Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 113

Umpama bab Talènta, Pentingé Terus Sregep

Umpama bab Talènta, Pentingé Terus Sregep

MATIUS 25:14-30

  • YÉSUS MÈNÈHI UMPAMA BAB TALÈNTA

Wektu isih bareng karo patang rasulé ing Gunung Zaitun, Yésus mulang umpama liyané. Pirang-pirang dina sakdurungé, wektu ing Yérikho, Yésus mènèhi umpama bab mina kanggo nduduhké nèk Kratoné Allah isih bakal mréntah sukmbèn. Lan saiki Yésus mènèhi umpama liyané sing mèh padha. Iki bagéan saka katrangané Yésus bab rawuhé lan pungkasané jaman iki. Umpama iki mulang nèk para murid kudu sregep nindakké tugas sing wis dipercayakké.

Yésus miwiti umpama iki: ”Kraton kuwi uga diumpamakké kaya wong lanang sing arep lunga menyang luar negri. Dhèwèké ngundang budhak-budhaké lan masrahké hartané marang budhak-budhak kuwi.” (Matius 25:14) Sakdurungé, Yésus madhakké dhèwèké dhéwé karo wong lanang sing lunga adoh ”kanggo dadi raja”. Mula, para rasul isa ngerti nèk Yésus kuwi ”wong lanang” sing dicritakké ing umpama iki.​—Lukas 19:12.

Sakdurungé lunga menyang luar negri, wong lanang kuwi masrahké hartané marang budhak-budhaké. Saksuwéné telung taun setengah, Yésus terus martakké kabar apik bab Kratoné Allah lan nglatih para muridé kanggo nindakké kuwi. Ora suwé manèh Yésus bakal lunga. Nanging Yésus yakin nèk para muridé bakal terus nindakké gawéan kuwi.​—Matius 10:7; Lukas 10:1, 8, 9; bandhingna Yohanes 4:38; 14:12.

Ing umpama iki, piyé wong lanang kuwi ngedumké hartané? Yésus crita, ”Sing siji diwènèhi limang talènta, sing liyané rong talènta, lan sing liyané manèh sak talènta, miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé. Banjur wong kuwi lunga menyang luar negri.” (Matius 25:15) Apa sing bakal ditindakké para budhak kuwi marang harta sing wis dipercayakké mau? Apa para budhak kuwi bakal sregep nggunakké harta kuwi kanggo kepentingané majikané? Yésus ngandhani para muridé:

”Budhak sing nampa limang talènta kuwi langsung lunga lan nggunakké talènta kuwi kanggo usaha, lan dhèwèké éntuk untung limang talènta manèh. Semono uga, budhak sing nampa rong talènta uga éntuk untung rong talènta manèh. Nanging budhak sing mung nampa sak talènta lunga lan ngubur dhuwité majikané ing njero lemah.” (Matius 25:16-18) Apa sing bakal kelakon wektu majikané mulih?

Yésus neruské, ”Suwé sakwisé kuwi, majikané teka lan étung-étungan karo budhak-budhak mau.” (Matius 25:19) Loro budhak sing kapisan ngupaya tenanan ”miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé”. Saben budhak kuwi sregep, kerjané mempeng, lan isa nambahi hartané majikané. Budhak sing nampa limang talènta éntuk untung limang talènta manèh. Semono uga budhak sing nampa rong talènta uga éntuk untung rong talènta manèh. (Ing wektu kuwi, sak talènta kuwi opahé wong kerja kira-kira 20 taun.) Majikané ngalem loro budhak kuwi, ”Apik banget, kowé pancèn budhak sing apik lan setya. Kowé wis setya marang perkara sing sithik. Aku bakal nglantik kowé kanggo ngurus perkara sing luwih akèh. Mèlua bungah karo majikanmu.”​—Matius 25:21.

Banjur piyé karo budhak sing nampa sak talènta? Yésus kandha, ”Ndara, aku ngerti nèk panjenengan wong sing seneng nuntut. Ndara manèn padahal ora nyebar lan nglumpukké hasil panèn padahal ora napèni. Mula aku wedi, banjur lunga kanggo ngubur talènta kuwi ing njero lemah. Iki, tak balèkké duwèké panjenengan.” (Matius 25:24, 25) Budhak kuwi ora nabungké dhuwité majikané ing bank, sing sakjané isa mènèhi keuntungan kanggo majikané. Dadi, budhak kuwi ora kerja kanggo kepentingané majikané.

Mula cocog nèk majikan mau nyebut budhak kuwi ”budhak sing jahat lan males”. Apa sing diduwèni budhak kuwi bakal dijupuk lan diwènèhké marang budhak liyané sing sregep. Majikan kuwi banjur kandha, ”Merga sapa sing nduwé, bakal dikèki luwih akèh manèh malah nganti lubèr. Nanging, sapa sing ora nduwé, senajan mung sithik sing diduwèni, kuwi bakal dijupuk saka dhèwèké.”​—Matius 25:26, 29.

Para muridé Yésus kudu mikirké tenanan bab iki. Kaya budhak-budhak kuwi, para murid wis diwènèhi bab sing aji banget, yaiku gawéan kanggo ndadèkké murid. Yésus péngin supaya para murid sregep nindakké tugas iki. Nanging, Yésus ora ngarep-arep saben muridé mènèhi hasil sing padha. Kaya umpama mau, saben wong kudu ngupaya ”miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé”. Kuwi dudu tegesé Yésus nyetujoni sikap ”males” lan akiré ora nindakké tugas kuwi.

Para rasul mesthi seneng banget merga Yésus mènèhi jaminan, ”Sapa sing nduwé, bakal dikèki luwih akèh manèh malah nganti lubèr.”