Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 114

Kristus Bakal Ngadili Wedhus Gèmbèl lan Wedhus Jawa

Kristus Bakal Ngadili Wedhus Gèmbèl lan Wedhus Jawa

MATIUS 25:31-46

  • YÉSUS MÈNÈHI UMPAMA BAB WEDHUS GÈMBÈL LAN WEDHUS JAWA

Ing Gunung Zaitun, Yésus wis mènèhi umpama bab sepuluh prawan lan bab talènta. Saiki, Yésus njawab pitakonané para rasul bab tandha rawuhé lan tandha pungkasané jaman iki. Yésus nyritakké umpama sing pungkasan yaiku bab wedhus gèmbèl lan wedhus jawa.

Yésus miwiti umpama kuwi kanthi kandha, ”Wektu Putrané manungsa teka ing kamulyané bareng karo kabèh malaékat, dhèwèké bakal lungguh ing tahtané sing mulya.” (Matius 25:31) Yésus kuwi tokoh utama ing umpama iki, merga Yésus kerep nyebut nèk dhèwèké kuwi ”Putrané manungsa”.​—Matius 8:20; 9:6; 20:18, 28.

Kapan umpama iki bakal digenepi? Iki bakal kelakon sukmbèn wektu Yésus ”teka ing kamulyané” bareng karo para malaékaté, lan lungguh ”ing tahtané sing mulya”. Yésus lagi waé nyritakké nèk ”Putrané manungsa teka ing ndhuwur méga-méga langit nganggo kuwasa lan kamulyan sing gedhé” bareng karo para malaékaté. Kapan Yésus teka? ”Ora suwé sakwisé mangsa sengsara kuwi.” (Matius 24:29-31; Markus 13:26, 27; Lukas 21:27) Apa sing bakal dhèwèké tindakké?

Yésus nerangké, ”Wektu Putrané manungsa teka . . . . Kabèh bangsa bakal diklumpukké ing ngarepé, lan dhèwèké bakal misahké wong-wong, kaya pangon misahké wedhus gèmbèl saka wedhus jawa. Lan dhèwèké bakal manggonké wedhus gèmbèl ing sisih tengené, lan wedhus jawa ing sisih kiwané.”​—Matius 25:31-33.

Bab wedhus gèmbèl, Yésus kandha, ”Banjur, Raja bakal kandha marang sing ana ing sisih tengené, ’Mrénéa, kowé sing wis diberkahi Bapakku, warisana Kraton sing wis disiapké kanggo kowé saka wiwitané donya.’” (Matius 25:34) Apa sebabé Raja mberkahi wedhus-wedhus kuwi?

Raja kandha, ”Wektu aku luwé, kowé ngekèki aku mangan. Aku ngelak, kowé ngekèki aku ngombé. Kowé ora kenal aku lan aku ora ngerti arep manggon ing ngendi, nanging kowé nampa aku ing omahmu. Aku ora klambèn, kowé ngekèki aku klambi. Aku lara, kowé ngrumat aku. Aku ing penjara, kowé marani aku.” Wektu wedhus gèmbèl yaiku ”wong-wong sing bener” takon kapan wong-wong kuwi nindakké bab-bab mau, Raja njawab, ”Nèk kowé nindakké kanggo salah siji saka antarané sedulurku sing dianggep paling ora penting iki, kowé nindakké kuwi kanggo aku.” (Matius 25:35, 36, 40, 46) Ing swarga ora ana wong lara utawa luwé. Dadi, bab-bab mau mesthi ditindakké marang sedulur-seduluré Kristus ing bumi.

Piyé bab wedhus jawa, sing ana ing sisih kiwané Raja? Yésus kandha, ”Raja bakal kandha marang sing ana ing sisih kiwané, ’Kowé kuwi wong-wong sing dikutuk, lungaa saka ngarepku! Mlebua ing geni sing langgeng, sing disiapké kanggo Iblis lan para malaékaté. Merga wektu aku luwé, kowé ora ngekèki aku mangan. Aku ngelak, nanging kowé ora ngekèki aku ngombé. Kowé ora kenal aku lan aku ora ngerti arep manggon ing ngendi, nanging kowé ora nampa aku ing omahmu. Aku ora klambèn, nanging kowé ora ngekèki aku klambi. Aku lara lan ing penjara, nanging kowé ora ngrumat aku.’” (Matius 25:41-43) Wedhus-wedhus jawa iki pantes dihukum merga ora tumindak apik marang sedulur-seduluré Kristus ing bumi.

Saka umpama iki, para rasul ngerti nèk pangarep-arep urip lan mati sukmbèn kuwi gumantung saka pengadilané Raja iki. Yésus kandha, ”Banjur Raja bakal njawab, ’Saktenané aku kandha, nèk kowé ora nindakké kanggo salah siji saka antarané sedulurku sing dianggep paling ora penting iki, kowé ora nindakké kuwi kanggo aku.’ Wong-wong iki bakal disirnakké saklawasé, nanging wong-wong sing bener bakal nampa urip langgeng.”​—Matius 25:45, 46.

Jawabané Yésus marang para rasul iki kudu dipikirké tenanan karo para pengikuté Yésus supaya isa mriksa manèh sikap lan tumindaké.