Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 94

Pentingé Ndonga lan Sipat Andhap Asor

Pentingé Ndonga lan Sipat Andhap Asor

LUKAS 18:1-14

  • UMPAMA BAB RANDHA SING ORA GELEM NYERAH

  • WONG FARISI LAN PETUGAS PAJEG

Yésus wis tau ngandhani para muridé umpama bab ora nyerah wektu ndonga. (Lukas 11:5-13) Yésus saiki mungkin ana ing Samaria utawa Galiléa, lan nerangké manèh pentingé ora nyerah wektu ndonga. Yésus nyritakké umpama iki:

”Ing sawijiné kutha ana hakim sing ora wedi karo Gusti Allah lan ora ngajèni wong. Ing kutha kuwi uga ana randha sing bola-bali marani hakim kuwi lan kandha, ’Gawéa keputusan sing adil antarané aku lan lawanku ing pengadilan.’ Kanggo sawetara wektu, hakim kuwi ora gelem mbantu. Nanging akiré dhèwèké mbatin, ’Senajan aku ora wedi karo Gusti Allah lan ora ngajèni wong, nanging merga randha iki terus-terusan ngganggu aku, aku bakal mbantu dhèwèké éntuk keputusan sing adil, supaya dhèwèké ora terus-terusan mara lan nggawé aku kesel merga penjaluké kuwi.’”​—Lukas 18:2-5.

Yésus ngandhani maksudé umpama kuwi, ”Coba gatèkna kandhané hakim kuwi, padahal dhèwèké wong sing ora bener! Dadi, Gusti Allah mesthi bakal maringi kaadilan marang wong-wong pilihané sing padha sambat awan lan bengi marang Panjenengané. Gusti Allah uga bakal sabar marang wong-wong kuwi.” (Lukas 18:6, 7) Apa sing arep diduduhké Yésus bab Bapaké?

Apa maksudé Yésus kuwi Yéhuwah padha karo hakim sing ora bener mau? Ora. Nanging, nèk hakim manungsa sing ora bener waé bakal nanggepi wong sing terus-terusan nyuwun, apa manèh Gusti Allah sing bener lan apikan. Gusti Allah bakal njawab wong sing ora nyerah wektu ndonga. Kita isa ngerti bab iki saka omongané Yésus, kandhané, ”Aku ngandhani kowé, Gusti Allah mesthi bakal cepet maringi kaadilan kanggo wong-wong kuwi.”​—Lukas 18:8.

Wong-wong sing dirèmèhké lan miskin kerep nampa tumindak sing ora adil, sewaliké wong sing nduwé kuwasa lan sugih kerep nampa perlakuan istiméwa. Nanging, Gusti Allah ora bakal tumindak kaya ngono. Nèk wis wektuné, Gusti Allah bakal nduduhké keadilan nganggo cara ngukum wong jahat lan maringi para abdiné urip langgeng.

Yésus lagi bar mènèhi umpama bab ora nyerah wektu ndonga. Saiki, Yésus ngrembug bab iman sing uga dibutuhké wektu ndonga. Sepira akèhé wong sing nduwé iman kaya randha mau sing percaya tenan nèk Gusti Allah bakal ”cepet maringi kaadilan”? Yésus takon, ”Wektu Putrané manungsa teka, apa dhèwèké bakal nemokké iman sing kaya ngono ing bumi?” (Lukas 18:8) Iki nduduhké nèk wektu Yésus teka mung ana sithik wong sing nduwé iman kaya ngono.

Saka antarané wong-wong sing ngrungokké Yésus, ana sing rumangsa wis nduwé iman. Wong-wong kuwi percaya nèk tumindaké wis bener, lan ngrèmèhké wong liya. Kanggo wong-wong kuwi, Yésus mènèhi umpama iki:

”Ana wong lanang loro sing mlebu ing bait kanggo ndonga, sing siji wong Farisi lan sing sijiné manèh petugas pajeg. Wong Farisi kuwi ngadeg lan mulai ndonga ing njero ati, ’Gusti Allah, aku ngucap sokur merga aku ora kaya wong liya sing seneng ngrampok, sing ora bener, sing laku jina, utawa malah kaya petugas pajeg iki. Aku pasa seminggu ping pindho, aku uga mènèhké sepersepuluh saka kabèh penghasilanku.’”​—Lukas 18:10-12.

Wong Farisi seneng mamèrké tumindaké sing sok salèh supaya dialem wong liya. Wong-wong kuwi biasané pasa ing dina Senèn lan Kemis, merga ing dina-dina kuwi akèh wong padha lunga menyang pasar lan isa ndelok tumindaké wong Farisi. Wong-wong kuwi uga manut karo rincian-rincian sing paling cilik, contoné mènèhi sepersepuluh saka jenis-jenis tanduran. (Lukas 11:42) Pirang-pirang sasi sakdurungé, wong-wong kuwi ngelokké rakyat biasa, ”Wong akèh ing kéné iki, sing ora ngerti hukum Taurat [miturut wong Farisi], kuwi wong-wong sing kena kutuk.”​—Yohanes 7:49.

Yésus neruské umpama mau, ”Nanging, petugas pajeg kuwi ngadeg ing kadohan, malah ora wani ndhangak ndelok langit. Dhèwèké terus nggebugi dhadhané lan kandha, ’Gusti Allah, welasana aku, aku iki wong dosa.’” Kanthi andhap asor petugas pajeg kuwi ngakoni kesalahané. Yésus nyimpulké, ”Aku kandha marang kowé, wektu wong iki mulih, Gusti Allah nganggep dhèwèké luwih bener ketimbang wong Farisi kuwi. Merga saben wong sing ngunggulké dhèwèké dhéwé bakal diisin-isinké, nanging sapa waé sing ngasorké dhèwèké dhéwé bakal diunggulké.”​—Lukas 18:13, 14.

Dadi, Yésus mulang bab pentingé sipat andhap asor. Naséhat iki cocog kanggo para muridé sing digedhèkké ing antarané wong Farisi sing ngutamakké kedudukan lan jabatan. Iki uga piwulang sing penting kanggo kabèh pengikuté Yésus.