 11:25, 26.

Maksudé Yésus kuwi dudu nèk para muridé ora bakal mati. Yésus dhéwé kudu mati, kaya sing wis Yésus kandhakké marang para rasulé. (Matius 16:21; 17:22, 23) Yésus nduduhké nèk wong nduwé iman marang Yésus bakal nampa urip langgeng. Kanggo akèh-akèhé wong, urip kaya ngéné iki bakal ditampa sakwisé diuripké manèh. Nanging, ana uga abdiné Gusti Allah ing akir jaman sing mungkin babar blas ora bakal mati. Mula, kabèh wong sing nduduhké iman marang Yésus isa yakin nèk ora bakal ngalami pati sing langgeng.

Nanging apa Yésus saiki sanggup nguripké manèh Lazarus sing wis pirang-pirang dina mati? Yésus lagi waé kandha, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip.” Yésus nakoni Marta, ”Apa kowé percaya bab iki?” Marta njawab, ”Iya, Gusti, aku percaya nèk panjenengan kuwi Kristus, Putrané Gusti Allah, sing teka ing donya.” Merga nduwé iman nèk Yésus isa mbantu Lazarus, Marta cepet-cepet mulih lan mbisiki Maria, ”Guru wis teka lan dhèwèké nyeluk kowé.” (Yohanes 11:25-28) Maria langsung lunga kanggo nemoni Yésus. Wong-wong langsung padha ngetutké Maria, merga ngira nèk Maria arep lunga menyang kuburané Lazarus.

Wektu ndelok Yésus, Maria banjur sujud ing sikilé Yésus lan nangis. Maria mbalèni omongané Marta, ”Gusti, nèk panjenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati.” Merga weruh Maria nangis lan wong-wong Yahudi sing teka bareng Maria ya nangis, atiné Yésus dadi sedhih banget lan ngrasa susah. Yésus banjur nètèské luh. Wong-wong ing kono isa ndelok nèk Yésus tresna banget marang Lazarus. Nanging, ana uga sing kandha, ”Dhèwèké kan isa marèkké wong wuta, mosok ora isa nyegah bèn Lazarus ora mati?”​—Yohanes 11:32, 37.