Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 115

Kedadéan-Kedadéan Sakdurungé Paskah sing Pungkasan

Kedadéan-Kedadéan Sakdurungé Paskah sing Pungkasan

MATIUS 26:1-5, 14-19 MARKUS 14:1, 2, 10-16 LUKAS 22:1-13

  • YUDAS ISKARIOT NGIANATI YÉSUS

  • LORO RASUL NYIAPKÉ PASKAH

Yésus wis rampung njawab pitakonané patang rasulé ing Gunung Zaitun, yaiku bab tandha rawuhé lan tandha pungkasané jaman iki.

Tanggal 11 Nisan iki bener-bener dina sing sibuk. Kayané pas lagi mlaku arep bali menyang Bétani, Yésus kandha marang para muridé, ”Kowé ngerti nèk rong dina manèh ana Riyaya Paskah, lan Putrané manungsa bakal ditangkep kanggo dihukum mati ing cagak.”​—Matius 26:2.

Ing dina Selasa, Yésus ngelokké lan nyingkapké sipat jahaté para pemimpin agama. Kuwi sebabé wong-wong mau ngupaya matèni Yésus. Mula, ing dina Rebo tanggal 12 Nisan, Yésus lan para rasulé kayané ora lunga ing ngendi-endi. Kuwi supaya ora ana sing ngalang-alangi Yésus ngrayakké Paskah bareng para rasulé tanggal 14 Nisan, sakwisé srengéngé angslup.

Nanging para imam kepala lan para pemimpiné wong Yahudi ora meneng waé. Merga jèngkèl karo Yésus sing wis nyingkapké sipat jahaté, mula wong-wong kuwi ngumpul ing halaman omahé Imam Agung Kayafas lan nggawé rencana ”kanggo nangkep Yésus nganggo cara sing licik lan matèni dhèwèké”. Kapan kuwi bakal ditindakké? Wong-wong kuwi kandha, ”Aja pas riyaya, mengko ndhak marakké gègèran.” (Matius 26:4, 5) Wong-wong kuwi wedi merga akèh wong seneng karo Yésus.

Wektu kuwi, para pemimpin agama kagèt merga ketekan tamu salah siji rasulé Yésus, yaiku Yudas Iskariot. Sétan wis mengaruhi atiné Yudas kanggo ngianati Gustiné. Yudas takon, ”Apa sing bakal kok wènèhké marang aku nèk aku masrahké Yésus marang kowé?” (Matius 26:15) Wong-wong mau padha seneng lan ”setuju kanggo mènèhi Yudas dhuwit pérak”. (Lukas 22:5) Piro jumlahé? Jumlahé 30 dhuwit pérak, kuwi kayané 30 syèkel, sing padha karo regané siji budhak. (Pangentasan 21:32) Nganggo cara kuwi, para pemimpin agama nduduhké nèk ngrèmèhké Yésus. Wiwit dina kuwi, Yudas ”nggolèk kesempatan sing cocog kanggo nyerahké Yésus marang wong-wong kuwi tanpa dingertèni wong akèh”.​—Lukas 22:6.

Tanggal 13 Nisan diwiwiti wektu srengéngé angslup ing dina Rebo, lan iki wengi sing pungkasan Yésus nginep ing Bétani. Ing dina sakbanjuré, para murid kudu nggawé persiapan kanggo ngrayakké Paskah. Ing ngendi wong-wong kuwi ngrayakké Paskah? Sapa sing bakal mbelèh lan manggang cempé siji kanggo jamuan Paskah tanggal 14 Nisan? Yésus durung ngandhani rinciané. Mula, Yudas ora isa mbocorké rencana kuwi marang para imam.

Mungkin ing dina Kemis awan, Yésus ngongkon Pétrus lan Yohanes, ”Lungaa lan siapna maeman Paskah kanggo awaké dhéwé.” Wong loro kuwi takon, ”Ing ngendi aku kabèh kudu nyiapké kuwi?” Yésus nerangké, ”Wektu kowé mlebu ing kutha, ana wong lanang sing nggawa genthong wadhah banyu bakal nemoni kowé. Etutna wong kuwi menyang omah sing dileboni wong kuwi. Banjur omonga marang sing nduwé omah, ’Guru kandha, ”Ing ngendi kamar tamu sing isa tak enggo mangan Paskah karo murid-muridku?”’ Wong kuwi bakal nduduhké kowé kamar sing gedhé, sing wis disiapké ing lantai ndhuwur. Siapna Paskah ing kono.”​—Lukas 22:8-12.

Sing nduwé omah kuwi mesthi muridé Yésus. Dhèwèké mungkin wis ngerti nèk Yésus bakal nggunakké omahé kanggo acara iki. Wektu lunga menyang Yérusalèm, loro rasul kuwi weruh nèk kabèh kelakon kaya sing diomongké Yésus. Mula wong loro kuwi banjur nyepakké cempé lan nggawé persiapan liyané kanggo 13 wong, yaiku Yésus lan 12 rasulé sing arep ngrayakké Paskah.