Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 99

Yésus Marèkké Wong Wuta Loro lan Mbantu Zakhéus Mertobat

Yésus Marèkké Wong Wuta Loro lan Mbantu Zakhéus Mertobat

MATIUS 20:29-34 MARKUS 10:46-52 LUKAS 18:35–19:10

  • YÉSUS MARÈKKÉ WONG WUTA LORO ING YÉRIKHO

  • PETUGAS PAJEG SING JENENGÉ ZAKHÉUS MERTOBAT

Yésus lan wong-wong sing lunga bareng dhèwèké tekan ing Yérikho. Nèk saka Yérusalèm, butuh kira-kira sedina kanggo mrana. Kutha Yérikho ana loro, yaiku kutha sing anyar lan sing lawas. Kutha sing lawas, jaraké kira-kira 1,6 kilomèter saka kutha sing anyar, yaiku sing dibangun ing jaman Romawi. Wektu Yésus lan wong akèh ninggalké salah siji kutha kuwi kanggo lunga menyang kutha sijiné, ana pengemis wuta loro sing krungu bab kuwi. Salah sijiné jenengé Bartiméus.

Wektu krungu Yésus lagi léwat, Bartiméus lan kancané mbengok, ”Gusti, Putrané Daud, welasana aku!” (Matius 20:30) Ana wong sing ngongkon wong loro kuwi meneng, nanging wong wuta loro kuwi malah mbengok saya banter. Krungu kuwi, Yésus mandheg lan ngongkon wong kanggo nyeluk wong loro sing mbengok mau. Wong-wong kuwi banjur nyeluk wong wuta mau lan kandha, ”Kuwatna atimu! Ngadega, dhèwèké ngundang kowé.” (Markus 10:49) Wong wuta kuwi langsung mlumpat lan nguncalké klambi njabané, banjur marani Yésus.

Yésus takon, ”Kowé péngin aku nindakké apa?” Wong wuta loro kuwi njawab, ”Gusti, tulung, aku péngin mripatku isa ndelok.” (Matius 20:32, 33) Merga mesakké, Yésus ndemèk mripaté wong-wong kuwi lan ngandhani salah sijiné, ”Lungaa. Imanmu wis nggawé kowé mari.” (Markus 10:52) Wong loro mau langsung isa ndelok, banjur padha ngluhurké Gusti Allah. Wektu ndelok kuwi, wong-wong liyané uga ngluhurké Gusti Allah. Wong sing mauné wuta mau saiki mulai ngetutké Yésus.

Wektu Yésus ngliwati Yérikho, ana akèh banget wong ing sakiwa-tengené Yésus. Kabèh péngin ndelok wong sing wis marèkké pengemis wuta mau. Wong-wong padha dhesek-dhesekan, nganti akèh sing ora isa ndelok Yésus. Salah sijiné yaiku Zakhéus. Zakhéus kuwi kepala petugas pajeg ing Yérikho lan dhaérah sakiwa-tengené. Merga cendhèk, dhèwèké ora isa ndelok apa sing lagi kedadéan. Mula Zakhéus mlayu ndhisiki wong-wong lan mènèk wit ara (utawa, wit ara-murbei) ing dalan sing arep diliwati Yésus. Saka wit kuwi, Zakhéus isa ndelok kanthi cetha. Wektu tekan kono, Yésus ndhangak lan kandha, ”Zakhéus, cepet mudhuna! Dina iki aku arep mara menyang omahmu.” (Lukas 19:5) Zakhéus langsung mudhun lan cepet-cepet bali kanggo nyambut tamu istiméwané iki.

Wektu ndelok kuwi, wong-wong padha nggrundel. Miturut wong-wong kuwi kuduné Yésus ora mertamu ing omahé wong dosa kaya Zakhéus. Zakhéus kuwi sugih merga meres dhuwité akèh wong wektu narik pajeg.

Wektu tekan ing omahé Zakhéus, wong-wong padha protès, ”Dhèwèké mara menyang omahé wong dosa.” Nanging Yésus ngerti nèk Zakhéus isa mertobat. Lan ya pancèn kaya ngono sing kelakon. Zakhéus ngadeg lan kandha marang Yésus, ”Gusti, separo saka bandhaku bakal tak wènèhké marang wong miskin. Sapa waé sing wis tak apusi, dhuwité bakal tak balèkké ping papaté.”​—Lukas 19:7, 8.

Tumindaké Zakhéus nduduhké nèk pertobatané kuwi bener-bener tulus. Kayané saka cathetan pajegé, dhèwèké isa ngerti sepira akèhé dhuwité wong Yahudi sing wis dhèwèké jaluk, lan dhèwèké janji kanggo mbalèkké ping papaté. Iki luwih saka apa sing dituntut ing Hukumé Gusti Allah. (Pangentasan 22:1; Kaimaman 6:2-5) Apa manèh, Zakhéus janji nèk arep mènèhké separo saka bandhané marang wong miskin.

Yésus seneng merga Zakhéus bener-bener nduduhké nèk mertobat, lan kandha, ”Dina iki, keslametan wis teka ing wong lanang iki lan keluargané, merga dhèwèké uga anaké Abraham. Sebab Putrané manungsa teka kanggo nggolèki lan nylametké sing kesasar.”​—Lukas 19:9, 10.

Sakdurungé, Yésus nggunakké umpama bab anak sing ilang kanggo nduduhké kahanané wong sing ninggalké Yéhuwah. (Lukas 15:11-24) Saiki Yésus nggunakké conto sing nyata nèk wong sing kesasar isa ditemokké manèh. Para pemimpin agama lan pengikuté mungkin protès marang Yésus lan ngritik Yésus merga srawung karo wong dosa kaya Zakhéus. Nanging, Yésus terus nggolèki lan nggawa bali manèh anak-anaké Abraham sing kesasar.