Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 112

Umpama bab Sepuluh Prawan, Pentingé Terus Siap

Umpama bab Sepuluh Prawan, Pentingé Terus Siap

MATIUS 25:1-13

  • YÉSUS MÈNÈHI UMPAMA BAB SEPULUH PRAWAN

Yésus lagi waé njawab pitakonané para rasulé bab tandha rawuhé lan pungkasané jaman iki. Saiki, Yésus mènèhi naséhat wicaksana liwat siji umpama. Kedadéan sing digambarké ing umpama iki bakal digenepi ing mangsa rawuhé Yésus.

Yésus miwiti umpama kuwi kanthi kandha, ”Kraton swarga isa diumpamakké kaya sepuluh prawan sing nggawa lampu minyaké lan metu kanggo nyambut mantèn lanang. Prawan sing lima bodho, lan sing lima wicaksana.”​—Matius 25:1, 2.

Iki dudu tegesé nèk separo muridé sing bakal nampa warisan Kraton swarga kuwi bodho lan separoné wicaksana. Maksudé Yésus kuwi nèk saben muridé isa milih arep dadi wong sing tetep siap utawa malah dadi keslimur. Nanging, Yésus yakin nèk saben abdiné bakal tetep setya lan akiré nampa berkah saka Bapaké.

Ing umpama kuwi, sepuluh prawan mau metu kanggo nyambut mantèn lanang lan teka ing acara mantènan. Wektu mantèn lanang teka, para prawan kuwi bakal madhangi dalan sing diliwati mantèn lanang nganggo lampu minyak sing digawa. Banjur ngiring mantèn kuwi karo bojoné menyang omah sing wis disiapké. Nanging, apa sing bakal kelakon?

Yésus kandha, ”Prawan sing bodho nggawa lampuné, nanging ora nggawa minyak cadangan. Prawan sing wicaksana nggawa lampuné lan uga nggawa minyak ing botol. Merga mantèn lanang ora teka-teka, para prawan mau dadi ngantuk lan keturon.” (Matius 25:3-5) Mantèn lanang ora teka ing wektu sing dikarepké. Merga kudu ngentèni suwé, para prawan kuwi keturon. Para rasul mungkin kèlingan karo umpama sing diwulangké Yésus bab bangsawan sing lunga adoh lan ’akiré bali’ sakwisé dadi raja.​—Lukas 19:11-15.

Yésus banjur ngandhani apa sing kelakon wektu mantèn lanang teka, ”Wektu tengah wengi, ana wong sing mbengok, ’Mantèn lanang wis teka! Metua kanggo nyambut dhèwèké!’” (Matius 25:6) Apa kabèh prawan kuwi tetep siap lan waspada?

Yésus kandha manèh, ”Banjur kabèh prawan mau tangi lan nyiapké lampuné. Prawan sing bodho kandha marang prawan sing wicaksana, ’Aku njaluk minyakmu sithik waé, merga lampuku wis arep mati.’ Prawan sing wicaksana njawab, ’Kétoké ora cukup nèk dienggo aku lan kowé. Lungaa marang wong sing dodol minyak lan tukua kanggo awakmu dhéwé.’”​—Matius 25:7-9.

Dadi, limang prawan kuwi ora siap lan waspada wektu mantèn lanang teka. Para prawan kuwi kentèkan minyak lan kudu tuku. Yésus kandha, ”Wektu prawan-prawan sing bodho kuwi tuku minyak, mantèn lanang teka. Prawan-prawan sing wis siap terus mlebu bareng mantèn lanang ing pésta mantènan, banjur lawangé ditutup. Sakwisé kuwi, prawan lima liyané padha teka lan kandha, ’Pak, Pak, aku bukakna lawang!’ Mantèn lanang kuwi njawab, ’Tak kandhani sing saktenané, aku babar blas ora kenal kowé.’” (Matius 25:10-12) Merga ora siap, akibaté nyedhihké tenan.

Para rasul ngerti nèk mantèn lanang kuwi maksudé Yésus dhéwé. Sakdurungé, Yésus wis tau nggambarké dhèwèké kuwi mantèn lanang. (Lukas 5:34, 35) Lan sapa sing dimaksud karo para prawan? Wektu nyebutké bab ”kelompok cilik” sing bakal mréntah ing swarga, Yésus kandha, ”Nganggoa klambi lan siap-siapa, lan pastèkna lampu minyakmu murub terus.” (Lukas 12:32, 35) Mula ing umpama iki, para rasul ngerti nèk para prawan kuwi maksudé para rasul lan wong liyané sing dadi bagéan kelompok cilik. Mula, apa piwulang saka umpama iki?

Yésus mungkasi umpama iki kanthi kandha, ”Dadi, terusa jaga-jaga, merga kowé ora ngerti dina utawa jamé.”​—Matius 25:13.

Cetha nèk Yésus mènèhi naséhat marang para muridé sing setya supaya ’terus jaga-jaga’ saksuwéné mangsa rawuhé. Yésus bakal teka lan para muridé kudu siap lan waspada kaya limang prawan sing wicaksana. Nganggo cara kuwi, para murid tetep nduwé harapan lan akiré isa nampa berkah.