Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 121

”Kuwatna Atimu! Aku Wis Ngalahké Donya”

”Kuwatna Atimu! Aku Wis Ngalahké Donya”

YOHANES 16:1-33

  • PARA RASUL ORA BAKAL NDELOK YÉSUS MANÈH

  • RASA SEDHIHÉ PARA RASUL BAKAL MALIH DADI RASA BUNGAH

Yésus lan para rasulé sedhéla manèh arep lunga saka ruangan lantai ndhuwur, yaiku panggonan wektu mangan jamuan Paskah. Yésus wis mènèhi akèh naséhat marang para rasul lan saiki mènèhi pangéling-éling, ”Aku ngomongké bab-bab iki marang kowé supaya kowé ora kesandhung. Wong-wong bakal ngusir kowé saka sinagogé. Malah, bakal tekan wektuné, saben wong sing matèni kowé bakal ngira nèk dhèwèké nindakké tugas suci marang Gusti Allah.”​—Yohanes 16:1, 2.

Omongané Yésus kuwi mungkin nggawé para rasulé kuwatir. Senajan Yésus tau kandha nèk donya bakal sengit marang para rasulé, nanging Yésus durung tau ngomong langsung nèk para rasulé bakal dipatèni. Apa sebabé? Yésus kandha, ”Mauné aku ora ngandhani kowé bab-bab iki, merga aku isih ana karo kowé.” (Yohanes 16:4) Nanging saiki, sakdurungé lunga, Yésus ngélikké para rasulé. Iki isa mbantu para rasulé supaya ora kesandhung.

Yésus neruské omongané, ”Saiki aku bakal lunga marang Panjenengané sing ngutus aku. Nanging ora ana siji-sijia ing antaramu sing takon karo aku, ’Panjenengan arep lunga menyang ngendi?’” Para rasul sakjané wis takon bab iki wengi kuwi. (Yohanes 13:36; 14:5; 16:5) Nanging, sakwisé krungu nèk bakal dianiaya, para rasul dadi sedhih banget, mula ora sida takon bab kamulyan sing bakal ditampa Yésus lan berkahé kanggo para murid. Yésus ngerti perasaané wong-wong kuwi. Yésus kandha, ”Merga aku wis ngandhani kowé bab-bab iki, atimu dadi sedhih banget.”​—Yohanes 16:6.

Yésus kandha, ”Aku lunga kuwi kanggo kepentinganmu. Merga nèk aku ora lunga, juru tulung kuwi ora bakal teka marang kowé. Nanging nèk aku lunga, aku bakal ngirim juru tulung kuwi marang kowé.” (Yohanes 16:7) Para muridé Yésus lagi isa nampa roh suci nèk Yésus wis séda lan munggah menyang swarga. Yésus bakal ngirim roh suci dadi juru tulung marang para pengikuté ing saklumahing bumi.

Roh suci ”bakal mènèhi bukti sing kuwat marang donya bab dosa lan bab apa sing bener lan bab pengadilané Gusti Allah”. (Yohanes 16:8) Maksudé, roh suci bakal nduduhké nèk donya iki kebukti ora nduwé iman marang Putrané Gusti Allah. Sakliyané kuwi, munggahé Yésus menyang swarga bakal mbuktèkké nèk Yésus kuwi bener lan bakal nduduhké apa sebabé Sétan, ”panguwasané donya iki”, pantes diadili.​—Yohanes 16:11.

Yésus kandha, ”Isih akèh sing arep tak omongké marang kowé, nanging saiki kowé durung sanggup ngertèni kuwi kabèh.” Wektu Yésus ngesokké roh suci, roh suci kuwi bakal nuntun para murid kanggo paham ”kabèh sing bener”, lan urip manut apa sing bener kuwi.​—Yohanes 16:12, 13.

Para rasul dadi bingung karo omongané Yésus bar kuwi: ”Sedhéla manèh kowé bakal ora ndelok aku, lan sedhéla manèh kowé bakal ndelok aku.” Para murid banjur padha takon marang siji lan sijiné apa maksudé Yésus. Yésus ngerti, mula kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, kowé bakal nangis lan susah banget, nanging donya iki bakal bungah. Kowé bakal sedhih banget, nanging rasa sedhihmu bakal malih dadi rasa bungah.” (Yohanes 16:16, 20) Wektu Yésus dipatèni sésuk awané, para pemimpin agama seneng, nanging para murid ngrasa sedhih. Banjur, rasa sedhih kuwi bakal malih dadi bungah wektu Yésus diuripké manèh lan wektu Yésus ngesokké roh suciné Gusti Allah marang wong-wong kuwi.

Yésus mbandhingké kahanané para rasul karo wong wadon sing arep nglairké. Yésus kandha, ”Wektu wong wadon wis wayahé nglairké, dhèwèké kelaran. Nanging sakwisé nglairké anaké, dhèwèké ora éling manèh karo kasusahané. Dhèwèké bungah merga ana manungsa sing wis dilairké ing donya.” Yésus banjur nguwatké para rasulé, ”Semono uga kowé, saiki kowé sedhih, nanging aku bakal ketemu kowé manèh, lan atimu bakal bungah, lan ora ana sing isa ngrampas rasa bungahmu.”​—Yohanes 16:21, 22.

Nganti wektu kuwi para rasul ora tau nyuwun apa-apa nganggo jenengé Yésus. Yésus saiki kandha, ”Ing dina kuwi, kowé bakal nyuwun marang Bapak nganggo jenengku.” Kuwi dudu tegesé Bapak ora gelem njawab donga nèk ora Yésus sing nyuwunké. Yésus kandha, ”Bapak dhéwé nresnani kowé, merga kowé wis nresnani aku . . . aku teka dadi wakilé Gusti Allah.”​—Yohanes 16:26, 27.

Omongané Yésus kuwi mungkin nggedhèkké atiné para rasul, mula padha kandha, ”Kuwi sebabé aku kabèh percaya nèk panjenengan kuwi asalé saka Gusti Allah.” Nanging imané para murid ora suwé manèh bakal diuji. Yésus kandha, ”Wektuné bakal teka, malah saiki wis teka, kowé kabèh bakal mencar menyang omahmu dhéwé-dhéwé lan kowé bakal ninggalké aku dhèwèkan.” Yésus ngyakinké, ”Aku wis ngomongké kabèh iki marang kowé supaya kowé nduwé katentreman merga aku. Ing donya iki kowé bakal ngalami sengsara, nanging kuwatna atimu! Aku wis ngalahké donya.” (Yohanes 16:30-33) Dadi, Yésus bakal terus ndhukung para murid. Yésus yakin nèk para muridé uga bakal ngalahké donya, kanthi cara setya nindakké kersané Gusti Allah, senajan Sétan lan donyané ngupaya nggawé ora setya.