Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 101

Maem ing Omahé Simon ing Bétani

Maem ing Omahé Simon ing Bétani

MATIUS 26:6-13 MARKUS 14:3-9 YOHANES 11:55–12:11

  • YÉSUS MARANI MANÈH BÉTANI, CEDHAKÉ YÉRUSALÈM

  • MARIA NGESOKKÉ LENGA WANGI ING SIRAHÉ YÉSUS

Saka Yérikho, Yésus lunga menyang Bétani. Perjalanané angèl merga kudu mlaku ing dalan sing munggah adohé 20 kilomèter. Yérikho ana ing panggonan kira-kira 250 mèter di bawah permukaan laut, lan Bétani ana ing panggonan kira-kira 610 mèter di atas permukaan laut. Lazarus, Marta, lan Maria manggon ing désa cilik Bétani. Désa iki kira-kira telung kilomèter saka Yérusalèm, lan ana ing lèrèng sisih wétan Gunung Zaitun.

Akèh wong Yahudi sing wis teka ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Paskah. Wong-wong kuwi teka sakdurungé Paskah ”kanggo upacara nyucèkké badan”, merga mungkin bar ndemèk mayit utawa nindakké bab-bab sing marahi najis. (Yohanes 11:55; Wilangan 9:6-10) Wong-wong iki padha ngumpul ing bait, lan ngomong marang siji lan sijiné apa Yésus bakal teka ing riyaya kuwi.​—Yohanes 11:56.

Akèh pendapat sing béda-béda bab tekané Yésus ing riyaya kuwi. Ana pemimpin agama sing péngin nyekel Yésus kanggo dipatèni. Wong-wong kuwi nganti mréntahké supaya saben wong sing ngerti Yésus ing ngendi, cepet-cepet nglaporké ’supaya wong-wong kuwi isa nyekel Yésus’. (Yohanes 11:57) Para pemimpin iki ngupaya matèni Yésus sakwisé Yésus nguripké manèh Lazarus. (Yohanes 11:49-53) Kuwi sebabé wong-wong saiki dadi padha ora yakin apa Yésus bakal teka ing riyaya.

Yésus tekan ing Bétani ”nem dina sakdurungé Riyaya Paskah”, yaiku dina Jumat sakdurungé srengéngé angslup. (Yohanes 12:1) Dina sakbanjuré (dina Sabat, tanggal 8 Nisan) dimulai sakwisé srengéngé angslup ing dina Jumat. Dadi, Yésus wis teka sakdurungé dina Sabat. Yésus ora isa nindakké perjalanan saka Yérikho pas dina Sabat, merga perjalanan ing dina kuwi dilarang ing hukum Yahudi. Kaya biasané, Yésus mungkin lunga menyang omahé Lazarus.

Ing dina Setu wengi, Yésus lan rombongané klebu Lazarus diundang maem karo Simon, sing uga manggon ing Bétani. Simon ”sing mbiyèn lara kusta” iki mungkin salah siji wong kusta sing dimarèkké Yésus. Kaya biasané, Marta kanthi sregep ngladèni para tamu. Nèk Maria luwih nggatèkké Yésus. Nanging ing wektu iki, tumindaké Maria nggawé wong-wong ora seneng.

Maria mbukak botol marmer cilik sing isiné ”lenga wangi setengah liter, yaiku lenga narwastu murni sing larang banget regané”. (Yohanes 12:3) Lenga wangi iki regané 300 dinar, padha kaya opahé wong kerja setaun. Maria ngesokké lenga kuwi ing sirah lan sikilé Yésus, banjur ngusapi sikilé Yésus nganggo rambuté. Sak omah ambuné dadi wangi kabèh.

Para murid banjur nesu lan kandha, ”Ngapa lenga wangi kuwi dibuwang-buwang?” (Markus 14:4) Yudas Iskariot ya ora setuju, kandhané, ”Ngapa lenga wangi iki ora diedol waé 300 dinar, terus dhuwité diwènèhké marang wong-wong miskin?” (Yohanes 12:5) Yudas ora tenanan perduli karo wong-wong miskin. Dhèwèké malah seneng nyolong dhuwit saka kothak dhuwité para murid.

Yésus mbéla Maria, kandhané, ”Ngapa kok kowé ngomong kaya ngono bab wong wadon iki? Dhèwèké wis tumindak apik marang aku. Merga wong miskin bakal terus ana karo kowé, nanging aku ora bakal terus ana karo kowé. Wektu dhèwèké ngesokké lenga wangi kuwi ing awakku, dhèwèké nindakké kuwi kanggo nyiapké penguburanku. Saktenané aku kandha marang kowé, ing ngendi waé kabar apik diwartakké ing saklumahing bumi, sing ditindakké wong wadon iki uga bakal dicritakké kanggo ngéling-éling dhèwèké.”​—Matius 26:10-13.

Yésus lagi ana ing Bétani sedina luwih, nanging kabar bab tekané Yésus wis kesebar ing ngendi-endi. Akèh wong Yahudi teka ing omahé Simon, ora mung kanggo ndelok Yésus nanging uga Lazarus, ”wong sing wis diuripké Yésus saka antarané wong mati”. (Yohanes 12:9) Para imam banjur padha rembugan kanggo matèni Yésus lan Lazarus. Miturut wong-wong kuwi, Lazarus sing urip manèh iki bakal nggawé akèh wong nduwé iman marang Yésus. Wong-wong kuwi bener-bener jahat.