Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 104

Apa Wong Yahudi Bakal Nduwé Iman marang Gusti Allah?

Apa Wong Yahudi Bakal Nduwé Iman marang Gusti Allah?

YOHANES 12:28-50

  • AKÈH WONG KRUNGU SWARANÉ GUSTI ALLAH

  • DHASAR KANGGO NGADILI

Pas ing bait, ing dina Senèn tanggal 10 Nisan, Yésus ngomongké bab sédané sing saya cedhak. Merga ngerti nèk kuwi isa mengaruhi asmané Gusti Allah, Yésus kandha, ”Bapak, luhurna asma Panjenengan.” Banjur ana swara banter saka langit, ”Aku wis ngluhurké kuwi lan bakal tak luhurké manèh.”​—Yohanes 12:27, 28.

Wong-wong sing ana ing kono padha bingung. Ana sing mikir nèk kuwi swara gludhug. Liyané kandha, ”Ana malaékat sing omongan karo dhèwèké.” (Yohanes 12:29) Nanging, kuwi swarané Yéhuwah. Lan iki dudu sing sepisanan kanggoné manungsa krungu swarané Gusti Allah wiwit Yésus mulai nindakké pelayanané ing bumi.

Telu setengah taun sakdurungé, pas Yésus dibaptis, Yohanes Pembaptis krungu swarané Gusti Allah, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.” Banjur, sakwisé Paskah taun 32 M, Yésus ditransfigurasi ing ngarepé Yakobus, Yohanes, lan Pétrus. Wong telu kuwi krungu Gusti Allah ngendika, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku. Rungokna dhèwèké.” (Matius 3:17; 17:5) Nanging saiki, kanggo kaping teluné Yéhuwah ngendika, ana luwih akèh wong sing isa ngrungokké.

Yésus kandha, ”Swara kuwi dudu kanggo aku, nanging kanggo kowé kabèh.” (Yohanes 12:30) Ngendikané Gusti Allah kuwi mbuktèkké nèk Yésus bener-bener Putrané Gusti Allah, Mèsias sing wis dijanjèkké.

Yésus terus setya marang Gusti Allah saksuwéné uripé. Iki mènèhi tuladha sing apik kanggo manungsa lan mbuktèkké nèk Sétan si Iblis, panguwasané donya iki, pantes disirnakké. Yésus kandha, ”Saiki, donya iki lagi diadili, lan panguwasa donya iki bakal diusir.” Sédané Yésus ora nduduhké nèk Yésus kalah, nanging malah menang. Kok isa? Yésus kandha, ”Nanging, nèk aku diangkat saka bumi, aku bakal narik kabèh wong marang aku.” (Yohanes 12:31, 32) Kanthi cara ”diangkat”, maksudé séda ing cagak, Yésus narik wong marang dhèwèké supaya isa éntuk urip saklawasé.

Kanggo nanggepi omongané Yésus kuwi, akèh wong kandha, ”Aku kabèh krungu saka hukum Taurat nèk Kristus tetep ana saklawasé. Kok isa kowé ngomong Putrané manungsa kudu diangkat? Sapa Putrané manungsa kuwi?” (Yohanes 12:34) Senajan wis ana akèh bukti, klebu swarané Gusti Allah dhéwé, akèh-akèhé wong ora gelem ngakoni nèk Yésus kuwi pancèn Putrané manungsa, Mèsias sing dijanjèkké.

Kaya sing tau ditindakké sakdurungé, Yésus nyebut dhèwèké kuwi ”pepadhang”. (Yohanes 8:12; 9:5) Yésus ngandhani wong-wong, ”Mung kari sawetara wektu pepadhang ana ing antaramu. Mlakua mumpung kowé isih nduwé pepadhang kuwi, supaya pepeteng ora nguwasani kowé . . . Mumpung kowé isih nduwé pepadhang kuwi, duduhna iman marang pepadhang kuwi, supaya kowé dadi anak-anaké pepadhang.” (Yohanes 12:35, 36) Yésus banjur lunga, merga tanggal 10 Nisan kuwi durung wektuné Yésus séda. Yésus lagi ”diangkat”, utawa dipaku ing cagak, wektu Paskah tanggal 14 Nisan.​—Galatia 3:13.

Akèh-akèhé wong Yahudi ora nduwé iman marang Yésus lan tetep ora gelem nampa bukti nèk Yésus kuwi Wong Sing Mbébaské, sing wis suwé dijanjèkké lan dalan menyang urip langgeng. Kuwi netepi ramalané Yésaya sing kandha nèk mripaté bangsa kuwi bakal digawé wuta, atiné bakal ketutup, lan wong-wong kuwi ora bakal bali marang Yéhuwah kanggo dimarèkké.​—Yésaya 6:10; Yohanes 12:40.

Sakjané Nikodémus, Yusuf saka Arimatéa, lan akèh panguwasa liyané ”nduwé iman” marang Yésus. Nanging, apa wong-wong kuwi bakal nduduhké imané kanthi blaka? Apa malah ndhelikké imané merga wedi diusir saka sinagogé, utawa merga ”luwih seneng nampa kamulyan saka manungsa”?​—Yohanes 12:42, 43.

Yésus dhéwé nerangké apa sing klebu nduduhké iman marang Yésus: ”Sapa waé sing nduwé iman marang aku, kuwi ora mung nduwé iman marang aku, nanging uga marang Panjenengané sing ngutus aku. Sapa waé sing ndelok aku uga ndelok Panjenengané sing ngutus aku.” Wulangan sing bener sing dipréntahké Gusti Allah kanggo terus diwartakké Yésus kuwi penting, nganti Yésus kandha, ”Sapa waé sing nolak aku lan ora nampa omonganku bakal diadili. Omongan sing wis tak omongké kuwi sing bakal ngadili wong kuwi ing dina pungkasan.”​—Yohanes 12:44, 45, 48.

Yésus nyimpulké, ”Aku ora ngomong manut karepku dhéwé, nanging Bapak sing ngutus aku, maringi aku préntah bab apa sing kudu tak omongké lan tak wulangké. Aku ngerti nèk préntahé ngasilké urip saklawasé.” (Yohanes 12:49, 50) Yésus ngerti nèk sedhéla manèh dhèwèké bakal ngurbanké nyawané dadi tebusan kanggo manungsa sing nduduhké iman.​—Roma 5:8, 9.